Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 14

Gambang Suling

Jawa Tengah

Gambang suling kumandang swarane
Tulat tulit kepenak unine
U.nine mung nrenyuhake
Barengan lankentrung ketipung suling
Sigrak kendangane


Halaman1







Gundul Pacul
Jawa Tengah

Gundul gundul pacul cul gelelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glimpang segane dadi sak latar
Wakul glimpang segane dadi sak ratan


Halaman 2








Padang Wulan
Jawa Tengah

Yo pra kanca dolanan ing njaba
Padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing ngawe awe
Ngelingake aja padha turu sore
Yo prakanca dolanan ing jaba
Rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina
Yo padha dolanan sinambi guyonan


Halaman 3




Lir Ilir
Jawa Tengah

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo tak sengguh penganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hore


Halaman 4



Prahu Layar
Jawa Tengah

Yo konco sing nggisik gembira
Anglirap lirap banyune segara
Angliyak numpak prahu layar
Ing dina minggu keh pariwisata
Alon prahune wes nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake rasa lungkrah lesu
Adik njawil mas
Jebul wes sore
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk
Tumandhang nyambut gawe

Halaman 5
Turi-Turi Putih
Jawa Tengah

Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur
Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur
Jeleret tiba nyemplung ke kembang kembange apa
Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa
Kembang kembang mlathi dironce ronce
Kembang kembang mlathi dironce ronce
Sing kene setengah mati sing kana ra piye piye
Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa


Halaman 6




Suwe Ora Jamu
Jawa Tengah

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Temu pisan gawe gelo
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Temu pisan gawe gelo


Halaman 7




Cublak Cublak Suweng
Jawa Tengah

Cublak cublak suweng
Suwenge teng gelenter
Mambu ketundhung gudel
Tak gento lela lelo
Sapa ngguyu ndele ake
Sir sir pong dele bodhong
Sir sir pong dele bodhong


Halaman 8





Sluku Sluku Bathok
Jawa Tengah

Sluku sluku bathok
Bathoke ela elo
Si Rama menyang solo
Oleh olehe payung mutho
Pak jenthit lolo lo bah
Yen mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekka dhuwit


Halaman 9




Jaranan
Jawa Tengah

Jaranan jaranan jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
Sing ngiring para mantri
Jrek jrek nong jrek jrek gung
jrek ejrek turut lurung
Gedebuk krincing gedebuk krincing
Thok thok gedebuk jedher
Gedebuk krincing gedebuk krincing
Thok thok gedebuk jedher


Halaman 10



Pitik Tukung
Jawa Tengah

Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendhok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol gawe guyu


Halaman 11






Kate Dipanah
Jawa Tengah

Teka te dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde onde
Mbok sir bombok mbok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate


Halaman 12







Jamuran
Jawa Tengah

Jamuran ya ge ge thok
Jamuran apa ya ge ge thok
Jamur gajih mberjijih sak ara ara
Semprat semprit jamur apa


Halaman 13








Menthok Menthok
Jawa Tengah

Menthok menthok tak kandhani
Mung mlakumu angisin isini
Mbok yo aja ngethok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok menthok mung mlakumu
Megal megol gawe guyu


Halaman 14

Dhondhong Apa Salak
Jawa Tengah


Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak, m'laku timik-timik
Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak, m'laku timik-timik
Atik ndherek Ibu tindak menyang pasar
Ora pareng rewel ora pareng nakal
Ibu mengko mesthi mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti Atik dhiparingi
Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Gendhong apa pundhak aja ngithik-ithik

You might also like