Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 4

.

. .
.

.
.
.



. : .



. ,

. ,
Allohu Akbar Allohu Akbar wa lillahilhamd
Hadirin jamaah sholat iedul fitri Rohimakumulloh
Monggo kito tansah ningkataken taqwa kito dateng ngarsanipun Alloh SWT, langkunglangkung sak bakdanipun kito kaparingan wulan Suci romadlon ingkang kautamaan
lan fadlihipun ageng sanget, supados peparing agung saking Alloh ingkang
kaparingaken dateng kito saget kito pertahanake wonten wekdal-wekdal ingkang bade
dugi
Hadirin jamaah sholat iedul fitri Rohimakumulloh
Sak sampunipun kito nglampahi ibadah siyam setunggal wulan muput lan amal ibadah
sanes-sanesipun wonten wulan suci Romadlon, kito lumebet dateng setunggalipun
masa ingkang kawastanan iedul Fitri. Sayektosipun nopo iedul Fitri meniko soho

dospundi tondo-tondonipun .
Iedul Fitri miturut sawijinipun dawuh dipun maknani kanti manungso wangsul dateng
kesucianipun maleh kados sucining manungso ingkang nembe kalahiraken saking
guwo garbaning ibu. Makna kados makaten kapundut saking dawuh kanjeng Nabi
Muhammad SAW :

Artosipun :Sopo wonge poso ing wulan Romadlon kanti dasar iman lan nyuprih
ganjarane Alloh mongko wong kuwi bakal dingapuro doso-dosone kang wus kliwat.
Kanti dasar hadis meniko nedahaken dating kito bilih sinten kemawon ingkang tutuk
posonipun wonten wulan Ramadlon bakal sinepuro dosone, ateges deweke nyandang
Makna iedul fitri 1432H/2011

Page 1

predikat suci amargi sedoyo doso kalepatan ingkang sampun kliwat dipun ngapuro
kalian Alloh SWT, sehinggo kanti predikat suci kolowau manungso kawastanan iedul
Fitri (wangsul dumteng kesucian).
Doso kalepatan ingkang dipun sepuro kalian Alloh lumantar ibadah shiyam Romadlon
meniko naming dosa ingkang magayutan kaliyan Alloh (haqqulloh), dene doso
kalepatan ingkang magyutan kaliyan sesami manungso (haqqul adam), kito kedah
nyuwun ngapuro lan ridlonipun saking sesami manungso, milo mulyo sanget tradisi
silaturrohim kanti sami-sami nyuwun ngapuro lan halal bihalal ingkang kalampah
wonten ing dinten riyaden Iedul Fitri meniko, manfaatipun kangge jangkepi makna
kesucian kito, kanti suci saking doso kalepatan dateng Alloh (haqqulloh), soho suci
saking doso kalepatan dateng sesami manungso(haqqul adam), sehinggo kesucian lan
kefitrian kito dados sampurno. Amin.
Allohu Akbar Allohu Akbar wa lillahilhamd
Hadirin jamaah sholat iedul fitri Rohimakumulloh
Dene wonten dawuh lintu ingkang pareng makno iedul firi inggih meniko wangsul
dateng fitroh (jati diri) kamanungsan sesuai titahipun manungso dipun ciptaaken Alloh
dados makhluk arupi manungso. Maksudipun manungso meniko titah kedadosan
saking ngarso dalem Alloh arupi:
1) Minongko mahkluk ingkang ngakoni Alloh Pengerane,
2) Deweke kaparingan aqal budi sehinggo saget nampi hidayah Alloh ingkang
dados piranti nyumerapi perkawis ingkang leres (haq) lan ingkang salah
(bathil),
3) Minongko mahluk sosial (selalu mbetahaken tiyang sanes lan mboten saget
gesang piyambak) sehinggo muncul raos peduli dateng sapodo-podo,

4) Katitah ing bumi minongko Kholifah Allloh (


sehinggo tiyang kagungan tanggung jawab jagi tatanan hidup lan alam
sekitaripun supados teratur lan bermanfaat fiddunya wal akhiroh.

Sifat-sifat titah kamanungsan kolo wau menawi saget dipun miliki sawijining tiyang,

deweke saget kawastanan tiyang ingkang taqwa (


), kados tujuan
Alloh majibaken dateng kito poso wonten ing wulan Romadlon supados kito dados
tiyang ingkang taqwa. Firman Alloh :

Artosipun : He wong-wong kang podo iman den wajebaken marang sliramu kabeh
poso koyo ugo den wajibake poso marang wong-wong sak durungmu, supoyo sliramu
kabeh dadi wongkang podo taqwa kabeh.
Allohu Akbar Allohu Akbar wa lillahilhamd
Hadirin jamaah sholat iedul fitri Rohimakumulloh
Dene tondo-tondonipun tiyang muttaqiin kasebat wonten ing Al-Quran Surat AlBaqarah ayat 3-4:


(3)
Makna iedul fitri 1432H/2011

Page 2


(4)
Keterangan ayat meniko maringi pangertosan dateng kito tentang tondo-tondo
muttaqin kanti terperinci inggih meniko :

1.

Wong-Wong kang iman dateng alam goib lan perkawes ingkang goib (mboten
tiningal moto).
Ateges wonten ing gesang meniko ukuranipun mboten namung perkawis ingkang
saget tiningal moto mawon nanging gadah keyakinan bilih alam ghoib soho
perkawis ghoib niki nyoto anane senajan mboten tiningal moto, kados wujude
Alloh, wujude roh kito, suwargo lan neroko, dinten qiyamat mesti tumibane,
malaikat ingkang jogo lan nyatet amal perbuatan kito lan lintu-lintunipun. Kanti
keyakinan kades makaten manungso akhire mboten sembrono anggenipun
lelampahan gesang wonten ing donyo meniko, amargi rumaos selalu diawasi
kaliyan Alloh, Malaikat, soho wonten harapan manjeng suwargo minongko
piwalese kawulo ingkang pikantuk ridlo saking ngarso dalem Alloh SWT.

2.

Purun nglampai sholat 5 wekdal, maksudipun salah setunggal ciri muttaqiin inggih
meniko purun nglampai sholat. Alasanipun sholat minongko cirri muttaqin amargi
sholat mendidik manungso disiplin wekdal, sholat tergolong ibadah ingkat komlit
tepo tulodone tumrap kawulo kalian pengerane ingdalem toto laku pagesangan,
kados wajah minongko anggaotonipun awak ingkang paling terhormat kedah dipun
templekaken dating bumi minongko panggenan ingkang ino wekdal sujud, pasrah
ingkang paripurno dateng Alloh dumateng sedoyo urusane kanti bacaan

lan lintu-

lintunipun.
3.

Purun nginfakaken/ nyodaqohaken sebagian rizqinipun. Kanti tiyang purun


shodaqoh, gambaraken dateng kito bilih tiyang kolo wahu purun kagungan roso
welas asih marang sapodo, gelem tetulung marang sapodo manungso lan roso
kebersamaan kaliyan masayarakat sekitar ipun.

4.

Iman dateng alquran kanti sregep mahos, amargi mahos al-quran senajan
mboten mangertos maknanipun sampun kagolong ibadah ingkang pikantuk
ganjaranipun Alloh SWT, soho gunaaken Al-Quran minongko pedoman lan
panutan gesang kito, amargi isi kandunganal-Quran sampun komplit milai saking
tauhid, tata cara ibadah (syariah), pados pangupo jiwo ingkang halal, akhlak, lan
tata cara pergaulan antawis sesame manungso lan alam sekitar kito.
Soho iman dateng kitab-kitab Alloh SWT ingkang katurunaken sakderenge alQuran, kanti kito cekap percados bilih Alloh nate nurunaken kitab dateng Nabi
sakderengipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW arupi Kitab Taurot,Zabur, lan Inzil.

5.

Ngyakinaken wontenipun akhirat, yakni tiyang lkolo wahu yaqin bilih akhirat niku
wonten, soho ngrumaosi bilih sedoyo ingkang wonten donyo meniko bakale
wonten akhire, sugeh ono akhire, ganteng lan ayu ono akhire,kuat/ roso ono
akhire, jabatan ono akhire, bahkan miskin yo ono akhire.

Makna iedul fitri 1432H/2011

Page 3

Keyakinan akhirat kolo wau bade mengendalikan manungso mboten sembronop


anggen lelampahan amal lan perbuatan ing dunyo meniko amargi lelampahan
amal lan perbuatan bakal ono akhire lan piwalese, tur mendorong amal kesaenan.
Allohu Akbar Allohu Akbar wa lillahilhamd
Hadirin jamaah sholat iedul fitri Rohimakumulloh
Gangsal tondo kolo wau mboten saget namung dipun pilih salah setunggalipun
kemawon minongko tetenger kito umat manungso kawastanan muttaqiin, nanging
kedah dados satu kesatuan pranata gesang enggenipun lelampahan gesang wonten
ing alam dunyo meniko.
Milo hadirin sak bakdanipun kito tutuk shiyam sesasi muput meniko, kedah estu-estu
merhatosake predikat fitri (suci), lan muttaqin kolo wau sampun ngantos predikat kolo
wau tercoreng bahkan ical saking genggaman kito, ingkang dipun sebapaken
lelampahan sembrono lan maksiyat kito dateng ngarso dalem Alloh SWT.
Soho monggo kito wonten ing iedul Fitri niki ngatah-ngatahaken amal kesaenan arupi
takbir, tahmid, tetulung dateng sapodo-podo, mafaken kesalahane liyan, nyuwun
ngapuro atas kesalahan kito, lan amal sae lintunipun. Termasuk kito merhatosaken
putro wayah anggenipun merayakan iedul fitri supados mboten mengarah dateng
melanggar aturan norma, etika, lan syariat agami Islam.
Akhiripun mugi-mugi Alloh nampi sedoyo amal kesaenan kito wonten ing wulan
romadlon, lan Alloh paring hidayah lan ridlo dateng kito sedoyo sehinggo kito sedoyo
estu-estu kembali suci (iedul Fitri) secara hakiki dhohiron wabatinan tur kito dipun
golongaken dating rombonganipun tiyang ingkang taqwa (Muttaqiin). Amiin ya robbal
alamiin.



.
.




.
.

Makna iedul fitri 1432H/2011

Page 4

You might also like