Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Pinuju dinten libur kula kaliyan sakaluarga kesah wonten Yogyakarta .

Wonten Yogyakarta kula dhateng dalemipun Pak de kula . Dhateng dalemipun Pak
De, kula kaliyan sakaluarga di ajak dhateng kebun binatang. Kula dhateng kebun
binatang nitih mobil. Sasampunipun dumugi kebun binatang, Pak de kula
mundhut karcis, kula sakaluarga lajeng mlebet.
Wonten ing kebun binatang , kula sakaluarga sami mirsani kewan-kewan
ingkang dipun ingah wonten kebun binatang. Wonten ing kebun binatang kula
bingah sanget amargi kula kaliyan sakaluarga saget caket sale mirsani kewan-
kewan.
Wonten ing kebun binatang kula saget foto-foto kaliyan kewan-kewan . Ing
ngriku kathah sanget kewan-kewan ingkang dipun ingah, kadosta : singa,
menjangan, kancil, kethek, kidang, gajah lan sak sanesipun kewan ingkang wonten
mriku.
Sampun sak untawis wektu kula kaliyan sakaluarga sampun lajeng kendhel
ing sak caketipun kebun binatang. Kula kaliyan sakaluarga lajeng tumbas maem
ing sak caketipun kebun binatang ngriku. Sak lajengipun kula sakaluarga sami
kondur saking kebun binatang pinuju dhalemipun Pak de kula. Ati kula bingah
sanget saget preinan wonten ing kebun binatang sesarengan kaliyan sakaluarga.

You might also like