Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Pengetan Dinten Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb.


Ibu- ibu, ingkang tansah kula bekteni, para sedherek remaja putri ingkang
bagya mulya lan dados idham- idhamaning nagari. Kula minangka pangarsa
pepanggihan menika ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh
ingkang sampun kersa sami nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pepanggihan
pengetan dinten Kartini ing wekdal menika.
Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila saben
tanggal 21 April kita sami mengeti dinten lahiripun R.A. Kartini. Kangge mengeti
sedaya perjuanganipun R.A. Kartini ingkang sampun ngangkat drajading wanita
sami kaliyan drajading priya utawi emansipasi wanita. Rikala sugengipun R.A.
Kartini, para wanita tansah wonten ing pingitan, boten dipunkeparengaken
sekolah. Wanita namung kanca wingking, ingkang ayahanipun namung wonten
griya, olah- olah, umbah- umbah, lan manak utawi momong putra. Ananging
samenika para wanita drajadipun sampun sami kaliyan drajading para priya.
Buktinipun ing wekdal samenika kathah menteri dipunlenggahi para wanita,
kathah caleg wanita, bupati wanita, walikota wanita, dokter wanita, lan
sapiturutipun.
Salebetipun kita mengeti dinten wiyosipun R.A. Kartini menika, ingkang
kedah kita pengeti inggih menika semangatipun ing babagan emansipasi wanita.
Boten namung mengeti anggenipun Kartini ngagem nyamping lan mawi sanggul.
Ananging kados pundi kridha lan gumregutipun R.A. Kartini anggenipun
majengaken para wanita.
Emansipasi ingkang dipunbudidaya lan dipunperjuangaken R.A. Kartini
inggih menika ngengingi hak ingkang sami antawisipun priya kaliyan wanita.
Menawi priya dipunkeparengaken sekolah, para wanita inggih dipunkeparengaken
sekolah. Dados, wanita boten namung kanca wingking kemawon.
Ibu- ibu ingkang tansah kula bekteni, para remaja putri ingkang utami ing
bebuden. Samenika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken
bangsa, negari, lan ugi agami, nanging para wanita ugi tansah nggulawenthah
raharjaning kulawarga, ugi tumut majengaken generasi mudha.
Mekaten atur kula, menawi wonten lepating atur kula tansah minta
aksama. Para panitya ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh
ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun pengetan menika kanthi paring
pambyantu ingkang arupi menapa kemawon, mugi pikantuka leliru saha piwales
ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah S.W.T. amin.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum Wr.Wb.

You might also like