Professional Documents
Culture Documents
0708 UTS Ganjil Bahasa Daerah Kelas 7
0708 UTS Ganjil Bahasa Daerah Kelas 7
PETUNJUK UMUM:
1. Tulis nama, kelas, nomor peserta Anda pada lembar jawab.
2. Arsirlah atau hitamkan huruf A, B, C, dan D yang menurut Anda merupakan jawaban yang paling tepat.
3. Gunakan pensil 2B, dan penghapus karet yang baik.
4. Apabila ingin mengganti jawaban hapuslah jawaban tersebut dengan karet penghapus dan arsir /
hitamkan jawaban yang benar.
Wacana ing ngisor iki wacanen kang setiti, sabanjure wangsulana pitakon no. 1 s/d 40 kanthi milih salah siji
wangsulan sing paling bener !
JAKA THOLE
Ing kraton Majapahit ana sawijining nom-noman kang asale saka medura dadi prajurit, arane Jaka
Thole. Dheweke kawentar amarga kasektene. Nalika Lawang kraton ucul saka kusene, Jaka Thole kanthi
kasektene bisa mbenerke sanajan Lawang iku abot banget. Mula saka iku dheweke di tresnani banget
dening sang Raja lan kerep diparingi bebungah awujud apa wae.
Kaanan kang mangkono iku ndadekake ana prajurit liyane kang meri marang Jaka Thole. Prajurit iku
gawe rekadaya mitnah Jaka Thole ana ing ngarsane sang Raja.
“ Nuwun sewu sinuwun, sowan kula ing ngriki badhe matur bab kawontenanipun Jaka Thole.”
“ Ana apa ta ?” pamundhute sang Raja rada bingung.
“ Sajatosipun Jaka Thole punika prajurit ingkang mboten setya dhumateng paduka, ananging
manawi wonten ngarsa padhuka ethok-ethok ngetingalake kasetyanipun”, ature prajurit kang sowan
iku.
Sang Raja midhanget atur kaya ngana iku katon manthuk-manthuk lan katone ana sing di penggalih.
Panjenengane banjur ngendika kanthi wicaksana,” dak tampa aturmu iku, nanging kowe saiki enggal
makarya maneh, isih akeh pagawean kang kudu dirampungake!”
“ Matur nuwun sinuwun”’ wangsulane prajurit iku kanthi ati kang marem banget, amarga rumangsa yen sang
Raja percaya marang ature iku.
Sapungkure prajurit mau, sang Raja banjur menggalih lan nimbang-nimbang atur mau. Wekasane sang Raja
kepingin mbuktekake kahanan kang sabenere. “ Aku kepingin Jaka Thole dadi bojone putriku kang nandhang
wuta iku, yen dheweke nampik iku ateges apa kang diaturake prajurit mau bener, nanging yen dheweke
gelem, iku ateges dheweke pancen setya marang aku lan apa kang di kandakake prajurit iku nyata luput,”
ngendikane sang Raja marang awake dhewe.
Sang Raja banjur nimbali Jaka Thole lan dangu,” Jaka Thole apa kowe gelem dadi bojone Dewi
Ratnadi?” . Kula purun sinuwun.” Wangsulane Jaka Thole mantep.
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………Kapethik Saka LKS Basa Jawa – Optimis.
6. Tembung loro utawa luwih kang digandheng (diraketake) dadi siji kanthi nyuda wandane, diarani …
a. tembung entar b. tembung surojo c. tembung garba d. tembung panyandra
7. Jaka Thole iku minangka prajurit kang ora ana tandhingane kang diarani wiratama. Wiratama iku kalebu
golongane ….
a. tembang saroja b. tembang entar c. tembang panyandra d. tembang garba
8. sumardi iku bocah sing gedhe endhase, kamangka ora di senenge kancane. Gedhe endhase kalebu
tembang ……
a. saroja b. sanepa c. entar d. garba
9. Gatut kaca iku satriya kang gagah prakosa. Gagah Prakosa, kalebu tembung …..
a. saroja b. garba c. entar d. sanepa
10. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung entar yaiku …..
a. karo tangga teparo iku kudu sayuk rukun c. Wanodyayu kuru akinganeng ngisor wit nagasari
b. bocah iku kuru semangka d. kowe iku isih mudha isih dawa jangkahmu
13. Dongeng iku penting banget kanggo ndhidhik lan mulang, sebab ing dongeng iku akeh ….
a. pitutur becik b. gorohe c. mantrane d. jopa-japune
15. Nganthi saiki dongeng dadi alat kang ampuh kanggo mulangake ….
a. matematika b. basa jawa c. budi pekerti d. sejarah
18. Dongeng Arya Damar iku padha utawa meh padha karo dongeng ….
a. Bajul sengara b. kleting kuning c. malin kundhang d. jaka tarub
19. Manut dedongengan ing Medura, ratu-ratu ing Medura iku Saka anak turune ….
a. Kencana wungu b. Arya kedhot c. Gajah mada d. Sawunggaling
26. Tumrap wong jawa tindak - tanduk, ngomong, nganggo klambi kuwi ana….
a. tata kramane b. panggonane c. unggah-ungguhe d. carane
27. Tata karma ing bab ngendikan, matur, ngomong iku arane ….
a. undha usuk b. sopan santung c. andhap asor d. unggah-ungguh
30. Bu, aku njaluk pamit arep mulih. Basa karma sing bener manut unggah-ungguh yaiku ……
a. Bu, kulo nyuwun pamit badhe kondur c. Bu, kula nedhi pamit ajeng kondur
b. Bu, kawula nyuwun pamit badhe manthuk d. Bu, kula nyuwun pamit, badhe wangsul
31. Para siswa kedah saged mapanaken dhiri pribadinipun manut ing panggenan, wekdal lan swasananipun,
sipat punika naminipun ….
a. empan papan b. mapan empan c. papan dhiri d. papan becik
32. Mbak Siti lungone wis rong sasi. Basa ngoko alus/andhapipun inggih punika ….
a. Mbak Siti kesahipun sampun kaleh sasi c. Mbak Siti tindakipun sampun kalih sasi
b. Mbak Siti tindake wis rong sasi d. Mbak Siti kenganipun wis rong sasi
34.
35.
36.
37.
a. c.
b. d.
a. c.
c. d.
40. Buku iku kudu ditulisi , yen katulis aksara jawa …….
a.
b.
c.
d.