Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Aku Mulih Dadi Cahya

Dening : Yusuf Susilo H.


Yen urip iku pagelaran wayang kulit
Aku milih dadi cahya
Sumunar saka blencong madangi pandhawa
Karep ben titis merjoyo kurawa kuswantara
Yen urip iku pagelaran wayang kulit
Aku milih dadi cahya
Karep ben crita panguripan bisa dibeber kidalang
Kanthi terwaca ing layar kairing ilining gendhing
Lan gamelan monggang
Yen urip iku pagelaran wayang kulit
Aku milih dadi cahya
Nyusup ing rasa pangrasa sadengah (sadhingah)
Wong kang dadi cagake
Ombak wengi kanthi waspadha
Yen urip iku pagelaran wayang kulit
Aku milih dadi cahya
Karep ben wengi ora peteng ndedet jumput tirung
Pandhawa lan kurawa ngerti dalan mulihe dhewe - dhewe

You might also like