Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Assalamu'alaikum wr.wb.

( ayat ) Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Bp _____________ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun ______________ ingkang kula mulyaaken, panjenenganipun Bp _(penceramah)___ ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun. Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bpk Lurah dalah para Perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, para tamu, kakung miwah putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapadene para pengombyong temanten saking _______________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan. Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken ngikroraken raos syukur, kanthi sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nuwun inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin. Para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, akarana sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan panjenenganipun Bp/Ibu __(pemangkugati)__, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang menika, nuwun inggih adicara tasyakuran nikahipun mas ________________ ingkang sampun kalampahan akad nikah kaliyan mbak _______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu______________ ingkang pidalem ing ______________. Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga

langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang kulawarga kangge ngrenggani tasyakuran ing wekdal menika,

Ingkang sepisan nuwun inggih pambuka. Urut angka kalih nuwun inggih Waosan wahyu suci Al Qur'an. Urut kaping tiga inggih menika Atur pambagyaharja. Salajengipun srah tinampen putra temanten putri minangka urut adicara ingkang kaping 4 lan 5. Kalajengaken sumene sawetawis minangka urut kaping 6. Urut reroncening adicara ingkang angka 7, inggih menika Sabdatama utawi Mau'idzah Hasanah. Wondene urut adicara ingkang pungkasan nuwun inggih Donga Panutup.

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun Bp/Ibu ___________________ dalah gotrah kulawarga, keparenga panjenengan sedaya paring puja-puji pangastuti dhumateng putra temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih. Dene minangka tandha purnaning adicara menika menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub kakanthi tiyang sepuhipun, saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin. Bapak-bapak, ibu-ibu saha sanggyaning para rawuh para lenggah para tamu ingkang dhahat kinurmatan, minangka pambukaning adicara, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah. ===(maos fatihah)=== Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing wekdal siang menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin. Salajengipun ndungkap adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ____________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun. ===(waosan wahyu suci Al Qur'an)=== Mekaten para rawuh menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ____________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _____________ kula

aturaken agunging panuwun. Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengkugati ingkang badhe kasulih salirani dening panjenenganipun Bp ____________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ___________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun. =========(Atur Pambagyaharja)======== Mekaten Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun Bp _____________ minangka wakil saking kulawarga Bp/Ibu ________________, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun. Adicara salajengipun inggih menika Srah Tinampen putra temanten putri. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun. ====(Pasrah Temanten Putri)=== Mekaten Atur Pasrah putra temanten putri ingkang sampun kaaturaken kanthi wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp ______________________ kula aturaken agunging panuwun. Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ______________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Nuwun. =====(Tampi Temanten)=== Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp _______________ kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp _______________ kula aturaken agunging panuwun. Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Para kadang kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang kaneman ingkang dados juru ladi, saha para kadang Group Rebana ingkang badhe caos panglipur, wekdal kula sumanggaaken. Nuwun. =====(dhaharan kaladosaken)=== Mangga keparenga angrahabi pasugatan sepala ingkang sampun kaladosaken menika kanthi mardu mardhikaning penggalih. Ingkang dereng pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur sawetawis ingkang kaaturaken dening ....(kadang panata pitaswara / para kadang Group Rebana ____________).

Sumangga, nuwun. =====(sumene)====== Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten, mboten ateges angirangi kamardhikan panjenengan sedaya, ananging kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun. Adicara salajengipun inggih menika Sabdatama utawi Mau'idzah-Hasanah minangka sanguning putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung, lan ing mangke katerasaken Donga Panutup. Mau'idzah Hasanah saha imam Donga samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp___________ . Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula ngambali atur bilih tandha purnaning adicara menika menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub kakanthi tiyang sepuhipun saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Pramila saking menika, mangke, saksampunipun donga paripurna, keparenga panjenengan sedaya para pilenggah, nyrantos sawetawis ngantos putra temanten lan tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub, nembe panjenengan sumusul jengkar saking palenggahan, sakderengipun kondur keparenga samya jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, minangka tandha, bilih kula panjenengan menika rawuh mboten namung paring paseksen, nanging ugi paring idi pendonga lan pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging panuwun. Salajengipun wangsul dhumateng pribadhi kula ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb. Dhumateng panjenenganipun Bp______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

You might also like