Tuladha Sesorah Nguri

You might also like

Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 9

TULADHA SESORAH NGURI-URI BASA JAWA Assalamualaikum wr.wb. Nuwun,ingkang kinurmatan Bapak Iskandar.

Ingkang kinurmatan Ibu Triwik Damarjati,saha para kanca ingkang kula tresnani. Para lenggah,mangga kula panjenengan sami langkung rumiyin ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Mirah awit paring-Ipun rahmat saengga ing titi wanci menika kula panjenengan sami saged pepanggihan ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala. Enjing/Siyang menika kula badhe matur sapala bab nguri-uri Basa Jawa. Basa Jawa inggih menika salah satunggalipun 700-an basa wonten ing Indonesia.Indonesia kagungan basa daerah paling kathah nomer 2 sasampunipun Papua Nugini.Icalipun basa dipunsebabaken dereng wontenipin tradisi nulis utawi nyerat saengga saged damel curesipun peradaban basanipun manungsa ingkang nate gesang wonten alam donya.Saengga UNESCO ngedalaken resolusi nomer 54 lan 99 ngengingi pamrayoginipun migunaaken basa ibu wonten ing madyaning pawiyatan. Sagung para lenggah ingkang mahambeg berbudi utami.Sampun dipunwontenaken panaliten dening para lebda sujana bilih Indonesia kagungan 735 basa daerah.Kanthi jlentrehanipun 83 basa daerah taksih wilujeng inggih menika langkung saking100.000 tiyang ingkang migunaaken basa daerah menika.Wonten 637 basa daerah ingkang ngrekaos ngrembakanipun utawi setengah mati langkunglangkung kanthi katrangan 32 jinisipun sampun badhe cures amargi namung nggadhahi 1 dumugi 50 tiyang ingkang taksih migunaaken basa daerah menika.Lajeng 3 basa daerah dipunaturaken sampun cures utawi musna. Sagung para rawuh ingkang tansah nyengkuyung ngrembakanipun basa Jawa ingkang hambeg sinudarsana.Kawula badhe ngaturaken magepokan kaliyan atur kawula kala wau ngengingi basa daerah kanthi ngempalaken seratan-seratan para winasis ing sumber-sumber pustaka ingkang sampun damel panaliten. 1. Ingkang sepisan basa daerah menika saged cures amargi ingkang migunaaken basa menika namung sekedhik,winates ingkang migunaaken,strukturipun prasaja sarta namung winates ing ragam basa lisan.Telasipun ingkang migunaaken basa daerah kasebab saged damel icalipun basa menika lan peradaban masyarakat panyengkuyungipun. 2. Mortalitas langkung inggil katimbang fertilitas.Amargi gizi awon,sakit nular,inggilipun ibu saha bayi ingkang seda nalikanipun babaran,leladosipun ingkang kawogan bab kesehatan,kesarasan masyarakat kirang mentok utawi optimal,bebendu utawi bencana alam,perang suku lan sapanunggalanipun. 3. Ngrembakanipun kemajengan informasi wonten ing era globalisasi nyebabaken geseripun budaya.Saengga kathah para siswa ingkang nglanggar aturan,tumindak kanthi kekerasan,mboten ngaosi guru,adat istiadat.Sopansantun,unggah-ungguh,raos ngaosi saha ngeman dhumateng kabudayanipun piyambak kirang saengga kicalan ruh budaya.Menawi tiyang Jawi maturWong Jawa Ilang Jawane. 4. Para siswa ing tlatah Jawa kathah ingkang nggadhahi pemanggih bilih basa Jawa menika Tidak Elit dan Sulit,mboten damel bombong ketingal asalipun saking dhusun saha angel anggenipun ngecaaken. Para lenggah ingkang kula kurmati.Menawi kawula kepareng matur lelampahanipun basa daerah khususipun basa Jawa supados mboten Jalan Ditempat utawi pancet,ajeg kemawon menawi mriksani ngrembakanipun teknologi informasi ingkang saged damel werni utawi corak sanes tumrapipun gesangipun basa Jawa.Basa Jawa wonten era transformasi menika sageda dados filter,saringan saking penetrasi nilai enggal ingkang boten trep kaliyan nilai lami utawi konvesional sageda milah-milah,nyeleksi arus globalisasi ingkang mboten trep kadosta materialistis,pragmatis,hedonik,konsumeristik,pemiskinan spiritual.Basa Jawa minangka kearifan lokal saged dados saringan saha tameng kangge milahmilah lan sadaya pengaruh awon wau mboten dipuntandhingi kanthi dipunbrasta nanging tiyang Jawi sageda hambeg paramarta sadayanipun saged dipun limbang-limbang,pilah-pilah,dipunonceki saha dipuntaning-taning

supados tiyang Jawi mboten kecalan jatidhirinipun.Sanadyan wonten saperangan pemanggih bilih mikukuhi kabudayan Jawi menika saged nyebabaken dados kaum marginal,kesisih,mboten saged dados pethingan,mendelep wonten ing konteks informasi dunia,menapa malih kirang dipununtungaken bab material wonten panganggep nyinau basa Jawa mbotenProfit Oriented. Pemanggih ingkang lepat ngengingi Basa Jawa kalawau saged dados PR kagem kula panjenengan sadaya.Sumangga sadaya ingkang nggadhahi raos ngeman dhateng warisan nenek moyang ingkang adiluhung sami menggalihaken Elegi Ingkang Menyayat Hatikalawau mboten namung dipungetuni,dipuntangisi menawi generasi 50 warsa sasampunipun kula saha panjenengan mboten saged meruhi utawi wicantenan ngangge basa Jawa,Basa Jawa namung dados cathetan sejarah dongengan saderengipun sare kangge putra wayah panjenengan sadaya.Sampun ngantos tongkat estafet gesangipun basa Jawa ical jejakipun ingkang dipunsababaken saking generasinipun panjenengan sadaya.Menawi basa Jawa menika dangu-dangu dipuntilaraken generasi mudha,kawula namung saged pasemonLedhek Ndesa,Man.Eman.Eman.eman . Para lenggah ingkang kula kurmati hambok bilih menawi dipunandharaken,taksih kathah sanget ingkang perlu dipununingani,ananging kagalih cekap semanten rumiyin atur kula,bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu tetesing pangaksama.Lan mangga samya amemuji dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung mugi-mugi bangsa Indonesia menika tetepa nyengkuyung saha nguri-uri warisan budaya ingkang adiluhung.Saengga menapa ingkang sampun dipuntilaraken dening leluhuripun saged lestari lan mahanani dhumateng kuncaranipun bangsa Indonesia ing ombyaking bebrayan ageng menika.Amin.nuwun. Wassalamualaikum wr.wb.

TULADHA SESORAH KAWRUH PRANATACARA Assalamualaikum wr.wb. Kasugengan,kawilujengan sarta kabagyan saking Gusti Allah Ingkang Maha Welas Asih mugi tansah hamberkahi sarta hangayomi dhumateng panjenengan kula sadaya,nuwun. Panjenenganipun Bapak Iskandar,panjenenganipun Ibu Triwik ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman.Kanca-kanca sadaya ingkang kula tresnani. Mundhi dhawuh saking pawiyatan SMAN 1 Ngayogyakarta Hadiningrat bilih kula kadhawuhan matur bab-bab ingkang magepokan kaliyan pranatacara.Pranatacara menika satunggaling kompetensi dasar ingkang dipunwulangaken wonten ing piwulangan Basa Jawa ing SMAN 1 menika. Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan. Saderengipun, Pranatacara, panatacara utawi master of ceremony (MC) inggih menika tiyang ingkang kapiji nderekaken satunggaling acara. Sae saha botenipun lampahing acara saperangan gumantung saking panindaking pranatacara. Pramila pranatacara kedah samekta ing gati, sawega ing dhiri saben-saben ngayahi pakaryan menika. Sangunipun pranatacara : 1. Nyamektakaken samukawis ingkang sambet kaliyan rantamaning acara ingkang badhe kawaosaken utawi kaandharaken ing pengetan utawi pahargyan ingkang badhe kalampahan ing antawisipun : a. papan panggenan b. wekdal c. tema saha ancasing acara d. sinten ingkang medhar sabda e. sinten ingkang mirengaken utawi rawuh 2. Nyamektakaken rantamaning pengetan utawi pahargyan. Wondene tuladha rantamaning adicara pengetan ingkang prasaja kados makaten : a. salam pambuka b. atur pambuka c. atur puji syukur dumateng ingkang Maha Kuwaos d. ngaturaken urut-urutaning acara e. atur paripurna acara f. salam panutup 3. Nyamektakaken samukawis ing babagan : a. patrap utawi sikep kajumbuhaken kaliyan sifat saha kawontenan acara. Boten kenging ajrih menapa malih clingus. Sadayanipun kedah murakabi, tegesipun nalika ngayahi pakaryan menika kedah tansah : 1) Tanggap, tegesipun saged maos kawontenan 2) Trapsila, tegesipun kedah nggadhahi subasita ingkang sae 3) Mantep, tegesipun kedah mantep ing manah boten kuwatos 4) Pantes, tegesipun saged mapanaken dhiri kaliyan kawontenan 5) Wibawa, tegesipun boten ajrih saengga anggenipun ngayahi kanthi percaya dhiri b. busana saha ngadi sarira anggenipun ngadisarira kedah dipun larasaken kaliyan kawontenan acara. Sampun ngantos kaladuk manjila. ajining sarira saka busana, menika minangka sangunipun MC nindakaken pakaryan. c. swara saha basa kedah wijang, cetha boten blero saha lepat. Nyinau kadospundi tembungtembungipun kedah dipun ungelaken kanthi leres. Supados sekeca kapireng. Wondene basa saha wawasanipun ugi kedah kasinau. Pener saha bener pangganggenipun saha saged katampi dening sedaya ingkang midangetaken (komunikatif) Para lenggah ingkang taksih pikantuk rohmating Gusti

Jejibahanipun presenter menika ngaturaken warta. Pawartos ingkang dipun aturaken wonten sangajengipun tiyang kathah kedah cetha lan gampil dipun tampi. Pramila jejering presenter menika boten gampil. Langkung-langkung presenter ingkang ngturaken pawartos kanthi basa Jawi. Kita mangertosi bilih basa Jawi nggadhahi undha usuking basa ingkang kedah ningali kawontenan panggenan saha ingkang wawan pangandikan, sinten ingkang ngaturaken. Adhedasar menika mila sampun trep kaliyan kawontenan sakmenika menawi Wonten tiga prekawis ingkang kedah dipunwigatosaken tumraping presenter, inggih menika : kapitadosan dhiri, kawruh basa saha solah bawa. Jejering presenter kedah nggadhahi kapitadosan dhiri utawi asring kasebat percaya diri ( PD). Kapitdhosan dhiri matur wonten ngarsanipun tiyang kathah menika saged tuwuh menawi wonten penguasaan materi ingkang badhe dipun aturaken, mliginipun babagan warta ingkang badhe kagiyaraken. Sasampunipun menika jejering presenter saged mekaraken warta ing kaaturaken kanthi improvisasi. Menawi sampun wonten ngajengipun kamera utawi pamiarsa kedah sesambetan kanthi migunakaken paningalipun kanthi fokus dhumateng audiens. Ajining sarira gumantung anggenipun ngadi busana. Unen-unen menika mbokbilih trep kaliyan syarat minangka presenter ingkang kedah nggatosaken wiraga. Amargi dipun sawang tiyang kathah pramila kedah pantes anggenipun nyandhang kaselarasaken kaliyan adicara ingkang mirunggan kepara nengsemaken kagem tiyang ingkang nyawang. Kawruh basa kedah dipungatosaken kados kawasisan ingkang dipun gadhahi ahli sesorah saha pranatacara. Wicaranipun kedhah cetha saha boten blero, langkunglangkung menawi maos saha ngaturaken basa Jawi ingkang tembung-tembungipun kawaos benten kaliyan ukaranipun. Anggenipun ngaturaken ugi kedah nggatosaken andhap inggilipun saha sera kaliyan lirihipun. Luwes ugi minangka sikep ingkang wigatos, supados presenter saged ngaturaken samubarang warta ingkang wonten. Tanggap kaliyan kawontenan, ingkang dipun kajengaken bilih presenter saged maos kawontenan, wekdal menapa kedah mekaraken mbokbilih wonten kalepatan,cicir ceweting ukara kedah saged ngewahi utawi nambahi supados langkung sekeca kaliyan panganggen utawi komunikatif. Wirasa ing mriki saged dipun tegesi bilih presenter kedah mangertosi babagan ingkang kawaos pramila warta ingkang dipunaturaken saged dipun mekaraken miturut kawonten ingkang dumadi (up to date). Boten kesupen ugi kedah nggladhi menawi wonten sangajengipun kamera supados boten grogi. Solah bawa jejeripun presenter sanget nemtokaken para pamiarsa supados remen. Anggenipun ngaturaken kanthi trapsila boten nilar subasita ugi tata kramanipun basa tuwin sastra. Langkung malih sasaged-saged jejeripun presenter kedah nengenaken ekspresi saengga anggenipun ngaturaken warta saged langkung lebet saha mranani ingkang midhangetaken. Tiyang sesorah menika wonten sangu utawa ngelminipun. Sangunipun tiyang sesorah menika boten kathah lan boten angel. Ngelminipun tiyang sesorah menika namung tiga prekawis inggih menika : 1. olah swara 2. olah basa lan sastra 3. olah raga lan busana Olah swara menika sesambetan kaliyan wicara saha wirama. Wicara magepokan kaliyan pocapan ingkang cetha (bener saha pener). Wirama umpaminipun andhap inggiling, cepet saha rindhiking, dawa saha cendhaking suwanten. Olah basa lan sastra magepokan kaliyan basa ingkang kaginakaken, pamilih tembung ingkang pas, sae, endah. Basa-basa sastra saged kaginakaken. Paraga sesorah ugi saged ngginakaken tembung, lagu, parikan, wangsalan, lsp. Ing sesorah wedaring tembung-tembung kalawau kedah dipunraosaken, dados ing mriki wirasa dipuncakaken. Olah raga lan busana magepokan kaliyan tata krama utawi subasita. Tindaktanduk kedah dipungatosaken. Mekaten ugi bab pangagem utawi pangangge. Menawi ngangge rasukan trep kaliyan acaranipun. Paraga sesorah kedah seragam

utawi boten. Seragamipun saged ngangge ageman Jawi menapa jas, menapa batik utawi seragam kantor utawi sekolah. Ageman ingkang resik lan rapi. Olah raga lan busana menika magepokan kaliyan wiraga. Inggih menika caranipun mapananken badanipun piyambak, (empan papan). Wonten unen-unen ajining dhiri gumantung ana ing lathi, ajining sarira gumantung ing busana , ajining awak gumantung tumindak. Para rawuh kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan. Wonten 4 prekawis ingkang kedah dipungatosaken nalika ngaturaken sosarah saged kajlentrehaken 1. Wicara Wicaranipun paraga sesorah kedah cetha, boten bindheng utawi blero. 2. Wirama Paraga sesorah kedah nggatosaken anggenipun ngaturaken sesorah. Kedah nggatosaken andhap inggilipun saha cepet rindhikipun anggenipun ngaturaken suwanten. 4. Wirasa Paraga sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah. Isinipun dipun raosaken supados saged micara kanthi sae trep kaliyan isinipun. Saged milah saha milih sesorah ingkang nedahaken raos bingah utawi sisah. 5. Wiraga Amrih sesorah langkung resep utawi sae dipuntingali , paraga saged ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esemipun, ugi ngadi sarira lan ngadi busana ingkang saged ndadosaken paraga sesorah langkung ,mantep saha nengsemaken. Cekap sematen,atur kula bab pranatacara,mbokbilih kathah wor suh saha thithaling basa,amrgi cubluking seserapan.Kula nyuwun rumentahing sih pangapunten.Tahu kecap dicampur bakmi.menawi wonten kaladuking patrap nyuwun pangaksami. Wassalamualaikun wr.wb.

TULADHA SESORAH DHASAR-DHASAR NYINAU BASA JAWI Assalamualaikum wr.wb. Nuwun,ingkang tuhu kinabekten Bapak Iskandar.Ingkang kinabekten Ibu Triwik.Saha para kanca ingkang bagya mulya. Saderipun kula matur wosing gati sumangga kula panjenengan sadaya tansah ngaturaken syukur dhumateng Gusti akarya jagad saengga awit sih kanugrahanipun kula panjenengan sadaya saged pepanggihan wonten ruang mriki kanthi kebak kawilujengan. Sanggyaning para rawuh ingkang anggung sinungga ing akrami Ingkang asipat pribadi inggih punika tekad ingkang kiyat,saha sikap mental ingkang positif.Dene faktor sosial inggih punika bebrayan ingkang mengkoni papan pamardining basa Jawi tuwin panganggening basa Jawi. 1. Kaping Sapisan tekad ingkang kiyat Nyinau basa Jawi punika menawi tanpa linambaran tekad ingkang kiyat temtu badhe kagiwang.Liripun,upami gineman ngangge basa Jawi manawi kirang kiyat kekajenganipun,badhe milih gineman ngangge basa sanes.Upaminipun ngalih ing basa Indonesia utawi nyomoti tembung-tembung Indonesia.Kojuripun manawi ngginaaken basa Jawi kirang prigel,ngginaaken basa Indonesia inggih makaten,punapa malih basa Inggris boten saged,satemah basanipun campur bawur. Yektosipun ngginaaken basa campuran makaten wau mboten awon sanget manawi sawanci ing swasana lelahanan.Nanging manawi ing swasana pepanggihan ingkang resmi istingarah badhe nglingsemaken.Mangka sayektosipun kiranging baut medhar pangandikan ngangge basa Jawi wau amaragi lingsem amargi asring dipungegujeng ing asanes.Nggegujeng kalau mau boten nama adamel wirang utawi lingsem,nanging malah kosok wangsulipun.Kirang-kirang begjanipun malah mejahi tekad abasa Jawi.Leresipun manawi lepat dipunleresaken,boten dipungegujeng menapa malih lajeng dipunsepeleaken.Para wredha kedah wicakzana nggulawenthah para mudha aing babagan ulah Basa Jawi.Kedaha purun mbombong nenuntun,ngleresaken samesthinipun.Kanthi patrap makaten kaangkah juranging basa antawisipun kaun wredha kaliyan kaum mudha saged kaingkupaken. Para rawuh ingkang hamber berbudi darma 2. Kaping kalih sikap mental ingkang positif Angger tiyang ing sawenehing bangsa makaten temtu nggadhahi sikap mental nostalgia dhateng kabudayanipun kalebet ugi ing basanipun.Inggih punika sawenehing penalaran saha pangraos bilih kabudayan saha basanipun punika ingkang agung saha luhur piyambak,ingkang dipun aji-aji langkung tinimbang sanesipun.Satemah tiyang wau lajeng tuwuh raos ngaji-aji dhateng basanipun..Ing manah,kados mboten wonten basa ingkang sampurna,adiluhung kados basanipun piyambak.Pangaji aji makaten punika kenging kawastanan positif tumuju dhateng basanipun.Kosok wangsulipun,manawi nganggep asor basanipun piyambak,malah ngaosi basanipun bangsa sanes,punika kalebet patrap utawi sikap negatif. Sikap mental punika kalenbet sikap batos.Sikap punika dumados saking penalaran,sumrambah ing raos pangraos,tumus ing pakarti utawi tu mindak laras kaliyan batosipun.Sipat mental makaten asipat ajeg.Yektosipun sinau ing pamulangan punika ateges ndhapuk sikap ingkang mateng utawi ngewahi sikap ingkang kirang trep dados trep.Sikap kenging kaanggep wawasan batosing tiyang. 3. Kaping tiga piwulangan basa Jawi wonten ing pawiyatan kedah dipundamel narik kawigatosan para wiranem supados boten kaanggep kalindhes rodhaning jaman. 4. Kaping sekawan para siswa kapiji subyek(lakon) sarta guru saged dados fasilitator(tut wuri handayani)

5. Kaping gangsal nancepaken pangertosan wonten ing pamawas para siswa bilih para siswa minangka ahli waris budaya saking para leluhuripun saengga saged tuwuh raos sadhar budaya sinten malih ingkang kersa nguri-uri budaya punika menawi mboten kula saha panjenengan sadaya. Bapak,ibu sarta kanca-kanca ingkang tresna dhumateng budaya Jawa. Wondene sikap positif ing basa Jawi punika saged katitik saking ciriciri.(1) raos mogkog nggadhahi basa Jawi.(2).Nggadhahi raos setya ing basa Jawi.(3).Nggadhahi raos urmat ing basa Jawi.Sikap kalawau mboten madeg piyambak-piyambak,nanging manunggal ing salebeting batos.Bakunipun,tiyang ingkang ajejer pendhidhik perlu nyerep-nyerepaken dhateng kaum mudha amrih nggadhahi sikap positif.Upaminipun njlentrehaken kanthi gamblang bilih pangganggenipun n basa Jawi punika kedah adhedhasar paugeran paramasastra,sarta tembung baku.Tembung baku kaliyan mboten baku saged dipuntingali wonten bausastra utawi kamus. Linambaran atur kula kalawau sumangga kabudayan Jawi punika dipunsaring,dipuninteri,dipunpendhet sari-sarinipun,dipun bucal ampas sarta reregedanipun.Cekak aosipun selektif konstruktif.Ingkang ngrerendheti,muspra tumraping bebrayan kabucal,ingkang damel gancar lancar,ingkang tuhu murakabi,ingkang saged damel katentreman,kesaenan bebrayan kaudi murih lestari. Mrih sembadaning sedya sumangga sami sesarengan amardi kardi angesthi Gusti. Cekap semanten atur kula menawi wonten atur kula ingkang tebih saking basa,susastra saha unggah-ungguh ingkang king mranani penggalih panjenengan sadaya.Kula nyuwun sih lumunturing samudra pangaksami. Ing wasana sumangga nglajengaken lampah anggenipun sami marsudi mardawaning budya tulus. Nuwun, Wassalamualaikum wr.wb.

PEDOMAN PENILAIAN PENYAJIAN SESORAH I.Guru membuat kisi-kisi atau aspek yang dinilai secara kualitatif. Pedoman penilaian sesorah yaitu: Kategori A yaitu nilai85.Aspek yang dinilai ketepatan pelafalan vokal maupun konsonan,pengucapan kata,pembacaan kalimat per kalimat.Jika siswa salah membaca kata 20 kata Kategori A yaitu nilai 85 .Aspek yang dinilai ketepatan menginterpretasi makna bacaan. Jika siswa salah menginterpretasikan makna bacaan 20 kalimat. Kategori A yaitu 55nilai74.Aspek yang dinilai ketepatan penyusaian durasi waktu pembacaan jumlah kata per menit.Jika siswa membaca 75 kata per menit Kategori A yaitu. 85 Aspek yang dinilai keindahan suara leng,jeda,kesenyapan,tempo,ritmis,artikulasi sangat baik. Kategori B yaitu nilai75nilai84.Aspek yang dinilai ketepatan pelafalan vokal maupun konsonan,pengucapan kata,pembacaan kalimat per kalimat.Jika siswa salah membaca kata 30 kata Kategori B yaitu 75nilai84Aspek yang dinilai ketepatan menginterpretasi makna bacaan. Jika siswa salah menginterpretasikan makna bacaan 30 kalimat. Kategori B yaitu 75nilai84.Aspek yang dinilai ketepatan penyusaian durasi waktu pembacaan jumlah kata per menit.Jika siswa membaca 65 kata per menit Kategori B yaitu. 75nilai84 Aspek yang dinilai keindahan suara leng,jeda,kesenyapan,tempo,ritmis,artikulasi baik. Kategori C yaitu nilai 70nilai79.Aspek yang dinilai ketepatan pelafalan vokal maupun konsonan,pengucapan kata,pembacaan kalimat per kalimat.Jika siswa salah membaca kata 50 kata Kategori C yaitu nilai 70nilai79.Aspek yang dinilai ketepatan menginterpretasi makna bacaan. Jika siswa salah menginterpretasikan makna bacaan 40 kalimat. Kategori C yaitu 70nilai79.Aspek yang dinilai ketepatan penyusaian durasi waktu pembacaan jumlah kata per menit.Jika siswa membaca55 kata per menit Kategori C yaitu. 70nilai79 Aspek yang dinilai keindahan suara leng,jeda,kesenyapan,tempo,ritmis,artikulasi,cukup. Nama No. Siswa 1 Suriyadi 2 3 4 5 Jumlah skor perolehan: Nilai=. ......x100 Jumlah skor maksimal Lafal,penguca Keindahan pan Durasi waktu suara A B C A B C A B C Skor 86 85 65 236

Nilai 78

You might also like