Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 25

PARIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA

TUGAS INDIVIDU
Untuk Memenuhi Tugas Harian Matakuliah Pengetahuan Sastra Jawa
yang dibina oleh Dr. Sunoto, M. Pd

Oleh:
Pradicta Nurhuda
100211404174

UNIVERSITAS NEGERI MALANG


FAKULTAS SASTRA
PENDIDIKAN BAHASA, SASTRA INDONESIA DAN DAERAH
April 2013

PARIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA


Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu.
Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu
basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok,
lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang
kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging
teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning
manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni,
disanepani, utawa dipindhakake.
1. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
2. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe
pangira bakal kalah prakarane.
3. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku,
wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
4.

Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene

5.

Abag-abang lambe = guneme mung lamis

6.

Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean

7.

Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine

8.

Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya

9.

Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe

10. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman


11. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan
tumindake
12. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani
sing krungu

13. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe


14. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
15. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
16. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
17. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
18. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
19. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
20. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
21. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
22. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih
dhuwur panguwasane
23. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
24. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
25. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
26. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
27. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
28. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan
kepinterane
29. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
30. Asu marani gebug = njarag bebaya
31. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
32. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora
duwe panguwasa)

33. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake
pasedulurane
34. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu
ngrasakae lan melu tanggung jawab
35. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
36. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
37. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
38. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
39. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
40. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang
luwih saka ala
41. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
42. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
43. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali
kaya maune
44. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
45. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku
luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
46. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
47. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
48. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
49. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
50. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
51. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh
opah dhuwit, mangan, lan udut

52. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
53. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
54. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
55. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
56. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa
wong ala rupane nanging manis bebudene
57. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
58. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging
sing siji luwih trengginas
59. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
60. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon
kang disiri
61. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
62. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana
prelune
63. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana
pedahe
64. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
65. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
66. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
67. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
68. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
69. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
70. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
71. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala

72. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
73. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
74. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
75. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
76. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
77. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti
mati
78. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe
mung climen wekasan entek wragat akeh
79. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
80. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah
sulaya karo rembuge wong akeh
81. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan
njalari kuwat.
82. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
83. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
84. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
85. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen
nemoni rekasa bakal dibelani
86. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
87. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala
dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
88. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang
ngimbuhi ribed
89. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewedhewe

90. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
91. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
92. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
93. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
94. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala
atine
95. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog
lan saranane
96. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana nendi papan tansah slamet
97. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
98. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
99. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
100. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo
sing dirembug
101. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
102. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
103. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora
ngerti
104. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
105. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
106. Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
107. Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
108. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire
bisa kalakon

109. Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo
meruhi wewadi
110. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
111. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke
ugamelu nglakoni
112. Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
113. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
114. Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
115. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
116. Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
117. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
118. Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
119. Entek jarake = wis entek kasugihane
120. Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
121. Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
122. ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
123. Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
124. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha
pasulayanwong cilik sing dadi korban
125. Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
126. Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana
wong lanang sing nakokake
127. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
128. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan

129. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora


bis keturutan
130. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak
nanging bisa kelakon
131. Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
132. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
133. Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
134. Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
135. nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
136. Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
137. Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
138. Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
139. Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu
kabegjan
140. Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
141. Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
142. nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
143. nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
144. nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake
dhewe
145. Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
146. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok
wong kang uga tumindak ala
147. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
148. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani

149. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng


150. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
151. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
152. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
153. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing
dipitenah
154. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu
ngrasakake kepenake
155. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala
bebudene
156. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing
omahe sing lanang
157. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
158. Idu geni = sakuni-unine kelakon
159. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
160. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
161. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana
ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
162. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad
(pengorbanan)
163. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
164. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
165. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
166. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe
kapitunan
167. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake

168. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
169. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
170. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
171. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
172. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
173. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
174. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga
lelakon sing wis tau gawe wedi
175. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo
utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
176. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh
lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
177. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
178. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
179. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik
bisa lan orane
180. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
181. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
182. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
183. Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
184. Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
185. Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
186. Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo
nggoleki malah ora ketemu

187. Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa
kaluwargane dhewe
188. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
189. Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun
(diwarahi)
190. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
191. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
192. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida
ditandangi
193. Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
194. Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis
lumaku, arep maju wis rekasa
195. Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
196. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
197. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
198. Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
199. Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti
prekarane
200. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
201. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
202. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
203. Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
204. Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong
tuwane
205. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)

206. Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
207. Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
208. Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
209. Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
210. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
211. Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora
sembada
212. Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
213. Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
214. Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
215. Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
216. Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang
senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
217. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
218. Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
219. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
220. Kethek saranggon = grombolane wong ala
221. Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
222. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih
tur bodho
223. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
224. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
225. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
226. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan

227. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan


228. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
229. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
230. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
231. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
232. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
233. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
234. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe
panggonan utawa omah tetep
235. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong
ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
236. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
237. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
238. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
239. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
240. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi
wiring isin
241. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu
kabegjan
242. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane
wong gedhe utawa wong kuwasa
243. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
244. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
245. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah

246. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat
dalan kang mbebayani
247. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
248. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
249. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake
dhewe
250. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
251. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
252. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur
dibuwang, tanpa oleh pangkat
253. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
254. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
255. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean
(rekasa)
256. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
257. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
258. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
259. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
260. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
261. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake
ora mrantasi gawe
262. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe
celengan
263. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
264. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku,
jalaran konangan wong akeh

265. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi
daya kepiye wae nanging ora kasil
266. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
267. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang
dilakoni
268. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
269. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah
kena apus
270. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
271. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
272. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
273. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
274. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
275. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
276. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
277. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
278. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
279. Meneng kitiran = ora bisa anteng
280. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang
luput saka bebaya
281. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
282. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
283. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojokojoki ora mempan
284. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe

285. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara


286. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter
(sugih)
287. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
288. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewedhewe
289. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
290. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
291. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
292. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
293. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
294. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
295. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
296. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
297. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
298. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
299. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
300. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
301. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung
mesthi olehe
302. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
303. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
304. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata

305. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti
gawe kagete wong akeh
306. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
307. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
308. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
309. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
310. Nyolong pethek = luput saka pangira
311. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
312. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
313. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
314. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
315. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
316. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
317. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
318. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
319. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga
ngelmune
320. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
321. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
322. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
323. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan
sranane
324. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
325. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran

326. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot


327. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane
banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
328. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
329. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
330. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
331. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
332. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
333. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan
padha olehe
334. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
335. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
336. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
337. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
338. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging
sabenere niling-nilingake
339. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
340. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati
omah-omahe wong akeh
341. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
342. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing
diangkah
343. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
344. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang
wis ora duwe pangawasa

345. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur


346. Obor blarak = mung sawetara wae
347. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
348. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
349. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
350. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
351. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
352. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
353. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
354. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
355. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
356. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
357. Ora polo ora uteg = bodho banget
358. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
359. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
360. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana
nyatane
361. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
362. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
363. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah
ngrusak
364. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
365. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala

366. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi
kesenengane)
367. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
368. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
369. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
370. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing
papan kang mubra-mubru pangan
371. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
372. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
373. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
374. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
375. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
376. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa
disingkirake
377. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung
oleh piala saka wong iku
378. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
379. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani
(gawe cilaka)
380. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
381. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo
kekarepane
382. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
383. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha
santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
384. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)

385. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate


386. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane
wong akeh
387. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
388. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak
sedulur
389. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
390. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa
nengen)
391. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
392. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
393. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
394. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung
ketularan alane
395. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut
ala
396. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
397. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe
kamelikan apa-apa
398. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
399. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang
gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
400. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan
adoh karo kanyatane
401. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
402. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati

403. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan
panggedhene
404. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala
bebarengan
405. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan
sing gumathok
406. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala atenatenane
407. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
408. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan
benere
409. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
410. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
411. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang
atine
412. Timun jinara = prakara gampang banget
413. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen
kekurangan)
414. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
415. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
416. Tunggal banyu tunggal guru
417. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing
peperangan)
418. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
419. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
420. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati
(wong kang diseriki kanca-kancane)

421. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong
gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala
ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
422. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur
pangkate
423. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
424. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
425. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu
kabegjan
426. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
427. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
428. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
429. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
430. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
431. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
432. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
433. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
434. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
435. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge
(wong ketula-tula uripe)
436. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
437. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
438. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang
pakaremane
439. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora
ngerti kang dikarepake

440. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah
nganti tuwa)
441. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
442. Waras-wiris = sehat
443. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
444. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
445. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
446. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
447. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi
diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
448. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
449. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

You might also like