BAJAWA

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 25

SCENE 1

Rafi, Faiz, lan Syakka, teko telat. bocah telu iku ngadek ing
ngarepe gerbang SMAMDA karo pacakane seng urakan.

Syakka:
Hohoho! Telat.

Faiz:
ora onok kata telat gawe sinau, Coy.

Syakka:
Terus?

Rafi:
Yo, menek!

Syakka karo Faiz mesam-mesem akeh artine karo ngelus


janggut. Ora mikir dhawa, bocah telu iku langsung menek pager
sekolah. Untung ae ora onok pengawas seng ndelok. Sakwise isok
mlebu kawasan sekolah, moro-moro onok pengawas teko lan
langsung ngintrogasi bocah telu iku.

Pengawas:
Heh! Sopo sing ngongkon menek?!

Faiz karo Syakka langsung nunjuk Rafi barengan karo rai polos
ora duwe duso.

Pengawas:
Heh! Motivasi teko endi menek iku?!

Rafi karo Syakka langsung nunjuk Faiz barengan karo rai polos
ora duwe duso.
Pengawas:
Heh! Idene sopo ngongkon menek gerbang sekolah iku?!

Rafi karo Faiz langsung nunjuk Syakka barengan karo rai polos
ora duwe duso.

Pengawas(Natha):
Awakmu kabeh ero ora lek kelakuanmu iku kliru, hah?

Bocah telu iku mek mantuk-mantuk tok ora duwe duso.

Pengawas(Natha):
Teros, lapo kok dilakoni?!

Syakka:
Soale Bapak wes ngajari awak dewe nek orep iku ora selamane
mlakue mulus, ibarate gerbang sing mbukak ombo. Tapi, orep
neng ndunyo iki koyok menek pager sekolah sing landep. Yoiku
Bapak. awak dewe kudu matursuwon. (Terharu karo mendramatisir)

Pengawas(Natha):
(Melok terharu)

Rafi:
(Salaman karo pengawas) Sabar, nggih, Pak. Urip niki ujian.
(Langsung mlaku melbu)

Faiz:
(Salaman karo pengawas, terus nepok pundake) Bapak pancen
pahlawane kita sedanten. (Langsong mlaku mlebu)

Pengawas:
(Luweh terharu)
Syakka:
(Salaman karo pengawas) sampun nangis, nggih, Pak. (Langsong
mlaku melbu)

Pengawas:
(Mantuk terharu, maringono, kaet sadar, bocah telu iku lolos
teko hukuman pengawas) W-woy! Mbalik!

Bocah telu iku ora ngereken pengawas, tapi langsung ngeloyor


nang kantin. Nang kantin, bocah telu njopok posisi wenak ning
salah siji bangku paling pojok.

Faiz:
Ora melbu kelas ta iki?

Rafi:
Jaman ta?

Syakka:
Lha nggeh.

Faiz:
Sopo ngerti saiki ono guru tatib sing ngawasi awak dewe.

Rafi:
Jaman ta?

Syakka:
Lha nggeh.

Faiz:
Yowes lah.
Rafi:
Masa bodo lha, yo.

Syakka:
Lha nggeh.

Moro-moro, teko mburi, onok guru tatib seng langsung njewer


kupinge Rafi.

Rafi:
Aduh, Ibu!

Tatib:
Lapo ora melbu kelas?!

Rafi:
Soale tasekten kantin, Bu, Ibu!

Syakka:
Lha nggeh.

Tatib:
Gelem oleh poin, hah?!

Rafi:
Saged diijolake voucher a, Bu?

Tatib:
awakmu! Wes salah, sek ngelawan ae!

Faiz lan Syakka:


(Ngadep Rafi) Lha nggeh!
Tatib:
(Berpaling nang Syakka lan Faiz) awakmu kabeh sisan! Resikono
halaman sekolah sampek bener-bener resik! Lek gorong resik,
lan sek onok siji ae reget, awakmu bakal oleh hukuman
tambahan!

Faiz:
Bu, jejake deweke ten atiku wae tasih dereng ilang, kepripun
badhe ngresiki reget ing halaman?

Syakka lan Rafi:


Lha nggeh!

Tatib:
Aku ora nguruss! Cepeettt!!!!

Krungu ibu tatib mbengok, langsung bocah telu iku tutup


kopeng lan mlayu nang halaman sekolah. Ndek konoo, Rafi karo
Syakka mek longgoh-longgoh, teros sing Faiz ndekek tissue nang
ngarepe, teros ngekekno gagang sapu koyok microphone, teros
molai nyanyi.

Rafi:
Monggo, Mbak, Mas sumbangane. (Ngomong dewe)

Akeh bocah sing tertarik gawe ndelok konser gratis dadakan.


Rafi mulai tebar pesona nang sebagian murid karo guru wedok,
Faiz karo Syakka yo ngono. Ngelambaino tangan, lan berlagak
sok keren. Sampek moro-moro, nang tengah-tengah cewek akeh,
Rafi justru melongo. Deweke ndelok Syifa sing lagi nonton nang
kunu. Esemane nggawe Rafi beku lan macak tolol. Imajinasine
molai nangdi-nangdi.
Rafi:
Syif, awakmu ngerti ora, bedane awakmu karo gagang sapu iki?

Syifa:
(Nggeleng-nggeleng)

Rafi:
Gagang sapu mek iso ngresiki reget nang dalan, lek awakmu, iso
ngresiki kenangan karo mantan nang atiku.

Syifa:
(Ngguyu isin)

Faiz:
Woy! WOOOY!!!

Rafi langsong tangi tekok lamunane. Pas didelok maneh, Syifa


wes gaonok nang kunu.

Syakka:
Sampek ngences.

Faiz:
Ndeloki syifa gausah sampek koyok ngono sisan kaleeee!

Rafi:
Timbang ndeloki raimuu ! Najong!

Faiz :
(Langsung Faiz ndelok jam) Wes wayahe adzan, cah, yuk capcus
njelma dadi imam sing apik.

Rafi lan Syakka:


Muanteb, Cak!
Faiz, Rafi lan Syakka langsung nang masjid sekolah gawe adzan
sholat dhuhur.

SCENE 2

Rafi mulih nang omah.

Rafi:
Assalamualaikum.

Kiki:
Waalaikumussalam.(Ngajak ngomong manuk ning teras)

Rafi:
Pak luwe.

Kiki:
Yo mangan, Le. (Makani burung)

Rafi:
(Ngecek meja mangan, tapi ganok panganan terus balik nang
teras) Lahdalah, Pak, badhe nedha nopo? Wong dhaharan mawon
mboten wonten. Sing wonten malah panganane manuk. Niku wae
terus sing dipakani, yugone panjenengan dijar-jarno.

Kiki:
Wong bapak ra nduwe duwit, yo, raisok masak. Mangkane dadi
anak seng nggenah sitik, malah kowe dadi anak raonok apik-
apike blas. Sek apikan manuk iki, luwih nganut.

Rafi:
Waladalah, wonten mawon bapak kados panjenengan. Yugone
ngganteng-ngganteng dipadakno kale kewan.
Kiki:
Kowe ngomong karo manuk iki, a? Ngganteng apane, didelok koyok
biting raonok bodi-bodine ngunu ngganteng.

Rafi:
(Nyanyi)Bapak tiri hanya cinta kepada burungnya sajaaa.
(Lungguh bersimpuh rai lan tangan ngadah nang duwur)

Kiki:
Sek, Le, serius sek, ngene lo. Bapak iki suayang karo awakmu,
mangkane dadio anak seng sregep sembarang kalire. Sregep sinau
lan ibadahe, lek didukani Bapak iku seng nganut sisan. Amarga
Bapak iki wes tuwa, wes gampang pegel, maringene isoke
njagakno awakmu tok, Fi. Are u understand?

Rafi:
Siap 86!(Hormat)

Kiki:
O, bocah tole iki, serius sitik raisok. Sampe Bapakmu kuru,
yo, kapan awakmu isok serius. Ngono ae teros sampek sukses.

Rafi:
Ngentosi Bapak kuru, nggih, mboten wonten telase, Pak. Ngoten
mawon nganti sukses. Wes, Assalamualaikum.(Metu omah)

Kiki:
Kurang ajar awakmu, yo, dadi anak! Durung ero lek tak kutuk
dadi manuk awakmu. Fi, mbaliko, Fiiii!!! (Tangan kanan nggowo
semprotan manuk lan tangan kiri ngelempar sendal sing maeng
dienggo karo ngejar Rafi)
Rafi:
(Mblayu ngibrit-ngibrit)

SCENE 3

Syakka mlebu ing kamar, njupuk tas, teros masukno sembarang-


kalir spet, teros lunga maneh

SCENE 4

Faiz nrima broadcast audisi nyanyi.

Faiz:
(Ngecek HP) Enake melok, ora, yo? Lek aku melok, aku pasti
minder. Tapi, kan, kabeh kudu usaha disek. (Ngehubungi CP
audisi) Halo, Mbak, kulo badhe ndherek audisi.

Scene 5

Ing sekolah.

Kevin:
He, awakmu melok audisi, yo? (Kro nunjukno selembaran kertas
hasil peserta sing lolos)

Faiz:
(Njupuk selembarane Kevin) Leh, aku lolose sangar, yo,
sangar, yo???

Kevin:
Nyogok piro, awakmu? (Nada ora enak)
Faiz:
Duwik teko endi aku isok nyogok iku? Masio aku nakal, tapi aku
ngerti agama. (Mulai ora trima)

Nadio:
(Melok ngerubungi) Halah! Rausah kakean alasan, awakmu!

Faiz:
Lapo, seh, ket mang suaramu koyok nyolot ae?!

Kevin:
(Rai sinis) Sangar ae bocah koyok awakmu, kok, isok lolos?

Faiz:
Maksudmu?

Kevin:
Yo, awakmu ero, lah. Bocah sing guduk sopo-sopo, mosok isok
dadi opo-opo.

Faiz ora trima, teros ndorong bahune kevin. Tepak pas iku, bu
guru teka lan ndelok kejadian iku.

Guru:
Onok opo, toh, kiyek?

Nadio:
Niki, Buk, Faiz mados goro-goro!

Faiz:
Leh, sing ngomong gaenak disikan sopo? Lek gaeroh, ojok melok-
melok, Nad! Micin, tok, awakmu iku!
Guru:
(Ndelok Faiz) Onok opo, toh, Iz?

Faiz:
Wes, Ibuk, nggih sami mawon!!!

Vida:
Leh? Ya opo, toh, Le? Ibu mek takon tok. (Nada alus)

Faiz:
Kabeh podo ae, podo nganggep wong nakal gaonok apik-apike. Mek
isok ndelok cover-e tok! (Nesu lan metu kelas)

Vida:
(Ndeloki lungane Faiz lan mbatin)

SCENE 6

Beberapa guru ngadek ning ngarepe tembok sing ono grafitine.


Ana Syifa sisan. Kabeh wong ketok seneng ndeloke, masio
sakjane ora oleh nyorat-nyoret dinding sekolah.

anisya:
Apik, yo? Sopo, yo, sing nggawe?

dinda:
Apik pol! Kira-kira lanang ta wedok, yo?

anisya:
Lek wedok ora ngarah wani nyorat-nyoret dinding. Pastine
lanang.
dinda:
Ganteng ora, yo, lanange?

anisya:
Walah, pikiranmu lanang ganteng ae!

Ana siji guru sing ngerungokno obrolane keloro murid iku. Ning
pikirane, guru iku wis ngerti sopo dalange, alias sopo sing
ngegambar grafitine. Guru iku pun mangguk-mangguk.

Syifa senyum karo ngeletakake keloro lengane ning mburi


punggung. Ora sadar lek ning mburine teko Rafi.

Rafi:
Dewean, Syif? (Ngadhek sejajar karo Syifa)

Syifa:
(Radak kaget moro onok Rafi) ora, iki onok manda lan alma.
(Senyum)

Manda:
(muncul tiba-tiba disamping syifa) aku ora ketok yo fi? Sing
didelok mek syifa ae.

Rafi:
Yoiyolah ora ketok, ketutupi parase syifa. (manda memandang
sinis) Awakmu seneng ndelok grafiti?

Manda:
Aku a? iyo aku seneng.

Rafi:
Guduk awakmu nyil, aku takok syifa
Syifa:
(Mangguk sambil tertawa) Iyo, grafitine iku apik.

Rafi:
Lek gelem, aku isok nggambar grafiti sing luweh gedhe lan apik
gawe awakmu. (Senyum isin-isin)

Alma:
Emang awakmu isok opo fi? Sekolah ae gatau nggena

(rafi tertunduk malu)

Syifa:
Ah, ora usah. Rapopo, kok. (Senyum)

Kevin:
Iyo, ora usah! Ora ono gunane nggambar grafiti. Ora mlebu UN,
kan? Ngguwak-ngguwak wektu ae.

Syifa:
(Kaget maneh) Loh, Kevin? Jarene dulin basket? Wis mari?

Kevin:
(Senyum nang Syifa) Mari, kok. Sido nonton engkok mulih
sekolah? (Nadane digedhekno supaya Rafi krungu, cek cemburu)

Syifa:
(Mangguk) Oh, yo, Fi. Aku tak mbalik disek, yo, karo Kevin.

Kevin:
(Senyum sinis sing nyiratno, Syifa seneng bocah sing sregep
koyok aku, ora koyok awakmu)
Rafi:
(Ora trima) Mbok pikir basket iku mlebu UN, a? Menang ae ora
tau, wis gaya!

Kevin:
Ngacao, Mas! (Karo teros mlaku)

Alma :
Sadar diri yo fi(nepuk bahune rafi)

Rafi mek isok mbatin kesel campur sedih ndelok Syifa mlaku
bareng Kevin. Ning atine berjanji lek awake bakal berubah demi
Syifa. Delok ae sopo sing menang.

(masuk kelas)
(sound sekolah berbunyi tanda ada pengumuman)

Panggilan kepada Syakka, murid kelas XI MIA 3 agar segera ke


ruang tatib. Sekali lagi, panggilan kepada Syakka murid kelas
XI MIA 3 agar segera ke ruang tatib.

(syakka kebingungan)

Syakka:
Ha? Lapo aku?

Faiz :
Mari lapo awakmu syak?

Syakka :
Mari turu, ngombe,mangan. Wes iku tok
Rafi :
O gateges

Anisya :
(bisik-bisik banter karo dinda) mari lapo maneh bocah iku?

Dinda:
Biasa, pasti nggawe perkara maneh.

Anisya :
Yo ora kaget se

(syakka meneng, terus metu saka kelas)

(ruang tatib)

Syakka:
Assalamualaikum

Yasmin :
Syakka rinio syak, sampeyan ero kan lapo tak celuk merene?

Syakka:
Inggih bu(tertunduk)

Yasmin :
Ero lek perbuatanmu iku salah kan?

Syakka :
Inggih bu (masih tetap tertunduk)

Yasmin:
Awakmu berbakat nak
Syakka:
Hah? (melongo)

Yasmin :
Nanging caramu kuwi salah, untung ae gambaranmu apik. Lek elek
ngunu yo tak sikat sampeyan.

Syakka:
Ah ibu saged mawon, kula isin dadine(tersipu)

(nadio menguping)

Yasmin:
Wocoen iki, tak enteni keputusanmu mene(memberikan edaran
beasiswa gratis)

Syakka:
Loh beasiswa? Gawe opo niki buk?

Yasmin:
Gawe mangan, yo gawe sekolah lah syak. Wes metuo metuo.

Syakka :
Matur nuwun buk, assalamualaikum

Yasmin:
Waalaikumussalam.

Scene 7
(nadio ngomongi kevin lek syakka oleh beasiswa)
Ing kelas

Nadio:
Onok sing oleh beasiswa iki(menyindir syakka)
Kevin:
Awakmu ngerayu ibu yasmin opo syak?

Syakka:
Awakmu kok ero?

Kevin:
Yo aku kan pinter ora koyok awakmu

Syakka:
Guduk urusanmu vin

(kabeh podo ero lek syakka oleh beasiswa, amarga grafitine)

Anisya:
Ikulo syakka sing nggambar, jare awakmu naksir.

Dinda:
Gasido wes.

Scene 8
Syakka, rafi lan faiz ngumpul sakwise sekolah

Rafi:
Awakmu kok ora cerito-cerito lek oleh beasiswa

Syakka :
Sori, aku asline ora kate nerimo. tapi alhamdulillah aku entok
beasiswa loo iki

Faiz :
mosok se syak bijuke ketoro ki
Rafi :
lha enggeh

Syakka :
iki lorek nyoo dontoken (sambil nunjukake beasiswane)

Rafi :
oweeee selamat yooo syak

Syakka:
Enake iki tak terimo opo ora?

Faiz:
Yo terimoen lah, btw cah aku lagi butuh duwek.

Rafi, syakka:
Gawe?

Faiz:
Ikilo onok audisi nyanyi, aku lolos tapi aku butuh duwek gawe
perlengkapan dll.

Rafi:
Waduh aku yo ora nduwe duwek iz

Syakka:
Podo

Faiz :
Aduh ngelu aku cah
(dani moro-moro teko)

Dani:
Lapo woy?

Faiz, syakka, rafi:


Oi mas

Syakka:
Ikilo faiz butuh duwek

Dani:
Awakmu gelem duwek a iz?

Faiz:
Yo gelem lah mas

Dani:
Engkok bengi nang o ngarep sekolah

Faiz:
Lapo?

Dani:
Wes alah teko o ae, ajaken kanca-kancamu.
(dani meninggalkan rafi syakka lan faiz)

Scene 9
Faiz:
Endi mas dani iki?

Rafi:
Embo talah, ngantuk aku(menguap)
Dani:
Wes siap kabeh a?

Syakka:
Lapose iki?

Dani:
Menengo syak

(wong 4 kuwi manjat pager sekolah, lan mlaku pelan-pelan.


Mereka menuju ke ruang salah satu guru. Dani mencongkel pintu
dan membuka laci)

Dani:
Ikilo duwek seng mbok pingin i

Faiz:
masyaAllah, yo guduk ngene mas

dani:
wes terlanjur iz, jupuk ae

rafi:
lek koyok ngene se aku gagelem ngewangi. Duso tok iki

syakka:
wes ayo mulih2

(sirine sekolah muni, wong 4 kuwi panik lan akhire kerohan


satpam sekolah)

(dani kabur, faiz rafi lan syakka bingung lan kowa kowo)

Satpam (Natha):
Lapo bocah-bocah iki ing kene? Arep nyolong yo? Sirine ne wis
muni, lancang yo awakmu.

Rafi:
Mboten pak mboten

Satpam(Natha):
Mboten apane, wes jelas iki. Nang cctv yo wis ketok

Faiz:
Nanging mboten kita pak

Satpam:
Terus sopo? Wong dodol bakso iku a? wes ayo melok- melok
(diajak ke pos satpam) wes nang o kene sampe mene. Tak gowo
nang tatib mene

Syakka:
Yoopo iki cah? Baru iki aku wedi

Faiz, Rafi :
Podo

Rafi:
Ndungo ae

(besok pagi, bocah 3 kuwi tasik turu)

Alma:
Syif, deloken bocah-bocah iku. Mari nyolong saiki turu koyok
lemper

Syifa:
Bocah iki mari nyolong? Mosok rafi nyolongan?
Manda:
Yo awakmu kan ora ngerti wong nakal iku isok opo ae.

(bocah 3 tangi, lan tasik kiyep-kiyep)

Satpam:
Heh tangi-tangi ojok turu ae koyok pitik sing anggrem ae

Faiz:
he cah ayo tangi (ambek nepuk-nepuk pundake rafi&syakka)
(satpam nggowo syakka, faiz ,rafi ing tatib)
(perjalanan)

Nadio:
Huuuuu, maling maling. Wes ketok masa depanmu cah bocah

Kevin:
Sekaline maling seteruse bakal dadi maling hahaha

Scene 10
(ing tatib)
(faza vida yasmin kumpul)

Faza:
oo..dadi iki sing nyolong

satpam:
arep nyolong bu, dereng nyampe nyolong duit e

faza:
yowes lah podo ae maksudku, pokoke nyolong

(bocah 3 tertunduk lesu)


Faiz:
Panjenengan ojok narik kesimpulan dewe bu. Niat kula lan
koncokula mboten arep nyolong

Vida:
Wes-wes cah, kene lungguh seng enak sek. Pak satpam monggo
medal disik. Kula, bu faza lan bu yasmin saged nangani dewe

Satpam:
Nggih bu, monggo. Assalamualaikum

Semua:
Waalaikumussalam

Vida:
Wes a ngadek e? pegel aku ndelok e. lungguh o kok

(bocah 3 kuwi lungguh)

Yasmin:
Kok isok to le sampeyan kenek masalah? Syak, kowe wes tak
tawari beasiswa nanging kok malah nggawe ibu kuciwa. Sampeyan
gaarep a beasiswane? Lek gaarep isok tak kekno arek liyo seng
isok lebih ngehargai.

Faza:
Fi, awakmu gak sakno bapakmu a? urip e wis susah tambah mbok
susahno maneh. Kesabaren bapakmu iku(memandang sinis)

Vida:
Aku percoyo kok karo awakmu-awakmu iki le

(Cah3 memandang vida)


Syakka:
Wah ibu unik(terperangah)

Vida:
Akhlak bocah 3 iki apik bu, aku ora percoyo lek bocah iki
nyolong. Pasti onok latar belakang e. onok sing isok njelasno?

Faiz:
Kula mawon bu, dadi kula niku butuh arta damel lomba nyanyi.
Lah mas Dani nawari arta, kula setuju lan diajak mriki.
Nanging kok niate mas Dani uwelek, kula mboten ngertos napa-
napa sakderenge.

Rafi:
Mas Dani sing kelas 12 ikulo buk, moro-moro mblayu sak karepe
udel e.

Faza:
Basa mu endi le nang sing luwih tuwa?

Rafi:
Nggih bu ngapunten.

Syak:
Lha nggeh niku wes

Faza:
Onok sing percoyo omonganmu a?

Syak:
Lah niku, mboten enten(tertunduk)
Yasmin:
Masio sampeyan ngomong kebenaran e, wong liyo ora bakal
percoyo. Amarga sampeyan gelek nggawe ulah. Wes keroso a
akibat e?

Vida:
Iz, lek kon butuh duwik ngomongo ibu.insyaAllah ibu saged
nulungi sampeyan. Untung ae ibu ngerti lek sampeyan apik
asline.

Faza:
Iku wingi dadi pelajaran yo cah, sekaline awakmu elek seteruse
awakmu dianggap elek ambek uwong. Berubah o mumpung sek kelas
11

Cah3:
Nggih bu

You might also like