Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

Tata Cara Pengajian

Bismillahir rahmaanir rahim : “Kanthi nyebut asmane Gusti


Allah ingkang Maha Murah lan Maha Asih”
1. Rabiia’uudzu bika hamazaatisy syayaatin, wa a’uudzu bika
rabbi ay yahdhuuruun.(Qs. 23; 97-98) : “ dhuh gusti
Pangeran kula, kula ngayom dhumateng Panjenengan saking
wisikanipun setan, lan ugi kula ngayom dhumateng
Panjenengan dhuh Gusti Pangeran kula, saking dumugining
piyambakipun (para setan) dhumateng kula.”
2.
 Bismillahir rahmaanir rahiim: “kanthi nyebut asmane
Gusti Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih
 Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamiin. :” Sedaya
pangelembana naming kagunganipun Gusti Allah ingkang
mangerani jagad sak isinipun.”
 Arrahmaanir rahiim. “ Ingkang Maha Welas lan Maha
Asih
 Maaliki yaumid diin: “ Ingkang nguwaosi wonten ing
dinten Piwales”
 Iyyaaka na’budu wa wa iyyaaka nasta’iin: “ Namung
dhumateng Panjenegan piyambak kula manembah, lan
naming dhumateng Panjenengan piyambak kula nyuwun
pitulungan.”
 Ihdinash shiraathal mustaqiim. :”Mugi Panjenengan kersa
nedahaken kula, humateng margi ingkang leres.”
 Shiraathal ladziina an’amta ‘alaihim: “ Inggih menika
marginipun tiyang-tiyang ingkang Panjenengan paring
nikmat,
Ghairil maghdhuubi ‘alaihim : Sanes marginipun tiyang-
tiyang ingkang Panjenengan bendu,
Wa ladh dhaalliin. (Qs. 1:7-7) : Lan sanes marginipun
tiyang-tiyang ingkang sami kesasar.”
3. Sami’naa wa atha’naa ghufraanaka rabbanaa wa ilaikal
mashiir(Qs. 2: 285) :
“Kula tansah mireng lan sendika dhawuh hangayahi!. Kula
tansah hangajeng-ajeng ing sih pangapunten Panjenegan, dhuh
Gusti Pangeran kawula sedaya, naming dhumateng Panjenegan
piyambak papan panggenan kawula wangsul.”
4. Rabbanaa atmin lanaa nuuranaa wagh fir lanaa innaka
‘alla kulli syai-in qodir (Qs. 66 : 8) : “Dhuh Gusti Pangeran
kula, mugi Panjenegan kersa nyampurnakaken cahyo kula lan
paring pangapunten dhumateng kula sedaya; sayektosipun
Panjenegan Maha Kuwaos sedaya perkawis.”
5. Rabbanaa innanaa aamanna fagh fir lanaa dzunuubanaa
wa qinaa ‘adzaa bannaar. (Qs.3 :16). :”Dhuh Gusti Pangeran,
sayektosipun kula menika sampun iman, pramila mugi
Panjenengan kersa maringi pangapunten sedaya kelepatan/dosa
kula, lan mugi Panjenengan ngreksa dhumateng kula saking
siksa neraka.”
6. Rabbana aamanna fagh fir lanaa war hamnaa wa anta
khairur raahimiin. (Qs. 23:109) : “ Dhuh Gusti Pangeran
kula, kula menika sampun iman, pramila mugi Panjenegan
paring pangapunten dhumateng kula, lan mugi Panjenegan
piyambak ingkang sak sae-saenipun maringi rahmat.”
7. Rabbanagh fir lii wa li waalidayya wa lil mu’miniina yauma
yaquumul hisaab. (Qs. 14 :41) : “Dhuh Pangeran kula,
mugiya paring pangapunten dhumateng kula, bapa-biyung kula,
saha sedaya tiyang-tiyang ingkang sumarah/muslim, wonten
ing dintenipun kajumenengaken dinten Hisab/Qiyamat.”
8. Rabbir hamhumaa kamaa rabbayaanii shaghiiraa. (Qs.
17:24) : “ Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi Panjenengan
tresnani tiyang sepuh kula kekalih, kadosdene piyambakipun
nresnani kula nalika kula taksih alit.”
9. Rabbanaa laa tu-aakhidznaa in nasiinaa au akhta’na, :”
Dhuh Pangeran kula, mugi sampun ngantos Panjenengan nyiksa
dhumateng kula menawi kula kesupen utawi lepat,”
 Rabbana wa laa tahmil ‘alainaa ishran kamaa
hamaltahuu’alal ladzii min qablinaa, : Dhuh gusti
Pangeran kula, sampun ngantos Panjenengan pikulakaken
dhumateng kula sesanggan ingkang awrat, kadosdene
ingkang sampun Panjenegan pikulaken dhumateng tiyang-
tiyang sakderengipun kula.”
 Rabbanaa wa laa tuhammila maa laa thaaqata lanaa
bihii: Dhuh Gusti Pangeran kula, sampun ngantos
Panjenegan dhumateng kula, sedaya samukawis ingkang
kula mboten sagah mikul sedaya,”
 Wa’fu ‘annaa wagh fir lanaa war hamnaa : “Kula
nyuwun pangapura, kula nyuwun pangapunten, kula
nyuwun rahmat,”
 Anta maulaanaa fan shurnaa ‘alal qaumil kaafiriin.
(Qs.2:286) : : Inggih Panjenengan Bendara
kula/Pengayoman kula pramila mugi Panjenegan paring
pitulungan dhumateng kula, saking tiyang-tiyang ingkang
kafir.”
10. Rabbanagh fir lanaa dzunubanaa wa israafanaa fii
amrinaa watsabbit aqdaamanaa wan shurnaa ‘alal qaumil
kaafiriin. (Qs.3: 147) :”Dhuh Gusti Pangeran kula, migi
Panjenegan paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kula,
kalepatan kula, saha sedaya tumindak kula ingkang sampun
nglangkungi wates ing sakperkawis kula, lan mugi netepaken
kapitadosan kula, lan mugi Panjenengan paring pitulungan
anggen kula ngadepi tiyang-tiyang kafir.”
11. Rabbi auzi’nii an asykura ni’matakal latii an’amta ‘alayya
wa’alaa waalidayya, : “Dhuh Pangeran kula, mugi Panjenegan
tedahaken dhumateng kula, caranipun syukur nikmat
dhumateng Panjenengan, ingkang sampun Panjenengan
paringaken nikmat kalawu dhumateng kula lan bapa-biyung
kula,”
 Wa an a’mala shaalihan tardhaahu, : “Lan kula supados
saget nglampahi amal kesaenan ingkang Panjenengan
rilaaken/ijinaken/ridhai,”
 Wa ashlih lii fii dzurriyyatti, :“Lan mugi Panjenengan
kersah paring kebagusan/kesaenan dhumateng kula lan anak
putu kula,”
 Innii tubtu ilaika, wa innii minal muslimiin. (Qs. 46:15) :
“ Saestunipun kula mertobat dhumateng Panjenengan lan
sayektosnipun kula kalebet tiyang-tiyang ingkang sumarah,”
12. Rabbanaa aatinaa mil landunkaa rahmataw wa hayyi’
lanaa min amrinaa rasyadaa. (Qs.18:10) : “ Dhuh Pangeran
kula, mugi Panjenegan paring rahmat dhumateng kula saking
ngarsa Panjenegan, lan nyawisaken pitedah sedaya perkawis
kula,”
13. Rabbi zidnii ‘ilmaa. (Qs. 20:114) :” Dhuh Gusti Pangeran
kula, mugi Panjenegan kersa paring tambahan ilmu dhumateng
kula.”
14. Rabbanaa wa taqabbal du’a. (Qs. 14:40) :” Dhuh Gusti
Pangeran kula, mugi Panjenegan kersa nyembadani sedaya
panyuwun kula.”

DONGO PANUTUP
QS.37:180. SBHAANA RABBIKA RABIIL ‘IZZATI ‘AMMAA
YASHIUUN :”Maha Suci Gusti Pangeranira kang kagungan
kaperkasan saka apa kang dheweke kabeh padha anyipati.”
Qs. 37:181 . Wa salaamun ‘alal mursaliin : “Lan kawilujengan
mugi kaparingaken dhumateng para rasul/utusan-utusanipun.”
Qs. 37 : 182. Wal hamdu lillaahi rabbil ‘aalamin. : “ lan sedaya
pangelembana namung kagunganipun Gusti Allah kang Mangerani
jagad sak isine.”

Surakarta, 14 Agustus 2009


Dewan Pengurus
Yayasan Nur Illahi Nusantara

Drs. Suyanto

You might also like