Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 3

TARI MAYANG RONTEK

Kelompok :
1. Isnaning Tyas N. SKM
2. Linda Eka Permatasari
3. Selfia Felinda
4. Ivan Dwi Putra

(08)
(09)
(11)
(22)

Tari mayang rontek iku nyeritakake tentang prosesi temanten Mojo Putri kang ing njerone
falsafah proses dalanane urip manungsa saka lair, urip lan mati. Tari mayang rontek iku
nggambarake kahuripan manungsa kanggo bebarengan. Mayang iku artine kembang sing dadi
symbol saka temanten wadon lan rontek sing dadi symbol saka temanten lanang kanggo bagian
saka hiasan pengiring temanten wadon. Tarian iki nduweni filosofis tatanan manungsa
didadekake 4 arah yaiku kahuripan manungsa didadekake 4 arah : lor, wetan, kidul, lan kulon.
Tari mayang rontek nduweni karakter sing sifate endhel nanging teges yaiku seneng nanging
nduweni ketegesan njupuk sikap.
Tari mayang rontek kuwi diciptakake bapak Setudiy raharjo ing taun 1993. Tari mayang
rontek digunakake kanggo tarian pembuka mantenan utawa bisa kasebut MENDOL
MANTEN. Biasane tari mayang rontek ditunjukake pas wektu pasangan temanten lan wong
tuwa wis lungguh ing panggon sing wis disediakake.

Bapak setudy raharjo ngaturake yen gerak ing tari mayang rontek kuwi gerak maknawi
amarga ana maksud tertentu saka gerakan tari mayang rontek. Manawi, oran kabeh gerak tari
mayang rontek nduweni makna dewe. Gerakan tari mayang rontek ora murni saka gerakan
tradisional. Gerakan tari mayang rontek dijupuk saka tari jaran kecak, gerak dasar tari remo gaya
jombang lan Surabaya.
Tari mayang rontek dilakokake karo penari wadon sing kabehe ganjil yaiku 3 wong, 5
wong, nganti 9 wong. Tarian iki biasane diiringi gamelan jawa yaiku laras slendro lan terbang
jidor.
Gerakan saka tari mayang rontek uga nduweni makna filosofis yaiku : ragam gerak
pembuka nduweni arti tentang dalanan manungsa menyang kahuripan temantenan. Ragam gerak
ngrangsang, nduweni arti yen gerak nduweni kekurangan kan kaluwihan kudu pada neriman.
Gerak mlaku, njalanake gerak irama kahuripan. Gerak oleng, nggadapi urip rumah tangga sing
dikarepake tangguh. Gerak penutup, nunjukake kesenengan sawise tujuane rumah tangga
kawujud karepan adoh ngenteni.

I. Nilai nilai yang terkandung dalamKesenian Tari Mayang Rontek Kabupaten


Mojokerto
Nilai kerjasama : kedeleng saka gerakan ngrangsang sing anane kerjasama kanggo
urip ing rumah tangga pasangan temanten.
Nilai tresna, kasih sayang kanggo pasangan : kedeleng ing salah sijine gerakan tari
sing nunjukake nilai kasebut.
Nilai kebudayaan : tarian utawa kesenian sing ana ing daerah nunjukake kebudayaan
sing diduweni daerah utawa Negara kaya tari mayang rontek iki sing ora diduweni
daerah utawa Negara liyane.
nilai kebersamaan : nilai kebersamaan sing nduweni arti ng tari mayang rontek iki
kedeleng saka kebersamaan sing kedeleng wektu penari nariake karo kompak.
Nilai religi : nilai religi sing nduweni arti ing tari mayang rontek iki kedeleng pas
wayahe gerakan sesuwun sing ngartikake usaha lan ndunga.
II. Prospek nilai yang terkandung dalam judul Kesenian Tari Mayang Rontek kabupaten
Mojokerto dalam kehidupan berbangsa dan bernegara indonesia.
nilai sing nduweni arti saka judul yaiku nilai kebersamaan lan nilai kebudayaan, lan kasih
sayang. Nilai kebudayaan iku yen kebudayaan daerah ora dilestariake bakal ilang lan para
penerus kita ora ngerti kebudayaan bien. Karena kebudayaan iku salah sijine aset Negara
sing musti dijaga lan dilestariake.
Nilai kebersamaan, bakal terciptanya kebersamaan antar penduduk Indonesia iku dhewe,
amarga Indonesia iku Negara sing sugih pulau pulau cilik, suku, ras lan agama. Bangsa
Indonesia yaiku bangsa sing gedhe, artine bangsa sing ngunggulno perbedaan, sehingga
kebersamaan dibutuhno. Semboyan bangsa Indonesia yaiku Bhinneka Tunggal Ika sing
artine masio Indonesia iki bedo bedo nanging ora dipersoalno.

Nilai kerjasama ngekekake sumbangsih gawe Negara iki, yaiuku nyiptaake tatanan
kahuripan sing saling tolong menolong lan guyup amarga kito makhluk social sing saling
butuhake, artine manungsa iku ora iso urip dewean.
Nilai cinta kasih sayang ngekeki sumbang asih gawe Negara yaiku nyiptakake tatanan
kahuripan sing saling nyayangi marang siji lan laine supaya terciptane kerukunan lan
kahuripan bangsa sing damai.
Terakhir yaiku nilai religi sing ngekeki sumbang asih gawe Negara sing sesuai ambek
pancasila, sila pertama yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa. Yen awakdewe ngekeki nilai
nilai religi gawe kahuripan, berarti awakdewe melu ngamalno isine sila pertama.

You might also like