Atur Panampi Lamaran

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 1

Atur Panampi Lamaran

Assalamualaikum Wr.Wb.
Dhumateng (sesebutanipun kajumbuhaken kawontenan miturut
andhap inggiling pangkat kalenggahan ingkang sami rawuh).
Ngembani wuwus karsanipun Bp. sekalihan, ing hari kalenggahan
punika kula piniji pinangka sulih salira nampi pasrahipun saking Bp. .
Minangka cundhaka badhe/calon kadang besan sutresna, minangka purwakaning atur kula ugi
ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalam Gusti ingkang Maha Agung, awit sih
wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang penjenengan sadaya dalasan kula.
Nun inggih panjenenganipun Bp. . ingkang pantes
sinudarsana (ingkang pasrah) sadaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten
wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa pepindhan Bp. ..
sekalihan lumantar kula
Nun inggih atur salam taklim saking badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula
tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka
renaming manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp.
sekalihan (mengku gati).
Atur panyuwunipun saking badhe/calon kadng besan menggah ijab panggihipun nadhe/calon
temanten mangke badhe kaleksanakaken, ijab wanci tabuh panggih wanci tabuh .
Mboten kekilapan panjenenganipun Bp. sekalihan among ngaturaken panuwun
menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking
katresnan dhumateng Bp. .. sekalihan (mengku gati) mugi dadossa sarana racketing
kekadangan sami-sami netepi darmaning sepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan
raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. sekalihan lumantar kula,
ngaturi uninga bilih wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih kasuwun
panjenenganipun Bp. . Sekalihan garwa wontena suka lilalaning penggalih
hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Pepuntoning atur kula hambok bilih kirang hamuju prana anggen kula nampi labet kula
hanglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing
reh basa tuwin sastra, ingkang punika panjenenganipun Bp. . (ingkang
pasrah) sumarambah para lenggah sadaya mugi keparenga hangandhapna agunging
pangaksama, ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah. Wassalamu alaikum Wr. Wb. Nuwun.

You might also like