3 Jinis Lelembut Ing Rusia

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 4

Jinising Lelembut Misuwur Ing Rusia

Ature: Kresno Aji


Crita ing ngisor iki minangka pakurmatan tumrap baline sedulur tuwa, yaiku Rusia kang nate
menehi bantuwan, rikalane Indonesia ngadhepi tilas penjajah Landa ngrebut Papua, bali
menyang pangkone Ibu Pertiwi. Maneka warna bantuwan kang diwenehake marang Indonesia,
saengga wektu kuwi Indonesia misuwur minangka salah sawijine negara kanthi kekuwatan
militer kang paling ngedab-edabi ing Asia.
Sadurunge agama Kristen mlebu ing Rusia, warga Rusia nyembah sawenehi dewa lan
roh-roh alus. Saliyane iku uga isih sesambungan marang sawenehing lelembut.
Kapitayan kasebut ngrembaka lan uga isih dilestarekake nganti saiki. Sawenehe
lelembut sing kaloka kaya kasebut ing ngisor iki.

Vodyanoy
Vodyanoy minangka sesebutan marang lelembut sing tunggu kali, sendhang utawa laut.
Lelembut iki kaloka karana laut lan kali ing jaman biyen misuwur minangka dalane
dedagangan para mina lan sudagar-sudagar ing Rusia utamane Rusia Lor, cedhak karo
laut Putih.

Wujude Vodyanoy dhewe kaya dene manungsa dhuyung, dheweke kadi dene rajane
laut kang kudu sinembah lan sinubya-subya. Vodyanoy duwe anak lanang lan wadon
kang kaloka kaya ta putri lan putra dhuyung, kanthi warna kulite biru utawa ireng.
Vodyanoyasring muncul ing wayah bengi, njungkati rambute sing warnane putih semu
perak, kaya dene suket laut ing sapinggire kali.
Vodyanoy gawe angger-angger ing wilayahe, sing baku sakabehe tumindake manungsa
kang ana gegayutane karo kali, kayata mancing, adus, njupuk banyu, nyabarangi kali,
lan liya-liyane ora kena ditindakake ing wayah wengi. Nglangi ing dina prei nalikane
Kaca 1

akeh wong sing padha mendem uga ora diolehi. Ngongasake kapinterane nglangi uga
ora oleh, amarga Vodyanoy ora seneng marang wong kang adigang, adigung lan
adiguna.
Menawa angger-angger iki dilanggar, Vodyanoy ora bakal wigah-wigih kanggo
njlomprongake pawongan lan sapa kang wani nerak wewalere ing sanjerone kali.
Pawongan mau ora dipateni ning didekake bature kanggo salawase. Mula saka iku
menawa ana pawongan utawa bocah kang kecemplung utawa nglalu kanthi nyemplung
kali ora dipendhem ana ing kuburan ortodhox, amarga bab kasebut bisa ndadekake
Vodyanoy dadi murina lan nyebabake ketiga dawa utawa udan es.

Leshiy
Leshiy kang tegese "kang ana ing wana", minangka sawijining lelembut sing paling
sumeh nanging uga paling medeni. Awake dhuwur banget lan katutupan wulu kaya
dene kethek, menawa ing kene mbok menawa diarani gendruwo. Dheweke minangka
tetunggule saka sakabehe lelembut ing wana kasebut lan seneng nggodha pawongan
sing neneka ing kana lan uga sing tumindak sembrana.

Sawijining guyonane Leshiy yaiku gawe wong-wong padha keblasuk ana wana lan ora
bisa bali, mung mutar-muter ana kana wae, mbok menawa yen nang Jawa karan kena
oyot mimang. Kadhang kala uga memba dadi kanca utawa kadang lan ngajak bali. Cara
mbedakake Leshiy kang nembe memba-memba saka kadang utawa wong sing
panjenengan tepungi yaiku ana ing panggonan klambi lan panganggo liyane sing luwih
nyolok, rambut sing dawa banget lan kanthi mripat kang kaya dene matane kewan.
Saliyane iku, Leshiy uga seneng udut lan ora bakal kelalen njaluk rokok saka saben
wong sing liwat. Dheweke uga seneng pista lan ana ing sadengahe karameyan ana
panggonane warga. Menawa nganti kadenangan kudu enggal-enggal diusir, menawa
ora, bakal dadi gendra amarga menawa Leshiy nganti mendem bisa njugarake pista lan
marahi geger sadesa dadi horeg, kadaya sikile sing gedhe. Dadi yen gedrug-gedrug
lemah bisa gawe horege desa iku.
Kaca 2

Maneka cara kanggo ngusir Leshiy, bisa kanthi ngucapake donga utawa mantra lan uga
sadengah pisuhan. Amarga sakabehe lelmbut ing Rusia wedi karo omongan rusuh lan
rucah tinimbang karo donga. Saliyane iku, panjengenan bisa nganggo anggon-anggon
utawa sepatu kuwalik kanggo ngendhani Leshiy. Becike aja ngajak dolanan marang
Leshiy, aja mlebu alas dhewekan, aja ribut utawa regejegan ana wana, seneng-seneng
lan sing wigati aja turu ana wana. Menawa kepeksane panjenengan kudu sare ana
wana, upayanen aja sare ana alure wana. Sakabehe bab iki bisa marakake Leshiy dadi
muring-muring.

Domovoy
Domovoy kuwi tegese "sing ana njero ngomah", minangka lelembut sing paling utama
ing antarane sakabehe lelembut ing Rusia. Dheweke bisa manggon ana ngomah lan
aweh sabiyantu sabarang gaweyan ngomah kanthi menehi panganan sethithik wae.

Domovoy minangka lelembut kang bisa jaga omah sawijining kulawarga. Dheweke
nduweni watak kang luhur lan asring diarani kaya dene simbah utawa leluhur ing omah
kasebut, sarta nduweni umur nganti atusan taun. Nalikane sawijining kulawrga pindhah
menyang omah anyar, dheweke kudu ngundang Domovoy saka omahe sing biyen luwih
dhisik.
Minangka leluhur, Domovoy seneng sabiyantu gaeyan ing omahe putu-putune lan
kadhang kala dheweke nyolong sawenehe barang-barang kang dipengini. Biayasane
manggon ana ing sacedhake pedhiyangan utawa ing sadengahe papan sing paling
kemproh ana ing omah kuwi lan arang-arang ngaton. Wewujudane kaya dene wong
tuwa kanthi jenggot kang dawa nanging ora nduweni alis lan nduweni buntut sarta
kupinge padha karo kuping jaran.
Menawa salah sawijine pawongan kang manggon ana ing omah kang dipanggone
dening Domovoy kena tindhihen lan rumangsa kaya dene ditekak, iku tandhane
Kaca 3

menawa Domovoy nembe nesu amarga ana sing nglanggar wewaler ing omah kasebut.
Menawa pepeling iki ora digatekake, Domovoy bakal gawe gendra kanthi mbuwangi
sakabahe barang-barang kang ana omah kasebut, kayata piring, sendhok lan liyaliyane. Bisa uga Domovoy tumindak ngluwihi wates kanthi gawe wisuna marang ingoningon lan rajakaya.
Kanggo ngawekani perkara iki, ana sawetara bab kang kudu digatekake, yaiku menawa
duwe omah bakal lelungan suwe, bapake utawa sing paling tuwa kudu nganani
"lungguh sadawane lelungan". Sarampunge tata-tata sakabehe uba rampe lelungan,
warga kudu lungguh sedhela kanthi laras sabanjure pamit marang lelembut sing jaga
ngomah kasebut. Ing saben wengi ora oleh ana gaman utama barang-barang landhep
kang dideleh sembarangan utara ora kasimpen kanthi becik, amarga Domovoy bakal
nganggo barang-barang kasebut kanggo awake dhewe utawa kanggo ngotori
panganan. Ora oleh guneman rusuh utawa rucah sajerone omah, utamane ing meja
makan. Amarga Domovoy wedi lan benci marang guneman rusuh utawa rucah.
Regejekan utawa tukaran uga bisa marakake Domovoy dadi muring-muring, kaya dene
Domovoy ora seneng marang omah sing kemproh, ora kerumat kanthi becik.
Senajan ta warga Rusia nganti saiki, utamane sing manggon ana kutha gedhe wis
arang-arang ketemu marang Vodyanoy utawa Leshy, nanging kapitayan marang
Domovoy isih kenthel ing sadengahe para warga sing isih kuna utawa kolot. Sawijining
bab sing ora bisa dilakokake dening Domovoy ing jaman saiki yaiku nekak warga sing
nembe turu. Amarga jaman saiki wis arang-arang ana pedhiyangan lan kayane nekak
iki sawijining cara wong-wong Rusia kanggo njelasake anane keracunan karbon mono
oksida ing sadengahe omah-omah sing ana pedhiyangane. Kanthi ana rejane jaman,
saya suwe kapitayan marang lelembut kuna ing Rusia saya ilang, nanging tetep dadi
bageyan saka kabudayane Rusia.
Sumber: Georgy Manaev, RBTH

Kaca 4

You might also like