Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

TAMPI CALON TEMANTEN KAKUNG ING MALEM MIDODARENI

assalamualaikum wr. wb.


Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu pantes kinurmatan,
mirungganipun panjenenganipun Bapak Basuki ingkang minangka sulih wicara
panjenenganipun Bapak Sulistya Sih rahmat tentrem rahayu mugi tansah cumondhok
jiwangga panjenengan lan kula, waradin sagung dumadi.

Kula ingkang tinuding sulih sarira lan wicara panjenenganipun Bapak Rahmat sarimbit,
keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bapak Sulistya lumantar panjenengan.

Menggah paringipun salam taklim lan takzhim saking panjenenganipun Bapak Sulistya
sampun katampi kanthi asta kalih, lan sak kondur panjenengan ing mangke, mugi
keparenga kaaturaken salam taklim lan takzhim ugi dhumateng panjenenganipun Bapak
Sulistya sekaliyan garwa, kula ikroraken kanthi atur wa'alaikum salam wr.wb.

Dene ing dalu menika panjenengan putra calon temanten kakung nuwun inggih anakmas
Adimas Pratama ingkang sumedya dhaup kaliyan anak kula pun Rajeng Amanda, pramila
andadosaken suka gumbiraning manah, puji syukur alhamdulillah, lan daya-daya badhe
kula puruhita ing ngarsanipun Bapak Rahmat sakulawarga. Dene panjenengan
sapendherek, sumangga nuwun kula dherekaken lelenggahan sesarengan suka parisuka.

Salajengipun, minangka puputing atur, Bapak Rahmat gotrah kulawarga ngrumaosi
jejering titah sawantah ingkang boten saged ndha saking lepat lan kirang, punapa
pambagya ing sarawuh panjenengan, tumanggaping para among tamu, lan langkung-
langkung atur panampi kula ingkang tebih saking sastra, tilar ing subasita, pramila mugi
keparenga hangluberaken agunging pangaksama.
Ing wasana, wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Pambagyaharja
Mahardikeng tyas ring kamardikan, nugraha miwah sih wilasanippun Gusti ingkang
Maha Agung, mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin
sagung dumadi raharja niskala satuhu.
Mligi katur para rawuh ingkang hangrasuk agami islam assalamualaikum wr wb.
Para sesepuh pinisepuh ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentana warga
pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri
ingkang tansah kinasih ing gusti, waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung
putri wreda mudha minulya.
Minangka purwakaning atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng, saha
ngaturaken gunging panuwuningkang tanpa pepindhan tumrap karawuhan panjenengan
sedaya.
Ing salajengipun, mugi kepareng kula angambali atur uninga, bilih wontenipun
pajenengan sedaya karawuhaken wonten ing wismanipun Bapak Rahmat ing ri
kalenggahan punika, wigatos kasuwun pangestu saha kasuwun anjenengi anggenipun
amiwaha putrinipun ingkang asesilih Rajeng Amanda pikantuk putra panenggakipun
Bapak Sulistya sekaliyan saking Godean ingkang akekasih Adimas Pratama.
Lumantar kanthi puja-puji panjenengan sedaya kasebat, mugi-mugi Gusti ingkang
Maha Tunggal aparing nugraha agung dhumateng pengantin kekalih minggahipun ingkang
sami mangun bebesanan. Mugi saged ambabar karahayon. Guyub rukun rerentengan
reruntungan anggenipun sami mangun bebrayan/balewisma enggal widodo nir ing
sambekala. Kadumugen ingkang sinedya, ing satemah mahanani bagya mulya yuwana air
batos, ing donya prapteng dlahan.
Boten kasupen Bapak Rahmat ngaturaken angunging panuwun ingkang tanpa
pepindhan tumrap paringipun dana ingkang maneka warni, ingkang boten saged
kaaturaken satunggal baka satunggal. Pamangku gati sekaliyan boten saged caos
tetimbangan punapa-punapa. Kejawi among tansah nyenyuwun dhumateng gusti ingkang
murbeng titah. Mugi kepareng anglunturaken sih nugraha dumateng panjenengan sedaya,
satraju kaliyan sih kadarman panjenengan.
Ing wasana damar mancung cinupet semanten atur kula hambok bilih wonten muna
muni tandhang graying kitaling subosita kula titah sak wantah nyuwun agunging samudra
pangaksami.



WEDHARING PANGANDIKA PASRAH ING MIDODARENI(Nyantri saha Pasrah
sarana)-
Assalamualaikum wr. wb.
- Nuwun, sanggyaning para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, sumawana
para rawuh kakung sahaputri ingkang dahat kinurmatan,- Langkung rumiyin kula
hangunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang maha Agung, denesampun
kepareng hangayomi lampah kula sakadang, satemah wiwit saking Unggul Pawenang
dumugi ing papanmenika tansah manggih kawilujengan- Salajengipun, mugi kalilanana
kula matur wonten ngarsanipun R. Harjuna sarimbit ingkang tuhu kinurmatan- Kula pun
Setiaki, kairing sagung para kadang pangayab, kautus dening panjenenipun R. Werkduoro
sekaliyan,ingkang lenggah dedalem ing Unggul Pawenang, supados :1. Ngaturaken
kasugengan saha salam taklim , saking R. Werkudoro sekalian mugi katur wonten
ngarsanipun R.Harjuno sarimbit.2. Gayutan kaliyan manunggaling karsa, anggenipun
badhe sami mangun bebesanan lumantar palakraminipun Bgs,Kaca Negoro kalian Rara
Ayu Pregiwo, putra putri panjenenganipun R. Harjuna, pramila ndalu punika kula
kautusnglarabaken sowanipun Calon Pianganten kakugn, ingkang wigati caos palapuran
bilih Calon pinanganten kakungsampun siyaga ing dhiri lan rumanti ing pakarti, badhe
nampi nikahipun Rara Ayu Pregiwa, sakingpenjenenganipun R. Harjuno, ing
dinten benjang-enjang, cundhuk kaliyan wanci ingkanga sampun rinantam.3. Sowan kula
ing dalu menika ugi kautus, hangaturaken uborampe sarat sarana, kinarya netepi tatacara
adat Jawiingkang lumampah. Wondene wujuding uborampe sarat sarana ingkang saged
kula aturaken :a. Awujud Pisang raja setangkep ingkang sinebat pisang sanggan rinengga
sigi sapethet myang sekar sapelik,kinarya tandha yekti R. Werkudara hamasrahaken
sesanggan anggenipun badhe andhaupaken calon pinangantensarimbitb. Maskawin utawi
mahar, awujud Sapengadeg busana Sholat, kinarya sarat sarana abashing akid nikah
samangkec. Busana sapengadeg sha rerenggan saking kencana/ mas-masan, kagem calon
pinanganten putri, kinarya tandhasih katresnanipun Bgs. Kacanegara dhumateng Rara
Pregiwa.d. Sawetasis redana, pinangka sarana hanyengkuyung lumaksaning upacara
wiwahan dhauping pengantin sarimbite. Awujud Dedhaharan , minangka sarana
nyupeketaken manunggaling kekadangan saking brayat Werkudarandalah brayat
Harjunan.Sanadyan sedaya uborampe ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, mboten
sepintena lamun kinerta aji ingarto, namung mugi wontena keparengipun R. Harjuno
sekalian, hanampi kanthi suka lega legawaning penggalih.- Ing wasana, ambok bilih
wonten kiranging trapsila myang subasita sowan kula sakadang , menapa dene
wontenkithal kuciwaning atur kula ingkang mboten damel rena ign penggalih panjenengan
sedaya, keparenga kulanyuwun agunging pangaksami-
Pinangka panutuping atur Wassalamualaikum wr. wb

You might also like