Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

BAWANG MERAH lan BAWANG PUTIH

Ing sawijining dina, ing salahsiji desa ana kaluwarga kang terdiri dari ibu, lan anak
2 wadon kabeh. Jeneng anak iki bawang merah lan bawang putih. Ibune mung ibu kandung
bawang merah lan ibu tiri bawang putih. Ibu lan bawang merah nduweni sifat kang ala,
nanging bawang putih sifate kang apik.
Bawang merah : Mbok Sih!!! Ning endi Mbok Sih iki.. Mbok Sihhh!!
Mbok Sih
: Inggih Mbak.. wonten punapa?
Bawang Merah : Bawang putih ana ing ngendi?
Mbok Sih
: Tasih umbah-umbah dhateng kali mbak..
Bawang merah : Yowes yen ngono.. apik ora usah dibengoki wes ngerti tugase, saiki
saponono latare aku arep turu, seng resik lo
Mbok Sih
: Inggih mbak..
Sanalika iku ibu kang nggoleki bawang putih pisan
Ibu
: Bawang putih!!! Bawang putih!!
Bawang merah : Ono opo to ibuke?? Bengak bengok ngalor ngidul?
Ibu
: Bawang putih ning endi?
Bawang merah : Ora usah digoleki, mung wes ngerti tugase
Ibu
: Yoweslah lapo repot repot, ayo turu..
Ing kali bawang putih umbah umbah klambi, nanging klambi sing diumbah kenyut ing kali
bawang putih bingung amarga klambi sing kenyut iku gadhahane ibune.
Bawang putih : Piye iki? Iku rasukan gadhahane ibu.. aduh piye iki? Apa taktuti wae yo?
Wes tak tuti wae
Akhire bawang putih ngetuti klambi iku mau..
Bawang putih : Aduh.. wes sore piye iki? Aku bali apa terus yo? Tapi yen aku bali, aku
diseneni ibu
Langite wes peteng nanging bawang putih pencet ngetuti klambi iku
Bawang putih : Aku wedi, wes bengi apa aku taken ing omahe mbah iku?
Assalamualaikum..
Mbah
: Waalaikumsalam.. sopo kuwi?
Bawang putih : Kula bawang putih, kula badhe mendhet rasukan ibu kula, punapa enten
teng mriki?
Mbah
: Owalah nduk nduk.. ono iku mau nyanthol ing ngarep omahku arep
kok jupuk ta nduk?
Bawang putih : inggih mbah.. datheng pundi mbah
Mbah
: Yen arep njupuk awakmu kudu nginep ngancani mbah seminggu nduk
Bawang putih : Nanging mbah...
Mbah
: Yowes mung ora gelem
Bawang putih : Inggih mbah
(bawang putih mung nurut marang mbah iku mau, saben dina bawang putih ngrewangi mbah.
Ora kroso yen wes seminggu bawang putih nginep)
Mbah
: Ndukk wis seminggu awakmu ana kene.. wes wayahe awakmu balik
Bawang putih : Mboten punapa yen kula tinggal mbah?
Mbah
: Ora papa nduk.. iki klambine ibukmu lan iki ana semangka
Bawang putih : Matur nuwun mbah.. menawi ngoten kula badhe nyuwun
pamit,Assalamualaikum
Mbah
: Waalaikumsalam
(Bawang putih wes ana ing omahe, ibu lan bawang merah pada heran kenapa bawang putih
nggawa semangka)
Ibu
: Nyapo awakmu nggawa semangka kaya ngono? Wes ora balik seminggu
malah nggawa semangka

Bawang Putih : Niki kula diparingi mbah, yen mboten purun kula mawon ingkan nyicip
Bawang merah : Ora usah kok towari aku karo ibu yo ora arep mangan semangka murah
kaya nggenanmu
(bawang putih banjur njupuk lading digawe mecah semangka.)
Mbok Sih
: Mbak.. kula mawon sing mecah
Bawang putih : Mboten napa napa mbok.. kula mawon
Mbok sih
: Bahaya mbak.. kula mawon
Bawang putih : Inggih pun
(Gak disangka semangka mau isine masmasan)
Bawang merah : buk.. piye iki bawang putih oleh masmasan
Ibu
: Ayo nirokke bawang putih
(bawang merah lan ibune banjur nirokke bawang putih nanging milih semangka sing luwih
gede)
Bawang merah : buk iki isini pasti luwih akeh
Ibu
: Yo methi nduk.. luwih gedhe kok..
(Barang dibelah semangka mau isine dudu mesamasan nanging uler kang gede, uler iki mateni
Bawang Merah lan Ibune nganti mati, Mulane dadi uwong aja mung serakah)

You might also like