Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 115

PARENTING
ON LINE






PANUNTUN
Kitab Pangandharing Tort ngewrat katrangan bab Angger-
angger Tort tumrap bangsa Isral sadrngipun mlebet dhateng
tanah Kanaan. Umat Isral nemb ngalami wah-wahan ageng
ing gesangipun, inggih punika:
- Gumantining keturunan. Saking tiyang sepuh (ingkang
medal saking negari Mesir), sampun surud ing
pasamunan (kejawi Kalb, Yusak lan Musa), sampun sami
ginantosan dning tiyang-tiyang anm (ingkang lair ing
pasamunan)
- wah-wahan dhateng peparing ingkang anyar.
WULAN BRAYAT
Bahan 1

Waosan:
Pangandharing Tort
6:4-9

Ancas:
Tiyang sepuh kabereg
ndhrk prigel
ngginakan jagad maya,
kangg nggulawenthah
para lar, sa ingkang
satunggal griya punapa
dn ingkang
manggn ing jawi
kitha.



LPP Sinode Wulan Brayat 2014 116


- Anggnipun sami manggn ing pasamunan badh
tumunten rampung. Gantos badh ngejki tanah Kanaan.
- wah-wahan ing pengalaman caranipun gesang. Tarub
dipun gantos griya, tetedhan ing pasamunan gantos
puwan, madu gandum lan anggur Kanaan.

Gesang ing tanah Kanaan badh dados wewengan ingkang kaping
kalih, ingkang kaparingaken Gusti dhateng bangsa Isral,
supados sami gesang manut pranatan lan paugeranipun Gusti.
Boten kados nalika bangsa Isral ing pasamunan ingkang nerak
paugeranipun Gusti. Nabi Musa nyangoni umat Isral supados
sami gesang ingkang ndadosaken karenaning panggalihipun
Gusti.

Ing bab 6 punika, Nabi Musa nerangaken prangan ingkang
wigati, ingkang kedah dados dhasaring gesang bangsa Isral,
inggih punika tresna dhumateng Gusti. Bangsa Isral kedah
temen-temen sinau nresnani Gusti kanthi sawetahing
gesangipun. Katresnan wau badh ndayani bangsa Isral setya
ing ngarsanipun Gusti, ingkang badh nanggel lestarining gesang
lan berkah ing salaminipun.

Kanthi mirunggan, Nabi Musa nengenaken bilih tiyang Isral
gadhah kuwajiban kangg nerasaken piwulang lan paugeran
ingkang katampi, dhateng para tedhak turunipun. Tiyang Isral
nampi paugeran Tort saking Nabi Musa, salajengipun para
tiyang Isral tanggel jawab kangg nglajengaken dhateng para
anak-putunipun. Satunggaling bab ingkang maremaken dn
pinitados nindakaken jejibahan ingkang mulya wau.

Tanggel jawab ingkang dipun tampi tiyang Isral boten nthng.
Piyambakipun kedah mulangaken paugeraning Tort dhateng
anak-anakipun kanthi wongsal-wangsul (ayat 7), ing pundia
papan lan wekdal. Ing sisih sans, piyambakipun kedah nyepengi


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 117


paugeran wau kanthi temen lan setya ( (ayat 8, 9). Satemah boten
namun piwulang ingkang kawarisaken nanging inggih
patuladhan.

Tanggel jawab punika samangk wonten ing pundhak kita, para
tiyang sepuh Kristen. Kita gadhah kuwajiban nglajengaken
piwulang lan paugeran saking Gusti dhateng para anak kita.

Jaman pancn sampun ngalami wah-wahan, ananging tugas
wau tetep nyawiji wonten ing saben tiyang sepuh. Kepara tanggel
jawab wau langkung awrat. Ing jaman samangk, panyambut
damel ndadosaken kirangipun pepanggihan antawisipun tiyang
sepuh kaliyan anak. Drng malih tiyang sepuh boten ajeg saged
satunggal griya lan celak kaliyan lar. Nalika anak ndhungkap
dados diwasa, kathah anak nilaraken griya karana pasinaon utawi
panyambut damel. Tiyang sepuh boten saged malih ngawasi
siyang lan dalu.

Puji sokur konjuk Gusti, karana Panjenenganipun tansah nyawisi
margi kangg kita. Tiyang sepuh kedah landhep ningali wekdal
ingkang kaparingaken dening Gusti kangg nindakaken tanggel
jawabipun. Kamajenganing ngelmu teknologi kangg
sesambetaning manungsa, saged kaginakaken tiyang sepuh
kangg nyarengi lan nuntun para anakipun ing margining
Pangeran, sa ingkang satunggal griya punapa dn ing jawi
kitha.


TUNTUNAN PANYURAOS:

1. Kaandharna punapa kmawon ingkang sampun
panjenengan tindakaken salebeting mbabar timbalanipun
Gusti kangg:


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 118


a. Mulangaken dhawuh lan paugeranipun Gusti dhateng
para anak (ayat 6-7).
b. Dados patuladhan kangg para lar salebeting
nindakaken paugeranipun Gusti (ayat 8-9).



2. Punapa kemawon ingkang dados pambengan, ingkang
panjenengan tampni salebeting nindakaken
timbalanipun Gusti wau (no 1)?
3. Ing jaman kamajenganing tknologi kangg sesambetan
antawising manungsa punika, punapa kmawon ingkang
panjenengan ginakaken kangg nyarengi para putra
panjenengan (mirungganipun ingkang boten tunggal
griya)?



[ERY/TK]

You might also like