Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 6

1.

Jêjêr ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå, dipún adhêp
Bathårå Narådå lan pårå Déwå.
Ngrêmbag kawóntênaning lêlampahan lan papêsthèníng dumadi.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Kålå.
Nyuwúm papancèníng têdhanipún, awít têtêdhan ingkang kålå rumiyín namúng
bangsanipún lêlumutan lan gêgódhóngan, ing sapunika sampún bótên marêmakên.
Milå lajêng nêdhå bangsaníng kéwan lan ugi asríng nêdha manungså.
Nangíng punikå kacariyós bótên dipún parêngakên.
Awít sakíng punikå Bathårå Kålå nyuwún palilah,ingkang pundi ingkang dipún
parêngakên.
Bathårå Guru ngandika manawi Bathårå Kålå bótên dipún parêngakên nêdhå sato
kéwan lan manungså ingkang dèrèng kalêptan ing lêpat.
Bathårå Kålå dipún parêngakên nêdhå gólónganipún sato kéwan, sartå ugi manungså,
ingkang nandhang lêpatíng dumadi, antawisipún inggíh punikå:
01. Ontang-antíng, laré ingkang bótên gadhah sadhèrèk.
02. Kêdhånå-kêdhini, sadhèrèk namúng kalíh, jalêr kaliyan èstri.
03. Kêmbar, laré lahír sarêng sadintên, jalêr sami jalêr utawi èstri sami èstri.
04. Dhampit, laré lahír sarêng sadintên, jalêr kaliyan èstri.
05. Góndhang-kasíh, laré lahír kêmbar, satunggal pêthak bulé, satunggalipún bótên.
06. Tawang gantungan, laré kêmbar, lahiripún sarênti antawís dintên.
07. Sakrêndhå, laré lahír sarêng sadintên mêdal kalíh utawi langkúng sartå tunggíl
sabungkús.
08. Wungkús, laré lahír bungkús.
09. Wungkúl, laré lahír tanpå ari ari
10. Tibå sampir, 1aré lahír kalúng usús.
11. Tibå ungkêr, 1aré lahír kagubêd ing usús, sartå mêdalipún mawi sêsakít bótên
sagêd nangís.
12. Jêmpinå, laré1ahír dèrèng mangsanipún, kadóstå sawêg ngumúr pitu utawi
wólúng wulan.
13. Margånå, laré lahiripún nuju ibunipún lumampah ing margi.
14. Wahånå, laré lahír nuju wóntên salêbêtíng pajagóngan utawi paraméan.
15. Julúngwangi, laré1ahiripún nuju wanci palêthèkíng suryå.
16. Julúngsungsang, laré lahír ing wanci têngangé
17. Julúngsarab, laré lahír nuju wanci ngajêngakên sêrapíng súryå.
18. Julúngpujúd, laré lahír wanci sêrapíng súryå.
19. Sêkar sêpasang, sadhèrèk kalíh sami èstri.
20. Ugêr ugêr-lawang, sadhèrèk kalíh sami jalêr.
21. Sêndhang kapít pancuran, sadhèrèk tigå, jalêr, èstri, lajêng jalêr malíh.
22. Pancuran kapít sêndhang, sadhèrèk tiga, èstri, jalêr, lajêng èstri malíh.
23. Sarombå, sadhèrèk sêkawan jalêr sadåyå.
24. Sarimpi, sadhèrèk sêkawan, èstri sadåyå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=400:10-lampahan-murwa-kala- 1
01&catid=49:sinopsis-pakeliran&Itemid=149
25. Pandhåwå utawi Pancå putrå, sadhèrèk gangsal jalêr sadåyå.
26. Pandhåwi utawi Pancå putri, sadhèrèk gangsal èstri sadåyå.
27. Pipilan, sadhèrèk gangsal, èstri sêkawan lajêng jalêr.
28. Padangan, sadhèrèk gangsal, jalêr sêkawan lajêng èstri.
29. Siwah utawi Sléwah, laré sléwah
30. Krêsnå, laré cêmêng mulús.
31. Wunglé laré bulé.
32. Walikå, laré ajang.
33. Bungkúl, laré bungkúk wiwít sakíng lahír.
34. Dhêngkak, laré bucu ing ngajêng wiwít saking lahír.
35. Butún, 1aré bucu ing wingkíng wiwít sakíng lahír.
36. Wujíl, 1aré céból.

Bathara Guru

Kajawi punikå taksíh kathah panunggilanipún ingkang kalêbêt aradan dadós têdhanipún
Bathårå Kålå, ingkang tuwúh sakíng pandamêlipún piyambak. Nangíng bótên kêdah
karuwat mawi upåcåra agêng. Cêkap namúng caós sêsaji lan puji donga (nglêbúr doså)
élíng waspådå.
Margi gêsang punika têmtu nandhang kalêpatan, antawisipún inggíh punikå:
01. Tiyang damêl griyå énggal mawi kajêng bang bangan lungsúran.
02. Tiyang damêl bagéyaníng griyå mawi tilas sanggar utawi cungkúp.
03. Tiyang ngadêgakên griyå månggåséså, inggíh punikå antawisipún, êmpyak sasisíh
sampún kaêtrapakên, ingkang sasisíh dangu bótên dipún rampungakên.
04. Tiyang damêl griya tanpå tutúp kéyóng.
05. Tiyang damêl griyå utawi dandósan mawi dêlíng wóng wang.
06. Kontên lan candhélaníng griyå sadalu natas bótên dipún tutúp, mångkå bótên
kanggé kapêrluan.
07. Ngadêg dangu wóntên satêngahíng kóntên.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=400:10-lampahan-murwa-kala- 2
01&catid=49:sinopsis-pakeliran&Itemid=149
08. Dangu gandhulan kóntên lan lêndhêtan gêdhègíng griyå.
09. Nugêlakên gandhík utawi pipisan.
10. Ambucal uwúh wóntên lóngan utawi wóntên salêbêtíng griyå.
11. Damêl pawuhan cakêt kaliyan griyå.
12. Damêl sumúr énggal wóntên sangajêngíng griyå lêrês, utawi wóntên salêbêtíng
griyå.
13. Nanêm lung lungan lan sasaminipún wóntên sangajêngíng griyå lêrês.
14. Bótên ngopéni lan siyå dhatêng kapal, maéså, lêmbu lan sasaminipún.
15. Bótên mraduli dhatêng pantún, pålåwijå lan sasaminipún.
16. Nêdhå nilar kókóh kathah, rêmên damêl sêkúl wadhang lan sasaminipún.
17. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng båpå babu lan lêluhuripún.
18. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng candhi candhi patilasaning lêluhuripún.
19. Kunarpå lumampah, kêkésahan têbíh piyambakan ing wanci têngah dalu utawi
têngah siyang.
20. Bathang ucap ucap, tiyang kalíh kêkésahan têbíh tilar kaprayitnan.
21. Gótóng-mayít, tiyang tigå kêkésahan têbih tilar kaprayitnan.
Lan taksíh kathah malíh panunggilanipún.
Bathårå Kålå sasampunipún kaparingan pêprincèníng têdhå, lajêng nyuwún pamít,
nuntên bidhal.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, Bathårå Narådå lan pårå Déwå sami munjúk, manawi
sangêt kaladúk anggènipún maringi pêprincèníng têdhå dhatêng Bathårå Kålå.
Nangíng Bathårå Guru ngandika, bilíh sadåyå wau sampún kalêbêt lêlampahaníng
dumadi.
Sadåyå sami kabingungan.
Sasampunipún karêmbag matêng, supadós budi dåyå énggal nyirêp lan ngalang-alangi
kadadósaning dumadi ingkang bótên prayogi punika wau, sarånå dipún ruwat.
Bathårå Guru lajêng dhawúh dhatêng Bathårå Narådå, kadhèrèkakên pårå Déwa,
dhatêng Kahyangan Ngutåråsagårå, manggihi Bathårå Wisnu, mundhút tulúng kapuríh
ngruwat mêmålå sukêrtaníng manungså, ingkang dadós mangsanipún Bathårå Kålå.
Bathårå Narådå lan pårå Déwa matúr sandikå, nyuwún pamít, lajêng bidhal.

Bibaran paséwakan. Bathårå Guru ngadhatón ing Tinjomåyå.

Bathara Narada

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=400:10-lampahan-murwa-kala- 3
01&catid=49:sinopsis-pakeliran&Itemid=149
2. Madêg ing Rêpat kapanasan. Bathårå Narådå, Bathårå Indrå, Bathårå Bråmå, Bathårå
Sambo, Bathårå Payu lan sadåyå pårå Déwå.
Samåptå ing damêl, lajêng bidhal, prampógan Déwå ngråtå margi.

3. Madêg ing dhukúh Babadan talatah Mêdhangkawít, råndhå Sêmbådå inggíh råndhå
Sêmawít lênggah dipún adhêp anakipún jalêr ontang antíng, nåmå Jåkå Jatús, dipún
pituturi ing rèh tåtåkramaning gêsang.
Dipún dhawuhi adús dhatêng sêndhang Nirmålå ing talågå Madirdå, supadós sagêd
suci kalís sakathahíng mêmålå lan bêbåyå.
Jåkå Jatús ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng bidhal.
Lampahipún Jåkå Jatús kalís ing rubda. Sarêng dumugi ing sêndhang Nirmålå, lajêng
anggêbyúr adús kungkúm.
Sigêg.

4. Madêg ing Kahyangan Sêlaman gumpêng inggíh ing Kahyangan Krêndhåwahånå,


Bathari Dúrgå dipún adhêp Jurumåyå, Rinumåyå, Jåråmåyå, manggihi rawuhipún
Bathårå Antågå.
Wawartós bab badhé dumadósíng lêlampahan manékå warnå wóntên ing jagad
paraméyan.
Bótên watawís dangu Bathårå Kålå dhatêng.
Wawartós manawi sampún dipún paringi pêprincèn têtêdhan kathah sangêt. Nyuwún
pamít, nêdyå padós têtêdhan.
Bathårå Antågå tumút andombani, manjíng dhatêng hangganipún Kyai Téjåmantri
inggíh Kyai Tógóg.
Nuntên bidhal.
Ing samargi-margi Bathårå Kålå tansah nêdhå nadhah mêmångså pårå manungså
ingkang sampún kalêbêt aradan.
Andadósakên girís mirisipún bêbrayan gêsang nalikå samantên.
Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Jåkå Jatús ingkang nuju mêntas adús sakíng
sêndhang Nirmålå.
Nêdyå dipún tadhah kålåmångså, nangíng Jåkå Jatús sanjang manawi badanipún
sampún suci, sampún adús wóntên ing sêndhang Nirmålå.
Bathårå Kålå bótên mraduli, awít Jåkå Jatús punikå laré ontang antíng.
Lajêng dipún tubrúk, nangíng lêpat, têrús lumajêng, dipún oyak.
Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Bathårå Narådå lan pårå Déwå.
Bathårå Narådå ngandikå, manawi Bathårå Kålå anggènipún nêdhå mêmangsanipún
namúng kanthi lêlawaran gêsang gêsangan, awít sakíng dhawúhipún Bathårå Guru,
sapunika kêdah sarånå dipún pêjahi langkúng rumiyín, dipún tamani bêdhåmå.
Manawi sampún pêjah, sawêg kéngíng katadhah kålå mångså.
Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng dipún paringi sanjåtå bêdhåmå.
Bathårå Narådå lan pårå Déwå nuntên nglajêngakên lampah.
Déné Bathårå Kålå ugi nglajêngakên padós mêmangsan.
Sigêg.

5. Madêg ing Kahyangan Ngutåråsagårå, Bathårå Wisnu dipún adhêp Bathårå


Bådråmåyå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=400:10-lampahan-murwa-kala- 4
01&catid=49:sinopsis-pakeliran&Itemid=149
Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå lan pårå Déwå, ngandika ngêmban dhawúh
timbalanipún sang Hyang Jagad Guru, dhawúh dhatêng Bathårå Wisnu supadós
ngruwat rêrêtuníng jagad ginêlar ingkang awit sakíng pandamêlipún Bathårå Kålå.
Bathårå Wisnu matúr sandikå. Lajêng damêl rékådåyå sarånå pagêlaran padhalangan
wayang, Bathara Wisnu dadós dhalang, nåmå dhalang Kåndhåbuwånå, Bathårå
Cåndrå Bådråmåyå dadós panjak pangêndhang, panggêndèr Bathårå Narådå,
pangrêbab Bathårå Indrå, panylênthêm Bathårå Bråmå, pangênóng Bathårå Sambo,
pangêgóng Bathårå Bayu.
Déné ingkang nyarón imbal lan nyulíng Bathårå Patúk lan Bathårå Tamburu.
Sadåyå sami santún busånå lan santún nåmå.
Sasampunipún samaptå sadåyå dalah wayang sapirantósipún, lajêng sami bidhal
ambarang.
Lampahipún samargi margi kaliyan ngruwat pårå ingkang sami nandhang mêmålå
sukêrtå.
Kapanggíh Jåkå Jatús, dipún ayómi, kapuríh tumút ngêthúk.
Nuntên sami nglajêngakên lampah.
Kocap Bathårå Kålå anggènipún ngoyak-oyak Jåkå Jatús kabingungan bótên sagêd
kapanggíh.
Sakíng sayahipún, lajêng tilêm sêsênggóran wóntên sangadhapíng wít randhuwånå.
Sigêg.

Jaka Jatus

6. Madêg ing dhusún Dhadhapan (Namaníng dhusún lan sapiturutipún ingkang


kagungan karså ruwatan), Kyai Dhadhapmantêp (Namanipún ingkang kagungan
karså ruwatan, pún Kråmå, pún Dipå lan sasaminipún) sakaliyan garwå lan
putranipún putri ontang-antíng (Namanipún laré ingkang dipún ruwat, putrå utawi
putri sartå kawóntênanipún, lan sasaminipún), nåmå Ni Råråsati, sami lalênggahan
manggihi ingkang paman nåmå Buyút Tåpåwangkêng (Buyút Tåpåwangkêng sagêd
dipún gantós namaníng éyangipún lan sasaminipún) Ngrêmbag gêgêríng
kawóntênan.
Kathah tiyang dhusún ngadhusún ingkang sami girís mirís, margi sami kéngíng
aradan dadós mangsanipún Bathårå Kålå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=400:10-lampahan-murwa-kala- 5
01&catid=49:sinopsis-pakeliran&Itemid=149
Buyút Tåpåwangkêng mituturi, bilíh wóntên sarananipún amríh kalís sakíng aradan.
Inggíh punika kapurih sasaji pagêlaran wayangan
Ruwatan, dhalang Kyai Kåndhåbuwånå.
Kyai Dhadhapmantêp dalah kulawargå sami sêtuju, lajêng nyuwún tulúng Buyút
Tåpåwangkêng, ngupadósakên dhalang Kåndhåbuwånå.
Buyút Tåpåwangkêng nyagahi, lajêng bidhal.
Lampahipún Buyút Tåpåwangkêng wóntên ing margi manggihi Dhalang
Kåndhåbuwånå lan sadayanipún.
Mrasajakakên kapêrluanipún Dhalang Kåndhåbuwånå nyagahi, lajêng nêrangakên
sarat sarananipún sasaji Ruwatan.
Buyút Tåpåwangkêng nyagahi. Sadåyå lajêng sami bidhal dhatêng wísmanipún Kyai
Dhadapmantêp.

7. Madêg ing wismanipún Kyai Dhadhapmantêp, pêpak pårå kulawargå, katungkå


rawuhipún Dhalang Kåndhåbuwånå lan sadayanipún.
Sêsaji ruwatan sajangkêpipún sadåyå sampún kacawisakên.
Dhalang Kåndhåbuwånå lajêng wiwít ngringgít.
Nalikå sawêg ramé raménipún têtabuhan talu wayangan, ingriku wóntên wanitå
ingkang nglahirakên jabang bayi, mêdal êstri, lajêng kapasrahakên dhatêng Dhalang
Kåndhåbuwånå. Jabang bayi dipún tampèni, dipún pangku, dipún mantrani, dipún
namakakên Kên Ruwati.
Ugi nalikå punikå Bathårå Kålå kabrêbêgan mirêng swanténíng têtabuhan talu
wayang. Tangi tilêm, nyandhak bêdhamanipún, lajêng murugi panggénaning ramé
ramé.
Dumugi panggênaníng ruwatan, Bathårå Kålå sumêrêp Jåkå Jatús wóntên ingriku,
lajêng têrús dipún tubrúk.
Dhalang Kåndhåbuwånå waspådå, Bathårå Kålå dipún balang tigan sajên, kéngíng
tutukipun ingkang nuju mangap, tigan kolu ing padharan, anggênipún nyêpêng
bêdhama mrucút.
Bathårå Kålå sangêt dukå, lajêng bantah kaliyan dhalang Kandhåbuwånå.
Rêhné kawón sêpúh Bathårå Kålå tansah kawón bantahipún.
Mila lajêng manút dipún prayogêkakên, bilíh ing salajêngipún Bathårå Kålå kéngíng
mêmångså aradanipún, manawi aradanipún wau bótên purún ruwatan lan awas élíng.
Bathårå Kålå nyagahi, nyuwún pamít, lajêng késah têrús tansah ngupadós
mêmangsan dhatêng sintênå ingkang lénå.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, dhalang Kåndhåbuwånå wiwít ngringgít, kanthi
pujåmåntrå sajangkêpipún.
Binarúng ing gêndhíng ladrang Élíng élíng laras Sléndro pathêt Sångå, tabuhan
sirêpan, kajantúr.
Ngantós dumugi sapari purnanipún.

Tancêp Kayón.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=400:10-lampahan-murwa-kala- 6
01&catid=49:sinopsis-pakeliran&Itemid=149

You might also like