Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

Ass..

Alhamdulilahirobilalamin, alahamdulillahiladi an amana bi nikmatil imani wal islam,


ashadualailahaillah was ash ahaduanamuhammadrrasulullah, allahuma
shalialamuhammad waala ali Muhammad ama baad.
Wonten ngarsanipun poro pepunden sepuh saha pinisepuh ingkang satuhu
kinabekten
Poro pangemban pangembating projo satrianig negari ingkang sinuba ing
pakurmatan langkung-langkung dateng ngarsanipun bapak kepala dusun saha
tokoh masyarakat ingkang sinu darsana.
Wonten ngarsanipun poro alim poro ulama ingkang rakhimah khumulah langkunglangkung dating ngarsanipun bapak ustad Ngadimin saking PDM GK ingkang pantes
tampi pakurmatan.
Wontwn ngarsanipun bapak ibu saha adek-adek warga padukuhan Dongsari ingkang
mboten saged kula piji setunggal-setunggalipun ingkang sanget kula tresnani saha
kinurmatan.
Sakderengiun monggo sareng-sareng ngunjukkanken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan
dumateng kula panjenengan sami sahingga wontening wekdal siang menika kulo
panjenengan sami saged nindaki wontening adicara syawalan kanthi manggihaken
kawilujengan.
Shalawat saha salam mugi tansah kaganjarno dating junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW lumeberipun dating para keluargo, sohabat, saha penderekipun
ingkang tansah miderek menopo ingkang dados sunnah-sunnah ipun in shaa allah
wontening siang menika kalebet kulo panjenengan sami. Aamiin..
Sakderengipun pepanggihan wontening siang menika kito tindakaken, perlu kulo
aturaken menggah reruncening hadicara wontening siang menika.
Ingkang sepisan pambuko
Kaping kalihipun waosan kitab suci Al Quran
Kaping tiganipun atur pambagyo harjo
Kaping sekawan Iqrar halal bi halal
Kaping gangsal sambutan saking kadus
Kaping enem nun injih pengaosan ing sak mangke kasuwun aken dating
ngarsanipun bapak ustd ngadiman saking PDM GK
Kaping pitu manca warni

Ingkang pungkasan injih menika panutup

Wonten ngarsanipun poro bapak poro ibu ingkang kinurmatan Monggo hadicara
wontening wekdal menika inggal kito wiwiti dene ingkang angka sepisan injih
menika pambuko kito bikak kanthi maos basmallah sareng-sareng bismilah
Mugi kanthi waosan basmallah kasebat ing sak mangke Allah tansah paring
kelancaran wontening hadicara siang menika.
Wonten ngarsanipun poro bapak poro ibu ingkang kinurmatan Lumebet hadicara
ingkang angka kalih nu injih waosan kitab suci al quran ingkang badhe dipun
tindakake adek wekdal saha papan kulo aturaken.
Kulo aturaken agunging matur nuwun dumateng adek. Ingkang sampun kersa
maosaken kitab suci al quran Mugimugi adek. Saha kulo panjenengan sami
ingkang sami midangetaken pikantuk linthu ganjaran ingkang sak ageng-agengipun.
Wonten ngarsanipun poro bapak poro ibu ingkang kinurmatan Lumebet hadidacara
ingkang angka tiga, inggih menika pmbagyo harjo saking panitia syawalan
katindakaken panjenenganipun mas.monggo wekdal saha papan kulo aturaken.
Matur nuwun kulo aturaken dumateng mas ingkang sampun kersa nindakaken
atur pambagyo harjo mugi pikantuk ganjarang ingkang sak kathah-kathahipun
Wonten ngarsanipun poro bapak poro ibu ingkang kinurmatan lumebet adicara
angka sekawan inggih menika iqrar syawalan, saking panitia nyuwun gungan
dumateng panjenenganipun bapak . Wekdal saha papan kulo aturaken.
Sumonggo
Kulo aturaken agunging matur nuwun dateng ngarsanipun bapak.mugi pikantuk
linthu ganjaran ingkang sak ageng-agengipun.
Poro bapak soho poro ibu ingkang kinurmatan sak derengipun hadicara
saklajengipun mito tindakaken, wekdal kulo siget sak wentawis kagem sumene.
tunggu minum rata
Wonten ngarsanipun poro bapak soho poro ibu ingkang kinurmatan, saking sedoyo
panitia syawalan ing siang menika saged ngladosaken unjukan soho lampiranipun
kasuwun nanggapi kanthi raos tresno ing penggalih, sakdererengipun ngunjuk saha
ndahar monggo kulo derekake maos dongo sak wentawis, bismillah
Wontening wekdal sumene menika saking rencang kkn saha adek TPA badhe caos
panglipur sak wentawis. Pramilo, wekdal kulo sumanggakaken dating mas KKN.

Kulo aturaken agunging matur nuwun dateng rencang KKN saha adek-adek TPA
ingkang sampun caos panglipur ing wekdal menika. Mugi dados panglipur
sakwentawis dating bapak-bapak saha ibu-ibu sedoyo.

Wonten ngarsanipun poro bapak poro ibu ingkang kinurmatan ing sak lajengipun,
hadicara angka gangsal inggih menika sambutan kasuwunaken saking bapak
perangkat desa, desa panjenanginup bapak wekdal saha papan kulo aturaken.

Kulo aturaken agunging matur nuwun dateng ngarsanipun bapak.mugi pikantuk


linthu ganjaran ingkang sak ageng-agengipun.
poro bapak saha poro ibu ingkang kinurmatan dene adicara angka enem inggih
menika pengaosan, kasuwunaken dating panjenganipun bapak ustad .. saking
wekdal saha papan kulo aturaken sak cekapinun.
Kulo aturaken agunging matur nuwun ingkang tanpo pindahan dateng ngarsanipun
bapak ustad. Ingkang sampun kersa minangkani paring tausiah wontening siang
menika mugi panjenenganipun bapak ustad pikantuk limpahan ganjaran ingkeng
matikel-tikel
Dene adicara ingkang angka pitu inggih menika manca warni badhe kaginakkaken
saking rencang KKN saha adek-adek TPA badhe caos panglipur sak wentawis.
Wekdal saha papan kulo sumanggakaken.
Kulo aturaken agunging matur nuwun dateng rencang KKN saha adek-adek TPA
ingkang sampun caos panglipur ing wekdal menika. Mugi dados panglipur
sakwentawis dating bapak-bapak saha ibu-ibu sedoyo.
poro bapak saha poro ibu ingkang kinurmatan, adicara ingkang angka pungkasan
injih menika panutup, sakderingipun kito tutup mbok bilih kulo nderekkaken adicara
ing siang menika pinanggih kalepatan kulo nyuwun sih samudra pangaksami.
Monggo pepanggihan ing siang menika kito tutup kanthi lafal hamdallah
sessarengan. Saking kuo, astaghfirullah wassalam

pambagyo harjo
ass
Alhamdulillah wasyukurilah la khaula walakuata illa billah, ashadualla ila haillahlh
wa ash haduanna muhammdarasulullah, allahumma shaliala Muhammad wa ala ali
Muhammad ama baad.
Wonten ngarsanipun poro pepunden sepuh saha pinisepuh ingkang satuhu
kinabekten
Poro pangemban pangembating projo satrianig negari ingkang sinuba ing
pakurmatan langkung-langkung dateng ngarsanipun bapak kepala dusun saha
tokoh masyarakat ingkang sinu darsana.
Wonten ngarsanipun poro alim poro ulama ingkang rakhimah khumulah langkunglangkung dating ngarsanipun bapak ustad Ngadimin saking PDM GK ingkang pantes
tampi pakurmatan.
Wontwn ngarsanipun bapak ibu saha adek-adek warga padukuhan Dongsari ingkang
mboten saged kula piji setunggal-setunggalipun ingkang sanget kula tresnani saha
kinurmatan.
Sakderengiun monggo sareng-sareng ngunjukkanken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan
dumateng kula panjenengan sami sahingga wontening wekdal siang menika kulo
panjenengan sami saged nindaki wontening adicara syawalan kanthi manggihaken
kawilujengan.
Shalawat saha salam mugi tansah kaganjarno dating junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW lumeberipun dating para keluargo, sohabat, saha penderekipun
ingkang tansah miderek menopo ingkang dados sunnah-sunnah ipun in shaa allah
wontening siang menika kalebet kulo panjenengan sami. Aamiin..
Kepareng matur wonten ngarsanipun poro bapak soho poro ibu ingkang kinurmatan
dene atur kula ingkang angka sepisan senadyan to keporo randat, ngambali, ngaturi
pambagyo wilujeng sugeng rawuh awit rawuh panjenengan sedoyo, saha
ngaturaken sedoyo kalepatan kulo ing mbok bilih anggen kulo nampi saha nanggapi
rawuh panjenengan sedoyo kirang supeket saha kirang rumaket wah malih
anggenipun nyamektakaken menggah toto rakiting palenggahan mboten saget
selaras kaliyan kalenggahan panjenengan saestu kulo nyuwun agunging
pangapunten.
Dene ingkang angka kilh kulo aturaken agunging matur nuwun dumateng poro
bapak saha poro ibu ingkang sampun sami kepareng rawuh utawi nidaki wontening
adicara ing siang menika. Ing saklajengipun kulo aturaken agunging matur nuwun

dumateng ngarsanipun bapak kepala dusun ingkang sampun paring idi palilah
minangka kagem ajanging pepanggihan wontening siang menika.
Ing sak lajengipun kulo aturake agunging matur nuwun ugi bapak utsd ingkang
sak estu sampun kepareng rawuh ing sak mangke supados sak wentawis paring
tausiah wontening adicara syawalan menika.
Poro bapak soho poro ibu ingakang kinurmatan ,mugi awit saking sedoyo kesaenan
panjenengan sedoyo mugiyo saget dados amala pangibadahan oanjenengan saha
pikantuk linthu ganjaran sak kathah-kathahipun.
Deneo wigatosing pepanggihan siang meniko, kulo saha sak rencang kkn
ngawontenaken adicara syawalan utawi halal bi halal sesarengan kaliyan sedoyo
warga masyarakata padukuhan dongsai.
Ing pangajab ing sak mangke warga masyarakat ing mriki saha sedoyo rencang
rencang kkn saget paring ngapunten ing ngapuntenan.
Poro bapak saha ibu ingkang kinurmatan, ing mbok bilih ing sak mangke saking
sedoyo panitia saged ngladosaken pasugatan, unjukan, soho lampiranipun kasuwun
poro bapak saha poro ibu kersa nanggapi kanthi raos, tresno ing penggalih sedoyo
kemawon.
Mbok bilih, namung mekaten saha semanten ingkang saget kulo aturaken, sekedap
kulo matur pinanggih kalepatan, kulo nyuwun pangapunten, kulo akhiri wassalam

Ikror

ass
Alhamdulillah wasyukurilah la khaula walakuata illa billah, ashadualla ila haillahlh
wa ash haduanna muhammdarasulullah, allahumma shaliala Muhammad wa ala ali
Muhammad ama baad.
Wonten ngarsanipun poro pepunden sepuh saha pinisepuh ingkang satuhu
kinabekten
Poro pangemban pangembating projo satrianig negari ingkang sinuba ing
pakurmatan langkung-langkung dateng ngarsanipun bapak kepala dusun saha
tokoh masyarakat ingkang sinu darsana.
Wonten ngarsanipun poro alim poro ulama ingkang rakhimah khumulah langkunglangkung dating ngarsanipun bapak ustad Ngadimin saking PDM GK ingkang pantes
tampi pakurmatan.
Wontwn ngarsanipun bapak ibu saha adek-adek warga padukuhan Dongsari ingkang
mboten saged kula piji setunggal-setunggalipun ingkang sanget kula tresnani saha
kinurmatan.
Sakderengiun monggo sareng-sareng ngunjukkanken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan
dumateng kula panjenengan sami sahingga wontening wekdal siang menika kulo
panjenengan sami saged nindaki wontening adicara syawalan kanthi manggihaken
kawilujengan.
Shalawat saha salam mugi tansah kaganjarno dating junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW lumeberipun dating para keluargo, sohabat, saha penderekipun
ingkang tansah miderek menopo ingkang dados sunnah-sunnah ipun in shaa allah
wontening siang menika kalebet kulo panjenengan sami. Aamiin..
Wonten ngarsanipun poro bapak saha poro ibu ingkang kinurmatan, keparengo kulo
matur ndereki menopo ingkang dados panyuwunipun saking sedoyo panitia
syawalan, supados kulo nderekaken ikror syawalan.
Sakderingipun ikror kito tindakaken, sumonggo kulo panjenengan sami niat
sesarengan kanthi raos ikhlas ing penggalih saha lenggah satoto. Sumonggo poro
bapak soho ibu supados tut wuri menopo ingkang kulo aturaken
Bismillahirohmanirrohim, yaa ikhwani yaa ikhfakuli fa asfakulakum. Kepareng kulo
matur, wonten ngarsanipun, poro bapak soho poro ibu, ingkang keleres sepuh, kulo
ngaturaken, sungkem pangabektos kulo, dumateng ngarsanipun, poro bapak soho
poro ibu, ingkang kaleres anem saha sesami-sami, kulo ngaturaken salam taklim

kulo, ing saklajengipun, kulo ngaturaken sedoyo kalepatan kulo, ingkang kulo
sengojo, saha mboten kulo sengojo, kanthi lahir batos, sak estu kulo nyuwun
pangapunten, lan mbok bilih, panjenengan sedoyo, kagungan kalepatan, dumateng
kulo, kulo sumadyo caos pangapunten, taqabal allahuminna waminkum, taqaball
yaa kaarim. Mugi allah, tansah paring pangapunten, dumateng sedoyo kalepatan,
kulo panjenengan sami. Rabbana atina fiddun ya khasanah, wa fil aa khirati
khasanah, waqinna adza banner. Aamiin
Poro bapak soho poro ibu mekaten anggen kulo nderekkaken menggah ikror
syawalan wontening wekdal menika, pinanggih kalepatan sak estu kulo nyuwun
pangapunten. Wasssalamualaikum..

You might also like