Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Pidhato ten Boso Jowo/ Pidato di dalam

bahasa Jawa/ Speech in Javanese


Pidhato ten Boso Jowo/ Pidato di dalam bahasa Jawa/ Speech in Javanese
(Sumber: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: Erlangga.)
Gawe Naskah Pidato
Pituduh:
Pidhato iku kalebu ketrampilan migunakake bahasa lisan saengga kalebu
katrampilan basa kang asifat aktif lan ekspresif, tegese wong kang pidhato kudu
medharake gagasan, ide, lan pamikirane kanthi langsung marang wong akeh kang
lagi diadhepi. Minangka sawijining katrampilan basa, pidhato bisa dilatihake.
Menawa asring latihan bakal ndadekake ketrampilan pidhato tambah apik lan lancar.
Pidhato bisa kanthi 3 cara, yaiku: tanpa naskah, mung gawe pokok-pokok pikiran
(ngengkrengan) wae, lan nggawe naskah. Cara 1 lan 2 lumrahe dicakake dening
wong sing wis pinter pidhato. Dene cara katelu lumrah digunakake dening wong
kang lagi ajar pidhato ing swasana resmi. Murih bisa pidhato kanthi lancer luwih
becik naskah pidhato digawe dhisik. Saora-orane gawe ngengkrengan kang isi babbab wigati kang bakal diwedharake. Sajrone pidhato kudune nyakup patang bagean
yaiku:
i.
ii.

iii.
iv.

Pambuka
: isi pakurmatan, atur panuwun marang kang padha rawuh, sarta
atur puji syukur marang Gusti.
Isi
: perangan kang wigati ngemot bab-bab kang kudu diwedharake. Isi
pidhato diupayakake bisa runtut, sambung-sinambung. Becike, menawa arep
pidhato luwih dhisik golek lan ngumpulake bahan saka ngendi wae.
Dudutan

: perangan kang ngemot bakune pidhato.

Panutup
: ngemot atur panuwun uga nyuwun pangapura menawa ana
kaluputan apa bae.
Sajrone pidhato diupayakake ora kesusu, endhek dhuwure swara kudu digatekake
semono uga ekspresi nalika pidhato.
Perangane Naskah Pidhato (Tanggap Wacana)
Pepeling sajrone tanggap wacana (pidhato), ana sawenehe perangan kudu
digatekake lan kudu ana ing naskah pidhato, yaiku:

i.
ii.
iii.

Salam pambuka. Salam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisan marang
para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para
rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
Purwaka. Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur
panuwun marang para rawuh/ tamu sing kepareng rawuh.
Isi utawa Surasa Basa. Isi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para
rawuh/ tamu.

iv.
v.
vi.

Dudutan (kesimpulan). Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa
intine sing diandharake.
Pangarep-arep. Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake
marang para rawuh/ tamu lan sing midhangetake.
Wasana Basa (panutup). Wasana (panutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun
pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
Tuladha Pidhato/ Contoh Pidato/ example for speech:

1) Tanggap Wacana Pepisahan Murid (Wakil kelas VI)


Assalamualaikum wr. Wb.
Ibu Kepala Sekolah Dasar Negeri Wilangan Kecamatan Sambit Ponorogo ingkang
satuhu kula bekteni.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan. Sedaya kanca kelas enem ingkang
tansah kula tresnani.
Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapake puji
syukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun
paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita
taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun, kula
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para bapak sesrta
ibu guru ingkang sampun kersa rawuh, saha ndherek mangayubagya adicara
pepisahan siswa-siswi kelas enem siyang punika.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih sakancah badhe
nilaraken bangku pawiyatan SD punika. Kula minangka wakil siswa-siswi kelas
enem badhe nyuwun pamit dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula
sakanca nglajengaken nuntuk ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancer boten
wonten pepalang punapa-punapa punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu
mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil ing tembe wingkingipun.
Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca nilarake pawiyatan punika, nanging
kadospundi malih, kula sakanca kedah nilaraken pawiyatan SD punika.
Minangka pungkasaning atur, kula sakanca nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami bokbilih salaminipun kula sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan
punika wonten kalepatan-kalepatan dhumateng para bapak ibu.
Wusana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkunging atur,
nyuwun agunging pangaksami.
Wasalamualaikum wr. Wb.
Nuwun.
2) Tanggap Wacana Demam Berdarah
Bapak sarta ibu guru ingkang tansah kula hurmati.
Sedaya kanca siswa SDN Wilangan Kecamatan Sambit Ponorogo ingkang
tansah pinayungan kanugrahane Gusti sarta tansah kula tresnani.
Ingkang sepisan, mangga kita tansah memuji wonten ngarsaning Gusti saha
tansah atur syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi, amargi naming
saking hidayahipun Gusti kita saget makempal dhateng mriki kanthi seshat wal afiat.
Kaping kalih, wonten kalodhangan punika kula badhe atur sesuluh
dhumateng sedaya siswa ngenai kasarasan. Lumantar media punapa kemawon kita

sampun nyumurupi bilih bangsa kita ing titi wanci punika nedheng-nedhengipun
dipunuji Gusti ingkan Maha Augng arupi lelara ingkang maneka warna jinisipun.
Wonten antraks, muntaber, cikungunya, polio, gizi awon, manuk pilek, saha demam
berdarah. Menawi dipun etang sampun kathah kurban ingkang ketaman, wonten
ingkang naming dipun rawat dhateng rumah sakit nanging ugi wonten ingkang
ngantos tilar donya.
Mirunggan ing kalodhangan punika, kula badhe atur priksa mliki bab demam
berdarah. Lelara punika sampun sumrambah ing pundi kemawon, wiwit padhusunan
ngantos tlatah kitha. Kurban jiwa inggih sampun kathah. Pramila saking punika
sejatosipun nyegah dumadosing lelara langkung sae tinimbang ngobati. Demam
berdarah ugi saged dipuncegah. Menawi kita saged gumlong, saiyeg saeka kapti
nyegah lan mbrasta demam berdarah asilipun temtu langkung sae. Kita kedah
ngreka daya murih nyamuk aedes aegipty boten ngreembaka.
Cara ingkang saget kita tindakaken inggih punika, nguras bak tandhon toya,
nutup sedaya barang ingkang saged kaisi toya, saha ngubur sedata barang ingkang
saget kangge ngendhog nyamuk. Cara sanesipun inggih punika kanthi cara fogging
utawi pangasapan. Menawi sedaya cara kalawau saget katindakaken dening sedaya
warga, temtunipun demam berdarah saged kacegah. Menawi kula warga kita
wonten ingkang nandhang demam berdarah ingkang gejalanipun kawiwitan panas
ingkang inggil terus-terusan kasusul timbulipun bintik abrit ing kulit langkung sae
enggal dipunbekta dhateng dokter utawi rumah sakit. Sebab menawi telat saget
nggondhol nyawa.
Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina
manfaatipun. Pungkasanipun atur, sumangga kita tansah muji dhateng ngarsanipun
Gusti mugi kita dipun tebihaken saking sedaya ujian kalenet ujian sakit. Menawi
wonten tumpang suhipun atur kula nyuwun aguning samudra pangaksami.

You might also like