Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 154

DISORGANISASI
BRAYAT
KRISTEN


1. Wekdal Ening

2. Pandonga Pambuka

3. Kidung Pambuka

KPK BMGJ 26: 1, 3 Puji Lan Panuwun
Sumangga prakanca marek ngarsaning Gusti
anggunggung asmanya wit sih kang sejati
d krana Kang Putra kita tansah begja
siyang dalah ratri Gusti kang ngrimati

Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,
kawula anggunggung kanthi sruning pangidung,
Allah ingkang murba pra titah sadaya,
mung Allah pribadya langgng salaminya.

4. Pamaosing Kitab Suci: fsus 4:7-16; Masmur 122:1-5;
Lukas 13:1-9
WULAN BRAYAT
BAHAN 5
Pujian
KPK BMGJ 26:1, 2
KPK BMGJ 78: 1, 2

Waosan
fsus 4:7-16
Masmur 122:1-5
Lukas 13:1-9





LPP Sinode Wulan Brayat 2014 155

5. Wedharing Pangandika

Brayat Kristen ing Jaman Globalisasi
[fsus 4:7-16; Masmur 122:1-5; Lukas 13:1-9]

Para winasis ing jagad pawiyatan gadhah pamanggih bilih
brayat punika satunggaling papan panggulawenthah
ingkang baken lan utami. Pratla punika mengku teges
bilih ing wewengkoning brayat ingkang nengsemaken
(harmonis) badh mahanani kabanguning kapribadn
ingkang wetah. Kosokwangsulipun, brayat ingkang boten
nengsemaken badh ngadhepi sawetawis kanglan,
utaminipun ing babagan ngrembakaken sesambetan
antawising warga brayat ingkang wonten. Gesanging brayat
ingkang boten harmonis, langkung asring kawarna dning
regejegan ing antawising warga brayat, temah thukul
swasana ingkang kaken. Ing jagading sosiologi, kahanan
ingkang makaten sinebat kanthi tembung disorganisasi
brayat.

Disorganisasi brayat punika satunggaling kawontenaning
brayat ingkang boten selaras utawi boten nengsemaken,
ingkang dipun sebabaken karana boten mlampahipun
kuwajiban saking sadaya warganing brayat tumrap tanggl
jawabipun piyambak-piyambak. Ing prakawis punika,
William J. Goode mbdakaken warni-warnining brayat
ingkang boten nengsemaken ing warni sekawan (4):

1. Disorganisasi brayat ingkang dipun sebabaken dning
sesambetan ingkang kawangun boten kadhasaraken ing
sesambetan neningkahan ingkang sah.
2. Disorganisasi brayat karana saking pepisahan utawi
pegatan.
3. Disorganisasi brayat ingkang dipun sebabaken dning
kapundhutipun salah satunggaling warganing brayat.
4. Disorganisasi brayat ingkang dipun sebabaken saking
perangan saking lebet brayat piyambak, kados ta


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 156

wontenipun brayat ingkang sakit kajiwan, patrap
ingkang nyimpang lan sapiturutipun.

Menawi kita semak patrap gesanging brayat ing jaman
samangk, sayektinipun warni-warnining brayat boten
namun 4 kados ing nginggil. Dayaning modrnisasi ing
bidang IPTEK (Ilmu Pengetahuan lan Tknologi) ing jaman
sapunika, inggih nempuh dhateng brayat satemah boten
harmonis. Menawi brayat lepat anggnipun migunakaken
internt, handphone, lsp., punika saged dadosaken brayat
dados ambyar. Kathah prakawis ingkang kalampahan ing
jaman samangk. Tetangsuling brayat saged udhar menawi
tiyang ngginakaken media sosial (facebook, lsp.) kangg
selingkuh. Punapa dn game (dolanan) ing internet
ingkang nawkaken kathahing pilihan tumrap para lar.
Kathah game ingkang dipun remeni para lar ingkang
asipat kekerasan, ingkang saged mangun kapribadn
ingkang nyimpang.

Ing sisih sans, maneka warni cara katindakaken dning
perusahaan ingkang leladi ing bidang tknologi kangg
ngrembakakaken tknologinipun pirantos-pirantos ingkang
dipun damel. Punika dadosaken manungsa gampil
ngginakaken internet kanthi cara ingkang cepet. Minangka
conto inggih punika satunggaling perusahaan (pabrik)
multimedia (sarana ubarampe sesambetan) lan ugi
operator telekomunikasi ingkang nami Biznet Networks.
Pabrik punika budidaya kados pundi supados kathah tiyang
sami kesengsem dhateng produksinipun lajeng sami
tumbas. Dn sasaran ingkang katengenaken inggih punika
para neneman lan brayat. Para lar samangk sampun


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 157

kulina gesangipun kawarna sarana wohing piranti internt.
Supados laris sadyanipun, pabrik punika lajeng ngupadi
lan njangkepi produksinipun kanthi tknologi ingkang
langkung inggil, inggih punika jejaring fiber optik kualitas
premium ingkang njalari lar-lar gampil lelangen ing
jagad maya.

Jaman globalisasi punika jaman nalika manungsa rumaos
manggihaken dhirinipun minangka kekiyatan ingkang
saged ngrampungaken prakawising gesang. Manungsa
rumaos minangka titah ingkang ngdab-dabi (hbat),
ingkang rumaos saged mardika saking Gusti Allah lan
alam. Manungsa pitados bilih donya punika jembar lan
saged dipun ranggh mawi manka warni sarana.
Minangka wohing modernisasi, manungsa rumaos sami
badh saged nguwalaken dhiri saking kekancinganipun
kaliyan Gusti lan salajengipun ndhapuk tata gesang
ingkang underanipun namung tumuju dhateng manungsa.
Manungsa dados bendara tumrap nasibipun piyambak,
ingkang tundhanipun lajeng dadosaken manungsa ngalami
kapedhotan sesambetan kaliyan paugeran-paugeraning tata
panembah.

Kamajenganing nglmu lan tknologi pancen saged adamel
manungsa kesupn bilih piyambakipun makluk ingkang
manembah, satemah piyambakipun tebih saking
gesangipun piyambak punapadn kaliyan Gustinipun.
Punika ingkang sinebat kosonging gesang rohani. Punika
wau kalampahan karana cakriking gesang ingkang sarwa
nengenaken ing barang dedamelaning jaman modern (ing
mangsa globalisasi) ingkang njalari manungsa kanglan
manggihaken dhiri pribadi lan maknaning gesangipun
ingkang langkung lebet.

Raos bludaking kabingahan jaman globalisasi kedah


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 158

tinanggapan dning brayat Kristen kanthi tanggapan
ingkang cepet. Menawi boten, bab punika badh dados
awon ing mangsa-mangsa candhakipun. Kamardikaning
manung-sa badh nelakaken punapa kemawon ingkang
dipun darbni dning manungsa sampun kasebar ing
jaman global punika.

Pramila kita minangka brayat Kristen ingkang ngugemi
kapitadosan, kinanthnana ing kawicaksanan salebeting
nampni media. Inggih punika ingkang nama tugas brayat
Kristen kangg memulang lan nuntun brayatipun, satemah
lumantar piranti-piranti wau, sami pikantuk sarana kangg
manggihaken jati dhirinipun minangka umat manungsa.
Kejawi punika, tugas sansipun inggih punika ngginakaken
piranti-piranti wau kanthi raos kamanungsan lan sipating
kekristenan, satemah samudayanipun saged kaginakaken
kangg mangun gesang ingkang langkung sa.

Brayat saged ngginakaken piranti punapa kmawon
ingkang tuwuh ngrembaka ing jaman punika kanthi
prayogi lan tanggel jawab, jumbuh kaliyan piwulang
kristen. Lumantar sikep ingkang makaten, saged
nyingkiraken lan nanggulangi benthting brayat, ing
tengahing tiyang sami kasengsem dning digital. Malah
kosok wangsulipun brayat saged ngginakaken
kamajenganing jaman minangka sarana pawartos ingkang
ndhatengaken kandahaning bebrayatan.

Salajengipun, sarana sesambetan (media komunikasi) ugi
saged dipun ginakakaken kangg nyebar kautaman teologi:
iman, pangajeng-ajeng lan katresnan tumraping brayat
Kristen, supados iman, pangajeng-ajeng lan katresnan
sangsaya tuwuh ngrembaka laras kaliyan punapa ingkang
dipun kersakaken Gusti. Kejawi punika, sarana sesambetan
(HP, lsp.) saged kangg ngraketaken pasadhrkan, adamel
indhaking kawigatosan, nyuwantenaken kaadilan, lan


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 159

bedhamn ing donya punika. Bakenipun, brayat kaatag
sageda ngginakaken jagading sesambetanipun manungsa
kangg suka paseksi lan mbabar pakaryan ingkang utami
minangka brayat Kristen.

Kangg kalampahaning timbalan kasebat, dipun betahaken
paladosaning pasamuwan. Umpaminipun, kadospundi
martosakaen pangandikanipun Gusti lan leladi dhateng
tiyang jaman samangk kanthi ngginakaken sumber-
sumber audiovisual (foto, video, gambar animasi, blog,
wbsite, lsp).

Grja katimbalan ngamping-ampingi brayat-brayat
anggotanipun, yasa wadhah kangg ndiwasakaken umat.
Tegesipun, grja nyawisaken, ngeneraken, nggulawenthah,
ngolah lan saged nggarap piranti ingkang elok kalawau.
Kanthi mekaten brayat boten gampil dipun ontang-
antingaken dning wah-wahaning jaman, tuwin boten
klntu anggnipun migunakaken piranti tknologi. Sampun
kesupn bilih pasamuwan tansah prelu nyangoni brayat
bab pangretosaning Kitab Suci, tuwin panyuraosipun.
Punika badh ndiwasakaken iman lan ngener dhateng
gesang ingkang punjeranipun namung Sang Kristus. Ilah
jaman lan paham-paham ingkang wonten ing jaman punika
sampun momot kajuligan lan badh nglorop dhateng
brayat Kristen. Namung sarana kenceng anggnipun
nyepengi ing kayektn lan katresnaning Sang Kristus, kita
kawilujenga-ken saking bebaya jaman samangk (Efesus 4:
7-16).

Damel kandel kapitadosan lan tansah mulangaken
kautamaning gesang rohani ingkang punjeranipun dhateng
Sang Kristus badh nuwuhaken pangajeng-ajeng tumuju
gesang ingkang prayogi. Kita taksih kacawisaken wewengan
kangg mranata brayat kita supados kasagedaken malih
ngadeg jejeg ing tengahing jaman punika. Ing bab punika,


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 160

boten namung dipun betahaken piwulang-piwulang,
nanging ugi pangraos lan laku karohann ingkang kababar
ing pandamel nyata ing padintenan (Masmur 122: 1-5).

Nalika tuwuh raos kepngin ndandosi kawontenan ing
sakiwa-tengen kita, ingkang sampun kadayan dning
budaya global, kita kedah nindakaken sakedhik mbaka
sakedhik tumuju ing gesang ingkang kapulihaken. Bab
mulihaken punika sans bab ingkang gampil sinami kados
nglumahaken hasta. Dipun betahaken pambudidaya
ingkang ajeg lumantar suwanten lan sinarengan ing patrap
ing pandamel ingkang ketingal. Paladosanipun brayat
sanget dipun ajeng-ajeng mendhet panduman, satemah
ndahing bebrayatan saged karaosaken ing tengahing
masyarakat ing jaman punika (Lukas 13: 1-9).

Pungkasanipun, brayat Kristen kaatag supados saged
miwiti satemah ing tatananing gesang tansah saged
ngginakaken kamajenganing IPTEK satata titis
angginakaken lan titis paedahipun. Amin.

5. Pandonga Panutup
6. Kidung Panutup

KPK BMGJ 78: 1,2 TINIMBALAN DNING GUSTI

Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula,
dados rowang mitra, wah utusan Paduka,
ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning Allah sadonya sumrambah.

Mugi Sang Roh Suci nggih tansah mitulungi,
mrih kula sembada leladi kanthi setya,
lan tekading manah datan nat semplah,
telatos, taberi wah ing pamrih sepi.


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 161

[FS/TK]

You might also like