Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

SEKATEN

Miturut crita turun-tumurun, tembung sekaten saka tembung Syahadatain basa Arab sing ateges kaseksen marang Gusti Allah lan Nabi Muhammad . Sekaten yaiku salah sawijining upacara adat minangka wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah sing dilaksanakak saben sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo meringati lahire Nabi Muhammad SAW.. Jaman mbiyen upacara iki dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu agama Islam. Rangkaian adicara: Gamelan Keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu

Ing upacara Sekaten iku rangkaian adicara sing paling ditunggu yaiku metune gamelan keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo diuneake ing Pagongan Mesjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti marang Mesjid Gedhe banjur kanggo ditabuh Wilaga suwene pitung dina lan mung leren sedhela ing dina Jemuwah sadurunge sholat Jumat lan disiarake nganti dalan Malioboro saengga nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta.

Pasar Malam

Sadurunge upacara sekaten adate ana pasar malam sing suwene sesasi sing mapan ing alunalun lor Kraton Ngayogja. Dodolan sing sipate tradisional sing isih bisa ditemoni antarane endhog abang disundhuk biting, kinang, lan pecut. Barang-barang sing didol kasebut miturut warga nduweni berkah, kuwi sing padha percaya. Kayata mangan kinang nalika gamelan ditabuh, bisa dadi awet enom utawa tuku pecut bisa dadi ingon-ingone ngrembaka akeh. Grebeg

Puncak adicara Sekaten ditandhai kanthi metune sejumlah gunungan sing disebut Grebeg Mulud, sing dhasare nggambarake sedhekahing para raja marang rakyate lan nyimbolake kasejahteraan. Parayaan Sekaten dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi pentas wayang kulit ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing adicara Sekaten uga digawe panggung kesenian sing nggelar festival seni tradisi lan religi.
Simbol-Simbol lan Filosofi ing Sekaten

Kinang Sega Gurih Pecut Grebeg

: Ngambarake Akeh rasa ing urip iki salah sijini bisa dadi penyeimbang laine. : Ngambarake keberkatan lan kemakmuran masyarakat : Ngambarake kangge ngarahe kauripan iki sing lebih becik : Ngambarake sedhekahing para raja marang rakyate lan nyimbolake

Kembang Kanthil: Ngambarake ajining diri. Endhog Abang : Ngambarake masyarakat saged luweh optimis kangge ngadepi urip iki.

kasejahteraan. ERNITA APRIANI XI A1/12

You might also like