Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Vega Kautsar S.

XI TIPTL/33

Dumadhine Rawa Pening


Ing gunung Merbabu ana Pandhita tarak brata,
kagungan putra kang salah kedaden awujud naga. Naga
mau sangsaya mundhak gedhe. Nuju sawijine dina naga
mau mara menyang pratapane Sang Pandhita, ngaku
menawa putrane.Sang Pandhita banget anggone kewuhan
ing penggalih. Wusana ngendika mangkene, Eh naga, elok
temen kowe yen ngaku anake manungsa, Ewa semono aku
iyo gelem ngakoni anak marang sira menawa gelem tapa
nglekeri gunung Merbabu iki kongsi tepung gelang, yen sira
bisnyakepi gunung iki iya dakaku anak temenan.
Kacarita naga mau banjur nglekeri gunung Merbabu.
Saking suwene anggone tapa, awake dirambati oyotoyodan nganti ora katon wujude naga. Suwene pethithing
buntut arep digathukake karo sirahe isih cupet, ilate banjur
dieletke supaya bisa gathuk karo buntut. Wusana Sang Ajar
priksa, ilat ditigas, lan kethokan ilat mau dadi wesi nuli
kinarya gegaman dening Sang Ajar. Naga mau tumekeng
tiwas, awake sangsaya suwe sangsaya ora katon amarga
saking akehe rerungkudan.
Ing sawijining wektu, wong-wong padhusan padha
mbeburu kewan alas, arep kanggo wilujengan besih dusun.
Meh sedino muput ora antuk gawe, terus padha ngaso
lungguhan ing sangisoring wit gedhe. Ana salah sawijine
wong kang kethok-kethok kayu landhesan oyod gedhe.
Saiba kagete dene oyod mau ngetokake rah. Kancakancane padha gawok, sarta duwe pandunga menawa kang
metu rahe iku ula gedhe.
Tinimbang ora anthuk kewan alas, antuk ula gedhe iya
lumayan. Wong-wong mau banjur pada mbruncah ula,
daginge digawa mantuk kapasrahake menyang daleme Pak
Bayan.

Vega Kautsar S.
XI TIPTL/33
Esuke ing daleme Pak Bayan wong-wong wadon
pada rewang olah-olah, marga sorene arep wilujeng bersih
dusun. Suksmane ula mau memba-memba bocah lanang,
mara menyang daleme Pak Bayan njaluk sega karo iwak,
nanging ora dir ewes babar pisan. Ana sawijine wong wadon
tuwa sing welas marang bocah mau, banjur menehi sega
lawuh iwak. Bocah lanang mau seneng banget, saking rasa
panarimane, banjur meling marang Simbah Wedok
mangkene, Mbah mangke badhe wonten bena ageng,
sampeyan sedhiya lesung kalih enthong, lesung kangge
prau, enthongipun kangge melahi.
Bocah lanang mau bareng wis wareg, banjur menyang
latarnancepke sada ing lemah, ing kono akeh bocah liyane
sing pada ngrubung. Bocah sing duwe sada mau kandha
mangkene, Ayo, sapa bisa mbedhol sadaku iki? akeh
bocah sing padha nyoba genti-genten mbedhol, nanging
siji-siji ora ono sing kuwawa. Wong-wong ing pendhapa
bareng krungu bocah-bocah ngguyu ger-geran banjur padha
metu. Wusana wong-wong mau padha melu nyoba
mbedhol, nanging yo ora anak sing kuwawa. Bocah kang
duwe sada nuli kandha, Yen ora ana sing kuwawa mbedhol,
endi dak bedhole dhewe!.
Sawise saa kebedhol, tilase sada mau mancur banyu.
Banyu mili gumbrojog, sangsaya suwe nuwuhake banjir,
wong sadhusun pating jerit ora karuwan polahe, wusana
padha mati keblabak banjir. Nanging ana siji slamet merga
numpak lesung, yaiku wong tuwa wadon kang menehi sega
bocah lanang mau. Papan kang kebanjiran kasebut nganti
seprene dadi rawa, ingaran Rawa Pening, kang pinangka tuk
sumbere kali Tuntang.

You might also like