Bab Ix. Widya Pranatacara

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 28

141

BAB IX. WIDYA PRANATACARA SAHA PAMEDHAR SABDA A. 11 DASAR PROSPEK PRANATACARA Pakaryan pranatacara saged dados satunggaling pakaryan professional. Awit ing jaman samenika upacara temanten tansaya kadamel mirunggan sae (profesional), pramila tatacaranipun kalebet acara, pranatacara ugi kadamel profesional. Saboten-botenipun wonten 11 dhasar utawi alesan profesi pranatacara gadhah prospek ingkang sae. Setunggal, tansaya kathah priyantun sibuk, PA (pranata adicara) tansaya laris. Tiyang ingkang sibuk boten gadhah wekdal kathah kangge ngurus upacara pengantin. Pramila kangge acara kapasrahaken dhateng pranatacara. Kalih, tansaya kepengin praktis, PA tansaya dipunbetahaken. Upacara pengantin menika saged kadamel ngrowa saha prasaja. Namung menawi kepengin gampil tumindakaking adicara (praktis), pasrah kemawon dhateng pranatacara. Tiga, kepengin sae saha maremakane (sukses acara), saha boten kasupekaken, PA tansaya monjo. Ingkang mangertos babagan acara pengantin inggih pranatacara. Pramila menawi kepengin kasil kanthi sae upacara pengantin, pasrah kemawon dhateng pranatacara. Sekawan, tansaya kathah tiyang boten mangertos adicara penganten, PA tansaya moncer. Samenika kathah tiyang Jawi sampun boten pana babagan upacara pengantin Jawi, pramila pasrah ingkang pana inggih menika pranatacara. Gangsal, tansaya kathah gedung pasamuan, hotel, restortan, auditorium kangge upacara penganten (resepsi, wedding party), MC saya PY (peye alias payu). Samenika kathah sasana pawiwahan saha pahargyan ing hotel, auditorium, restoran, ingkang ateges mbetahaken pranatacara-pranatacara ingkang gambeng (profesional).

142

Enem, tansaya kathah perumahan, tansaya kathah gedung manten ingkang prelu PA. Boten kathah perumahan ingkang jembar pramila menawi kagungan karsa mantu inggih trimah wonten gedhung. Upamia jembar dalemipun, tiyangipun kepara sugih, lajeng tamunipun kathah, anggenipun kagungan karsa ugi tetep wonten gedhung ingkang sakalangkung jembar. Pitu, tansaya manungsa menika individual, PA tansaya kabetahaken. Samenika kathah tiyang boten kepingin ngrepotaken

tiyang sanes, Pramila lajeng kathah wedding organizer, para pranatacara ingkang samya nyengkuyung upacara penganten. Wolu, tansaya kepingin pininjul ing ajining dhiri (prestise) saha sae (prestasi), PA tansaya kemedol. Upacara pengantin menika saged nedahaken sinten tiyangipun ingkang kagungan karsa. Upacara saged nedahaken prajanipun (ajining dhiri) ingkang hamengku gati. Sanga, kepengin nedahaken jati dhiri, PA tansaya penting. Upacara pengantin nedahaken jati dhri. Sanajan ing Jakarta, menawi tiyang Jawi dados pengantin ngangge cara Jawi, tiyang Padang ngangge cara Padang, tiyang Sunda ngangge cara Sundah, tiyang Melayu ngangge cara Melayu, lan sapanunggilanipun. Sedasa, tansaya kathah pengelola paket penganten, PA tansaya begja. Semenka kathah wedding organizer. Bisnis menika tuwuh kadya jamur ing mangsa rendheng. WO menika mbetahaken pranatacara ingkang profesional. Sewelas, penganten menawi kepengin satunggaling nglestantunaken budaya Jawi budaya ingkang Jawi prelu mliginipun upacara mantu, PA tansaya cetha pisungsungipun. Upacara minangka dipunlestanaken.

143

B. SANGUNING PRANATACARA 1. Sangu Pokok a. Olah swara: logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten blero/bindheng, membat-mentuling swanten, kajiwa b. Olah sastra: pilihan tembung, purwakanthi, sekar, pathetan, suluk, sendhon, ada-ada, pathetan, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp.

Pranatacara 2. Sangu Tambahan a. Olah raga lan busana: Olah raga sapta-MA: (1) magatra patrap wajar boten dipundamel-damel (2) malaksana : luwes, boten ingah-inggih (3) mawastha (4) (5) (6) (7) : jejeg, boten kendho/dhoyong : boten rongeh/edheg/gumeter, mantep, : enthengan, trengginas : ngentasi karya (Sutawijaya & maraga malagawa mawwat

matanggap: tanggap swasana (susah, seneng)

Sudiyatmono, 1990).

144

b. Ngilmu Tata Upacara Penganten Pranatacara kedah nguwaosi tata upacara penganten. Prekawis menika kababar piyambak. c. Sangu Panyengkuyung 1) mental Wonten tiyang ingkang gadhah mental waja, mental miyur, sah amental ciyut. Amrih mentalipun kandel kedah kathah gladhen, biasa ngadhepi tiyang kathah (forum), siap ing materi, 2) pawiyatan Amrih kawegigan pranata adicara saged catering144nal perlu sekolah, kursus, utawi dherek pawiyatan sanesipun. Saged ugi maos buku-buku ingkang sampun wonten ngewrat bab pranata adicara. 3) gladhen Pranata adicara tetetp terus sarta prelu gladhen utawi latihan amrih sansaya mekar ilmunipun, landhep yen dipunginakaken, tembenipun katingal wegig, besus, micara. 4) pengrengga swara Ugi sinebat sound system. Pranata adicara kedah mangesrtos kados pundit mangun karya kaliyan pangrengga swara. Bab tata papan, urutaning gendhing, sasmitaning gendhing, lsp. 5) ketewajuhan Ketewajuhan inggih menika temen-temen anggenipun nindakaken pakaryan, saged rampung ngremenaken. 6) kasamaptaan Pranata adicara kedah siap sawanci-wanci menawi dipuntimbali boten badhe nguciwani, samapta ing raga, busana, basa, saha wicara. 7) mitra tembayatan (relasi) Kadosta: perias, WO, catering (Pringgawidagda, 2006).

145

C. TULADAHA WICARA 1. PRANATACARA RAPAT PEMUDHA REMBAG 17-AN Nuwun, Mas Ketua Pemudha ingkang kula kurmati. Para pengurus sarta para mudha ingkang sutresna. Mangga-mangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan satemah kula miwah panjenengan saged nindakaken pepanggihan ing wanci menika. Kula minangka pranatacara keparenga ngaturaken adicara kados ing ngandhap menika. Kaping sepisan, pambuka Kaping kalih, atur pambagya saking ketua pemudha Kaping tiga, rembagan bab pengetan 17-an Kaping sekawan, panutup. Sumangga adicara ing wanci menika dipunwiwiti kanthi ndedonga. Sumangga kula dherekaken. ----ndedonga--Salajengipun atur pambagyaharja, dhumateng Mas Anjar Subagya minangka ketua pemudha sumangga. ----pamgabyaharja--Mekaten kalawau atur pambagyaharja. Dhumateng para kanca ingkang sampun nampi unjukan saha nyamikan, kersa ngrahabi. Samenika ngancik adicara pirembagan pengetan 17-an. Kangge adicara menika kula aturaken Mbak Ambarwati minangka wakil ketua pemudha. Sumangga. ----rembagan pengetan 17-an----

146

Kados mekaten kalawau pirembagan pengetan 17-an. Sampun saged kadhapuk panitiya 17-an saha acaranipun lomba-lomba menapa dene hiburan. Kanthi mekaten sampun paripurna. Kula ingkang minangka pranatacara, bokmenawi wonten kalepatan, nyuwun pangaksama. Sugeng kondur. Nuwun. 2. RAPAT PEMUDHA Nuwun, para kadang kula sepuh, Kangmas Mbakyu ingkang kinurmatan Para kadang kula anem, Dhimas Nimas ingkang sutresna. Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang sampun paring kanugrahan, satemah ing wanci menika kula miwah panjenengan saged kempal kangge rapat pemudha. Keparenga ngaturaken adicara rapat utawi pepanggihan ing dalu menika. Sepisan, pambuka Kaping kalih, atur pambagya dening ketua pemudha Kaping tiga, pirembagan program kegiatan. Kaping sekawan, panutup. Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun karantam. Sumangga ngancik adicara sepisan, pambuka. Sumangga adicara kabuka kanthi ndedonga manut agami piyambak-piyambak utawi kanthi maos basmalah. Sumangga. -----basmallah--Matur nuwun, mugi kanthi donga utawi waosan basmallah pepanggihan ing dalu menika ngasilaken pirembagan ingkang manfangat. Salajengipun atur pambagyaharja saking wakil ketua pemudha. Dhumateng Mas Ajisaka, sumangga. -------pambagyaharja------

147

Matur nuwun, bokmenawi para kadang kaneman sampun ngaturaken unjukan saha pasugatan sanesipun kersaa para kanca ngunjuk saha dhahar nyamikan. Adicara salajengipun pirembagan program kegiatan. Kangge ngrembag menika kula pasrahaken dhumateng ketua pemudha nun inggih Mbak Anggraini. -------pirembagan-----Kanthi mekaten adicara rapat ing wanci menika sampun paripurna. Mugi ingkang sampun karembag saged katindakaken kanthi sae. Kula minangka pranatacara bokmenawi wonten tuna dungkaping atur nyuwun agunging pangaksama. Sugeng dalu, sugeng kondur, rahayu kang sami pinanggih. Nuwun. 3. PRANATACARA PENGAOSAN Assalamu alaikum wr.wb Alhamdulillahirabbil alamin washolatu wasalamu ala asrofil ambiyi walmursalin waala alihi washohbihi ajmain. Ashadu alla ilaha illalah waashadu anna Muhammadarrasulullah.... Para kyai alim ulama ingkang minulya, para pinisepuh ingkang kinurmatan, hadlirin walhadlirat rahimakumullah. Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang sampun paring kanikmatan. Mugi syukur nikmatkalawau tansah nambah ketakwaan dhumateng Allah swt. Amin. Sholawat saha salam konjuk dhumateng junjungan Nabi agung Muhammad saw mugi safaatipun tumedhak dhateng kulawarga, sahabat, saha umatipun amin. Keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara pengaosan ing dalu menika, nun inggih: Ingkang sepisan, pambuka Kaping kalih, waosan kitab suci Alquran Kaping tiga, pambagyaharja.

148

Kaping sekawan, sigeg. Kaping gangsal, adicara inti pengaosan saha donga ingkang insya Allah badhe kababar dening almukarom KH Jamal Anshori saking Magelang. Kaping nenem, panutup. Kados sampun tinata kanthi titi rantamaning adicara sumangga adicara binuka kanthi lafal basmallah. ----basmallah--Matur nuwun, mugikanthi waosan basmallah tumapaking adicara pengaosan dalu menika rancak, saha kacathet minangka amal ibadah ingkang pikantuk ganjaran ing zaumul akhir. Amin. Tumuli sumangga kula dherekaken midhangetaken woasan kitab suci Alquran. Ingkang kawaos Surat Al Baqarah ayat 21-25 dening qori Dhimas Zamroni saha sari tilawah Nimas Setyarini. Sumangga. ------waosan Alquran---Shodaqohullahul adzim. Mugi waosan kitab suci Alquran kalawau nambah ketakwaan dhumateng ingkang maos saha ingkang hajat midhangetaken. Amin. Salajengipun, keparenga shohibul

ngaturaken pambagyaharja. Dhumateng Bapak Muhlis sumangga. -----pambagyaharja-------Matur nuwun, adicara sinigegh sepisan. Dhumateng para ikhwan saha akhwat ingkang badhe ngaturaken unjukan saha nyamikan, sumangga. Para jamaah pengaosan ingkang sampun tampi unjukan saha nyamikan kersa ngunjuk saha ngrahabi sinambi midhangetaken hadrah Assifa saking Dusun Sumbereja. Amrih regengipun tepuk tangan kangge hadrah Assifa. -----sigeg I---Boten ngirangi kamardikan para jamaah pengaosan ngunjuk saha dhahar nyamikan, kaperanga adicara kalajengaken nun inggih inti pengaosan. Tausiyah utawi maidhotul hasanah dipunbabar dening Al Mukarom KH Jamal Anshori saking Magelang. Al Mukarom menika pimpinan Pondok Pesantren Ridhotul Jannah saking Magelang.

149

Dhumateng KH Jamal Anshori, ing pungkasan kasuwun nutup kanthi pandonga, sumangga. ----inti pengaosan--Alhamdulillah mugi para jamaah saged ngamalaken sedaya ingkang kababar ing pengaosan menika satemah nambah iman saha takwa dhumateng Allah. Ing zaumul akhir sedaya jamaah saged pikantuk ganjaran jannatun naim. Amin. Matur nuwun dhumateng Al Mukarom KH Jamal Anshori, mugi Allah paring rahmat dhumateng panjenenganipun. Para hadirin, sampun paripurna pengaosan ing wanci menika. Kula ingkang ngaturaken adicara bokmenawi wonten kalepatan nyuwun agunging pangaksama. Sugeng kondur, billahitaufikwal hidayah, waridhlo walinayah wassalamu alaikum wr. Wb. 4. ATUR PRANATACARA ING RAPAT RT Nuwun, Bapak Ketua RT ingkang minulya Bapak-bapak warga RT 5 ingkang kinurmatan Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti, Allah swt ingkang sampun kanugrahan satemah ing wanci menika kula saha panjenengan saged makempal ing dalemipun Bapak Atmaja saperlu kempalan warga RT 5 kados adat sabenipun. Saderengipun keparenga kula ngaturaken rantaman adicara ing dalu menika. Sepisan, pambuka Kaping kalih, atur pambagya saking ingkang kagungan dalem. Kaping tiga, rembag rukun warga sinambi asok dana saben wulan dhumateng paraga kahartakan. Kaping sekawan, arisan. Kaping gangsal, palaporan. Kaping enem panutup.

150

Mekaten wau rerangken adicara ing dalu menika. Sumangga kawiwitan pepanggihan RT menika kanthi kula dherekaken ndedonga adhedhasar agami piyambak-piyambak, utawi kepareng maos basmalah. Sumangga. ----------donga-----------Matur nuwun, salajengipun atur pambagyaharja saking ingkang kagungan dalem. Wekdal sumangga katur Bapak Sumitra Hadi. ---------pembagyaharja----------Matur nuwun, adicara salejengipun sinambi para warga asok dana wulanan, keparenga Bapak RT ngandharaken rembag rukun warga. Sumangga --------pirembagan-------------Mekaten wau rembag rukun warga, kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan nun inggih arisan. --------arisan---------Ingkang pikantuk bebingah arisan inggih menika Bapak Handoyo. Sumangga kepareng tapak asma. Dhumateng para bapak ingkang sampun pikantuk unjukan saha nyamikan, keparenga ngunjuk saha dhahar nyamikan. Sumangga. Sinambi para Bapak sami ngunjuk saha dhahar nyamikan, keparenga kadang kula Dhimas Joko minangka kahartakan ngaturaken pelaporan kawontenanipun hartaka utawi arti ing dalu menika. Sumangga. ------ laporan kahartakan------Matur nuwun, kanthi mekaten sampun paripurna adicara pepanggihan warga RT 5 ing dalu menika. Kula minangka wakilipun Bapak Sumitra Hadi miwah para kadang pengurus ngaturaken agunging panuwun sampun kepareng rawuh ing pepanggihan RT dalu menika. Dene pepanggihan candhakipun wonten dalemipun Bapak Handoyo ingkang pikanthuk arisan ing dalu menika. Bokmenawi anggen kula matur saha ngaturaken adicara wonten kalepatan kula nyuwun pangaksama. Sugeng dalu, sugeng kondur. Nuwun.

151

5. TULADHA PRANATACARA ING RAPAT 17-AN Nuwun, Bapak Kepala Dhusun, Bapak Ketua RW, Ketua RW ingkang kinabekten, para bapak ibu ingkang kinurmatan, saha para kadang kula kawula mudha ingkang sutresna. Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring kanugrahan kagabaswarasan satemah, kula miwah panjenengan saged pepanggihan kangge ngrembag pengetan 17-an ing dalu menika. Kula minangka pranatacara keparenga ngaturaken rantaman adicara ing dalu menika. Sepisan, pambuka. Kaping kalih, atur pambagya saking Bapak Kadus Kaping tiga, pirembagan inti pengetan 17-an Kaping sekawan panutup. Cekak aos adicara ing wanci menika, mugi saged kasembadan kanthi sae. Pramila sumangga adicara binuka kanthi ndedonga manut agami piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken. -------- dedonga-------Matur nuwun, mugi Gusti hangijabahi. Amin. Adicara salajengipun atur pambagyaharja saking Bapak Kadus. Bapak Rejapawira sumangga. --------pambagya--------Mekaten kalawau pambagyaharja saking Bapak Kadus. Ingkang intinipun wonten kalih inggih menika ndhapuk panitia saha damel acara pengetan 17-an. Awit saking menika sumangga ngancik adicara kaping tiga pirembagan pengetan 17-an. Kangge pirembagan menika kapasrahaken dhumateng pangarsaning para pemudha nun inggih Rakamas Jayeng Margana. Sinambi pirembagan, dhumateng para tamu kepareng ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. Pramila sumangga katur wekdal sacekapiun. --------pirembagan--------

152

Kados sampun gumathok ing rembag saha intining pepanggihan gumolong. Sumangga adicara dipunpungkasi. Kula ingkang nglantaraken adicara kalamun wonten kalepatan nyuwun pangaksama. Sugeng dalu daha sugeng kondur. Nuwun. 6. TULADHA PANATACARA ING KESRIPAHAN Assalamu alaikum wr. wb

Innalillahi wainna ilaihi rajiun. Para pepundhen sepuh,


kasepuhan, pinisepuh ingkang minulya, para pelayat ingkang kinurmatan. Ing wanci menika kulawarga Ibu Anggara Suprato nembe nampi pacoban awit saking sedanipun Bapak Anggara Suprapto. Kula minangka pranatacara keparenga ngaturaken racikaning tata upacara pemateking layon. Ingkang sepisan pambuka. Tata upacara pametaking layon ingkang kaping kalih atur panuwun kulawarga. Ingkang kaping tiga atur bela sungkawa saking para takziah. Ingkang kaping sekawan doa panutup. Mekaten kalawau tata upacara pametaking layon. Sumangga tata upacara pemetaking layon kawiwitan kanthi ndedonga manut agami piyambak-piyambak utawi kanthi maos basmalah, sumangga. .. Tumuli keparenga kulawarga Sumangga. .. Matur nuwun bapak Suteja. Salajengipun atur bela sungkawa saking para pelayat dipunwakili saking Pamong Desa Umbulrejo nun inggih Bapak Sumantri Surya Atmaja. Sumangga. .. ingkang nembe nandhang dhuhkita ngaturaken atur panuwun, ingkang badhe dipunwakili Bapak Suteja.

153

Minangka panutup upacara pametaking layon badhe katindakaken donga pamuji ingkang badhe dipunpandhegani Bapak H. Ilham Muslimin. Kula minangka panatacara bokmenawi wonten kalepatan anggen kula matur, nyuwun pangaksama. Sumangga Bapak H. Ilham Muslimin. Wassalamu alaikum wr. wb. 7. TULADHA PRANATACARA ING UPACARA PENGANTEN PRASAJA Nuwun, kepareng matur dhumateng para kasepuhan, pinisepuh, saha sesepuh ingkang minulya, para Bapak Ibu tamu ingkang satuhu kinurmatan. Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang sampun paring sih kanugrahan. Kaperanga kula sumela atur, badhe ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicara upacara penganten ing siyang menika. Adicara kapurwakan kanthi pambuka. Adicara kaping kalih atur pambagyaharja. Ingkang kaping tiga pasrah saha tampi calon penganten kakung. Adicara kaping sekawan adicara ijab qobul. Dene adicara kaping gangsal, pengaosan utawi wasitatama. Kapungkasan kanthi panutup.

Pranatacara

154

Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun karantam. Sumangga adicara kapurwakan kanthi kula maos basmalah. Sumangga. Adicara salajengipun atur pambagyaharja. Rehning ingkang hamengku karsa boten kuwawi matur, pambagyaharja dipunwakili Bapak Gunadiharja. Dhumateng Bapak Gunadiharja sumangga, dene Bapak-Ibu Suharjana Sumangga. --------pambagyaharja-----Mekaten kalawau atur pambagyaharja. Salajengipun adicara pasrah calon pinanganten kakung ingkang dipunsarirani Bapak Suranta Aji. Sumangga. ------pasrah---------Pangandikan pasrah tumuli badhe dipuntampi Bapak Suwarja minangka wakilipun Bapak-Ibu Suharjana. Dhumateng Bapak Suwarja, sumangga. --------tampi-------Minangka tandha hanetepi adat Bapak Ibu Handika calon besan badhe hangaturaken ubarampe srah-srahan. Dipunwiwiti pisang sanggan saha ubarampe salajengipun sumangga katampi dening Bapak-Ibu Suharjana. Salajengipun calon pinanganten kakung kakanthi tumuju dhateng sasana ijab qobul. Dhumateng Bapak Daru minangka seksi saking kulawarga calon pinanganten kakung sarta Bapak Warsana seksi saking kulawarga calon pinanganten putri kepareng lenggah. Bapak Naib ugi kepareng lenggah, mekaten ugi bapak wali nun inggih Bapak Suharjana. Tumuli calon pinanganten kalenggahan ing jajar kaliyan wali. Adicara ijab qobul salajengiun kula aturaken Bapak Pengulu. Sumangga. ----ijab qobul---Adicara ijab qobul sampun paripurna. Dhumateng Bapak seksi, Bapak Naib ngaturaken panuwun. Salajengipun sri penganten kalenggahaken ing sasana pinajang dipunembani ingkang bebesanan. Adicara sinigeg kasuwun kepareng hangampingi Bapak Gunadiharja.

155

sawetawis. Dhumateng para kadang kaneman sumangga katur, hangaturaken pasugatan. Para tamu ingkang sampun tampi pasugatan keparenga ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. Suamngga. -------sigeg------Boten hangirangi pakurmatan saha kanikmatan para tamu ngunjuk saha dhahar nyamikan, keparenga kula nglajengaken adicara nun inggih wasitatama. Sri penganten pinaringan wasitama dening Bapak Haji Sudarmaji. Sumangga. ------wasitatama-------Mekaten kalawau menggah wasitatama saking Bapak H. Sudarmaji, mugi handayani sri penganten saged gesang sakinah, mawwadah, warahmah. Amin. Salajengipun kulawarga badhe ngaturaken lelalengan beksan Yudaasmara, sinambi para kadang kaneman ngaturaken pasugatan dhahar tasyakuran. -------tari yudaasmara---Sampun paripurna sedaya adicara. Tumuli sri penganten miwah ingkang bebasan jengkar tumuju wonten sangandhaping tarub saperlu nampi jawat asta pangestu saking paratamu ngiras pantes, kulawarga ngaturaken agunging panuwun dhumaten para tamu. Bokmenawi anggen kula ngaturaken adicara wonten kalepatan, nyuwun agunging pangaksama. Sugeng kondur, rahayu kang samya pinanggih. Nuwun. D. TULADHA WICARA PAMBUKA 1. Nuwun, para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, para tamu ingkang minulya, sarta kadang kula wredha miwah mudha ingkang sutresna. Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang Mahawelas lan asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang tanpa pepindhan.

156

Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ingkang mundhi dhawuhipun Bapak Suharmanto ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Titi laksana rinantam mekaten: 2. Nuwun, Wonten ngarsanipun para Kyai alim ulama ingkang tansah sumandhing mring kitab suci, hambabar ngelmi jatining panembah. Para pepundhen ingkang dahat kinurmatan, para tamu, kadang wredha miwah muda ingkang tuhu sutresna ing budaya. Keparenga kula sakadang ingkang manunggal ing paket pernikahan

Larasati wedding organiser nyuwun tambahing pangestu, awit


saking mradapa dhawuhipun Bapak Suharmanto kinen nglantaraken tumapaking gati adicara pawiwahan ing wanci menika, arsa dhaup palakrama sang Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Namung saderengipun sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah swt. Ingkang sampun ngluberaken kanugrahan, kanikmatan satemah kula miwah panjenengan saged nunggal makempal ing sasana riki saperlu paring paseksen sarta hangestreni dhaupipun calon pinangaten. Menggah rantamaning adicara pawiwahan ing wanci menika rinacik. 3. Nuwun, mugi kinalisna ing sarusiku, tinebihna ing tulak sarik bendu panyendhu anggen kula kumawani ngadeg wonten ngarsa paduka para tamu ingkang minulya, sarta paripaksa nigas wacana munggel pangandikan para tamu ingkang nembe sekeca imbal wacana. Sedaya wau awit saking mradapa mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu Suhardi kinen ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika.

157

Para

pepundhen

ingkang

dahat

pinundhi,

para

pinisepuh,

kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu wredha miwah taruna ingkang sutresna. Sumangga tansah kula dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Mahawelas lan asih ingkangs ampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun inggih kebagaswarasan, satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing sasana riki saperlu paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara pawiwahan penganten sarimbit nun inggih Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Menggah rantamaning titi laksana rinacik mekaten: ..

Sesorah 4. Nuwun, kawula nuwun, mugi karaharjan, kamulyan, kabagyan tansah tumedhak saha tumanduk, kajiwa, kasarira mring sanggya para tamu ingkang minulya.

158

Wonten ngarsanipun para pepundhen ingkang minulyeng budi, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, para satriya manggalaning bangsa kusuma nagara ingkang pantes tinulad sinudarsana, para winasis ing pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur, sarta para tamu kinurmatan. Sumangga kula dherekaken tansah muji syukur ing ngarsaning Pangeran kanthi puja-puji pudyastuti. Kanthi sih wilasanipun kula miwah panjenengan saged ing sasana riki saperlu suka pasekesen sarta paring puji donga pangestu hangestreni dhaupipun Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Para rawuh ingkang minulyen budi, kula minangka pambiwara keparenga mundhi dhawuhipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapak Hardimanto kinen ngaturaken menggah rantamaning titi laksana pawiwahan ing wanci menika. Menggah titi laksitaning gati adicara pawiwahan rinacik mekaten. 5. Lumintuning pudyastawa mugya hambabar daya pangaribawa ingkang tumedhak miwah tumanduk mring para kawula dasih kaswasih, kacihna ing ari kelenggahan menika kula miwah panjenengan pinaringan lilah mring Gusti kang Mahamirah saged kempal manunggal ing wismanipun Bapak Suharmanto kinen suka paseksen, hangestreni, sarta asung puji padonga rahayu palakramanipun Dyah Ayu retnawati kaliayan Bagus Sulistya. Para pepundhen ingkang ambeg berbudi darma, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dahat kinabekten, para pamong pandom pangembating praja ingkang minangka pandam

pepanutaning kawula dasih, miwah para tamu ingkang minulya. Kula ingkang kapiji dening Bapak Suharmanto nun inggih ingkang hamengku gati keparenga ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Rantamaning adicara pawiwahan rinacik mekaten.

159

E. PANUTUPING ADICARA Sanadyan ing pungkasaning adicara kadangkala para tamu sampun kirang kawigatosan dhumateng pranata adicara, nangingkedah kaudi amrih tetep saenipun. Menika adamel sengsem saha tabet ingkang pungkasan. Gampilipun saged dados cara promosi satemah pranata adicara sansaya laris. Sampun ngantos kesupen ing pungkasaning adicara kedah nyuwn pangapunten kalumun kithaling basa, kirang runtuting ukara, singlar ing tata krami. Ing ngandhap menika tuladha wicara panutuping adicara. TULADHA PANUTUPING ADICARA 1. Para rawuh ingkang minulya kados sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila sampun dumugi pethiting titi laksana. Kula sakadang ingkang dherekaken tumapaking adicara ndhereka mangayubagya dhumateng risang penganten, sageda gedang manggih kamulya sarta karaharjan. Sarta ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Suharmanto, bilih kula sakdang sampun pinitados ndherekaken lumampahing titilaksana pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna dungkaping atur miwah olah bawa, cicir cewet adamel kuciwa, keparengga paduka ingkang hamengku karsa miwah para tamu paring pangsaksama. Nuwun. 2. Purwa, madya, wus dumugi pungkasaning adicara. Kula sakadang saking Vidi Wedding organizer ingkang ndherekaken adicara ndherek mangayubagya dhumateng risang penganten sarimbit, ssageda nggayuh gesang ingkang atut runtut rerentengan ngantos kaken-kaken ninen-ninen kadya mimi hanimtuna. Kula ugi ngaturaken panuwun rehning sampun pinitados ndherekaken gatining laksana pawiwahan sri pangaten. Kalamun wonten

160

kalepatan, kirang pana ing pandhapuking basa, kirang wikan ing pangandikan, kirang runtut pangrakiting ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang sayektine wit saking bodho kawula, pungkasaning atur sedhah siti boga kang binuntel roning kalapa apuranta yen wonten lepat kawula. Nuwun. 3. Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati. Kula sakadang ingkang ndherekaken gatining laksana, dherek mangayubagya risang penganten mugi saged nggayuh gesang ingkang mula kebak ing kabgayan, ndhapuk kulawarga ingkang sakinah mawaddah warahmah. Bokmenawi anggen kula ngracik saha mranata laksitaning adicara wonten ingkang cicir cewet adamel kuwica, mugi bapak Suharmanto sakulawangsa miwah para tamu kersa ngluberaken sih samodraning aksama. Sugeng kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya, nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun. 4. Titi tamat gatining panganggit tumapaking agti adicara pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kalyan bagus Sulistya. Mugi saged ndhapuk kulawarga ingkang bagya mulya, hayem tentrem, runtang-runtung rerentengan kadya mimi hamintuna. Kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng kulawarga ingkang sampun midatos dhumateng kula kinen ndherekaken tumapaking gati, kalamun wonten cicir cewet kuciwaning atur, kirang trep mapanaken subasita miwah tata krama, mugya para rawuh kersa nguleberaken tirtaning kawicaksanan. Pungkasaning atur jenang sela, sela kang pindha ancala, apuranta cinandhi salama-lama. Nuwun.

161

F. RUMPAKAN PANGGIH PENGANTEN NYAYOGYAKARTA Para rawuh ingkang kinormatan, kawuningana bilih adicara panggih sri penganten sarimbit badhe kawiwitan. Pramila dhumateng para tamu kasuwun jumeneng, minangka pakurmatan dhumateng panggihing sri penganten.

Sampun dhumawahing ing kodrat, dhasar karekat sampun binerkat, mring Gusti kang Murbengrat, ana titahing Gusti jalu tanapi wanita, dhaup palakrama arsa pinanggiya ing wiwaraning sasana wiwaha. Sinawung ing sekar asmaradana, juru ampil pisang sanggan sigra mangarsa hangaturaken pisang sanggan ing ngarsanipun Ibu. Gegarane wong akrami Dudu bandha dudu rupa Amung ati pawitane Luput pisan kena pisan Yen gampang luwih gampang Yeng angel-engel kalangkung Tan kena tinumbas harta

162

Pengantin Paes Ageng Yogyakarta

Kula ngaturaken pisang sanggan minangka panebusing penganten putri. Sampun kula tampi kanthi jangkep, adicara panggih tumuli badhe katindakaken
Ladrang penganten hambiwadha upacara panggih --------gendhing ladrang penganten) -------------Kawuryan saking mandrawa risang abagus miwah ahayu sampun lumaksana tumuju ing papan kang piniji minangka sasana nggenira arsa pinanggya. Alon-alon anggenira lumaksana, kinanthi mring para wredha. Penganten kakung sampun napakaken pada. Tindakira kapurwakan juru ampil sekar kembar mayang ingkang kahasta dwisesepuh putri. Alon-alon sigra lumaksana tumuhu papanira panggih, hanenggih pangudi gambuhing penggalih. Penggalihnya sri atmaja penganten kakung menapa dene penganti putri. Kawuryan risang penganten putri kinanthi para wredha tumuju ing sasana panggih. Tanprabeda kaliyan sri atmaja penganten kakung, ingkang mangarsani nun inggih juru ampil sekar kembar mayang. Juru ampil sekar kembar dwisesepuh putri. Sekar kembar mayang kinarya pralambang dulur papat lima pancer, kakang kawah, adhi ari-ari, rah, sungsum, pancere sri penganten. Ugi kinarya pralambanging kalanggengan, hamrih sri penganten ingkang

163

nambut guna talining akrami lestari tumekeng wuri, jumbuh gambuh kang ginayuh kadya kekudanganira para pisepuh. Sesepuh panganthining sekar kembar mayang cacah catur pinanggya, tumuli sesarengan marepegi jumeneningira risang penganten kakung. Bahu kanan lan kering risang penganten kakung sigra kinepyok kembar mayang, parasing sedya amrih tinebihaken ing tulah sarik miwah bendu panyendu. Saya caket nenggira lumaksana penganten sarimbit, kekalihnya samya apagut tinggal, datan saranta risang ahayu murwakani ambalang gantal. Gumantya risang abagus ngimbangi karsaning risang ahayu. Gantal dumadi saking sedhah kang lininting tinangsulan lawe seta. Sedhah kaya lumah lawan kurebe, dinulu beda rupane, gineget tunggal rasane. Sandyan sajuga mijil priya, sajuga mijil wanita, kalamun sampun tinangsulan tresna suci, pinesthi dadi jatukramane. Laju hanjengku risang penganten putri mijiki samparaning ingkang garwa kanthi toya perwita kang sinebat ranupada. Ranu nun inggih warih, her, utawi toya. Pada nun inggih samparan. Karekating manah amrih ilang salwiring sukreta, kalis saking sambekala. Paripurna anggenira mijiki samparaning kang raka, jinunjung lenggah risang ahayu dening risang abagus. Kekalihnya samya aben ajeng, tumuli Ibu ......................... nun inggih sang juru sumbaga, meteg antiga ing palarabaning risang penganten sarimbit, pinecah antiga minangka pralambanging bibit kawit, hamiji dadi muga gya pinaringan putra kinarya rerengganing kulawarga.

Kawuryan risang penganten sampun jumeneng jajar arsa lumaksana tumuju ing sasana rinengga nun inggih sasana pinajang.Lamun ginandha ing wardaya kadya puspwarnane sri penganten.

164

----gendhing puspawarna---Gandheng renteng-renteng nggenira lumaksana penganten sarimbit. Dhasar kawit timur wus ginunggung-gunggung mring edi luhuring budaya marma anggenira lumaksana, tumapaking pada nut wiramaning gendhing. Tumungkul wedanane, madhep mantep pamulate, suka pratandha bilih penganten sarimbit sampun saeka praya ing sedya saeka kapti ing pakarti, kanthi manunggal ing rasa, cipta, miwah karasane, sarwi asesanti rumangsa handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani. Sinten ta ingkang mangarsani lampah, nenggih patah sakembaran, kembar busanane, kembar dedeg piadege, kembar kasulistiyane. Sanadyan ta maksih timur, dereng pedhot nggeget sedhah, parandene kalamun ing dewasane kawuryan kasulistiyane kang bakal gawe gawoking para jejaka kang samya humiyat. Sawuntatnya risang penganten nenggih ingkang rama miwah ingkang ibu, nenggih rama ibu ............................ Kanthi sesanti tutwuri handayani, ingkang rama miwah ingkang ibu sampun jumurung ing karsa, mring karekating putra anggenira palakrama arsa mangun bale wisma. Tutwuri handayani, tansah suka pepuji mring ngarsaning Gusti, amrih ingkang putra sarimbit, anggenipun mengku bale griya, tulus raharja, gesang mulya lan minulya.

Risang penganten sarimbit sampun lenggah ing sasana rinengga. Kepareng para tamu lenggah wonten sasana sakawit, matur nuwun awit sampun suka pakurmatan dhumateng panggihing penganten sarimbit. Tumuli badhe katindakaken adicara adat.
Adicara adat tampa kaya, wus jumeneng risang abagus ngasta pirantining tampa kaya. Sri atmaja penganten kakung badhe maringaken kaya dhumateng Sri atmaja penganten putri. Kacang kawak,

165

dhele kawak, wong liya dadia sanak, wong adoh dadio cedhak, . Guna tampa kaya, kacang kawak dhele kawak, arta minangka pralambang tanggel jawabing priya dhumateng garwa. Risang abagus wus sumadhiya angupaya sandhang miwah boga mrih kacekapaning kulawarga. Satemah kulawarga datan kacingkrangan, sukur bage pinaringan kasugihan. Tampa kaya tinampi dening risang penganten putri datan wenten ingkang marebel mratandhani penganten putri badhe dados wanodya kang gemi, nastiti, surti lan ngati-ati. Asiling guna tampa kaya, arsa katitipaken dhumateng ingkang ibu, nun inggih .............. satunggaling wanodyagung ingkang pinitados mring risang penganten sarimbit kinen rumeksa asiling guna tampa kaya. Paripurna sowan ingkang ibu, penganten sarimbit wangsul wonten ing sasana sakawit, arsa nindakaken dhahar klimah. Risang abagus ngepelngepel sekul jenar lawuhe ati antep. Sekul kinarya pralambang kamirahaning boga, jenar pralambang kajayang sarta kawibawan. Muga sri penganten pinaringan murah boga, murah sandhang, pinaringan gesal jaya wijayanti kebak ing kamulyan, sarta kasinungan kawibawan luhur. Kalamun taksih wujud wos, kumepyur, parandene ingolah sarta kinepel dening penganten kakung manunggal dadya sawiji. Pratandhane risang penganten manunggalaken gumolonging tekad denira arsa hambangun brayat. Setunggal baka setunggal, sekul kang kinepel risang abagus kadhahar risang ahayu sarwi lawuh ati antep. Lawuhe ati antep pratandha wus mantep sajroing ati pinestgi dadi jodhone, pinesthi dadi jatukramane. Ngunjuk toya wening, linambaran weninging manah, sri atmaja penganten necep maduning hasmaragama, muga enggal pinaringan putra kang bisa nyambung sarasilahing kulawarga, atmaja kang talining brayat.

166

Paripurna risang penganten ngunjuk toya wening, arsa katindakaken adicara sungkeman, kapurwakan Bapak/Ibu ...................... arsa mapag risang besan. Sampun mandhap saking sasana piniji Bapak/Ibu ........................ wengkuning sedya hamung tumuju ing wiwaraning sasana wiwaha, nenggih mapag ingkang besan Bapak/Ibu ................... Rerentengan anggenira lumaksana, esem tansah sinungging ing lathi mratandhani kalamun sukeng driya bombong ing wardaya. Pinapag risang besan, sampun pinanggiya, sarwa-sarwi ajejawat asta, mangayubagya rawuhipun ingkang besan sarimbit. Paripurna anggenira bage-binage, risang besan enggal kadherekaken tumuju ing sasana pinajang. Para ibu ingkang mangarsani lampah, dene bapak ingkang tutwuri. Menika suka pratandha bilih priya kedah junjung drajating wanodya, jumurung ing karsaning wanita ingkang lumampah ing marganing kamulyan. Anggenira lumaksana, satindak tumoleh manganan, sapecak tumoleh mangiring, esthine driya mung suka penget dhumateng para kawula dasih kaswasih, enget mring jatining panembah ing ngarsaning Gusti, nggenira tumitah ing jagad raya, sarta kadya asung pambagya mring rawuhing para tamu kang minulya. Prapta ing sasana mulya, risang besan kadherekaken lenggah wonten ing sasana ering kiwa. Uninga risang besan sampun lenggah satata, Bapak/Ibu ........................ wangsul wonten ing sasana palenggahan sakawit, ing kananing risang penganten. Risang penganten arsa anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu, nyuwun puji pangestu amrih widodo uripe, tansah manunggal jiwane sri penganten. ----gendhing ktw. Tunggal jiwa------------

167

Sampun jengkar saking dhampar risang penganten sarimbit. Parasing sedya hamung arsa anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu. Repepeh-repepeh hangeka pada anggenira ngabyantara ing ngarsaning ingkang rama miwah ingkang ibu. Tangkebing asta risang penganten sarwa sumembah, sumungkem ing jengku ering kanan. Esthining manah risang penganten hamung nyenyadhong puji pangestu, donga pangastawa, amrih gesangipun manggih mulya lan minulya. Sri hatmaja penganten ngaturaken sungkem pangabekti, nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan, miwah nyadhong sih pamuji rahayu mrih rahayuning hanggenira palakrami. Kawuwusa tatkala sinungkeman pepadane, ingkang rama kadya sinendhal mayang batine. Raos bagya mulya trenyuh manunggal sajroning nala. Satemah datan kuwawa hambabar wicara, ingelus-elus pamidhangane, winir-wiwir rikmane risang penganten. Namung ing batos hangsthi panguwasaning Gusti, lamun kakabar ing lisan, ingkang Bapak mesi wasita adi, Dhuh Ngger putraku sakloron, daktampa sungkem pangabektimu, dakapura kaluputanmu, dan puji mring ngarsaning Gusti muga-muga mulya uripmu. Lelungse dakbebakali, Ngger, jaya-jaya wiyanti, tansah kaparingan sihing Gusti. Hayem tentrem ing pepadaningkang rama miwah ingkang ibu, mahanani risang penganten eling marang purwa duksina. Eling marang purwane, rama kang wis kuwagang hangukir jiwa ragane, eling marang kang ibu, kang wis minangka sasana yoga brata nawa candra dasa ari suwene. Eling marang ingkang rama miwah ingkang ibu, kang wis nggulawenthah wiwit timur nganti dewasane, ing ri kalenggahan menika dhaup palakrama arsa mengku bale wisma. Nun inggih awit wiwit timur risang penganten sampun anggung-ginunggung pepoyaning kautamen, penganten sarimbit dereng saged males budi luhuripun

168

ingkang rama miwah ingkang ibu, mila ing titi wanci menika kasdu anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu.

Paripurna anggenira sumungkem ing pepadaning rama-ibu, penganten sarimbit wangsul lenggah wonten ing sasana pinajang, nun inggih sasana rinengga.

You might also like