Plembungan Kanggo Arin

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Plembungan Kanggo Arin Lagi wae tekan teras, ambu gurihe kacang telur sing nedheng digoreng mlebu

irunge Ninik. Kaya biasane, Ninik uluk salam karo mlebu omah. Assalamualaikum. Waalaikumsalam, sing mangsuli ibu lan swara cumengklinge bocah wadon cilik, Arin, adhine sing isih sekolah TK. Bocahe lagi lungguh amben nithili gogrogan glepung sing cepot saka kacang. Piye mau ulangane? ibu ndangu tanpa leren anggone ngosebg kacang ing wajan supaya matenge rata. Salah siji, Buk. Ninik nuli nyritakne ulangane matematika esuk mau. Dheweke salah nalika nggarap soal nggoleki luase jajaran genjang. Ninik lali rumuse. Yaw is, salin kana dhisik. Ninik tumuju kamare Arin. Rampung salin lan wisuh, Ninik mangan ana pawon. Cedhak ibune sing isih terus nggoreng kacang. Bapake sing dadi sopir angkudes, mengko sore lagi kondur. Ibune Ninik wis suwe dodolan kacang asin lan kacang telur dibungkusi plastic rentengan. Tugase Ninik yen mulih sekolah, sabubare leren sadhela, ngrewangi mbungkusi kacang sing wis adhem. Ditaker sendok, dilebokne plastic, plastike njur dilempit lan dislomot geni ublik. Ninik wis prigel nendang kabeh mau. Sesuke karo budhal sekolah Ninik nyangking kacang-kacang mau. Disetorake menyang warung-warung sing wis langganan. Bali sekolah warung-warung iku diampiri maneh seperlu njupuk dhuwite. Ibu ora marengake Ninik nggawa dhuwit akeh menyang sekolahan. Mula olehe njupuk dhuwit kacang sabubare sekolah. Ninik uga nggawa kacang telur lan kacang asin menyang sekolahan. Dititipake Bu Kantin. Rong dino pisan diteri patang renteng isih patang puluh.Ninik babarpisan ora isin yen ana kancane sing ngerti dheweke dodolan kacang. Sejene ngono kancane uga ora ana sing ngelokake. Menawa dina minggu Arin kerep melu Ninik ngeterake kacang. Kaya esuk iki. Nalika Ninik siap-siap ngeterake kacang, Arin sing wis adus ngenteni ana teras. Ayo! pangajake Ninik bareng metu. Arin marani mbakyune. Terus dijunjung ditumpakake goncengan. Sikile Arin loro karo ditaleni, diolehake ngisor sadhel ben ora kena ruji. Ninik banjur mancal sepedhahe ngulon. Menawa dina minggu dheweke ora mung ngeterake kacabg ing

warung saurute dalan sing diliwati yen sekolah. Dheweke uga ngetarake kacang neng warunge Mbokdhe Tuminah lan Lik Sumi ing cedhak pasar. Mandheg dhisik ya Mbak. Panjaluke Arin nalika liwat ngarep pasar. Mangka warung sing dituju isih terus ngalor. Mengko wae mandheg nek kacange wis diterne kabeh. Wangsulane Ninik. Ninik wis ngerti sing dikaarepne adhine. Wis ping telu iki Arin ngejak mandheg angger liwat ngarep pasar iku. Gedhe, gambare rena-rena, tur bisa mumbul merga diisi gas karbit. Plembungan-plembungan iki obah-obah kena angin. Ninik ora mblenjani janjine. Biasane Ninik ngendhegake sepedhahe cedhak bakul plembungan kuwi lan Arin cukup nyawang saka dhuwur goncengan. Ning saiki beda. Ninik njagang sepedhahe. Kain sing dienggo naleni sikile adhine diuculi. Ninik banjur nggandheng Arin nyedhaki bakul plembungan. Tuku plembungan, Ndhuk? bakule takon. Arin ora sumaur. Dheweke noleh marang mbakyune. Nggih Pak, sing sumaur Ninik. Krungu wangsulane mbakyune Arin mesem amba. Mripate katon sumunar. Saka ngomah mau ninik wis nggawa dhuwit sewu, sing diklumpake saka sanguine. Dheweke wis ngerti regane plembungan iku, merga tau krungu sawijining ibu takon regane plembungan iku. Kowe milih sing endi, Rin? takone Ninik. Sing kuning. Sing kuning sing endi? bakule nyambungi. Plembungane kuning ana loro. Sing iki? Bakule ndemek plembungan gambar donal Bebek. Apa sing iki? saiki genti ndemek gambar miki tikus? Sing gambar Miki Tikus. Bakul plembungan njupuke sing dikarepne Arin banjur diulungake. Arin nampani alon, samar yen ucul. Pinten pak? Sewu. Ninik menehake limang atusan klitihik loro. Adhine terus digandeng dijak mulih. Sik Ndhuk! bakul plembungan iku nyeluk. Ninik noleh. Renea dhisik.

Enten napa pak? Plembungane tak talenane neng kayu, ben penak leh nyekel. Plembungan dijupuk saka tangane Arin. Bakul Plembungan iku njupuk tugelan cuthik cilik. Bolahe plembungan banjur ditalekake ana tengah kayu. Wis, ngene lak penak leh nyekel. Ora gampang ucul, kandhane bakul kuwi karo menehake plembungan nyang Arin maneh. Matur suwun nggih pak. Ya, ya, Ndhuk Matur Suwun, Arin melu-melu. Ninik banjur nggonceng adhine mulih. Sadalan-dalan Arin nyanyi lagu Balonku Ada Lima. Sajake bungah banget. Ninik sing ngrukake melu seneng.

You might also like