Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Pesarean Sunan Pandanaran ing Tlatah Bayat

Klaten Jawa Tengah


Peziarahan Makam Sunan Pandanaran utawi Sunan Tembayat manggen wonten
ing Kalurahan Paseban, Kecamatan Bayat, Klathen ing Provinsi Jawa Tengah.
Kelurahan Paseban menika tebihipun 12km saking kutha Klathen.

Paseban gampil dipun tuju saking pundi pundi. Klathen meniko panggenanipun
antawis Solo lan Yogya. 30 km saking Yogya lan 55 km saking Solo. Saking kutha
Klathen, panjenengan saged ngagem angkutan tumuju Bayat saking Terminal
Klathen, utawi Terminal Bendo Gantungan, utawi Warung Kidul, lan ugi saking
Setasiun Klaten)kanthi gampil lan mirah. Klaten ugi anggadhahi Setasiun ingkang
kaliwatan sepur saking Bandung, Jakarta, Malang lan Surabaya.

Para rawuh saged nitipaken titihanipun wonten Terminal Paseban. Lajeng mbayar
karcis dhateng loket caket kantor Kelurahan Paseban. Pinuju dhateng Pesarean,
para rawuh kasuwun supados nitipaken sandal utawi sepatu sakdherengipun
minggah undhak-undhakan.

Menawi panjenengan tamu saking njawi rangkah, sampun ajrih tindak dhateng
mriki awit piyantun Paseban sae lan lembah manah. Menawi badhe nyare, sampun
kuwatos amargi ing tlatah pesarean kathah penginepan kaliyan warung dedaharan,
warung kerajinan, ugi warung ingkang sadeyan sedaya kabutuhan.

Makam meniko dipun percoyo panggenan semayamipun Panjenengan Kiai Ageng


Pandanaran (ing wekdal tembe biyen panjenengane meniko Bupati Semarang).
Kathah tiyang ingkang ngalap berkah lan ziarah kagem kepentingan ingkang
beragam. Ki Ageng Pandanaran meniko tiyang sampurno lan mligi tumrap agama,
milanipun kathah sederek Muslim, Tionghoa, Kepercayaan TYME, lan Nasrani
ingkang anyenyuwun berkah kanthi ziarah makam. Ing kapercayan Jawi, leluhur
ingkang sampun tinimbalan meniko saged dipun suwuni ji pamuji lan donga
pandonga kagem kekiyatan kita ingkang taksih sugeng ing jagad raya. Makam
meniko terletak ing bukit Jabalakat (kinten2 mlampah minggah ngliwati undhak-
undhakan sajroning 15 menit). Sanajan ketigo, hawanipun kalebet teksih sejuk.

You might also like