Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 19

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 46

BRAYAT:
GRJA INGKANG
ALIT WUJUDIPUN
SAHA
NDHATENGAKEN
PANGAJENG-AJENG
TUMRAPING JAGAD





DHASARING PAMAWAS
Kanyataning gesang padintenan ingkang dipun temahi dning
brayat Kristen nedahaken bilih gesang sesmahan makaten
ugi minangka tiyang sepuh lan anak, knging pangaribawa
kamajenganing jagad jaman samangk. Kanthi gadget utawi
piranti lktronik wonten tembung-tembung panyaruwe
nyerakak kang adoh lan ngadohak kang cerak. Prangan
nyerakak kang adoh ngemu teges prayogi, sa. Nanging
prangan ngadohak kang cedhak kedahipun dados
pratandha bilih tuwuh singget sesambetan antawisipun
gegelitaning brayat satunggal lan satunggalipun. Punika dados
lampu jen ingkang prelu kawaspadakaken lan dipun adhepi
kanthi wicaksana.

Langkung bebles malih menawi dipun raosaken, bilih
tuwuhing kanyatan makaten punika jalaran wonten
kamajenganing piranti lktronik ingkang kaanyaraken teras,
ngantos njalari ingkang sami ngangg winengku ing piranti
kasebat. Mirungga nm-nman jaman samangk kanthi
piranti ingkang nama smartphone (kawaos: smartfon) saged
WULAN BRAYAT
Minggu IV, 26 Oktober 2014
Waosan I
Pangandaring Tort 34:1-12
Tanggapan
Jabur Masmur 90:1-6, 13-17

Waosan II
1 Tsalonika 2:1-8

Injil
Matus 22:34-46


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 47

sinebat bilih boten wonten lar nm ingkang boten gadhah
sarana pepanggihan ing jagad maya lumantar Facebook,
Twitter, Path, utawi Instagram. Piranti lktronik ingkang
reginipun sangsaya mirah, sinten ingkang boten badh
kapencut?

Jaman tinarbukaning komunikasi samangk, nawkaken
tknologi ingkang ngramaken sinaosa eneripun dhateng
prakawis konomi ingkang dipun dadosaken ancas
anggnipun para pengusaha sami mbudidaya. Atas namining
karaharjan, para pengusaha condhong boten nggatosaken
wetahing brayat. Awit saking punika, brayat-brayat Kristen
kedah maspadakaken kawontenan jagad samangk temahan
boten kapilut lan winengku kamajenganing jaman ingkang
saged ngrisak dhiri pribadi lan namung ndhatengaken
kauntungan tumrap sawenhing tiyang.


DHAPTAR WAOSAN KITAB SUCI
Boten wonten bda waosan lksionari antawisipun GKJ lan
GKI. Adhedhasar dhaptar waosan lan dipun sambetaken
kaliyan irah-irahan Wulan Brayat 2014, irah-irahanipun
ingkang kapacak katalesaken ing jejer khotbah GKJ lan GKI.
Lumantar irah-irahan punika, kita kabereg ngraos-raosaken
malih timbalaning brayat minangka grja ingkang alit
wujudipun lan mbabar pangaribawa ing salebeting gesang
bebrayan agung.


KATRANGAN WAOSAN
Pangandharing Tort 34:1-12
Prangan punika mujudaken prangan pungkasan cathetaning
khotbah satunggaling priyayi ingkang sampun yuswa adi
ingkang ing salamining gesang tansah mangun sesambetan
celak kaliyan Gusti. Piyambakipun boten nyandhang
kalenggahan ingkang mulya wekdal samanten, jalaran
piyambakipun sampun nerasaken kapamimpinan dhumateng

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 48

Yusak, lar anm ingkang kagulawenthah. Sacara tata
karohann, piyambakipun boten nglenggahi kalenggahan
pamimpining umat awit Gusti Allah sampun ndawahaken
pidana pejah tumrap piyambakipun awit saking pamballa
ingkang nat dipun tindakaken. Piyambakipun namung
kawawas minangka pemimpin wekdal ingkang sampun
kapengker, inggih punika pemimpin ingkang mbekta Isral
sawatawis angkatan kapengker sans angkatan samangk
medal saking pangawulan dhateng bangsa Mesir makaten ugi
ingkang nedahaken panguwaos saha mukjijat ingkang
mratlakaken sinten sajatosipun Gusti Allah punika. wa
samaten, cathetan pirembaganipun Musa kaliyan Gusti
punika nedahaken bilih tanpa nglenggahi kalenggahan kados
sakawit, tanpa wonten kakiyatan paugeran lan tanpa wonten
tetepan ing upacara; Musa tetep ngeneraken gesang punapa
dn manahipun dhumateng Gusti. Piyambakipun mujudaken
pribadi ingkang mangun sesambetan gulet sanget kaliyan
Gusti Allah. Piyambakipun tepang Gusti Allah kanthi satuhu.

Sira Sunparengak ndeleng kalawan mripatira dhw,
nanging sira ora bakal nyabrang mrana (ayat 4). Pratlan
punika ingkang njalari Isral pepes, jalaran saking kadurakan
punapa dn wangkoting manah, Musa sang pemimpin
kedah ngundhuh wohipun, sinaosa pancn sami kapedhotan
katresnan kaliyan sang pemimpin (ayat 8).

Temtunipun, cariyos ingkang sinerat ing kitab Pangandharing
Tort punika boten tanpa ancas tujuwan. Panyerating
prangan punika kanthi ancas nedahaken bilih wonten ing
ngarsanipun Gusti, samursid-mursidipun manungsa kados
ingkang sinerat ing ayat 10-12: Ing sabanjur ora ana nabi
manh kang jumeneng ing antaran Isral... prabawanipun
Gusti Allah nglangkungi pikajengipun manungsa ngga
tundhanipun manungsa namung saged ngucap: Punapa
ingkang kula wawas prayogi, drng mesthi mekaten
tumraping Paduka, dhuh Gusti. Menawi dipun tingali
satlraman, lumantar cariyos kasebat Gusti Allah nedahaken

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 49

wangkoting manah, grusa-grusu saha tanpa
lelimbanganipun manungsa; dadosa tumrap Musa makaten
ugi abdinipun (ayat 5 lan 7) punapa dn umatipun (ayat 8).
Nanging menawi dipun gatosaken prangan salajengipun,
badh ketingal kasananipun Gusti ingkang boten wah
gingsir nilar umatipun, awit Panjenenganipun tetep makarya
nuntun Isral tumuju dhateng negari ingkang sampun
kaprasetyakaken lumantar Yusak (ayat 9).

Punapa inggih Gusti tumindak mangkotaken galih, grusa-
grusu lan tanpa lelimbangan tumrap abdinipun ingkang
asma Musa? Tiyang-tiyang Kristen sajagad wekdal samangk
bok menawi boten nggadhahi raos-pangraos punapa-punapa
nalika maos Cariyos Kamulyanipun Gusti Ysus ing Paredn.
Phillip Yancey, wonten ing bukunipun The Bible Jesus Read
mratlakaken makaten:

Prastawa anggnipun Gusti Ysus kamulyakaken
ngemu kanyatan ingkang asring dipun lirwakaken
dning tiyang Kristen, nanging dipun gatosaken
dning tiyang-tiyang Yahudi. Ing wekdal
nalikanipun kamulyan kasebat kababar, Musa
ngadeg ing pucaking redi ing Tanah Prajanjian.
Gusti Allah stu nget dhateng kaum lebu, ingkang
andhap-asor punapa dn ingkang agung.

Gusti sans Pribadi ingkang mangkotaken manah, grusa-
grusu lan tanpa lelimbangan. Panjenenganipun tansah
nget dhumateng Musa. Gusti ngngeti prasetyanipun!

Prangan punika ugi ngewrat papan panggnan magepokan
prasetyanipun Gusti Allah dhateng Isral (ayat 2-4a). Gerhard
von Rad, ing buku tafsir anggitanipun The Old Testament
Library, jejeripun Deuteronomy mratlakaken bilih
panyerating papan-papan ingkang dipun tedahaken dning
Gusti dhumateng Musa mujudaken katetepaning tata
karohann tumrap Isral anggnipun ngejgi papan-papan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 50

kasebat. Panjenenganipun piyambak ingkang nedahaken
papan panggnanipun! Punika ateges bilih Gusti Allah
piyambak ingkang ngulungaken pasiten kasebat tumrap
Isral, kadosdn prasetyanipun tumrap Abraham, Iskak lan
Yakub. Panjenenganipun ugi ingkang paring kasagedan
tumrap Isral nggayuh prasetyanipun.

Jabur Masmur 90:1-6, 13-17
Marvin E. Tate, ing buku tapsiripun Word Biblical
Commentary jejeripun Psalm 51-100 nyebat bilih Masmur
punika golonganing Masmur Pandonga magepokan isinipun
ingkang mratlakaken bab sinten ta sajatosipun Allah punika.
Gusti Allah dipun tepangi lan sinebat minangka etuking
pitulungan ingkang langgeng. Kawontenanipun Gusti Allah
ingkang stu nggegirisi katandhingaken kaliyan
karingkihanipun manungsa. Juru Masmur ngakeni
karingkihan saha winatesing dhirinipun, jalaran asalipun
saking lebu lan adegipun boten saged katandhingaken kaliyan
Gusti Allah piyambak.

Kadosipun, Jabur Masmur punika karipta saking
pangalamaning gesang ingkang winengku karupekan. Pratlan
ngantos bnjing punapa nedahaken boten sabaripun Juru
Masmur lan para abdinipun winengku karupekan lan
tundhanipun mratlakaken ugi gegadhangan supados
kawontenanipun kapulihaken dados prayogi malih.

1 Tsalonika 2:1-8
Salah satunggal pergumulan ingkang dipun temahi dning
pasamuwan Tsalonika inggih punika wontenipun
panrajang dning tiyang-tiyang Yahudi lan bok menawi ugi
wontenipun panindhes dning pamarintah Rum (1 Tsalonika
1:6), nanging pasamuwan kedah tetep ngudi mbangun-turut
dhumateng Gusti. Awit saking punika, seratipun Rasul
Paulus punika ancasipun inggih punika paring pambereg saha
kakiyatan anggnipun pasamuwan sami nemahi kawontenan
ngrekaos lan nyanggi momotan sarta paring piweling

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 51

magepokan kaliyan prakawis-prakawis mirunggan ingkang
tuwuh wonten ing pasamuwan kasebat.

Ing prangan punika, Rasul Paulus nyerat kados pundi
anggnipun sesarengan mitra paladosan mbudidaya supados
boten ngegungaken dhirinipun nalika sepisanan martosaken
Injil ing Tsalonika, kepara nengenaken kawigatosan dhateng
Sang Kristus ingkang kababar wonten ing gesangipun tiyang-
tiyang Tsalonika. Rasul Paulus lan para mitra tunggil
paladosan tetep mbudidaya andhap asor kanthi mapanaken
dhiri minangka abdinipun sadaya tiyang. Ing ngriki cetha
sanget pangatag punapa dn panjurungipun Rasul Paulus
tumrap pasamuwan Tsalonika supados tansah ndadosaken
Sang Kristus minangka punjering kapitadosan, temahan
prakawis kasebat boten namung kandheg ing tataran
karohann nanging stu kababar wonten ing pangalaman saha
patuladhan gesangipun ingkang sa.

Matus 22:34-46
Pranatan utami punika wonten sesambetan kaliyan tata
politik Karajan Rum tumrap bangsa-bangsa ingkang dipun
wengku inggih punika mapanaken Sang Nata Agung minangka
phak ingkang ndarbni gesangipun rakyat. Kanthi paring
gambaripun Sang Nata wonten ing prangan arta ingkang
dipun angg sarana mbayar dol-tinuku wekdal samanten,
Karajan Rum gadhah ancas anggnipun ngngetaken bilih
Sang Nata Agung rawuh (omnipresent) ing sadhngah
prangan gesangipun manungsa. Pax Romana, maknanipun,
sadaya prakawis kedah teluk utawi wonten ing sangandhaping
panguwaos Rum wekdal samanten!

Ing sisih sans, masyarakat Yahudi sanyatanipun ndarbni
tata hukum piyambak ingkang sanget dipun tengenaken
dning para Rabbi. Adhedhasar pangalamanipun Isral
ingkang dipun buwang lan dumugi samangk tiyang-tiyang
kasebat taksih rumaos kados kabuwang ing jaman rumiyin
jalaran kcalan kaprabawan saha pangajeng-ajengipun bilih

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 52

kawontenan badh pulih malih kados nalika jamanipun
Dawud jalaran dosa-pamballanipun, pamawas suci lan
najis dados cara anggnipun tiyang-tiyang nengenaken
agaminipun. Awit saking punika, kamursidan pribadi dados
prakawis ingkang langkung utami nglangkungi timbalan
gesang ing bebrayan agung. Ing jamanipun Gusti Ysus, para
ahli Tort lan tiyang Farisi madeg dados manungsa kangg
Tort. Ancasing sedya sajatosipun prayogi, wa samanten
kasunyatanipun malah njungkir-walikaken piwulang sih-
rahmatipun Gusti Allah wonten ing Tort.

Wangsulanipun Gusti Ysus magepokan kaliyan tresna
dhateng Gusti Allah ingkang kajajaraken saha kasambetaken
kaliyan tresna dhateng manungsa kados dn nresnani
dhirinipun piyambak sajatosipun nampik paugeran ingkang
katetepaken dning pamarintah Rum lan ugi njungkir-
walikaken tatanan hukum utawi langkung prayogi sinebat
mulihaken tatanan hukum ingkang dipun wulangaken
dning para Farisi. Saking cariyos anggnipun tiyang Farisi
ntr Gusti Ysus ing ngajengipun tiyang kathah punika, Gusti
Ysus ngngetaken bilih:
a. Namung dhumateng Gusti Allah kmawon manungsa
tinimbalan ngabdi lan mitadosaken gesang, sans dhateng
panguwaos-panguwaos ingkang asalipun saking donya
punika.
b. Ngabdaken dhiri dhateng Gusti Allah punika ateges
mapanaken manungsa, dhirinipun lan sesami, ing papan
ingkang trep kaliyan karsaning Gusti inggih punika
minangka pangrimat brayatipun Gusti Allah
(katandhingna Purwaning Dumadi 1:26-28, ...iku padha
nguwasanana... lan ...telukna, kuwasanana...) sans
dados abdining pranatan.
Nresnani sesami kados dn dhirinipun piyambak ateges
mapanaken sadaya tiyang ing tataran ingkang sami, kalebet
mapanaken dhirinipun piyambak sajajar kaliyan tiyang sans.
Boten wonten ingkang langkung inggil, ingkang langkung

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 53

andhap lan sapiturutipun. Sadaya manungsa punika
minangka jejer, ingkang nindakaken sans lsan kmawon.


UNDERANING PIWULANG
Gusti Allah punika Pribadi ingkang pantes dipun pitados
jalaran Panjenenganipun etuking pangajeng-ajengipun
manungsa! Pratlan kasebat ingkang dados underaning
piwulang waosan lksionari punika. Temtu kmawon pratlan
kasebat boten lajeng dipun dadosaken pratlan tanpa teges,
kepara dados pambereg tumrap grja wekdal samangk
supados stu nanggapi pratlan kasebat dadosa ing pratingkah
pribadi, makaten ugi tumindak ingkang sipatipun ngudi
patunggilaning brayat, punapa dn ing pakaryan-pakaryan
paladosanipun grja minangka patunggilaning tiyang pitados.

Awit saking punika boten namung grja ingkang kedah
mratlakaken saha ngundangaken pamratobat tumrap
warganing pasamuwan punapa dn jagad, nanging grja ugi
mbereg saben warganing pasamuwan supados tumut
tumandang damel ngudi pratlan kasebat wonten ing
sauruting lampah gesangipun wiwit samangk saha wonten
ing kawontenan manka warni. Pramratobat ing ngriki ateges
ngeneraken manah lan gesang sarta mangsa ngajeng dhateng
Gusti. Pancn grja prelu mangretosi kawontenan samangk,
boten namung ingkang kasat mata kanthi kedadosan-
kedadosan ingkang kalampahan, kepara ugi kawontenan ing
suwaliking kanyatan kados dn tata caraning lampah gesang
sosial, konomi, politik ingkang sadayanipun punika
kawangun lan mangaribawani kanyataning gesang
padintenan.

Sumangga kita jinggleng kawontenan jaman samangk. Tata
konomi bangsa kita boten mapanaken rakyat dados jejer
(subjek) ingkang kedah dipun aosi, nanging kepara minangka
lsan (objek) ingkang saged dipun dadosaken banten kangg
kapentingan kelompok tertemtu. Tata lampahing konomi

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 54

Indonsia punika saged kagambaraken kados dn aquarium
tabung ingkang dipun singget temahan kawangun tigang
prangan ruang (mirsanana gambar 1).







Ruang 1




Ruang 2




Ruang 3




Gambar 1



LPP Sinode Wulan Brayat 2014 55

Saben prangan dipun paringi sawatawis ulam. Ruang kapisan
ulamipun langkung sakedhik, ruang kalih ulamipun langkung
kathah lan ruang tiga langkung kathah malih ulam. Lajeng,
ulam-ulam kasebat dipun paringi tedha, temtu kmawon
saking nginggil tedhanipun amargi nama aquarium
(mirsanana gambar 2).





Tedhan saking nginggil










Gambar 2

Punapa ingkang kelampahan?
a. Tedhan langkung kathah dipun tedha dning ulam
ingkang wonten ing ruang kapisan. Tundhanipun, ulam
ing ruang kapisan ageng-ageng.
b. Tirahan tedhan saking ruang kapisan mandhap ing ruang
kalih menawi boten knging singget jala antawisipun
ruang satunggal lan kalih. Ing ruang kalih wiwit ketingal
ulam-ulam wau wiwit rebatan kcran saking ruang
kapisan.
c. Kekarning tedhan saking ruang satunggal lan kalih
mandhap ing ruang tiga, dadosa sisaning tedhan utawi
tedhan ingkang kaluntakaken kepara wonten regedan
ingkang katut mangandhap. Punika ingkang dipun tedha

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 56

ulam ing ruang tiga. Sampun boten resik lan namung sisa-
sisa kmawon. Ing ruang tiga punika saben ulam sami
rebatan, sami dn nyakot, malah nalika saking luwnipun
ulam-ulam kasebat nedha rncangipun piyambak utawi
kosok wangsulipun katedha dning ulam sans.

Makaten punika gambaraning tata sosial-konomi Indonsia
ing pundi Gusti mapanaken grja ngrembaka lan nindakaken
timbalanipun. Adegipun grja ing ruang tiga, inggih punika
ruangipun rakyat kalebet brayat Kristen kadadosaken
banten dning ingkang maringi tedha utawi ulam-ulam
saking ruang kapisan.

Brayat dipun pangaribawani supados nampi asiling
pambudidaya (hasil produksi) saking ruang nginggilipun.
Ingkang wonten ing ruang kalih kedah nampi asiling
pambudidaya saking ruang satunggal makaten salajengipun
dumugi ing tataran ngandhap dn ingkang wonten ingkang
ruang tiga dados phak ingkang kapeksa kedah nampi lan
ngginakaken asiling pambudidaya saking ruang
sanginggilipun boten preduli tedhanipun sa punapa boten
dipun tedha. Lar-lar dipun iming-imingi manka warni
games utawi dolanan ingkang ngener dhateng sikep
mentingaken dhirinipun piyambak kepara remen dhateng
kekerasan. Games utawi dolanan ing smartphone utawi laptop
asring nengenaken bab unggul lan kawon, sikep nrajang
kanthi adreng utawi ngalah. Makaten ugi giyaran tlvisi, DVD
ingkang dipun sad ing pinggir-pinggir margi. Kados pundi
kawontenanipun lar remaja lan pemudha? Tataran punika
dipun iming-imingi gadget ingkang boten namung
nengenaken munpangatipun nanging magepokan kaliyan
tandha tataran tata sosial. Sangsaya anyar lan ngramaken,
langkung mulya malih kawontenanipun lan sinebat njamani
(nglarasaken gesangipun kanthi kawontenanipun jaman ing
pundi piyambakipun gesang).


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 57

Kados pundi bab raketing sesambetan brayat? Punika sans
prakawisipun para pengusaha ingkang damel gadget!
Prakawis nm-nman kita kablithuk ing kabudayan
nengenaken dhiri pribadi, punika ugi sans prakawisipun para
pengusaha! Kanyatan bilih wonten singget ing gesang
bebrayan agung jalaran piranti gesang makaten, ugi
ngrembakaning tumindak kekerasan ing masyarakat, punika
sans prakawisipun para pengusaha! Prakawis tumraping para
pengusaha punika ngudi supados asiling pambudidayanipun
laris lan piyambakipun saged pikantuk bathi ingkang
sakathah-kathahipun kanthi njiret masyarakat.


KOTBAH

BRAYAT: GRJA INGKANG ALIT WUJUDIPUN
SAHA NDHATENGAKEN PANGAJENG-AJENG
TUMRAP JAGAD

Pasamuwan ingkang kinasih,
jejering grja temtu kita asring ndedonga. Kita aturaken
ingkang dados prentuling manah makaten ugi ngaturaken
pangajeng-ajeng kita konjuk Gusti. Wonten ingkang nandhang
sakit kita dongakaken supados saras. Wonten ingkang
kakirangan gesangipun kita dongakaken supados binerkahan
cekap. Wonten ingkang sami pasulayan kita dongakaken
prelunipun supados tentrem rahayu.

Pdt. Josef P. Widyatmadja, wonten ing satunggaling kegiatan
pelatihan Leadership Capacity Building 2014 mratlakaken,
Donga iku tumindak kang subvrsif! Tumindak kang
mballa! Kita mballa magepokan kanyatan padintenan
ingkang boten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Kita
nyuwun Gusti makarya, nyantuni kawontenan-kawontenan
ingkang boten laras kaliyan karsanipun temah dados sami
kaliyan ingkang karancang dning Panjenenganipun. Sinaosa
sinebat tumindak subvrsif, nanging Gusti Allah karsa

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 58

myarsakaken pandonga kita jalaran Panjenenganipun pantes
pinitados.

Para sadhrk ingkang kinasih,
sadaya tokoh Kitab Suci ing waosan lksionari dinten punika
mratlakaken kayakinanipun bilih Gusti Allah punika Pribadi
ingkang pantes dipun suyudi.

Musa nglenggana knging punapa Gusti Allah namung
paring wewengan tumrap piyambakipun ningali tanah
prajanjian saking tebih. Piyambakipun boten tang-tangan
kaliyan Gusti Allah, tegesipun boten nedahaken pamrih saha
ngegungaken pakaryanipun nuntun Isral. Babar pisan boten!
Musa mangretos bilih Gusti Allah ingkang dipun bektni
punika Allah ingkang pantes dipun pitados lan awit saking
punika sadhngah pancasan punapa dn pakaryanipun
punika mujudaken prakawis ingkang kedah dipun tampi
kanthi legawaning manah. Musa mangretos pangaribawa
ingkang kedah dipun tampi, boten namung tumrap
piyambakipun, nanging ugi kangg umat Isral. Kanthi
pancasanipun Gusti Allah kasebat ancasipun saged dados
panglenggana tumrap Isral supados langkung pitados saha
tuhu-setya dhumateng karsaning Gusti.

Makaten ugi ingkang kapratlakaken dning Juru Masmur,
dn ing satengahing karupekan ingkang dipun prangguli,
piyambakipun nglenggana bilih Gusti boten nat nebih saking
gesangipun. Gusti Allah dados etuking pangajeng-ajeng lan
namung dhumateng Panjenenganipun Juru Masmur sesambat
punapa dn ngajeng-ajeng.

Para Sadhrk ingkang kinasih,
kula pitados bilih dinten punika boten wonten ing antawis kita
ingkang boten nyanggi momotan utawi pergumulaning
gesang. Wonten ingkang nemahi prakawis magepokan kaliyan
kasarasaning badan. Wonten ingkang nemahi pergumulan
magepokan kaliyan panyambut damel. Wonten ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 59

nemahi momotan gegayutan kaliyan kabetahaning brayat.
Pitaknanipun, Kados pundi sikep kita nalika Gusti paring
wewengan tumrap kita nemahi prakawis pergumulan
kasebat? Wonten sawenh tiyang ingkang kirang trep
mangretosi saha ngraos-raosaken sambet kaliyan Gusti.
Ingkang dipun wawas, Menawi sampun wonten ing
asmanipun Gusti, sadaya pambudidaya mimpang! Kasarasan
sa! Brayat sa! Boten wonten satunggal prakawis ingkang
boten sa! Pitaknanipun, Punapa punika leres?

Nalika pergumulan nrajang, lampahing gesang kados dn
layangan ingkang pedhot benangipun, kabur kanginan boten
kantenan. Ing satengahing kawontenan makaten, manungsa
asring suka pitaknan bab kamirahanipun Gusti.
Panguwuhipun, Gusti, punapaa Paduka nilar kawula? Gusti,
punapaa Paduka paring bebendu dhateng kawula? Gela
dhumateng Gusti, nebih saking Gusti lan medal saking grja.

Para Sadhrk ingkang kinasih, Musa lan Juru Masmur
nemahi kanyataning gesang kanthi sikep punapa wontenipun.
Tiyang-tiyang punika sami suka pitakn bab margining Gusti,
nanging boten suka pitakn bab astanipun Gusti. Asring sami
lelimbangan kepara rumaos margi ingkang dipun ambah
punika rumpil saha awrat. Kathah reridhu pindha krikil
lancip-lancip ing ngajeng lampahipun, nanging tetep sami
pitados, sami ngajeng-ajeng, sami ngeneraken manah
dhumateng Gusti. Pepalang reridhu ing madyaning
gesangipun boten ndadosaken nebih saking Gusti, nanging
njalari sangsaya tepang kaliyan Gusti kepara ndayani sami
sumndh, pasrah, sumarah dhumateng Gusti.

Kita sadaya ugi tinimbalan ndarbni manah ingkang pitados
satuhu dhumateng Gusti. Bok menawi kanyataning gesang
ingkang kita temahi saged njalari kita boten pitados
dhumateng Gusti kepara kawontenan-kawontenan ing
sakupeng kita njalari wiwit tuwuh raos lelimbangan
magepokan panunggilipun Gusti. Pangandikanipun Gusti

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 60

dinten punika ngngetaken bilih Gusti punika Pribadi ingkang
pantes dipun pitados! Panjenenganipun sampun mbabar bukti
magepokan lampah gesangipun Musa! Panjenenganipun ugi
sampun mbabar lumantar gesangipun Juru Masmur!
Panjenenganipun ugi badh mbabar woten ing gesang
Panjenengan sadaya!

Para Sadhrk ingkang kinasih,
Rasul Paulus ngngetaken pasamuwan ing Tsalonika. Pancn
wekdal samanten gesang ndhrk Sang Kristus punika sans
prakawis ingkang gampil katindakaken.

Tiyang-tiyang Yahudi nggadhahi pamawas bilih dados Kristen
punika ateges nyingkur Allah Tritunggal, Apa tumon Allah
kagungan Putra? Jalaran pangakenipun bilih Gusti Ysus
punika Putraning Allah, pasamuwan kawitan kalebet
pasamuwan ing Tsalonika kapeteg dning tiyang-tiyang
Yahudi makaten ugi kapeteg dning pamarintah Rum inggih
awit saking pratlan kapitadosan ingkang makaten punika.
Tumraping masyarakat Rum, inggih namung Sang Nata
Agung ing Rum ingkang dipun akeni minangka Putraning
Allah! Sans Ysus! Ngakeni bilih Ysus punika Putraning
Allah ateges nglngsr kalenggahanipun Sang Nata Agung lan
kagantos kaliyan Gusti Ysus! Satata politik, prakawis kasebat
temtu kmawon mbebayani tumraping pamarintah Rum lan
awit saking punika pasamuwan ing Tsalonika nemahi
panganiaya. Pasamuwan boten namung kapeteg, nanging ugi
dipun oyak-oyak lan nalika kecepeng lajeng dipun peksa
ngakeni bilih namung Sang Nata Agung ingkang dados
Putraning Allah. Jalaran kawontenan ingkang ngrekaos
makaten punika, Rasul Paulus kintun serat ingkang
werdinipun neguhaken saha ngiyataken pasamuwan
Tsalonika. Piyambakipun ngeneraken pasamuwan ing
Tsalonika supados namung pitados saha ngajeng-ajeng
pitulungan namung saking Sang Kristus. Inggih namung
wonten Sang Kristus, pasamuwan badh kakiyataken saha
kalipur ingkang tundhanipun nampni tentrem-rahayu sajati!

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 61


Dinten punika minangka tiyang sepuh brayat Kristen kaaben-
ajengaken kaliyan pitaknan makaten: Kados pundi anggn
kita mulang anak-anak nalikanipun sami nemahi panandhang
karibedan? Nyuwun swu, wonten satunggaling padatanipun
tiyang sepuh ingkang sajatinipun kirang trep kangg
nggulawenthah anak. Nalika anak dhawah dadosa sukunipun
kesandhung mja, kesandhung sla utawi dhawah lajeng
ndhadug jubin; asring kalampahan tiyang sepuh condhong
nglepataken phak sans. Mja ingkang dipun srengeni! Sla
ingkang dipun lepataken! Jubin ingkang dipun thuthuki
kanthi ngucap: Jubin lk! Sanalika pancn anak badh
kndel, nanging punapa panjenengan pirsa bilih cara
nggulawenthah makaten punika mulang anak langkung
gampil ndakwa phak sans supados dipun lepataken lan
boten paring kalodhangan sinau trumap anak supados
nglampahi gesang kanthi tanggel jawab?

Nalika anak dhawah, kedahipun tiyang sepuh ngekep lan
ngandikani, Wis, ora apa-apa nggr... Sesuk manh sing ati-
ati ya... Pratlan kasebat mesthinipun ndayani anak langkung
ngatos-atos saha mbudidaya tanggel jawab anggnipun
nglampahi gesangipun. Pratlan kasebat nggulawenthah lan
njalari lar kulina nemahi kanglaning gesang minangka
kalodhangan ingkang dipun paringaken Gusti wonten gesang
kita. Sangsaya wuwuh yuswanipun, prayoginipun tiyang sepuh
tansah ngamping-ampingi kanthi ngngetaken bilih nemahi
kanyataning gesang ingkang boten gampil kasebat, kedahipun
boten katindakaken kanthi ngendel-endelaken kakiyatanipun
piyambak, nanging tuhu-yakin bilih Gusti Allah tansah rawuh
wonten ing lampah gesang anak-anakipun. Boten awon, nalika
bapak utawi ibu tindakan, dumadakan jawah, lajeng misuh-
misuh ing ngajengipun anak. Bok menawi boten limrah kita
mrangguli, bapak utawi ibu dumadakan kndel nitih sepdha
motor, ngagem jas hujan lajeng ngucap, Puji Gusti! Nalika
nitih mobil sesarengan kaliyan para lar, kita saged
ngrepkaken kidungan, Jalan Serta Yesus, lelagon ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 62

gampil dipun repkake lan ugi ngngetaken kita supados
tansah lumampah ngajeng-ajeng panunggilipun Gusti Ysus.

Para Sadhrk ingkang kinasih,
prakawis-prakawis ingkang alit sampun kapratlakaken kala
wau dados sarana nggladhi dhiri badh nampni prakawis-
prakawis ageng ingkang badh kaparingaken Gusti kangg
kita minangka Grjanipun. Grja ingkang kawawas minangka
patunggilaning tiyang pitados ing satunggal sisih tegesipun
kempalaning tiyang ingkang mitadosaken gesangipun
dhumateng Gusti. Ing sisih sans, pratlan kasebat ateges
patunggilan ingkang mbabar utawi nedahaken pakaryan
minangka pakempalan ingkang saged dipun pitados
pratingkah gesangipun. Lumantar paseksi saha paladosan
ingkang dipun tindakaken, Grja kedahipun dipun wawas
minangka pakempalaning pribadi-pribadi ingkang pantes
dipun pitados.

Ing wekdal samangk, masyarakat kita nemb nemahi manka
warni prakawis. Rakyat sami lelimbangan magepokan kaliyan
pawarta-pawarta ingkang njalari raos pinitados wiwit luntur
kpara ical. Prajanjinipun para pemimpin bangsa kangg
ngicali tumindak nylingkuhaken arta (korupsi), nyawisi
padamelan saha mbangun kawontenan ingkang jenjem
temahan saged ndhatengaken karaharjan; kasunyatanipun
prakawis kasebat namung kantun prasetya ingkang nglaha.
Tumindak kekerasan sangsaya kathah kalampahan makaten
ugi reregn kabetahaning masyarakat ugi sangsaya nginggil.
Pitaknanipun, Punapa ingkang katindakaken dning Grja
ing satengahing kawontenan masyarakat ingkang makaten
punika?

Para Sadhrk ingkang kinasih,
ingkang nama Grja boten namung manembah Gusti wonten
ing salebeting pangibadah kmawon. Nalika Gusti Ysus
paring wangsulan pitaknanipun tiyang-tiyang Farisi
magepokan pranatan ingkang utami, Gusti Ysus

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 63

nandhesaken anggnipun umatipun Gusti kedah
nyumndhkaken gesang namung dhumateng
Panjenenganipun kmawon, boten dhateng panguwaos-
panguwaos sansipun! Sans dhateng kakiyataning
manungsa, sans dhateng arta! Namung dhateng Gusti! Awit
saking punika, nalika bangsa punika wonten ing satengahing
kawontenan ingkang awrat, punika ateges bilih Grja ugi
tinimbalan ngundangaken pamratobat tumrap bangsa punika
temahan boten nindakaken kaculikan, boten ngumbar sikep
nggatosaken kapentingan piyambak lan sapiturutipun. Bangsa
punika nyinau kanthi sikep-sikep gesang ingkang dipun
karsakaken dning Gusti: jujur, tanggel jawab, boten ngebrh
lan sapanunggilipun.

Temtu kmawon mimbar Grja punika boten rowa lan winates
kangg mbereg saha ngundangaken pamratobat lan
pangajeng-ajeng tumrap jagad punika. Tumrap Bapak, Ibu,
Sadhrk ingkang ngasta wonten kantor, mangga
panjenengan babaraken sikep gesang ingkang dipun
kersakaken dning Gusti! Babarna sikep minangka abdi-
abdinipun Gusti Allah ingkang mapanaken Gusti langkung
utami katimbang samukawis, kalebet ing panyambut damel
Panjenengan! Dhumateng Bapak lan Ibu minangka tiyang
sepuh, sageda Panjenengan paring tuladha sa dhateng para
lar inggih punika kanthi wekel nyambut damel lan
mbudidaya ngudi sikep gesang satraju kaliyan karsanipun
Gusti. Sami mulanga bab sikep gesang ingkang jujur, tanggel
jawab makaten ugi sikep gemi satiti! Sami mijkna wekdal
murih saged asring pinanggih kaliyan smah, anak-anak
makaten ugi kosok wangsulipun temahan jagad punika saged
njingglengi bilih brayat Panjenengan boten dipun kuwaosi
dning gadget utawi smartphone. Mangga kita sami ngudi
supados lumantar gesang kita jagad saged ningali bilih Gusti
ingkang jumeneng pemimpin lan panutan tumrap brayat kita!
Kanthi makaten, brayat kita minangka Grjanipun Gusti saged
ndhatengaken pangajeng-ajeng tumrap brayat sans saha

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 64

mbag karahayon tumrap sesami ing sanjawining Grja.
Amin.
Cathetan:
Bahan punika prayogi dipun oleh malih dning
pengkotbah supados Katrangan Waosan punapa dn
Isining Kotbah saged katampi kanthi gamblang dning
warganing pasamuwan saha cundhuk kaliyan
kawontenan pasamuwan-pasamuwan.
Ingkang ngagem bahan punika dipun paringi wewengan
anggnipun badh ngagem conto-conto makaten ugi cak-
cakaning pangandika manut kawontenaning
pasamuwan-pasamuwan.


[SSG]
kasan

Bausastra Jawi:
- Jen: kuning, emas
- Kapilut: digegndng atin supaya sih
- Sawenh: ing sawatara, ana liyan
- Pepes: ilang kakuwatan, ilang dayan
- Jejer: sing dadi pokok, baku [uga sinebut subjek]
- Lsan: apa-apa sing diels, dituju [uga sinebut objek]

You might also like