Makalah

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

Makalah

”RUWATAN”
Makalah Punika Dipunserat Piranti Tugas Basa Jawi

Dening
Khairunnisa Nurul Huda
15
X I IPA 7
2010/2011
Atur Sapala
Ingkang sepisan kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem
sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula saged ngrampungaken seratan
punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken seratan
punika.

Mugi-mugi seratan punika saged migunani kangge kula lan panjenengan


sedaya. Leres punika saking Allah,dhene menawi ingkang lepat punika saking
kula, kula nyuwun pangapunten.

Maturnuwun,

Penulis
BAB I
PURWAKA
Ingkang ngandasari
Indonesia menika negari ingkang nggadhahi tradisi mawarniwarni . Utaminipun
wonten ing daerah jawi. Ruwatan menika salah setunggalinipun budaya ingkang
dipunmangertosi denging tiyang kathah wonten ing tlatah jawi.

Ancas
1. Makalah punika dipundamel kagem njangkepi tugas kelas XI
BAB II

ISI
Ruwatan iku salahsijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake
wong, komunitas utawa wilayah saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki
sejatine ndonga, mohon perlindungan marang Gusti Allah saka ancaman bahaya-
bahaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga mohon pengampunan
dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabake bencana.

Upacara adat iki asale saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifate sinkretis sing
saiki diadaptasi lan disesuaike karo ajaran agama.

Makna
Ruwatan iku maknane mbale'ake neng keadaan sedurunge, maksude keadaan
saiki sing kurang apik dibale'ake neng keadaan sudungunge sing apik. Makna liya
ruwatan yaiku mbebasake wong utawa barang utawa desa saka ancaman
bencana sing kemungkinan bakal kedadiyan dadi isa dianggep yen upacara adat
iki sejatine kanggo tolak bala utawa mbuang sial.
Sajarah
Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan
menungsa. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.

Jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatiraké ngalami sukerta
yaiku:

 Sing lair tunggal utawa ontang-anting


 Kembang sepasang utawa kembar
 Sendhang apit pancuran utawa lanang, wadon, lanang, uga
 Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh

Sesajen
Sesajen sing disiapake kanggo upacara adat iki antarane:

 Kain pitung werna


 Beras kuning
 Jarum kuning
 Kembang pitung rupa

Yen kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing
diruwat kudhu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur
dilarung neng segara.

Larangan
Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot
(ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan.
Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai
gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin
Sungsang (aksara caraka diwalik).

BAB III
PENUTUP
Wosing Cariyos
Ruwatan iku salahsijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake
wong saka ancaman bahaya kanthi cara ndonga marang Gusti Allah. Upacara
adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan menungsa.
Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.

Saran
Upacara Ruwatan prayogi dipunlestantonaken kaliyan para warga supados
upacara adat mboten ical.

You might also like