Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 3

PADHUKUHAN GIRI LIMAN

Lengkehing gunung Candramuka kaprenah imbang kilen, wonten desa ngungkuraken wana Ekacakra, anenggih punika ingkang awasta padhukuhan Giri Liman inggih sinebat dhukuh Candhi Bungalang. Dumunung aneng wewengkon negari Giri Purwa ingkang wiwit kina makina dadya dhangkaning para denawa. Para yaksa racak tan purun srawung sak turunturunira wana samya

manungsa, dhedhangka

pramila wonten

madyaning

Ekacakra,

katelahing akathah, yaksendra Giri Purwa Prabu Baka sinebat narendra Ekacakra. Padhukuan Giri Liman yekti katingal asri, dhasar papane warata, marga-marga tinalasah sela seta, selane sinasap pasir jenar cinampur padhas linebur. Taru turi turusing marga katon ngrembuyung, rone manglung dadya payung, hangayomi uruting dianggung.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Warganing desa samya rukun, siang ratri kontap makarti, tatakrami samya denudi, nengenaken luhuring agami, satemah tan wonten ingkang pradondi. Prenatan dadya ugeran, para warga dhemen memitran, nengenaken ing sarasehan, beda pemanggih tan pasulayan, gesang bebrayan daya dinayan,

angandhemi ing kasusilan, temahan tan wonten papariman ngulandara gesang klambrangan. Lah sinten ta ingkang pinitaya dadya

tetuwangganing

padhukuhan

Candhi

Bungalang?

anenggih punika kang nami Ki Ijrapa. Pangkat gumencok inggih awasta kamituwa, nyambut gawe nora diblanja, lamun bener tan antuk pangalembana, salah sithik dikuya-kuya. Kaladuk yuswa parandene taksih sembada, dedeg pidegsa turta sentosa, jenggot putih kaladuk dawa, katone ringkih nanging birawa.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Nuju hari Respati, Ki Ijrapa lenggah aneng pendhapa, ngenam penggalih kang ewuh aya. Pasuryan payus kadya rembulan karahinan, kala-kala wadana tumungkul; netra kumembeng kadya dineres ilining waspa. Dupi wuninga kang garwa, eseme hamung kinarya-karya krana kangge hangalingi sungkawaning ndriya. Punapa ta darunane kang mangkono ? labet Ki Ijrapa kedhawahan urak saking sang Yaksendra Giri Purwa Prabu Baka, kinen ngaturake dhaharan wujud manungsa kang taksih lamban tuwin jejaka. Tanggap sasmita ingkang putra Bambang Rawan mulat dhuhkitaning kang rama, daya-daya marak mring pendhapa. Bambang Rawan lon ngrerepa denira sagah dadya urak, esthining nala hamung kinarya ngulur sugenge kang rama. Mangkana ature Bambang Rawan kang kawijil.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like