Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Pidhato Atur Bela Sungkawa saka Wakil Takjiah

Assalamu’alaikum
Sugeng Siang

Bapak-bapak, Ibi-ibu para takjiah ingkang ambeg ing darma

Innalillahi wa innailaihi roji’un


Manungsa punika kagunganipun Gusti, dhateng Gustinipun titah punika badhe wangsul.

Kula minangka wakilipun para ta’jiah, ndherek bela sungkawa dhumateng ahli waris
Bapak/Ibu  . . . . . . . . sagotrah (sakulawarga) ingkang nembe pikantuk pacobaning Gusti
ingkang Maha Agung. Kanthi konduripun Bapak/Ibu . . . . . . dhumateng ngayunaning
Pangeran.

Salajengipun kula ndherek memuji mugi-mugi rohipun almarhum/almarhumah . . . . . .


pikantuka berkah rohmating Pangeran, pinaringan jembar kuburipun, lepas paranipun,
pinaringana pajar marganipun, dipunapunten sadaya kalepatanipun, lan katampia amal
kautamanipun ing ngarsaning Pangeran. Mugi almarhum/almarhumah dipunpapanaken
wonten ing papan ingkang satimbang kaliyan punapa ingkang dados kautamenipun ing
alam bebrayan.

Mugi-mugi sadaya kaluwarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas lan narima ing
takdir, saha kagungan kekiyatan lair batos anggenipun ngleksanani darmaning agesang
wonten ing alam bebrayan. Jer manungsa menika naming nampi punapa ingkang
tinitahaken Pangeran. Manungsa namung titipanipun Pangeran, mila sawanci-wanci
kapundhut kita sadermi nglampahi ; sumarah wonten ing ngarsanipun.

Wasana mbokbilih rikala sugengipun nggadhahi samukawis bab ingkang lepat, menapa
kirang kaliyan para ta’jiah, kula minangka wakilipun para ta’jiah kanthi tulus-ikhlas
ndherek ndedonga mugi-mugi dosa lan kalepatan almarhum/almarhumah saged
pinaringan sihing pangeran lumantar para takjiah.

Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah-kathah anggen kula matur, pramila kula
cekapi semanten kemawon atur kula. Awit lenta-klentuning atur kula ingkang kirang
mranani, kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun!

Waassalamu’alaikum
Sugeng Siang.

You might also like