Khutbah Jumat Dzulhijjah

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

:

: :





.

Maasyiral muslimin sidang jamaah jumat rahimakumullah

Mangga kita sedaya sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi
nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun. Allah sampun paring
janji dhateng tiyang ingkang iman lan taqwa, Allah badhe paring margi ingkang gampil dhateng
kawulanipun, margi ingkang awrat badhe dipun ringanaken, margi ingkang sisah badhe dipun
gampilaken, margi ingkang peteng dhedhet badhe dipun padhangi lan saterasipun.






Sapa wonge kang taqwa marang Allah mesthi Panjenengane bakal dadekake kajembaran kanggo
dheweke, lan maringi rizki saking jurusan kang ora den kira-kirakake. Lan sapa wonge tawakal
marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (kaperluwane) dheweke. (QS. Ath-Thalaq: 2-3)

Allah SWT zat ingkang Maha Kuwaos nanging Allah ugi Maha Welas Asih, wujud saking kuwaosipun
Allah, kanthi qodrat lan irodatipun sedaya ingkang dipun kersakaken dening Allah saget maujud:



Satemene tindake pangeran yen ngersakake (dumadine) sawiji-wiji iku amung ndhawuhake marang
sawiji-wiji mau dumadiya sira mula banjur dumadi. (QS. Yasin: 82)

Kanthi welas-asihipun, Allah saget mulyakaken dhateng kawulanipun lan kanthi kuwasanipun ugi
saget dadosaken kawulanipun dados ina lan ashor. Mekaten punika kasebat ing dalem Alquran:

Dhawuha sira (Muhammad): Dhuh Gusti Pangeran ingkang kagungan kraton, Panjenengan maringi
kraton punika dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken lan Panjenengan mundhut wangsul
kraton punika dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Panjenengan mulyakaken
dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken lan Panjenengan ngasoraken dhumateng tiyang
ingkang Panjenengan kersakaken. Inggih namung wonten ngarsa Panjenengan kemawon sedaya
kesahenan. Lan sayektosipun Panjenengan punika dhamateng sedaya perkawis, ingkang Maha
Kuwaos. (QS. Ali Imran: 28)

Maasyiral muslimin sidang jamaah jumat rahimakumullah

Allah zat ingkang Welas Asih lan Maha Wicaksana, sedaya kawulanipun Allah kepingin dados tiyang
ingkang gesangipun mulya, dipun cekapi sedaya ingkang dipun seja. Boten wonten tiyang ingkang
kersa dipun paringi sakit lan cilaka, bendu lan rubeda. Sedaya manungsa ngersakaken gesang ingkang
sakinah, mawaddah, rohmah, istiqomah, sejahtera lahir lan batinipun. Mekaten punika boten saget
dipun perkoleh kanthi gratis, nanging dados perkawis ingkang kedah dipun usahakaken.


Satemene Gusti Allah ora ngowahi kahanane sawijine kaum
nganti kaum iku dhewe kang ngowahi marang kahanane . (QS. Arrodu: 11).

Allah paring janji lan Allah boten badhe cidra kalian janjinipun, syarat dados kawula ingkang dipun
mulyakaken inggih punika kedah iman lan taqwa. Salah satunggalipun wujud saking iman inggih
punika nindakaken shalat lan qurban, Allah SWT nate ngendika:





Daging-daging onta lan getihe iku babar pisan ora bisa merkoleh (karilane) Allah, ananging
ketaqwaan kang saka sira kabeh iku kang bisa merkoleh karilane Allah. (QS. Al Hajj: 37)

Wonten ing dalem Alquran surat Al Kautsar ayat 1-3 Allah ngendika:




Satemene Ingsun wus maringake marang sira nikmat kang akeh. Mula shalata sira kerana
Pangeranira lan gaweha qurban sira. Satemene wong kang nyengiti sira, hiya iku wong kang cunthel.
Maasyiral muslimin sidang jamaah jumat rahimakumullah

Allah SWT sampun paring mapinten-pinten kenikmatan lan kamulyan ingkang dipun paringaken
dhumateng para manungsa, melai awal Allah sampun nitahaken manungsa dados makhluk ingkang
mulya lan sak bagus-bagusipun rupa. Amargi manungsa dipun titahaken dados khalifah lan
kawulanipun Allah ingkang ghadhahi tugas ganda, kanthi mekaten pas sanget menawi manungsa
punika dipun dadosaken makhluk ingkang paling sempurna.

Sasampunipun kedadosanipun punika dipun sempurnakaken, tumuli Allah paring mapinten-pinten


hidayah, arupi panca indra, akal, qalbu lan agami. Boten wonten makhluk ingkang dipun paringi
hidayah mekaten punika kejawi manungsa. Ngengingi tanggel jawabipun manungsa punika langkung
kathah lan awrat, Allah nyempunakaken malih kanthi paring mapinten-pinten kenikmatan, ing
antawisipun:

Sepindhah arupi nikmat panjang yuswa, kanthi panjang yuswa, kita tasih saget nindadaken lan
ningkataken amal ibadah dhateng Allah. Menawi ing sak lebetipun gesang punika rumaos lan
ngrumaosi dados makhluk ingkang boten badhe uwal saking khata lan nisyan lepat lan supe
ingkang badhe damel dosa sahingga tansah ngathah-ngathahaken istighfar. Lan menawi dosa ageng
ingkang dipun tindakaken tumuli mertobat, boten badhe ngambali malih lan ugi badhe nggantos
pedamelan awon kanthi pedamelan ingkang sae.
Amal ibadah punika ingkang badhe dados rencang lan sedherek sasampunipun seda, kita saget
mendhet hikmah saking perjalanan ibadah haji, sedaya pangkat, jabatan, mas picis raja brana,
kendaraan lan griya ingkang mewah dipun tilar kejawi namung iman ingkang tinancep ing salebetipun
manah. Iman badhe dados semangat anggenipun nindakaken ibadah ing tanah suci.

Kaping kalih nikmat sehat, sehat punika reginipun awis, boten wonten tiyang ingkang kepingin sakit,
amargi nalika sakit, dahar, ngunjuk, sare, lungguh lan jumeneng boten badhe sekeca. Dhaharan
ingkang sarwa eco dados ical raosipun, unjukan ingkang seger inggih dados pahit lan saterasipun.
Dereng malih menawi kedah mertamba ing griya sakit lan sanesipun, boten sekedhik biaya ingkang
kedah dipun dalaken. Sehat lahir lan batos kedah dipun syukuri, syukur billisan kanthi maos
Alhamdulillah. Syukur bil hal kanthi ningkataken amal ibadah, kaleres ibadah mahdhah lan ghoiru
mahdhah. Ibadah spiritual, ritual lan sosialipun dipun wujudaken.

Kaping tiga sempat, wekdal sempat utawi longgar. Sedaya tiyang dipun paring wekdal sami inggih
punika 24 jam ing setunggal dintenipun. Kanthi wekdal punika, wonten tiyang ingkang saget bagi
wekdal lan merhatosaken wekdal. Sinaosa nembe kathah pakaryan nanging nalika pikantuk panggilan
nindakaken shalat inggih cekat-ceket nindakaken shalat. Nanging wonten ugi kathah wekdalipun
ingkang longgar, nanging nalika nampi panggilan nindakaken shalat, panggilan punika boten dipun
gatosaken. Kita kedah enget bilih manungsa punika nate ribet, nanging sak ribet-ribetipun tiyang
inggih punika, nalika kedah saget maos kalimat tauhid ing akhir hayatipun. Amargi Rasulullah nate
ngendika Sapa wonge kang ing akhir hayatipun bisa ngucap la Ilaha illaah daholal jannah.

Kanthi mapinten-pinten kenikmatan ingkang dipun paringaken Allah dhumateng kita sedaya,
saterasipun Allah paring dhawuh supados nindakaken shalat lan nindakaken qurban. Shalat dados
pokokipun agami, sedaya tindak lampahipun tiyang Islam punika gumantung kalian shalatipun. Shalat
ingkang khusuk lan berkualitas saget nedahaken sedaya pakertinipun dhateng kemaslahatan. Malah
shalat saget nebihaken saking pedamelan keji lan munkar.
Shalat gangsal wekdal punika syariat Allah ingkang dipun dhawuhaken dhateng Rasulullah
Muhammad SAW, menawi qurban punika syariat Allah ingkang dipun paringaken dhumateng nabi
Ibrahim nanging dipun terasaken wonten syariat nabi Muhammad, semanten ugi ibadah haji.
Rasulullah SAW sinaosa dados pribadi ingkang maksum, dipun jagi saking tumindak dosa lan dipun
jamin mlebet ing suwarga, nanging tansah nindakaken shalat, amargi shalat punika semata-mata
kagem mujudaken raos syukur dhumateng Allah SWT.

Nabi Ibrahim salah setunggalipun kekasihipun Allah, Ibrahim pribadi ingkang ikhlas, tawakal lan
dermawan. Amargi sifat dermawanipun nate dipun uji, lantaran wonten malaikat ingkang nyimpe
dados manungsa, kenging punapa tansah ngathah-ngathahaken anggenipun ngedalaken infaq lan
shadaqah, Ibrahim ngendika, bandha punika dereng sak pintena, lamun ingsun diparingi putra lan
didhawuhi ngurbanake yekti bakal ingsun qurbanake.

Sahingga nalika Ibrahim wonten yuswa sepuh dipun paring putra. Lan prasasat sampun supe kalian
pangandikan ingkang sampun dipun ngendikakaken. Nalika dipun paringi putra kakung ingkang
sanget dipun trisnanani. Allah paring dhawuh supados nyembelih dhateng putranipun, Ibrahim boten
selak semanten ugi Islamil putranipun. Kekalihipun pribadi ingkang tawakal dhateng Allah. Kabukten
belih dhawuhipun Allah punika namung kangge ujian dhateng kawulanipun. Lan Allah gantos kalian
hewan domba.



-
Mula rikala bocah iku wus tumeka (umur) bisa mlaku bebarengan karo Ibrahim, Ibrahim ngendika
Hai putraningsun, ngger satemene ingsun mirsani sajrone sare, menawa ingsung nyembelih marang
kang salira. Mula coba pikiren kepriye mungguh kang salira?
Dhuh rama, rama kawula aturi nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dhumateng
panjenengan. Insya-Allah panjenenngan badhe manggihi ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang
sabar. (QS. Ash Shaffat: 102)

Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi
Ibrahim punika, Insya Allah kita sedaya ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa
dalem Allah Subhanahu wa Taala.
Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang
sakinah manggih kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.
:
:


.


.


.





.











.

.


.

.



!






Suatu hari Nabi Ibrahim AS berkata di dalam hati bahwa ia adalah makhluk paling belas kasih
terhadap sesama. Mendengar ini, Allah SWT kemudian mengujinya. Ia mengajaknya naik ke langit
hampir setiap malam.

Allah SWT memperlihatkan kepadanya alam malakut langit dan bumi hingga suatu ketika ia melihat
seorang durjana dengan perbuatan kejinya. Tidak tahan dengan itu, Nabi Ibrahim AS berdoa, Ya
Allah, binasakanlah ia. Ia makan rezeki-Mu, berjalan di atas bumi-Mu, dan ia melanggar perintah-
Mu.

Allah menolak permintaannya. Nabi Ibrahim kemudian diminta turun. Aku lebih sayang hamba-
hamba-Ku dibanding kau terhadap mereka. Ibrahim, turunlah. Mereka yang kaukecam mungkin akan
bertobat dan berharap.

Lain riwayat menyebutkan, Allah mengabulkan permintaannya. Demikian juga ketika Nabi Ibrahim
memandang hamba-hamba durhaka lainnya sehingga banyak jatuh korban dari mereka. Hal ini terus
berlangsung sampai pada gilirannya Allah SWT menegurnya, Ibrahim, kau ini orang dengan doa
yang maqbul. Janganlah berdoa untuk kehancuran hamba-hamba-Ku karena mereka masih memiliki
tiga kemungkinan; pertama, mereka bertobat dan Aku menerimanya; kedua, Aku mengeluarkan
jiwanya untuk bertasbih memuji-Ku; dan ketiga mereka mati secara wajar yang bisa saja Kumaafkan
atau Kusiksa.

Kekerasan hati Nabi Ibrahim terhadap mereka yang bermaksiat ini disinyalir menjadi penyebab
turunnya perintah penyembelihan Nabi Ibrahim AS terhadap anak yang disayanginya seperti
diceritakan dalam Surat As-Shaffat ayat 102.

Nabi Ibrahim AS hamba yang taat. Ia memenuhi perintah Allah SWT meski bukan pekerjaan ringan.
Ketika akan melakukan penyembelihan terhadap anaknya, Nabi Ibrahim AS sempat berkata ketika
pisau sudah di genggaman, Tuhanku, inilah anakku, buah hatiku, seorang manusia yang paling
kukasihi.

Ketika itu juga Nabi Ibrahim AS mendengar suara, Ingatkah kau Ibrahim, suatu malam kau meminta
pembinasaan salah seorang hamba-Ku? Apakah kau tidak tahu bahwa Aku menyayangi mereka
sebagaimana kau mencintai anakmu? Kalau kau meminta-Ku membinasakan mereka, maka Aku pun
akan memintamu menyembelih anakmu satu per satu.

Hal ini disinggung oleh Ibnu Athaillah dalam butir hikmah berikut.

Artinya, Siapa yang melihat rahasia hamba-hamba Allah, tetapi tidak berakhlak dengan kasih sayang
(rahmat) ilahi, maka penglihatannya berubah menjadi fitnah (ujian) dan penyebab kedatangan bencana
baginya.

Hikmah ini kemudian diterangkan lebih lanjut oleh Syekh Ibnu Abbad. Menurutnya, tanpa rahmat
Ilahi mengetahui dosa orang lain, seseorang dapat terjerumus pada sikap ujub dan takabur yang mana
keduanya adalah pakaian Allah SWT.

Artinya, Orang yang mengetahui rahasia-rahasia yang mendorong terungkapnya aib, tetapi tidak
disertai dengan rahmat Ilahi sehingga tidak mengasih-sayangi mereka yang berdosa; tidak murah hati
kepada mereka yang aniaya; tidak memaklumi mereka yang awam; tidak berbuat baik terhadap
mereka yang jahat; dan tidak menaruh belas kasih terhadap hamba Allah secara umum, maka
pengetahuannya itu akan menjadi ujian baginya. Mengapa? Karena semua itu dapat
mengakibatkannya memandang (kehadiran) dirinya (dalam ibadah), menganggap agung dirinya, ujub
terhadap amalnya, dan takabbur terhadap orang lain. Itu semua menjadi fitnah terbesar dalam
hidupnya dan dapat mendatangkan bencana juga baginya dalam bentuk pendakwaan diri atas sifat-
sifat Allah dan perlawanan terhadap kebesaran serta keagungan-Nya. Yang disebut terakhir ini adalah
bencana terbesar, petaka dan musibah terberat, (Lihat Syekh Ibnu Abbad, Syarhul Hikam, Semarang,
Maktabah Al-Munawwir, tanpa tahun, juz II, halaman 3-4).

Butir hikmah ini jangan dipahami sebagai anjuran untuk menghalalkan yang haram atau menoleransi
kezaliman atau kejahatan. Pelanggaran hukum harus mendapat tindakan tegas. Hukum harus
ditegakkan. Kejahatan harus diproses agar masyarakat merasakan kepastian hukum dan memegang
jaminan.

Butir hikmah di sini adalah menganjurkan kita untuk memandang manusia secara dengan rahmat Ilahi
tanpa membeda-bedakan mereka yang taat dan mereka yang durhaka. Hanya dengan pandangan
rahmat Ilahi itu, kita akan mendapat kucuran rahmat dari Allah SWT sebagaimana bunyi hadits
berikut ini.

Artinya, Orang yang berbelas kasih adalah orang-orang yang dikasihi oleh Allah Yang Maha
Penyayang. Karenanya kasihilah siapa saja yang ada di muka bumi, niscaya penduduk langit akan
mencurahkan kasih sayang pula untuk kalian. Sebaiknya, kita mendoakan agar Allah menurunkan
taufiq-Nya untuk mereka. Wallahu alam. (Alhafiz K)

You might also like