Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

KHUTBAH IDUL ADHA

Keteladanan lan keteguhan Nabiyulloh Ibrohim AS




Wonten enjing ingkang kebak berkah lan rohmat meniko, kito kempal keranten badhe jumenengaken sholat Idul Adha. Nembe mawon kito
ruku; lan sujud minongko wujud raos taat kito dateng Alloh SWT. Kito agungaken asma Alloh, kito kumandangaken takbir lan tahmid wonten
ing musholla-musholla lan masjid-masjid. Takbir ingkang kito ucapaken boten namung obahe lambe tanpo arti, ananing minongko
pengakuan ing dalem manah ingkang saget gumeteraken dateng manahipun tiyang ingkang sami iman dateng Alloh SWT. Alloh Moho
Besar, Alloh Moho Agung, boten wonten ingkang patut dipun sembah sak lintunipun Alloh.
Pramilo lewat mimbar meniko kawulo ngajak dateng diri kulo pribadi lan ugi dumateng hadirin sedoyo; monggo kito taat dateng ngarso
dalem Alloh ingkang Moho Agung, kito bucal tebih-tebih raos gumedhe lan sombong ingkang saget nebihaken kito saking rohmatipun Alloh
SWT.
Nopo mawon jabatan kito, menawi dipun bandingaken kaliyan Alloh SWT kito meniko alit tur sanget, senahoso kito meniko gagah prakoso,
sak yektosipun kito meniko apes lan ringkih menawi dipun bandingaken kalian Alloh Kang moho kuat. Menawi kito meniko tiyang ingkang
berkuasa, gadah jabatan inggil, gadah pengaruh ageng, ananging menawi dipun bandingaken dateng Alloh Ingkang Moho Kuwahos kito
meniko boten saget menopo-nopo.
Hadirini jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah
Idul Adha ingkang rayaaken saben tanggal sedoso Dzul Hijjah meniko ugi dipun kenal kanti sebutan Hari Raya Haji, sebab kaum muslimin
ingkang nindaaken ibadah haji nembe nglampahi rukun haji iangkang utami, inggih menko wukuf wonteng Arofah. Sedoyo jamaah haji
ngagem pakaian ihrom ingkang sarwo pethak lan boten jahitan, ingkang disebat pakaian ihrom. Meniko nglambangaken bilih kaum muslimin
meniko sami akidahipun lan anggadhahi derajat ingkang sami, boten saget dibentenaken, sedoyo ngrumahosi sami derajatipun, sami-sami
ngeparek dateng Alloh ingkang moho kuaos, kanthi sareng-sareng mahos talbiyah:


Kejawi dipun wastani riyadin haji ugi disebat idul qurban riyadin kurban. Keranten Idul adha meniko setungaling riyadin ingkang kangge
mangertosi artos berkurban. Arti kurban inggih meniko kito paring peparingan minongko raos remen dan tresno dateng tiyang sanes sesami
tiyang muslim, senahoso kito piyambak kedah sengsoro. Tiyang sanes wau saget putranipun piyambak, tiyang sepahipun, keluarginipun lan
sedoyo tiyang Islam sebangsa setanah air. Wonten malih pengorbanan ingkang dipun tujuaken dateng agami ingkang ateges kagem Allah
SWT, lan menikolah pengorbanan ingkang inggil derajatipun. Kados ingkang sampun dipun tuladhaaken dening Kanjeng Nabi Ibrahim as.
Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah SWT
Enjing meniko sedoyo umat Islam sak ngalam donya sami ngagungaken asmanipun Allah, sedoyo sami ngetingalaken kebahagiaanipun,
jaler, estri, sepuh enem sedoyo medal saking dalemipun saperlu badhe jumenengaken sholat Idul Adha, utawi Idul Qurban. Kawontenan
meniko ngemutaken dateng kito sedoyo, bilih kito supados nulodho perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim alaihis salam ingkang sampun
dipun serat wonten Al-Quran. Sejarah Rasul ingkang jejuluk kekasih Allah (Kholilulloh) meniko diserat ndamel tinta emas wonten buku-buku
sejarah. Sikap tabah lan teguhipun ing dalem nglampahi perintah Allah, andadosaken Nabi Ibrohim dados panutan umat sepanjang zaman.
Dawuhipun Alloh wonten Al-Quran
Bt\. u#-!vet )e/|toeO, e) T,Zut &(uuo 9o3'N| .PtM( o(
Sak temene wis ono suri tauladan kang apik kanggo sliramu ing dalem pribadine Ibrohim lan wong-wong kang bareng-bareng melu Ibrohim
(Q.S. Al-Mumtahanah: 04)
Wonten ini ayat lintu ugi dipun sebataken bilih Nabi Ibrohim meniko dados sebutan apik utowo dados kembang lambe nganti akhir zaman.
V_ #-u,ct e t=v.e u?ot..+o-
Ingsun abadiaken kanggene Ibrohim (sebutan kang apik) ing kalangane wong-wong kang keri (Q.S. Ash-Shoffat: 108)
Ing dalem kalih ayat meniko, cetho sanget bilih sak yektosipun Gusti Alloh sanget mulyaaken dateng Nabi Ibrohim, sahinggo Nabi Ibrohim
lah ingkang dipun juluki bapake poro Nabi, ugi bapakipun ummatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Wonten nopo kok Gusti Alloh ngantos semanten agenge anggenipun mulyaaken kanjeng Nabi Ibrohim ? Nopo keranten bondo?, keturunan
? kekuatan? Utawi keperkasaan ?. Boten niku. Nabi Ibrohim dipun kenang ngantos akhir zaman keranten keteguhanipun nggondheli
amanah Alloh lan keikhlasanipun ngorbanaken sedoyo nopo kemawon demi Alloh SWT.
Hadirin Rohimakululloh
Ing dalem sejarahipun, Kanjeng Nabi Ibrohim alaihis salam meniko piyantun ingkang sukses ing dalem nglampahi titahipun dados
menungso. Sukses dakwahipun senahoso kawontenanipun nembe susah, sukses anjagi amanah naliko sampun badhe ngrahosaken
hasilipun dakwah.
Nabi Ibrohim naliko dakwah manggihi rintangan lan cobaan ingkang amrat. Panjenenganipun ngadepi mengsah ingkat kiat, inggih meniko
penguwaos ingkang dholim. Panjenenganipun kedah nglampahi hukuman ingkang boten enteng lan boten mungkin saget slamet menawi
boten pikantuk izinipun Allah SWT.
Setia anjagi garwanipun ingkang nembe ngandut putranipun. Ngrencangi garwanipun ngantos dumugi daerah ingkang tebih sanget. Sedoyo
meniko keranten naderek dhawuhipun gusti Alloh SWT, senahoso mekaten panjenenganipun Nabi Ibrahim taksih tetep dakwah ngajak
ummat manusngso supados tetep wonten margi ingkang leres inkang dipun ridloni Alloh SWT.
Hadiri Rahimakumulloh..
Cobaan kados mekaten meniko dereng sepinten ageng menggahipun kanjeng Nabi Ibrohim. Sebab cobaan ingkang langkung amrat inggih
meniko naliko nglampahi perintahipun Alloh kedah ngorbanaken putranipun ingkang paling dipun sayangi, inggih meniko Ismail. Ismail kedah
dipun dadosaken korban kagem Alloh kanthi dipun sembelih. Kerelaan lan keikhlasan Nabi Ibrohim mbelih putranipun menikolah ingkang
terus kito peringati ngantos sak mangke ing dalem wulan Idul Adha.
Hadirin, jamaah ingkang dipun rahmati Alloh.
Wonten ing zaman sak meniko, pengorbanan Nabi Ibrohom kasebat kedah tetep kito apresiasi aken, kito wujudaken, sahe ing dalem bentuk
ubudiyah mahdoh kanthi nglampahi ibadah haji kagem ingkang sampun mampu, lan nyembelih hewan kurban kagem tiyang ingkang
kagungan kecukupan bondo kagem kurban. Kejawi meniko kito ugi tetep kedah terus menerus menginterprestasikan kisah keteguhan,
ketaatan lan ketabahan Nabi Ibrohim kasebat wonten pagesangan kito.
Ketabahan Nabi Ibrohim ngorbanaken putranipun saget kito wujudaken wonten kerelaan kito ambagi kasenengan kalian tetanggi, lingkungan
lan sederek-sederek umat Islam lintunipun. Kados sederek kito ingkang nembe nglampahi ibadah haji ugi sami ngelaksanaaken nyembelih
hewan kurban.
Kanthi keterangan meniko sampun cetho bilih sayariatipun Alloh ingkan sampun kalampahaken awit zaman Nabi Ibrohim meniko
anggadhahi manfaat ingkang kathah sanget kagem umat Islam. Manfaat segi ekonomi, sosial utawi kebudayaan. Tiyang Islang ingkang
nglampahi ibadah haji wonten Makkah campur bawur kalian umat Islam sak dunyo malah campur kalian umat non muslim.
Kagem kito ingkang dereng dipun panggil Alloh nindakaken ibadah haji wonten tanah suci Makkah wonten tahun meniko, ugi gadhah tugas
ndugeaken pesan pasedherekan lan persatuan, yakni kanthi mbagi kasenengan lan kebahagiaan dateng tiang-tiang ingkang
kawontenanipun taksih gesang kanthi sarwo kekirangan, yakni kanthi mbagi dagingv kurban.Gusti Alloh ngendikan wonten ing Al-Quran
yang artinya : (untuk teks al-Qurannya tolong dibuka sendiri dari Al-Quran)
Daging-daging unta dan darahnya itu sekali-kali tidak dapat mencapai (keridhaan) Allah, tetapi ketakwaan dari kamulah yang dapat
mencapainya. Demikianlah Allah Telah menundukkannya untuk kamu supaya kamu mengagungkan Allah terhadap hidayah-Nya kepada
kamu. dan berilah kabar gembira kepada orang-orang yang berbuat baik. (Q.S. Al-Hajj : 37)
Pesen ingkang saget kito pahami saking ayat meniko inggih meniko, kito supados langkung aktif lan giat ugi tanggung jawab ndadosaken
lingkungan kito dados lingkungan ingkang ngremenaken, lingkungan ketingal pasedherekanipun sarto gesang kanthi kasih sayang dateng
sesami.
Kecintaan lan ketaatan meniko kalih perkawis ingkang boten saget dipun pisah. Imam Al-baidlowi ngendiko Cinta, inggih meniko
kepinginan nglampahi taat. Lajeng Syekh Az-Zujaj ugi ngendiko : Cinto manungso dateng Alloh lan rosulipun inggih meniko manut lan
nderek dateng perintah-perintahipun Allah lan ridlo dateng sedoyo perintahipun Alloh lan ajaran ingkang dipun asto rosululloh.
Artosipun, kecintaan lan ketaatan dateng Alloh boten mungkin dipun wujudaken tanpo pengorbanan. Dados boten wonten cinta tanpo
ketaatan, lan boten wonten taat tanpo pengorbanan.
Menikolah pesan agung ingkang saget kito pendhet saking kisah perintah nyembelih Islamil putranipun Ibrohim alaihis salam.
Pramilo, menawi kito ngakeni cinta Allah lan rosulipun serto nderek ajaran-ajaran Islam, temtu kito boten badhe nyia-nyiaaken kesempatan
ing wulan Idul Adha meniko namun kangge seneng-seneng piyambakan. Sebab Alloh merintahaken dateng kito andum karunia lan
kesyukuran wonten dinten riyadin meniko, kados ingkang sampun dipun contoaken deneng poro Nabi lan poro ulama.
Mugi-mugi wonten ing dinten riyadin ingkang agung meniko kito saget sareng-sareng menikmati karunia Alloh kanthi suka cita lan raos kasih
sayang minongko wujud syukur kito dateng Alloh. Ugi poro tetanggi saget nderek ngraosaken kebahagiaan kito wonten margi ingkang dipun
ridloni deneng Alloh SWT.
Mugi-mugi Alloh paring pangapunten dateng sedoyo dosa lan kesalahan kito ugi maringi sedoyo kasih sayangipun dateng kito sedoyo,
sahinggo sedoyo hajat kito dipun cekapi deneng Alloh, supados kito saget ngabdi lan ngibadah dateng Alloh kanthi langkung sampurno.
Amin allohumma amin.
_ #-9+eO #-9+u|Hu~ #-! 0eT(O
c #-{u/|It o\uu v-Pet )e_ . u#-Y(tt| 9et/ve7 (o,~c _ #-9.3ou|Ot &(:o.+o~ )eP+-!


22 Komentar
Ditulis oleh albaroni pada 25 November 2009 in Kolom

You might also like