Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

NAMA KELAS NO.

: MARITA AFIANDIKA : X KIMIA ANALIS : 18

SESORAH MENGETI DINTEN KAMARDIKAN

Assalamualikum, wr. wb. Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinabekten, Bapak Ibu Guru lan Karyawan ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang kula kurmati, sedaya kanca lan adik adik ingkang kula tresnani. Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos jalaran awit saking rahmat saha karunianipun, kita sedaya taksih saged kepanggih lan kempal wonten ing papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala. Kajawi saking menika, kapareng matur, kula minangka sesulihipun kanca kanca panitia Pengetan Dinten Kamardikan Negari Republik Indonesia ingkang kaping 68 ing sekolah ngriki, ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun sanget awit panjenengan sedaya sampun kersa ngrawuhi pengetan menika. Bapak saha Ibu Guru, para tamu undhangan dalah sedaya kanca ingkang kula kurmati. Ing dinten menika kita sedaya mengeti dinten kamardikan Indonesia ingkang kaping 68. Tahun sederengipun 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia dipunjajah dening bangsa Walanda lan bangsa Jepang, nanging kanthi semangat para kusumaning bangsa ingkang ngurbanaken jiwa lan bandha saengga bangsa Indonesia saged ngumandangaken kamardikanipun. Tanpa perjuanganipun para pahlawan, mbok menawi ngantos dinten menika kita taksih dados bangsa ingkang dipunjajah dening bangsa sanes. Tanggal 17 Agustus 1945 inggih punika tanggal merdikaning bangsa Indonesia. Pramila saben tanggal 17 Agustus, bangsa Indonesia mangeti minangka dinten kamardikan. Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumateng para kusumaning bangsa awit saking pangurbanipun saengga ngantos wekdal punika kita saged ngraosaken mardika, tentrem lan rukun tanpa raos ajrih kejajah dening bangsa sanesipun. Mila awit saking menika, kula ngajak para kanca, mangga sareng sareng kita ngurmati jasa para pahlawan boten kedah upacara kanthi mewah, nanging cekap sederhana kemawon. Ingkang wigati kita kedah saged niru sikepipun para pahlawan anggenipun mijuang tanpa pamrih kajawi tumuju dhateng kamardikaning bangsa lan negari. Raos ikhlas mijuang menika sikep ingkang patut dipuntiru. Mangga, kula ngajak para kanca ikhlas mijuang nindakaken tugas lan kuwajibanipun lare sekolah. Kanthi mekaten perjuanganpiun para pahlawan boten muspra. Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, kula sakanca panitia nyuwun pangapunten menawi acara acara ing pengetan menika kirang sae lan mbok menawi kathah kirangipun. Ingkang kula suwun mugi mugi lomba kangge ngisi pengetan dinten kamardikan menika saged kaleksana kanthi lancar saha sportif. Mekaten atur kula, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten. Wassalamualaikum, wr.wb.

You might also like