Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

PAMBAGYA AKIKAH

Assalamualaikum Wr.Wb.
Wonten ngersanipun para pinisepuh ingkang kula bekteni,
Wonten ngersanpun para ulama, langkung-langkung para kyai ingkang caket
pustaka suci piwucal agami suci ingkang kinabekten,
Para lenggah muslimin-muslimat ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyin sumangga kula derekaken manungkul manungku puja
wonten ngersanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit inggih namung saking
kemirahanipun kita saged makempal tunggal wonten ing papan palenggahan
punika.
Ingkang salajengipun mugi kepareng kula minangka kreta sambung dapur lantaran
atur saking pamengku gati nun inggih panjenenganipun ingkang wonten ing wekdal
punika pinangka walimatul aqiqah. Rumaos namung minangka sesulihmbok bilih
samangkih tan kadugi ing pemanggih. Keparenga kula nyuwun aksami.
Para lenggah ingkang kinurmatan, bapa miwah ibu pamengku gati anggadahi
pinten-pinten pangraos. Ingkang angka setunggal, kepareng ngaturaken agunging
panuwun awit rawuhipun para lenggah sami. Pramila sinaos kepara randhat
kepareng ngaturaken pambagya wilujeng sarawuh para lenggah sedaya.
Ingkang angka kalih bapa miwah ibu walimatul aqiqah ngaturaken agenging
panuwun awit para lenggah sedaya sampun kepareng minangkani panuwunipun,
paring donya pamuji anggenipuin nindakaken dhawuhipun Gusti ingkang Maha
Kuwaos ngenut dhawuh agami suci nebus kelahiran putranipun. Mugi-mugi awit
pangestu para rawuh sami samangkih lare ingkang dipun aqiqahi saged dados lare
ingkang soleh utawi solehah, miwah ayem tentreming baraya pamengku gati.
Bapa miwah ibu pamengku gati pitados bilih anggenipun nyuwun karawuhanipun
para lenggah sampun dangu karancang, namung mekatena pinanggihing
kekirangan aruh, lungguh miwah suguh. Walimatul aqiqahnamung saged nyuwun
pangaksami.
Salajengipun keparenga lenggah ingkang sekeca ngantos purnaning pepanggihan
sinaos namung kanthi papan palenggahan sawonteninpun.
Tumbar jinten bumbune mrica, semanten atur kawula.
Trikoyo jalan merapi, lepating kula nyuwun pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

You might also like