Buku Kakawin

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Buku Kakawin

KAWRUH KASUSASTRAN JAWA


Kompetensi Dasar : Kawruh Tembang
(Hand out tumrap SMA kelas XI IPA/IPS)
Sing diarani tembang yaiku rumpakan utawa anggitan kang kaiket ing paugeran-paugeran tinamtu.
Wujude tembang ing kawruh kasusastran Jawa bisa kabedakake dadi 8 yaiku:
a.Kakawin
b.Kidung
c.Tembang Gedhe (Sekar Ageng)
d.Tembang Tengahan (Sekar Tengahan)
e.Tembang Macapat (Sekar Macapat/Sekar Alit)
f.Tembang Padhalangan (Suluk)
g.Tembang Gendhing (Sekar Gendhing)
h.Tembang Dolanan
A. KAKAWIN
Kakawin yaiku tembang basa Jawa Kuna utawa Kawi. Tembung Kakawin saka lingga Kawi kang
tegese penyair . Pujangga utawa penyair besar diarani Kawiswara. Dene tembung Kakawin dhewe
dasanamane kawya, kang tegese syair, sanjak, puisi (S.Wojowasito, 1977)
Kakawin digunakake wiwit jaman Mataram Hindu tumeka jaman Majapahit. (910M -1574M).
1. Paugerane Kakawin
a. saben sapada (satu bait) kadadean saka 4 gatra utawa larik
b. saben sagatra utawa saben larike cacahing wanda (suku kata) ajeg padha
c. saben gatrane nduweni sipat guru (swara abot) lan lagu (swara entheng) kang ajeg padha.
Sing kalebu swara abot/Guru (-)
wanda (suku kata) mawa tandha (-)
wanda (suku kata) swara e utawa o, au
wanda sigeg (suku kata tertutup/suku kata mati)
wanda urip cendhak kang sumambung konsonan rangkep: dr, pr, pw, lw, kw, ly (samudra, mitra,
wipra, tulya, milwa) (Hadiwidjaya, 1953)
2. Tuladha Kakawin
Turagagati
Padma ramya sumekar pada manedeng,
Wintang ing gagana sor ta hayu nika,
Komalanya ya maweh lara ri hati,
Coka sang priyawiyoga mulati ya.
Jarwane
Trate abang endah nedheng padha mekar (Teratai merah indah sedang bermekaran)
Lintang ing langit kae kalah ayu (bintang dilangit itu masih kalah indahnya)
Kumalane nambahi sedhinging ati (Keindahan kelopak bunganya menambah sedih dihati)
Sedih priya kang nonton dheweke.(Sedhih lelaki yang melihatnya)
3. Jenenge tembang Kakawin
Manut buku Wrettasancaya anggitane Mpu Tanakung jenenge Kakawin watara ana 94. Tuladha :
Turagagati, Wisarjita, Bhrahmarawilasita,
Sardulawikridita,Cikharini, Praharsini, Kusumawicitra, Aswalalita, Lalitawisama, Ragakusuma,

Bhramarawilambita, Tanumadya, Wipula, Kumaralalita, lsp.


4. Buku-buku (Serat) kang ditulis awujud Kakawin
a. Jaman Mataram Hindu (Abad 8-9 )
1) Serat Ramayana /Ramayana Kakawin (Th. 910M)
Kaanggit jaman Dyah Balitung isine ana 6 kandha (Balakanda, Ayodyakandha, Aranyakandha,
Kiskendhakandha, Sundarakandha, Yudhakandha)
Wosing crita : pencilkan Dewi Sinta dening Prabu Rahwana/ Dasamuka ratu ing Alengka. Rama lan
Laksmana dibantu dening Sugriwa lan Hanoman
dalah wadyabala wanara (tentara kera) kasil ngrebut Dewi Sinta. Rahwana sawadyabalane nemahi
tiwas.
b. Jaman Kedhiri (Abad 11-13)
Ing jaman kedhiri iki mujudake jaman kencana (jaman keemasan) mungguhing wohing kasusastran
Jawa kuna, amarga akeh banget karya sastra kang
dianggit jaman iki. Ana kang awujud gancaran (prosa) apadene kakawin. Kang awujud Kakawin
kayata:
1) Arjunawiwaha karyane ane Mpu Kanwa, jaman Prabu Erlangga Th. 1019 1042 M
Wose Crita : Arjuna tapa ing pertapan Indrakila disraya Dewa nyirnakake Prabu Niwatakawaca raja
Himantaka kang bakal nglamar widadari Dewi
Supraba. Arjuna oleh anugrah panah Pasopati bisa mateni Prabu Niwatakawaca, wusanane Arjuna
kawiwaha (dinikahkan) karo Dewi Supraba.
Kresnayana Kakawin, anggitane Mpu Triguna, jaman Prabu Warsajaya Th. 1104M.
Wose crita : Dhaupe Kresna karo Rukmini putrine raja Kundina.
2) Sumanasantaka Kakawin, anggitane Mpu Monaguna, Jaman Prabu Warsajaya
Wose crita : Nyaritakake dhaupe Pangeran Aja karo Dewi Indumati. Sawise nglairake Dasarata Dewi
Indumati seda amarga dibalang kembang dening Narada. Sumanasa = kembang, antaka = mati,
tegese mati dening kembang.
3) Smaradahana Kakawin, anggitane Mpu Dharmaja, jaman Prabu Kameswara I Th. 1115
1130M
Wose crita : Bathara Kamajaya (dewaning asmara) kaobong dening Sang Hyang Siwah (Bathara
Guru) marga nggodha tapane. Dewi ratih garwane uga bela obong. Uga nyaritakake laire Bathara
Ganessa (Bathara Gana, dewa arai gajah, dewaning ilmu pengetahuan).
4) Bhomakawya Kakawin, jaman Prabu Kameswara I
Wose crita : Prabu Kresna disraya dewa mateni Prabu Bhoma. Sang Samba lara ngengleng
kasmaran Dewi Yadyanawati.
5) Bharatayuddha Kakawin, anggitane Mpu Sedhah lan Mpu Panuluh, jaman Prabu Jayabaya,
tahun 1157 M (1079 Saka)
Wose crita : Peperangan antarane Pandhawa mungsuh Kurawa.
6) Hariwangsa Kakawin, anggitane Mpu Panuluh, jaman Prabu Jayabaya Tahun 1135 -1157M)
Wose crita : Dhaupe Prabu Kresna karo Dewi Rukmini, memper karo Kresnayana.
7) Gathotkacasraya Kakawin, anggitane Mpu panuluh, jaman Prabu Kretajaya, tahun 1188M.
Wose crita : Dhaupe Abimanyu (putrane Arjuna) lan Siti Sundari (putrane Kresna) kang dibantu
dening Gathotkaca.
8) Wrettasancaya Kakawin, anggitane Mpu Tanakung, jaman Kedhiri akhir
Wose crita : Isi piwulang bab tembang Kakawin, conto-conto jenenge kakawin kang cacahe ana 94.
c. Jaman Singasari (Abad 13 -14)
1) Lubdhaka, anggitane Mpu Tanakung, jaman Ken arok 1222M

Wose crita : Sawijining grema (pemburu) kang nalika mati bisa mlebu swarga amarga tau ngalami
sawijining wengi Siwah Ratri Kalpa, tegese wengi kanggo Dewa Siwah.
d. Jaman Majapahit (Abad 14)
1) Kunjarakarna Kakawin
Wose crita : Ana Buta aran Kunjarakarna kang kepengin ruwat dadi manungsa. Dening Wairocana,
Kunjarakarna kadhawuhan sowan Bathara Yamadipati niliki papan paukuman ing naraka lan pasiksan
ing naraka.
2) Negarakretagama Kakawin, anggitane Mpu Prapanca 1365, jaman Prabu Hayam Wuruk
(1350-1389M)
Isine : Nyaritakake nalika Prabu Hayam Wuruk lelana menyang Blambangan lan ngubengi wilayah
Majapahit. Sarta isi critane Gajah Mada sapunggawane anggone ndherekake raja Hayam Wuruk.
3) Arjunawijaya Kakawin, anggitane Mpu Tantular, jaman Prabu Hayam Wuruk (sampun
sepuh).
Isine : Nyaritakake perange Prabu Dasamuka mungsuh Prabu Danaraja , lan perange Prabu
Dasamuka mungsuh Harjuna Sasrabahu ing Mahispati nganti kepikute Dasamuka.
4) Sutasoma Kakawin/ Purusada-Santa, anggitane Mpu Tantular, jaman Prabu Hayam Wuruk.
Isine : Nyaritakake lelakone Raden Sutasoma kang bakal didhaupake lan didadekake ratu ing nrgara
Astina nanging ora kersa, wusanane lunga saka kraton. Raja raseksa aran Purusada bakal korban
100 raja marang Batara Kala. Raden Sutasoma saguh dimangsa Bathara Kala dadi ijole 100 raja
pinangka sesaji. Wusana Sang Purusada lan Bathara Kala sadhar awit saka kaluhuran budi
Sutasoma.
5) Parthayadnya Kakawin, anonym
Isine : nyaritakake nalika Pandhawa diina dening para Kurawa sawise kalah main Dhadhu kudu
diukum 12 taun. Arjuna tapa ing Indrakila.
6) Nitisastra Kakawin, anonym
Isine : Piwulang budi pekerti, filsafat. Tuladha : Jun iku yen lokak banyune kocak-kacik, nanging yen
kebak, anteng. Sapi iku yen swarane gedhe, seru, landhung, presane sethithik. Wong iku yen rupane
ala, akeh polahe, akeh rekane, akeh wicarane (supaya katon bregas). Wong iku yen kurang
pengajaran, wicarane sora, kenceng, ora ngenaki ati.
7) Nirathaprakreta Kakawin (Th.1459M), anonym.
Isi : Ngelmu kasampurnaning dumadi utawa mistik.
Tuladha : Kang wis kalumrah dosane dhewe kang gedhe didhelikake, diumpet-umpetake aja nganti
kawruhan ing liyan, nanging yen wong liya sing luput, sanadyan mung sethithik diuthik-uthik, diobral
ing wong akeh. Lan maneh seneng atine yen weruh wong liya kataman susah, meri menawa wong
liya nemu kabungahan, digolek-golekake lupute supaya tiba ing kasusahan. Nesu yen dicacad,
bungahe nemen yen dialem.
8) Dharmasunya Kakawin (Th. 1382/1418M?).Anonim.
Isi : Piwulang filsafat lan mistik
Tuladha :Kapas iku dadi barang suwek (kain) werna-werna. Enggone seje-seje iku sabab digawe ing
wong, banjur diarani cita, lurik, sembagi, katun, sapanunggalane. Wujud siji-sijine ikubanjur dialem:
tanahe apik, wujude becik. Ora weruh yen iku mau sajatine kapas, kang digawe warna-warna dening
wong.
9) Harisraya Kakawin Kakawin. (Th. 1574M). Anonim.
Isine: Nyaritakake Mali, Sumali, Malyawan kang banget kumawasa wusana wani ngendhih
(menyerang) kaindran. Dewa Wisnu bisa numpes Mali lan Malyawan, dene Sumali mlayu ndhelik ing
dhasaring samodra.

DAFTAR PUSTAKA
Hadiwidjana, R.D.S.1963. Sarwasastra I. Djakarta: Pt. Kicana.
________________.1968. Sarwasastra II. Jogja: U.P. Indonesia.
Poerbatjara, Prof. Dr.R.M.Ng. Kapustakan Djawi. Djakarta: Penerbit Djambatan.
Purwadi, Dr. 2001. Babad Tanah Jawi Menelusuri Jejak Konflik. Yogyakarta: Pustaka Alif.
Wojowasito, Prof. Drs. 1977. Kamus Kawi-Indonesia. Jogjakarta: CV. Pengarang.
Subalidinata. R.S. 1994. Kawruh kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.

You might also like