Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Nguri-uri Kabudayan Bangsa ing Museum Bathik Pekalongan

Pekalongan,Museum Bathik
Pekalongan kang alamate ing
Jalan Jetayu nomer 1 Pekalongan
mujudake panggonan kanggo
plesir lan nambah wawasan
ngenan kabudayan Indonesia.
Mbiyene museum bathik iki
minangka bangunan peninggalan
kolonial Walanda kang mujudake
Kantor Keuangan Pabrik Gula
kang dibangun tahun 1906.
Nanging,tanggal 12 Juni 2006
bangunan iki didadeake museum
bathik dening yayasan KAKIN lan
diresmekake langsung Presiden
Susilo Bambang Yudhoyono.
Museum iki luase 3.672 m2
.Koleksine 1.106 kain bathik
saknuswantara saka kain panjang
klambi,sandal,lan payung bathik
kang sebagin koleksine
sumbangan saka relawan pecinta
bathik.Saben patang wulan
sepisan, panataane kain bathik
ing saben pajangan
dipindah,supaya para tamu ora
bosen.

Museum bathik Pekalongan iki


dibagi dadi lima,yaiku ruang
Pamer temporer , ruang pamer
tetep,kedai ,aula lan
perpustakaan. Ruang pamer
temporer iku, ruang kanggo
mamerake koleksine Ibu Ani
Yudhoyono,Ibu Herawati boediono
lan Bapak Susilo Bambang
Yudhoyono kayata bathik motif
lingkungan,komposisi
kontemporer,Tambal Parang
Kondur Baris,Truntum,motif
kembang ,tanduran ,buketan,
Buketan Ayam Alas(SBY) lan
sutra ATBM(Alat Tenun Bukan
Mesin). Diresmekake dening Ibu
ani Yudhoyono tanggal 3 Oktober
2011.
Ruang pamer tetep yaiku rungan
kang mamerake koleksi bathik
saknuswantara,ruang iki dibagi
dadi:Ruang koleksi bathik
Pesisiran,yaiku rungan kang
mamerake bathik-bathik daerah
pesisiran (Kain bathik tulis
Cirebon,Buketan
Pekalongan,Buket
Gringsing,Bathik tulis
Tasikmalaya,Bathik Banyu Biru
Madura,lan Bathik Tiga Negri
Lasem);Ruang Koleksi bathik
Nusantara,yaiku ruangan kang
mamerake Bathik
saknuswantara(Bathik tulis Sogan
Pacitan,Bathik Tulis Pagi Sore
Purworejo);Ruang Koleksi
BathikPedalaman,yaiku ruangan
kang mamerake Bathik saka
Ngayogyakarta lan
surakarta(Bathik Tulis Cakar

Nagasari Gardha Solo,Bathik Tulis


Ceplok Parang Grompol
Ngayogyakarta).
Kedai,yaiku rungan kanggo tuku
cendramata lan oleh khas
Pekalongan.
Aula,yaiku panggonan kanggo
pertemuan,rapat,seminar,lan
pasamuan kang bisa nampung 80
tamu.
Perpustakaan,yaiku panggonan
kanggo nambah wawasan Bathik
saka sumber buku lan internet.
Ing museum iki kita uga bisa melu
workshop mbathik. Beayane
20.000 rupiah(kain ukuran
20x20cm) 25.000 rupiah (media
slayer 50x50cm utawa kain 30x30
cm kang dibingkai kayu),60.000
rupiah (media kain 1x1meter
/taplak).Para tamu bakal diajari

carane mbathik wiwit nggawe


motif (njaplak),ngandeli motif
nganggo
malam(nglowong),ngwarnai
bagian tertentu nganggo
kuas(nyolet),ngelir,tekan ngilangi
lapisan malam ing
bathik(nglorod).
Museum iki buka saben dina saka
jam 08.00-15.00 WIB. Tiket
mlebune 1000 rupiah kanggo
lare,lan 5000 rupiah kanggo
dewasa.Ing preinan museum
bathik iki rame banget,
pengunjunge ora mung saka
wong lokal nanging uga turis
manca kang pengin ngerti opo
kuwi bathik. jare Indah Ajeng
Sukarwati(staf pemandu Museum
Bathik Pekalongan).

Koleksi Museum Bathik Pekalongan

Mbathik

You might also like