Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

WAYANG

Wujud seni budaya asli Indonesia ing tanah jawa jaman para wali (sunan kalijaga) sing digunaake kanggo alat siar agama islam salah sijine yaiku wayang . Yen dideleng saka ceritane wayang iku padha dene nggambarake uripe menungso ing alam ndonyo. Prabot utawa ubarampene wayang kabeh nduweni makna plambang ,tuladane:  WAYANG  KELIR  DEBOG : pralambange manungsa urip : wujud mori putih kang dipethang minangka pralambange langit : wujud uwit gedhang kang ditata rubuh kanggo nanacepake wayang

minangka pralambange bumi  BLENCONG : wujud lampu minyak minangka pralambange srengenge  KOTHAK  CEMPALA  KEPYAK : wujud wadah saka kayu minangka pralambange sangkan paran : wujud kayu minangka pralambange jantung : wujud logam lempengan wesi,kuningan lan perunggu minangka

pralambange lakune getih  GAMELAN : wujud tetabuhan minangka pralambang kebutuhanne

manungsa(sandang,pangan lan papan)

JENISE WAYANG

 WAYANG BEBER Wayang sing digambar utawa dilukis ana ing lembaran lan diceritaake saben episode kanthi cara dibeber utawa dijereng  WAYANG KULIT Wayang sing digawe saka kulit sapi ,kebo,lan wedus (sumber ceritane Ramayana lan Mahabarata)  WAYANG SULUH

Wayang sing kaya dine manungsa lumrah paragane tokoh-tokoh masyarakat (kanggo penyuluhan)  WAYANG GOLEK Wayang sing wujud boneka 3 dimensi (sumber ceritane Mahabarata lan Ramayana ngrembaka ing tanah sunda ,bandung lan jawa barat liyane)  WAYANG KLITHIK Wayang sing digawe saka kayu pipih (sumber ceritane Panji Asmara Bangun ngrembaka ing tanah babat tuban,lamongan lan bojonegoro)  WAYANG WAHYU Wayang sing nyritaake perjuangan kaum nasrani paragane tokoh-tokoh ing agama Kristen ing daerah jawa tengah,solo lan Surakarta

TUJUAN

Kanyatan ora bisa diselaki menawa warisan budaya kang adi luhur ditinggalake para leluhur mligine bab wayang,wes wiwit ditinggal dening para generasi muda umume luweh ketarik marang budaya manca sing sak temene ora selaras karo budaya bangsa Indonesia . Eman banget yen wayang nganthi ilang ing madyaning bangsa,sebab wayang sak liyane bisa dadi tontonan uga bisa dadi tuntunane urip ,mulo wajib dilestareake. Kanggo nggawe bab iki minangka murid TAMAN DEWASA /TAMAN SISWA cabang Probolinggo nduweni kewajiban nglestareake kanthi cara nggawe kliping wayang kulit kang wes dirinci manut golongane,muga-muga kena onone kliping iki bisa nggugah greget semangate kawulo mudha iki tansah nresnani budaya warisan leluhur kang adi luhung.

You might also like