Pidato B.jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

PIDATO BAHASA JAWA

Assalamualaikum wr.wb.
Sugeng siang kagem ingkang agami sanes, bapak/ ibu guru ingkang
kawula hormati. Ugi konco-konco lan sederek kula sedaya ingkang kula
mulyaaken. Sumonggo kita sami muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Kuaos dene ing siang menika kita sedaya saged
pepanggihan kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa.
Bapak/Ibu lan sederek kula sedaya ingkang kula mulyaaken, kanthi
ngrembakaning tekhnologi modern ingkang sampun sumebar sa
indenging jagad utaminipun komunikasi lan informasi kathah para
generasi muda utawi para nem nem-an ingkang sami sesrawungan bebas.
Pramila saking menika ing dinten menika kathah para nem nem-an utawi
generasi muda ingkang kajegur dening sesrawungan ingkang kirang sae.
Contonipun miras narkoba utawi obat-obatan terlarang saengga ngrisak
moral utawi perilaku pemuda utawi nem nem-an ingkang kedahipun para
nem nem-an kalawau nindakaken kegiatan ingkang sae. Contonipun
kangge ngisi kamardikan supados ngrembakaning wewangunan wonten
ing negari kita (Indonesia), tumuju masyarakat adil lan makmur ingkang
adedasar Pancasila lan UUD 1945. (sewu sangangatus sekawan doso
gangsal)
Bapak/Ibu lan sederek kula sedaya ingkang kula mulyaaken, sedaya
conto ing inggil kalawau minangka rerangken conto para nem nem-an lan
generasi muda ingkang singlar saking kautamen. Pramila kangge tameng
utawi rambu-rambu kita sedaya khusus generasi muda supados langkung
jejeg iman lan budi pekerti saha tingkah laku : perlu gadhah paugeran
tigang perkawis :
1. Pendidikan keluarga menika penting kangge ningkataken
kesadaran para generasi muda tumraping bebrayan.
2. Pendidikan sekolah penting kangge nggodhog perilaku lan
tingkah laku para generasi muda lan nem nem-an
3. Lingkungan ugi penting kangge sesrawungan para generasi
muda lan masyarakat.
Pramila ketiganipun menika kedah perlu dipun wigatosaken
saengga para nem nem-an saged nindaaken kegiatan utawi budaya
ingkang sae khususipun wonten ing lingkungan keluarga, sekolah
utawi wonten ing lingkungan masyarakat.

Bapak/Ibu lan sederek kula sedaya ingkang kula mulyaaken


mekaten kalawau sekedik ingkang saged kula aturaken mugi sagedto
nambahi seserepan khususipun dumateng para generasi muda utawi nem
nem-an supados saged nindaaken jejibahan ingkang sae wonten ing
lingkunganipun piyambak-piyambak.
Bapak/Ibu lan sederek kula ingkang kula mulyaaken, kula namung
saged ngaturaken, Santen toya kelapa mangan kupat dicampur gula,
cekap semanten atur kula menawi lepat nyuwun pangapura.
Wabilahitaufik walhidayah wassalamualaikum wr.wb.

You might also like