Eling Donyo

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 10

ELING DONYO

Podo ngelingono ing donyo amung sedelo Urip mung sepisan jo seneng nyumbar kamurkan Sregepo le ngaji yembah mring kang Moho Suci Keno kanggo bekal Slamet donyo lan akherat Lan podo elingo marang kang Kuoso Yen kepengin besok nang suargo

DANDANG GULO
Pambukane sekar dandang gendis Nedyo mbeber werdini P4 P kang sepisan mankini Dadi pedoman satuhu Werdini P ping pindo iki Penghayatan kang nyoto P kang kaping 3 Tumindang pengalaman P ping 4 mengku surasa sayekti Kang wujut Poncosilo Podo ngelingono ing donyo amung sedelo Urip mung sepisan jo seneng nyumbar kamurkan Sregepo le ngaji nyembah mring kang Moho Suci Keno kanggo bekal slamet donyo lan akherat Printah agomo podo atindakno Ngedohi tumindak angkoro murko Lan podo ilingo marang Kang Kuoso Yen kepingin besok neng surgo

OJO DI PLIROKE
Mas masojo podo lali Marang dawuhi Jeng Nabi Nabi ingkang Moho Suci Nabi Muhammad ingkang Moho Mulyo Nabi utusan nyembah dawuhing Pangeran Ojo nyanti ketinggalan Monggo do iling-iling bab opo Iku printahe kang kudu wajib digugu

DANDANG GULO
Sholat Fardlu kang mengka wigati Manembaho kang Moho Kuoso Ojo pada di tinggalake Maghrib Isak lan Subuh Luhur Ngasar 5 cacahi Iku cagake Agamo Kang nyoto satuhu Mulo podo anindakno Kanggo sangu besok yen wis tumeking pati

Luwih utomo yen berjamahan Subuh Luhur lan Ngasar Sholat Sayekti ngedohi tindak mungkar Magrib Isak iku jangkepe proyo Gane ditambah sholat sunah Jo sembrono iku printah agomo

TAMAN JURUK
He umat islam ayo berjuang Ojo mung enak-enak nggone songgo uang Berjuang iku akeh carane sing penting niat ikhlas iku dadi modale 1. Sing rumongso pinter berjuang nganggo ngelmuni Lan nuduhake hukum agomo sak mustine Hak lan saro iku kudu dijelasake Supoyo kito podo bener ngibadahe 2. Sing rumongso sugih berjuang klawan Bandane klawan sodakoh Ugo ngamal jariyahe 3. Upamane berjuang wong kang ra duwe

SHOLAT KUNCI SUARGO PEPELING


Wis wancine tansah di ilingake Wis wancine pada anindakake Adzan wis kumandang wayah sembahyang Netepi wajib dawuhi Pangeran Sholat yekti cagak agomo 5 wektu yo podo lakonono Kanti istiqomah kanti mukminah

Cukup mbayar zakat lamun genep nisobe 4. Sing rumongso roso berjuang kelawan Tenogo yen ora biso berjuang kelawan Dongo apoyo ono wong pihak tanpo kengelan lan semono ugo Berjuang kudu nganggo korban

Sekawan Sahabat ngali Abu Bakar ngumai ngusman Sekawan baginda ngali Tursantoso ingampean sokabat 4

DANDANG GULO
Dasar bagus pidekso respati Gusti Timur miwah warnaniro Mangis karengat latini Rikmo nggembuleng lir mendong Pipiniro nduren sejuring Wojonyo lir mutioro Gumebyar lir daru Yen mesem Gusti Muhammad Kabeh umat gawak sakjruning ati Gawak marang Gusti Muhammad

SINOM
#Kanca ja podo sembrono Nggenyo maca slawat Nabi ing bengi iki rungokno Le ngudang putaka iki Mergo ras miosi gusti Mulo ojo podo bingung Sing setiti ngati ati Mugo-mugo siro kabeh antok rohmat #Gusti Timur putu ning yang cahyanyo amendo sasi Putrane Raden Ngabdulah Kang Ibu Aminah dewi Lahir wonten mekah negri

PANGKUR
Datan ana ingkang pado Warna niro Gusti Kanjeng Nabi Sedoyo mujizat ipun Kelawan agemaniro

Gusti timur kekasih ito yang Agung Yaiku Kanjeng Nabi

PANGKUR PANGKUR
Dasar bagus putu ning yang Luwih gelap gumebyar semu kuning Cahyanyo angelir daru Gumebyar kadya wulan Yen pinanding angelir morco sipat ipun Mowo tejo cahyaniro Soyo suwe anyuremi Bejo siro sekalimah Sebab nemu pasupenan kang yatin Ngantuk antuk nemu gethuk Neng nglatar nemu dimar Wis dilalah kersane kang Moho Agung Narimaho sekalimah Mugo tinulung mring Yang Widi

DURMO PANGKUR
Duh Gusti kang membo wulan Kawulo sowan mring Gusti Putro dalem ingkang Agung Kawulo sumerep warnanyo Ingkang bde sinesepan sanak ulun Monggo enggal pinarengono Kulo sumerep kang warni Aduh Mbokne Yen kowe takon mring ing wang Aku mau bengi ngimpi Sowan Gusti Rasulullah Nuli aning kana nyo Yo siro kang aneng nyai ngajak Ing wong manjing Agomo suci

SINOM
# He bibi sopo siro Lan pinangkaniro ing ngendi Monggo to enggal tomaturo Lan opo to sedyaning pardi Lan ingsun arto ngulari Yedo wonten mring Yang Agung Lan ingsun tan selak bronto Ngemban dawuhi yang widi Sopo siro moro enggal to maturo # Dasar bagus putu ning yang Besuk ora bakal lali Dawuhi Ibu lan romo Iku kudu tak tetepi Ojo mung tansah maneni Pantes dadi putu ning yang Aku kabeh mung dedongo Mugo Alloh amelasi

ULER KEMBANG
# Pro sutrino monggo sami andedongo Marang Gusti kang Moho Kuoso Jo lali to pro konco nggone nembah Mring Gusti sak terusi # Milo monggo andedongo marang Nabi kito Milo monggo sami derek Nabi kito Ora obah ora goyah2 Nggone angsuming panembah

DANDANG GULO
Pro sedulur kito wajib ngaji Syarat rukun lan batali Sholat Ora keno di gambangke Lamun ngaji iku rikuh Hinggo ora tumindak ngaji Mengko to ngertio Ageng dosanipun Mulo ojo anggo gampang Dawuhipun Pangeran kang suci Mulo ojo do sembrono

DURMA
Datan ana ingkang sami Warnaniro gusti putu ning yang Kekasih iro yang maknan Dasar dadio utusan ngemban Dawuhi Pangeran Ananggung mring umat ipun Yaiku Gusti Muhammad

RUJAK JERUK
Tak kudang Gusti Muhammad Dasar Nabi kang sinelir Munggah langit perlu nampo Dawuhi kang Moho Suci Puniko ingkang pun tampi Saking ngarsaning Yang Agung Dawuh sholat limang waktu Wektu sedino sewengi Subuh Duhur Ngasar Magrib klawan ngisak Ning kini iki dawuhi Gusti Kabeh iku kalimah kersani Gusti Kang benjing iki dawuhi kang Moho Suci Milo monggo kito kabeh kudu ngerti Mangkini kabeh iku andawuhke Bektini kabeh umat supoyo anindakake

DURMA
Dasar bagus putuniwang Kekasih iro yang widi Sedoyo pro umat Samyo derek tindakno Dumateng Kanjeng Nabi Mugo Alloh paring tetep umat sami

KECIK-KECIK
Mitro samyo podo anindakno ayo eo Manembahono mring Kang Moho Suci Kanti murni ing sak jruning ati Mulo siro kabeh bektio kang ati suci Oing dong sing singan dipangan ngomo Oing wong enom ojo sembrono Oing dong telo dipangan ngomo Oing wong tuo jo nganti leno

Kanggo berkah slamet donyo lan akherat # E E konco santriawan santriwati Printah agomo iku ojo podo lali Dawuh sholat ojo nganti lali Awit sholat ing donyo iku paling penting Prengat prengut Ayo konco pada suko-suko Moco slawat konco jo sembrono Kanti ikhlas konco sing tumoto Manembah mring kang kuasa Kang mituhu ayo ngguyu ayo nguyu Timbang susah konco ayo amituhu

KEMPLING
# Ndak pundi Mbakayu bade tindak pundi Kadi ngaren bengi iki ora lali Menyang masjid kanti bebarengan Timbang nglamun ayo podo golek ganjaran # Kleresan mas alias kebetulan Ngaji iku kanggo golek ganjaran Ngelmu agomo iku kang diwulangke

DANDANG GULO
Pituturku marang siro kaki Wituhi ing kukut iku watak iro Adoh marang kanis tani Pamitaku nIku Waras apek kang maro miarsi Toto kromo puniko nebihen pamelu Kagemo ikunkinaryo Ngupo bungo iku kelakuan becik Amrih rahayuning gesang

Dek biyen biyene jarene kondo dewe Dadio ganteni trisnani saklawase Kacu-kacu iki kantung wangi Anggo jruning ati Aku mung kari nyimpeni Mugo dadi panglipuring ati Tombo ati iku limo ing warnani Moco koran pahamono sak isine Kaping pindo sholat fardlu lakonono Kaping 3 wong kang sholeh kumpulono Kaping 4 kudu weteng ingkang luwe Kaping 5 dzikir wengi ingkang suwe InsyaAllohutangala nyembadani

KACU-KACU
Kacu-kacu iki sing menehi saiki Wis lali biyen naliko nampani Kanti janji sehidup semati Kacu-kacu iki pancen peni Tur gandani wangi Aku ora bakal lali yen ngelingi Sing wis dilakoni

PANGKUR CAPING GUNUNG


Awan bengi podo sholat Umat Islam aku diwajibke Nyembah mring Yang Moho Agung Kanggo bekal akherat Ayo Sholat iku pakerti kang luhur Biso tentrem donyo lan akherat Kanti manah ingkang wening # Ayo podo sholat Nyembah mring Kang Moho Kuoso Mulo ojo lali marang Gusti Moho Suci Lan Nabi Muhammad Panunutaning kabeh umat Kito wajib ngudi Tumindak kang ngati-ati Lan kudu kito sami amituhu Besoke kito bakal untung Kanti ati iklas Promanungso podo dongo Besok ning akherat kito sami bejo mulyo

KUTUT MANGGUNG
Wayahe wis lingsir wengi Tahajud dilakoni Nyembah marang Pangeran Pangeran kang Moho Suci Moho Agung gung,gung,... Moho Agung gung Monggo monggo monggo monggo monggo Iku laku kang utomo Pro mitro anindakno iku printahipun Wengi2x Santriawan Santriwati Monggo do dilakoni

LAGON
Gendinge perkutut manggung Salawat Nabi iringane Sigrak ngumyah senggakane Kanti alon iramane Mulo ayo pantune bebarengan Kanti lagon salawat Nabi

SABU SABU KLINCI UCUL


1)Pituturku kang becik iki Podo tindakno Ojo podo main judi lan minum Sing jenenge pil narkoba sabu Opo maneh pil narkoba Ugo pil ekstasi iku dilarang Sing jenenge sabu Iku dadi larangan negoro Jebulane iku kleru

Putro fajar manggih luko boko Perjuang Bapak Bung Karno Sang Pahlawan proklamasi Nglabuhi tumrap negoro Depani Ibu Pertiwi Pantes tinulodo Asmaniro ngambar arum Kondang sak jagat royo Iku Pahlawan sejati Mugo tebihno ing rubedo

PUCUNG
1) Manten iku Kudu iling ing ngersane Ojo nganti leno Nyembah mring Yang Moho Widi Mugo mugo bejo donyo lan akherat 2) Manten iku Ojo mikir selak turu

SINOM
Anyipto dasar negoro Mijil suryo siji juni taun 45 Poncosilo moho yekti Karbeh murih lestari Sak nuswantoro sedaarum Srono angiket bongso Urip rukun sujut yang widi

You might also like