Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 6

1.

Jêjêr ing Kahyangan Jonggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå wóntên


palênggahan Marcukundhamaník balé Paparyåwarnå, dipún adhêp pårå putrå Déwå,
Bathårå Indrå, Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå lan pårå Déwå pêpak.
Nalikå punika Bathårå Guru sampún ngawóntênakên kawah Candradimukå, êndhút
Blêgdåbå, wót Ogal-agíl lan sapanunggalanipún.
Nalikå punika ing Kahyangan Jonggríngsalåkå kataman gårå - gårå agêng, margi
wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså bêbisík sang Kanékåputrå, wayahipún sang
Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå, anggêntúr tåpå wóntên têlêníng samodrå,
sarwi anggêgêm musthikå Rêtnå Dumilah, paringipún sang Hyang Nurrådå ingkang
kalís têlêsing toyå lan sasaminipún.
Anggènipún tåpå bråtå wau gadhah sêdyå ngungkuli panguwaósanipún Bathårå
Guru.
Bathårå Guru ngutús pårå putrå lan pårå Déwå sadåyå, kapuríh ambadharakên
tapanipún sang Kanékåputrå.
Pårå Déwå matúr sandikå, lajêng bidhal.
Bibaran paséwakan.

2. Madêg ing Dhatulåyå Kahyangan Tinjomåyå, Dèwi Umå lan pårå widådari sami
mêthúk konduripun Bathårå Guru.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami imbal pangandikå kawóntêtaning
paséwakan.
Sasampunipún punikå, lajêng bibaran.

3. Ing paséban jawi Rêpat Kapanasan, Bathårå Indrå mranåtå pårå Déwå.
Sasampunipún sami siyågå, lajêng sami bidhal.
Prampógan Déwå ngråtå margi.

4. Madêg têlêngíng samodrå. Sang Kanékåputrå anggêntúr tåpå sarwi anggêgêm


musthikå Rêtna Dumilah.
Katungka dhatêngipun pårå Déwå, anjugarakên tåpå bratanipún sang Kanékåputrå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé.
Nangíng pårå Déwa sami kasór sadåyå, lajêng gêgancangan sami wangsúl dhatêng
Kahyangan.
Bathårå Guru kapêkså tindak piyambak, manggihi sang Kanékåputrå.
Lajêng sami bantah gayêng bab kasampurnaníng dumadi, bótên wóntên ingkang
kawón.
Lajêng dadós båndåyudå langkúng ramé abên kasêktèn lan kanuragan, nuwúhakên
sangsåyå agêngíng gårå-gårå.
Wêkasan sang Hyang Nurrådå pribadi rawúh anêdhaki, nyapíh ingkang sami
båndåyudå.
Andunúng dunúngakên, sanadyan sang Kanékåputrå punikå kalêrês wayahipún,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=396&Itemid=148 1
nangíng jalaran nguwaósi musthikå Rêtna Dumilah, lajêng sampún dadós loro -
loroníng atunggal kaliyan sang Hyang Nurrådå.
Sang Kanékåputrå inggíh sang Hyang Nurrådå, sang Hyang Nurrådå inggíh sang
Kanékåputrå.
Mila Bathårå Guru kapuríh ngakèn kadang sêpúh dhatêng sang Kanékåputrå.
Kadadósnå sêsêpuhíng pårå Déwå wóntên ing Kahyangan Jonggríng Salåkå,
ngêmbani sang Hyang Guru lan pårå Déwa sadåyå, apangkat Rêsi inggíh
Batharaníng Kahyangan.
Bathåra Guru lan pårå Déwa sami ngèstókakên dhawúh.
Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå lajêng ical wangsúl
dhatêng Kahyanganipún, jiwanipún manunggal kaliyan sang Kanékåputrå.
Ing sakonduripun sang Hyang Ismåyå, Bathårå Guru wiwít maspaósakên dhatêng
sang Kanékåputrå anggèníng astanipún anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah, badhé
dipún pundhút, nangíng bótên dipún sukakakên, malah lajêng dipún bucal dhawah
ing bantålå.
Pårå Déwa sadåyå sami rêbatan nêdyå mêndhêt musthikå.

Bathari Uma

5. Madêg ing Kahyangan Ékåpratålå Bathari Pratiwi nuju lênggah sêmadi, kadhawahan
Rêtnå Dumilah ing pangkónipún.
Badhé dipún pêndhêt, nangíng lunyu, mrucút, dhawah têrús amblês ing bumi.
Katungkå dhatêngipún Bathårå Wisnu kaliyan Bathårå Cåndrå inggíh sang
Bådråmåyå lan pårå Déwå.
Mundhút prikså dhawahing musthikå.
Bathari Pratiwi matúr manawi musthika dhawah amblês ing bumi.
Bathårå Wisnu kapranan dhatêng Bathari Pratiwi, nanging rèhníng nuju nglampahi
wajíb, milå lajêng énggal bidhal nututi dhawahíng musthikå.
6. Madêg ing Kahyangan Saptåpråtåla. Sang Hyang Antabogå dipún adhêp pårå
Déwaníng bumi.
Katungkå dhawahíng musthika, lajêng têrús dipún untal diníng sang Hyang

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=396&Itemid=148 2
Åntåbogå.
Bótên watawís dangu Bathårå Wisnu lan pårå Déwa dhatêng, nakèkakên Rêtnå
Dumilah.
Bathårå Åntåbogå ngandikå bótên mangêrtós.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé, Bathårå Wisnu lan pårå Déwa mêngsah
Bathårå Åntåbogå lan pårå Déwaníng bumi.
Bathårå Åntåbogå ingkang malíh dadós någå agêng, dipún cêpêng déníng pårå Déwå
tansah mrucút lan lajêng ical musnå.
Pårå Déwa kabingungan anggènipún madósi, kapêkså lajêng sami wangsúl.

7. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalaka, Bathårå Guru dipún sowani pårå Déwå
sadåyå, matúr manawi bótên sagêd manggihakên musthikå Rêtnå Dumilah.
Bótên watawís dangu katungka sowanipún Bathara Åntåbogå, matúr sadåyå
lêlampahanipún, sartå lajêng ngaturakên musthikå Rêtnå Dumilah.
Dèrèng ngantós dipún tampèni Bathårå Guru, nangíng lajêng dipún anggé rêbatan
pårå Déwa, têmah musthika Rêtnå Dumilah kabantíng ing sélå swargå, wadhahipún
rêmúk dadós sawalang walang, dadós sosotyå manékå warnå, ing bénjíng lajêng
kanggé rêrênggan ing balé Småråkåtå, papan palênggahanipún Bathårå Indra ingkang
mranåtå pårå Déwå.
Déné isinipún rupi musthikå langkung èdi indah, kapujå dadós Widådåri tigå,
1. Dèwi Widåwati inggíh Dèwi Tisnawati,
2. Dèwi Sri, lan
3. Dèwi Lokati inggíh Dèwi Rumingrat.
Nangíng sadåyå punika namúng jiwå satunggal abadan tigå, mila ugi lajêng sinêbút
Hapsari Triwati, Tri têgêsipún tigå, déné Wati têgêsipún wanita musthikaníng
bawånå.
Kawêcå ing bénjíng badhé dadós baku undêran lêlampahaníng gêsang, wóntên ing
jaman nagari Lokåpålå, Mahíspati, Ayodyå, Hastinå lan salajêngipún.
Sasampunipún punikå, Bathårå Åntåbogå lajêng nyuwún pamit wangsúl dhatêng
Kahyanganipún.
Hapsari Triwati piningid wóntên Kahyangan Junggríng Salåkå.

Bibaran paséwakan.

Bathara Antaboga

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=396&Itemid=148 3
8. Madêg ing Kahyangan Tinjomåyå, Bathårå Guru sakaliyan garwå Bathari Umå,
ngrêmbag warni-warniníng lalampahan wóntên ing jagad gumêlar.
Sasampunipún punikå, Bathara Guru lajêng tindak sakaliyan garwå, lêlånå mriksani
kawóntênaníng jagad gumêlar.
Nalikå punika Bathara Guru sakaliyan garwå anggènipún lêlånå ngambah wóntên
sanginggilíng samodra ingkang toyanipún biru wêníng kinclóng måyå måyå.
Nuju wanci sêrapíng suryå ambabar candhikålå, (Candhikålå, asal saking têmbúng
Candhi, têgêspún dipún pêpêtri, dipún pèngêti.)
Déné Kålå, têgêsipún waktu, kadadósan, pêristiwa.
Dadós têmbúng Candhikålå, têgêsipún Pêristiwa utawi kadadósan ingkang dipún
candhi, dipún pêpêtri, dipún èngêti.
Mêkaring båså, lajêng dadós Candhik-ålå utawi Candhík-ayu) cahya abrít
manékawarnå sumunar kadós sosotyå binabar, såyå méwahi asri éndahing
kawóntênan.
Bathari Umå såyå sakalangkúng sangêt sulistyaníng warni.
Bathårå Guru sakålå kadadak kasmaranipun, nêdyå nandukakên asmårå wóntên
ingriku.
Bathari Umå bótên nglanggati, margi taksíh wóntên ing purúg.
Satêmah Bathårå Guru kadadak miyós kamanipún, dhawah wóntên salumahíng
samodra.
Bathårå Guru sangêt cuwå lan lajêng sakalangkúng dukå tanpå riringa kadós rasêkså,
mêdal siyungipun, astanipún dadós sêkawan.
Anjambak rikmanipún ingkang garwå, nguntír astanipún ingkang tansah anduwå ing
karså, sarta napúk pasuryanipún ingkang tansah jêrít-jêrít.
Satêmah Bathari Umå salah warni dadós rasêksi, ríkmå gimbal, astå sêmu céko,
pasuryan rasêksi, karunå jêrít-jêrít.
Bótên watawís dangu Bathårå Guru radi lilíh dukanipún, nglênggånå kalêpatanipún,
mupús dumadósíng papêsthèn.
Namúng dumugi samantên anggènipún atut runtút rèntèngan.
Bathari Umå kasantunan nåmå Bathari Dúrgå, kadhawuhan manggèn wóntên ing
Kahyangan Krêndhawåhånå inggíh Kahyangan Sélå Mangumpêng.
Sadåyå sarmi mupús dumadósíng papêsthèn, lajêng sami tindak sowang - sowang.
Bathårå Guru kondur dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=396&Itemid=148 4
Bathari Durga

9. Kocap kåmå salah sakíng Bathårå Guru ingkang dhawah salumahíng samodrå, têmah
toyaníng samodra umób bêntèr mawalikan, swantên gumlêgêr gêmurúh, damêl
gègèríng Kahyanganipún pårå Déwå.
Sami nuwèni dunungíng kang gårå - gårå. Ingriku katingal wóntên unthúk bundêr
agêng, nyuwantên gorå gêmurúh lan måwå prabåwå sakalangkúng bêntèr ngêbêgi
saindêríng bawånå.
Pårå Déwå énggal sami namakakên sanjatanipún piyambak piyambàk, amríh
sirnanipún unthúk agêng kåmå salah wau.
Nangíng kåmå salah kataman sanjatanipún pårå Déwå bótên sírnå, lajêng dadós gåtrå
titah rasêkså sakalangkúng agêng, saranduníng badanipun kadadósan sakíng
sanjatanipún pårå Déwå.
Anggêrêng anggêro murugi pårå Déwå.
Pårå Déwå sami kagègèran lumajêng ngungsi dhatêng pangayunaníng Bathårå Guru.

10. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru nuju lalênggahan kaliyan
Bathårå Narådå.
Katungkå sowanipún pårå Déwå, matúr sadåyå kadadósanipún lêlampahan.
Bathårå Guru sampun ngrumaósi bilíh punikå kadadósan sakíng kåmå salah.
Bótên watawís dangu kåmå salah ingkang rupi raksåså sakalangkúng agêng, sowan
wóntên ngarsanipún Bathårå Guru, nyuwún pitakèn, sintên ingkang andamêl
piyambakipún.
Bathårå Guru ngandikå manawi Bathara Guru punikå bapakipún.
Kåmå salah lajêng ngaraspådå, katadhahan ilunipún ngantós tuntas, kacampúr lan
toya Cålåkuthå, dadós wiså ingkang sakalangkúng mandi.
Siyungipún kiwå têngên kacabút, ing bénjíng dadós lêlandhêpíng dêdamêl Pasopati

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=396&Itemid=148 5
sartå kuntå Wijåyåcåpå.
(Ing bénjingipún, pêrang ingkang nganggé sanjata wasiyatíng Déwå, asríng dipún
wastani ‘Ngadu siyúng Bathårå Kålå’)
Rikmanipún kabêdhól satêkêman, ing bénjíng dadós kêndhêngíng sawarniníng
gåndhiwå wasiyatíng Jawåtå.
Awít sakíng karsanipún Bathårå guru sartå pamrayoginipún Bathårå Narådå, Kåmå
salah kaparingan nåmå Bathårå Kålå, kapuríh angrabèni Bathari Durgå ing
Kahyangan Krêndhåwahånå.
(Ing jaman kinå makinanipún, jêjodhoanipún manungså taksíh kadós satataníng
kéwan ayam lan sasaminipún, båpå biyúng angsal kaliyan anak utawi putunipún,
sadhèrèk angsal sadèrèk tunggíl biyúng, lan sasaminipún) Kåmå salah Bathårå Kålå
matúr sandikå, lajêng nyuwún pamit.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, pårå Déwå sami prihatós, nyunyuwún parimarmå lan
pangaksamanipún Hyang kang Måhå Kawåså.

Tancêp Kayón.

Bathara Kala

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=396&Itemid=148 6

You might also like