Kultum

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Bapak2 ibu2 sedherek2 jamaah isyak lan traweh ingkang kaulo mulyakaken, monggo kultum ingkang sekedap puniko

sareng kito bika kanthi waosan Basmallah sesarengan. Sepindah monggo Bapak2 ibu2 sedherek2jamaah masjid Al -Huda I kaulo dherekaken tansah ngaturaken raos syukur kulo panjengan sami inggih dugi wekdal sakmeniko taksih dipun paringi kasehatan karunia Iman soho Islam sahinggo saged hangrawuhi jamaah Sholat Isya lan insyaAllah sholat Traweh kanthi kahanan ngremenaken, Inggih sedoyo pujo lan puji namung kagunganipun Allah SWT, Sholawat sarto salam kagem junjungan kita Nabi Besar Muhammad SAW. Wonten ing kasempatan puniko kepareng dalem ngaturaken sekedik Bab

Raos Syukur Wonten

Ing sakgelas Toya


Jamaah Masjid Alhuda I Rohimakumulloh, Kados2 ingkang sampun asring di pun sampekaken bilih Allah mrintahaken titahipun/kulo panjengan sami supados nglampahi siam puniko mboten sanes nggadahi maksud lan tujuan kulo panjenengan puniko sakmangke sagedto mencapai Drajad Taqwa, salah setunggilipun ciri taqwa puniko bersyukur dumateng Allah SWT. Kathah tiyang meniko kerso syukur menawi nikmat ingkang dipun raosaken meniko kathah, semanten ugi menawi nikmat ingkang dipun raosaken meniko sekedik utawi alit jarang tiyang ingkang saged mensyukuri nikmat puniko, Padahal sakyektosipun mboten onten nikmat alit, sekedik sangking Panjenenganipun Allah SWT, inggih namung pengertosan tiyang puniko sahinggo nikmat ingkang sampun diparingaken puniko mboten dipun syukuri.

Bapak2 ibu2 sedherek2 jamaah isyak lan traweh ingkang kaulo mulyakaken, Lajjeng dos pundi anggenipun bersyukur dumateng Allah SWT? Poro alim ngendikakaken3 cara bersyukur dumateng Allah: 1. Bersyukur ngagem weningipun batos(menawi tiyang sampun saged nglaksanaken puniko Tamtu mboten bakalan sakmangke maiben utawi ingkar saking nikmatipun Allah) 2. Bersyukur ngagem ucapan, lidah ingkang biasa melafaskan kata2 saged ngungkapaken ungkapan2 utomi sarono mujudtaken raos syukur kito, Subhanallah 10 kebaikan, lailla ha illlah 20 kebaikan, Alhmdulillah 30 kebaikan 3. Bersyukur ngagem perbuatan, perbuatan ingkang bisa kito laksanaaken mboten liyo mboten sanes kagem hal2 ingkang positif, ingkng sae, ingkang bermanfaat. Menurut Imam Al-Ghozali wonten pitu anggota badan ingkang kedah dipunmaksimalaken kagem bersyukur. Antaranipun, 1mata, 2telinga, 3lidah, 4tangan, 5perut, 6kemaluan, dan 7kaki. Mugi kanthi Romadhn puniko sagedto ndadosken shahruttarbiyah utawai bulan pendidikan ingkang ndadosaken kulo panjengan sami insan ingkan tansah saged lan langkung pinter bersyukur dumateng Allah SWT sae wonten ing lahir ugi wonten ing batin. Makaten pengaosan sekedik sangking kawulo, sakderengipun dipun tutup kepareng kaulo ngumumaken petugas takjil, Petugas Kultum kagem mbenjing tanggal 14 Agustus 2010 Makaten isian saking kulo, wonten lepatipun nyuwun agunging pangaksami, wabilattaufiq wal hidayah, warridzo wal innayah,

You might also like