Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Assalamu'alikum Wr.Wb.

Wonten pangarsanipun para sesepuh, pinisepuh, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,
Para pangemban pangembating praja kasatrianing nagari ingkang minangka ingkang tuhu
pantes sinudarsoono;
Sumrambah pora tamu kakung sumawana putri ingkang kinurmatan;
Miliginipun katur panjenenganipun Bopo ...... Taidi sak keluargo ingkang satuhu bagyo
mulyo.
Kanti ngunjukaken raos suka syukur dhumateng Alloh SWT, "mugi rahayuha sagung
dumadi", tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana
dhumateng kawula;
Nyuwun Sewu, dene kula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan
panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan
luhur kula pinji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp.Mardiyono
sekalihan.
Panjenenganipun Bp Taidi sekalihan garwa) ingkang pantes katuran sangunging
pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp. Mardiyono..sekalihan,
ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan,
sumrambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan, ingantawisipun Bp..........
sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasihpun Bagus......... kaliyan Bp......... sekalihan
garwa (lingkang mengku gati) hanggadhahi kenya sesilih Rara.........
Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan
ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang
jambe suruhe kanthi atur makaten karono sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha
sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah
panjenengenipun Bp......... sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing
kalengahan punika ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki
rabi
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp.......... sekalihan garwa inggih
punika;
sanggan, saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sadya
dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saged
pisah lami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp......... sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang
awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon panganten putri.
Mboten kekilapan Bp................... sekalihan ngaturaken redana wujudpun arto, kagema
damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku gati)
netepi darmaning sepuh harmiwaha putra mahargya siswi.
Kajawi punika panyuwunipun Bp.........sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi
titiwanci tumapaking gati, mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning
agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp........... sekalihan anggenipun ngaturaken
sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp.........
sekalihan, menawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita minggahing
tatakrami, kula nyuwun sihing samodra pangaksami. Kanthi asesanti, joyo-joyo wijayanti,
rahayuha ingkang tansah pinanggih.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu'alaikun Wr.Wb.

You might also like