Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Perempdita Wahyu Kusumaningrum

XII MIA 2
28
Geguritan

Gegayuhan Kang Luhur

Purwakaning surya ing wanci esuk


Endah sumorot madhangi jagad
Rasane anget sumlenget
Enak kepenak pangrasaku
Miwiti dina anyar kanggo urip
Pinaringan berkah saking Gusti Allah
Dina kang kudu tak syukuri
Ingayoman dening Gusti
Tan wedi tan sumelang
Aku tetep semangat
Wektu lumaku kairingan sumoroting surya
Aku jumangkah kanthi mantep
Hanggayuh pepinginan kang luhur
Yaiku sinau kanggo mujudake pepinginan kang luhur mau
Uba rampe cumawis
Kanggo sinau kang temen
Uwis kasedya sakkabehe
Semangat kang makantar-kantar
Ujube kanggo nggayuh gegayuhan
Manawa ora mangkono
Aku ora bakal bisa mujudake gegayuhan luhur
Nalika ana pepalang maneka warna
Ing kono ana pangluwaran
Nadyan kadang pupus ing pangarep-arep
Gegayuhan tetep kudu kawujud
Rekasane kudu dak lakoni
Urip pancen kudu duwe gegayuhan
Minangka sangu urip kang luhur lan mulya

You might also like