ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturake warta marang Rama.
Kanthi prajurit lan
kasektene, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhake Alengka. Ing wektu iku, sedulure Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbela Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanake negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, dene Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama. Perang gedhe dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka senopatining perang kaperjaya dening Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharake tapane supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbela Rahwana, nanging negara wutah getihe. Rama nglepasake panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahake Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dening Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengake dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasucian dening Rama sadurunge nunggal marang Rama.