Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 146

PADUDON
PUNAPA
BEDHAMN?



1. Wekdal Ening

2. Kidung Pamuji:
KPK BMGJ 24: 1-3 Panggunggung Konjuk Mring
Gusti
Swawi prakanca kang sami pracaya
Dn sora sora angalembana
mring Gusti kita kang Maha wilasa.

Sihing Pangran mring kita pra umat,
tanpa wilangan wah tanpa kendhat,
yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.

Kita tyang dosa nging Allah ngaksama,
krana Kang Putra sinalib sda,
wit sihing Gusti kita dados suci.

WULAN BRAYAT
BAHAN 4
Pujian
KPK BMGJ
24: 1- 3
KPK BMGJ
174: 1-3
KPK BMGJ 84: 1,2,4

Waosan
Lukas 12:49-53




LPP Sinode Wulan Brayat 2014 147

3. Pandonga Pambuka
(Atur panuwun awit pangreksanipun Gusti, nyuwun
berkah tumrap pakempalan lan wedharing pangandika
ingkang badh katampi)

4. Pamaosing Kitab Suci: Lukas 12:49-53
(Saged kawaos gantosan)

5. Wedharing Pangandika
PADUDON PUNAPA BEDHAMN?
Kadospundi tanggapan kita nalika mirengaken pamaosing
Kitab Suci wau? Mbok menawi kita kagt lan pratela, Kok
Gusti ngendika kang mangkono kuwi? Rak Panjenengan
iku Ratuning Katentreman kaya kang asring kita prungu
saka khotbah lan Kitab Suci? Rak inggih ing Injil Lukas
piyambak mirungga Lukas 1:79; 2:14; 19:38
ngendikakaken rawuhipun Gusti Ysus ing donya kanthi
katentreman?
Pangandikanipun Gusti Ysus wau boten prelu
ndadosaken kita bingung. Pangandika wau bilih
Panjenenganipun rawuh boten kanthi katentreman
ananging nuwuhaken crah (ayat 51), boten lajeng mengku
karsa bilih Panjenenganipun badh ngersakaken
wontenipun crah lan memengsahan. Ingkang dipun
kersakaken dning Gusti inggih punika bilih rawuhipun
ing donya badh nukulaken tanggapan ingkang bda-bda
saking manungsa. Wonten ingkang nampni lan wonten
ingkang nampik. Sadaya wau saged nukulaken
cecongkrahan ing antawising manungsa, punapa malih ing
kabudayan Yahudi wekdal samanten.
Ing kawontenaning gesang masyarakat Yahudi, agami


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 148

Yahudi punika agamining brayat. Para ingkang ngrasuk
agami Yahudi, ngibadah miturut patunggilaning brayat,
boten miyambakan. Dados, menawi wonten tiyang
ingkang satata pribadi pitados lan ndhrk Gusti Ysus,
punika dados prakawis ingkang ageng tumrap brayatipun.
Piyambakipun saged dipun sbrataken, malah dipun bucal
saking wewengkoning brayat. Kawontenan ingkang
makaten temtunipun boten gampil tumrap tiyang ingkang
sampun pindhah agami, makaten ugi tumraping
brayatipun. Sesambetan ingkang suwaunipun celak
kaliyan tiyang sepuh, sanak sadhrk dados kapisah.
Sesambetan ingkang kedahipun sa kaliyan marasepuh,
dados risak jalaran bda agami. Ing prakawis-prakawis
mirunggan, ingkang kalampahan boten namung padudon
lan pepisahan, nanging ngantos dumugi memengsahan
Kahanan ingkang makaten punika inggih kita panggihi ing
masyarakat kita, kalebet ing brayat Kristen. Tiyang sepuh
ngantos tga medhot sesambetan kaliyan anak karana
pindhah agami. Wonten tiyang sepuh ingkang pratla,
luwih becik klangan anak, katimbang kudu nampa anak
sing pindhah agama. Tiyang Jawi badh mratlakaken,
Ilang-ilangan endhog siji ora dadi apa. Malah wonten ugi
ingkang babar pisan boten purun aruh-aruh dhateng
anakipun. Utawi purun nampi anakipun nanging boten
nampi mantunipun. Kahanan ingkang makaten punika
temtu sanget mrihatosaken, punapa malih menawi
prakawis kasebat kalampahan ing brayat Kristen.

Ing wulan brayat punika, kita kaajak ngraosaken malih
timbalaning brayat kita piyambak-piyambak. Sapinten
panampi lan pangretosan kita ing bab Gusti Ysus,
ingkang bok menawi sampun damel brayat kita kapisah.
Warganing brayat ingkang pindhah agami utawi pindhah


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 149

aliran gereja, satemah nuwuhaken kawontenan ingkang
sejatosipun boten kita kajengaken. Ing sadaya kawonten
wau, kita pancn boten saged mndel lan tumut
ngraosaken manahipun tiyang sepuh utawi sadhrk
ingkang warganing brayatipun pindhah agami utawi
gadhah kapitadosan Kristen tertamtu. Raos duka, kuciwa
jalaran sampun nggulawenthah sadanguning gesang,
kepara sakiting manah saged campur wonten ing
piyambakipun, kalebet ugi raos boten saged nampni
prabda wau. Nalika raos manah ingkang makaten boten
dipun kendhalni kanthi prayogi, pramila badh njalari
tuwuhipun tetembungan lan patrap ingkang badh natoni
raosing manahipun tiyang sans. Gesanging brayat lajeng
boten nengsemaken, katentreman ical musna. Samidn
nenatoni kepara memengsahan dados pungkasaning
prakawis punika.

Ing wulan brayat punika, kita kaajak kangg nata malih
gesanging brayat kita. Agami, kapitadosan, malah
cakriking panembah saged kmawon bda, ananging
brayat tetepa dados brayat. Sadaya prabda wau sampun
ngantos ngrisak gesanging brayat kita. Manungsa boten
prelu kuwatos tumrap pilihanipun sesami. Gusti tansah
ngaruhaken dhateng sadaya anaking manungsa miturut
sih rahmatipun. Ingkang saged kita tindakaken namung
dongakaken ingkang sami bda wau, nyuwunaken sih
rahmat lan katresnan saking Gusti. Nindakaken sadaya
punika temtu boten gampil. Wekdal punika kita kaajak
ningali punapa ingkang Gusti Ysus ngendikakaken ing
ayat 49. Ing ngriku kapangandikakaken, Teka-Ku iki
nibakak geni ing bumi lan apa kang Dakkarepak,
manawa wis murub? Latu ing ngriki mralambangaken
Roh Suci. Roh Suci ingkang damel makantar-kantaripun


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 150

dayanipun para tiyang pitados ingkang kangg nresnani
lan ndhatengaken bedhamn. Panjenenganipun inggih
mralambangaken panguwaosing Allah kangg damel
murnining manahipun manungsa, njampni manah
ingkang tatu. Latu ingkang ugi nlakaken pepadhang,
ingkang madhangi manah lan pikiran ingkang peteng,
ingkang ngeneraken manungsa dhateng pepadhanging
Gusti.

Sang Kristus sampun mbabaraken bilih latu punika
sampun kadhawahaken dhateng ing bumi! Wonten
pakiyataning Roh Suci ingkang ngdab-dabi, ingkang
kawasa mitulungi manungsa gesang salebeting bedhamn,
samidn nresnani lan ngurmati sanadyan bda-bda. Roh
Suci kersanipun makarya ing gesang kita kanthi mardika
kanthi panguwaosipun. Ingkang saged kita tindakaken
namung ndongakaken demi kasananing sesarengan lan
nindakaken katresnan kados ingkang dipun dhawuhaken
dning Gusti Ysus.

Lumantar pangraos ing pangandika punika, kita kaatag
supados nampni lan nresnani warganing brayat kita
ingkang bda agami lan kapitadosan. Kita inggih dipun
atag ngrangkul piyambakipun ingkang bok menawi dipun
sbrataken saking brayatipun karana bda agami utawi
bda kapitadosan.

Kejawi punika kita inggih dipun atag supados tetep
waspada dhateng daya kamajenganing tknologi ingkang
wonten, lan wicaksana ing panganggnipun. Lumantar
kemajenganing tknologi informasi, kita saged mireng lan
maos pamanggih-pamanggih ingkang kaken (radikal)
ingkang damel kita samidn boten ngurmati lan malah


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 151

pinisah. Kathah ing jagading internt ingkang sangsaya
adamel tajem prabda ingkang ngener dhateng risaking
katentreman. Lumantar televisi, radio utawi internt
satunggaling lelampahan (punapa kmawon
lelampahanipun kalebet SARA Suku Agama Ras Antar
Golongan) gampil sanget nyebar lan kapireng dning
masyarakat. manipun, pawartos-pawartos ingkang kados
makaten asring sampun dipun bumboni bab-bab ingkang
boten prayogi, ingkang saged ngrisak katentreman lan
damel prabda ingkang tajem. Aben-ajeng kaliyan sadaya
wau, sumangga kita njingglengi kanthi mripat, manah lan
pikiran kita dhateng bab-bab ingkang ndhatengaken
bedhamn lan katentreman ing gesang kita. Kanthi
kemajengan tknologi ingkang wonten, sumangga kita
milah pundi ingkang prayogi ingkang kita pireng utawi
kita waos. Dn ngatos-atos dhateng pamblithuk ingkang
damel kita damel tmbok antawising kita lan sesami tuwin
sesengitan dhateng sesami. Mugi kita kasagedaken kanthi
Roh Suci kangg mbabar gesanging brayat lan sesarengan
kaliyan asans wonten ing bedhamn. Amin.

6. Kidung Tanggapan
KPK BMGJ 174: 1, 2 NULADA SANG PAMARTA

Dipadha sarujuk tunggal tresna
tunggal budi lan tunggal sedya
wah samya andhap asor ing lampah
nulada mring Sang Kristus tansah.
Reff :
Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri
wah dadya abdi sinalib sda yku babaring tresna sanyata.

Ram ing gaw ing pamrih sepi
tan mung mikir badan pribadi


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 152

nging migatosna ing liyan ugi
nulada mring Sang Kristus Gusti
Reff :
Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri
wah dadya abdi sinalib sda yku babaring tresna sanyata.

Remen ngalah wit luhur ing budi
nobatken srana tresna yekti
kang dn arah mung krahajan nyata
nulad tindak Sang Pamarta
Reff :
Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri
wah dadya abdi sinalib sda yku babaring tresna sanyata.

7. Pandonga Syafaat lan Panutup
Menawi kelompokipun alit utawi brayat, warga
kasuwun sami ndongakaken satunggal dhateng
satunggalipun, saged gandhngan asta.
Salah satunggaling pokok pandonga supados Gusti
nyarasaken kanepson, kuciwa lan tatuning manah,
ingkang bok menawi nemb dipunraosaken dning
sadhrk kita ingkang pindhah agami utawi aliran, lan
nyagedaken piyambakipun tetep saged nresnani. Lan
nyuwun supados Gusti mangsulaken gesanging brayat-
brayat Kristen saking sadaya cecongkrahan. Makaten
ugi pulihing brayat-brayat ing sakiwa-tengen kita.

8. Kidung Panutup

KPK BMGJ 84:1,2,4 Tekading Manah Kula

Tekading manah kawula tansah ndhrk mring Gusti
yku Panutan sanyata nggih Panebus sejati.
Reff :


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 153

Margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

Kula mesthi ndhrk Gusti ngantos slami-laminya
nggih martosken Injil suci margining tyang waluya
Reff :
margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

Sanadyan rumpil marginya nging Gusti tansah nganthi
nadyan ribed lan sangsara datan semplah ing ati
Reff :
margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

9. Sesalaman


[MH/TK]

You might also like