Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Wisanggeni lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul

Wisanggeni iku anake Arjuna lan


Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku
anake Bathara Brahma. Arjuna duwe
sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna
dadi raja ing Kaindran, jejuluk Prabu
Kiritin. Arjuna bisa jumeneng dadi
raja ing Kaindran amarga antuk
kanugrahan saka dewa sawise kasil
ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja
ditya sing sekti mandraguna saka
nagara Imaimantaka.
Wisanggeni lair saka guwa garbane
Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka dadi
satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul
kapinterane, kawegigane lan kasektene.
Wisanggeni uga kndhang minangka wayang sing mbranyak, raine
bagus nanging sakmadya banget anggne nyenyandhang. !arang
sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa caturan tanpa
nggunakake basa krama sing alus.
Kepara yen guneman kalawan "anghyang Wenang wae Wisanggeni
uga tansah mungkak krama. Dening para dhalang Wisanggeni arang
banget diwetkake ing pakeliran. Wisanggeni duwe sisihan sing
jenenge Dewi !ustikawati.
Dewi !ustikawati iku anake Prabu !ustikadarwa, raja ing Krajan
"nyapura. Ing lakn Wisanggeni Krama, Wisanggeni kudu ngadhepi
Prabu "itija utawa Prabu Bmanarakasura kangg mupu Dewi
!ustikawati ing sawijining patembayan.
Dewi !ustikawati njaluk wewatn gambaring jagad marang
Wisanggeni lan Prabu "itija. #en Wisanggeni utawa Prabu "itija bisa
minangkani penjaluke iku, Dewi !ustikawati saguh dadi sisihane.
Wusana Wisanggeni sing kasil nggawa gambaring jagad lan banjur
dipasrahake marang Dewi !ustikawati. Kasile Wisanggeni amarga
dibiyantu dening "anghyang Wenang sing nyumadhiyakake
gambaring jagad kaya panjaluke Dewi !ustikawati.
Ing lakn Wisanggeni $akn Bapa, ing laku nggleki bapake,
Wisanggeni kasil mbiyantu bapake lan nagara Amarta bisa
nemkake maneh pusaka%pusaka piyandel sing ilang.
Dene pusaka%pusaka piyandele Krajan Amarta sing ilang lan kasil
dibalekake maneh dening Wisanggeni yaiku Kalimasada, "artama,
&rudadali, Anantakusuma, payung $unggulnaga lan Paspati.
Kabeh kulawarga Pandhawa, kalebu Prabu Kresna, ra ana sing wani
tumindak sakepenake dhewe marang Wisanggeni. "alawase uripe
Wisanggeni dedunung ing kayangan Daksinageni bebarengan ibune,
Dewi Dresanala, lan kabeh kulawargane. Wandane Wisanggeni iku
'ungsit.
Dene kawitane Arjuna rabi kalawan Dewi Dresanala sing sabanjure
nurunake Wisanggeni yaiku nalika Prabu Niwatakawaca pengin
ngrabi Dewi "upraba. Niwatakawaca sing jeneng enme Nirbita iku
banjur tumuju suralaya kangg nglamar Dewi "upraba.
Ananging para dewa ra ana sing nglilani yen Dewi "upraba rabi
kalawan Niwatakawaca. Wusana Niwatakawaca banjur ngrabasa ing
suralaya. Kasektene ra ana sing bisa nandhingi, para dewa kabeh
kasran.
"anghyang (irinata banjur mrentahaka Arjuna supaya ngadhepi
Niwatakawaca. Nalika iku Arjuna nembe mertapa ing pertapan
Indrakila lan jejuluk Begawan )iptaning !intaraga utawa )ipta
*ning !intaraga. Arjuna sing dibiyantu Dewi "upraba kasil mateni
Niwatakawaca.

You might also like