Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Assalamu alaikum. wr.

wb
Ingkang tansah kinurmatan Ibu Sri Hastuti minangka Guru basa jawi ing kelas
XI IPA 4. Para rencang sekalian ingkang tansah kula tresnani .
Sumangga langkung rumiyin kita mujukaken puja puji syukur dhumateng
ngarsaning Gusti Allah kang Maha Agung ingkang sampun keparing paring
kanugrahan dhumateng kita sedaya taksih dipunkeparengaken makempal ing papan
menika, saperlu ngrawuhi adicara Tresna kita marang Basa Jawa . kanthi wilujeng
boten wonten alangan punapa .
Mboten kesupen sholawat ugi salam katur ing ngarsa dalem Nabi Agung
Muammad SAW ingkang satuhu kita srantos syafa atipun benjang ing yaumul
kiyamah .
Basa dhaerah ingkang cacahipun 726 saking total 746 ingkang wonten ing
Indonesia ngadhepi cures . Amergi dipun tilar dening panuture . Generasi mudha
luwih remen migunaaken basa manca kagem caturan saben dinten ketimbang
nglestareake identitas kedhaerahan menika . Basa dhaerah ingkang taksih wonten
ing dinten menika kantun basa dhaerah cacahipun 13 ingkang panuturipun luwih
saking satunggal yuta . Inggih menika : basa Jawa, basa Batak, basa Sunda, basa
Bali, basa Bugis, basa Madura, basa Minang, basa Rejang Lebong, basa Lampung,
basa Makassar, basa Banjar, basa Bima, lan basa Sasak. Wondene basa dhaerah
ingkang panuturipun kantun tiyang puluhan kemawon inggih menika basa Halmahera
lan basa Maluku Utara.
Kagem nylametake basa basa dhaerah ingkang taksih nyisa , pramila kita
minangka generasi mudha kedah anggadhahi katresnan marang basa dhaerah .
mliginioun basa Jawai. Dene cak- cakanipun basa menika kedah dipundadosaken
piranti komunikasi ing pasrawungan saben dintenipun . Supados kita tetep
nglestareake basa dhaerah ing Indonesia .
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta llentunipun
anggenipun kula matur , kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu alaikum. Wr.wb.

You might also like