Professional Documents
Culture Documents
Lakon Damarwulan
Lakon Damarwulan
No : 25
Kelas : XII Akuntansi 3
Lakon Damarwulan
Adegan I
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Atiku rasane kok ra
karu-karuan. Tansah kelingan marang Dyah Ayu Kencana Wungu. Saben wengi ora
bisa turu, yen miring praupane katon ana tembok, yen mlumah wewayangane
ginambar ana ing ndhuwur, yen mengkurep kok ya krasa ngganjel. Wadhuh
wadhuh wadhuh.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dyah Ayu Kencana Wungu,
mrenea wong ayu. Aku kangen marang sliramu.
Dayun : Panjenengan mawon ingkang mriki kangmas. Kula ugi mpun kangen
sanget kaliyan panjenengan.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung enak tenan iki. Ya ya ya
ya wong ayu aku mrana saiki.
Minakjingga : Lho lho lho kok malah mbeda. Yung yung yung yung yung yung
yung aja lunga wong ayu.
Dayun : Ayo kang mas. Mriki kula kangen sanget kaliyan panjenengan kangmas.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung wong ayu kowe jan nggodha
atiku, awas lho yen kecekel arep tak kik kuk kik kuk kik kuk. Ha ha ha ha
ha.
Minakjingga : Aku wis ora kuwat. Yung yung yung yung yung yung yung,
kecekel kowe saiki. Aku wis ora kuwat wong ayu ha ha ha ha.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Ana apa kowe ngganggu aku
yang yangan karo yayi kencana wungu.
Angkat Buta : Menika mboten Gusti Ratu, ananging menika Dayun Gusti.
Ongkot Buta : Leres Gusti, menika mboten Gusti Ratu Kencana Wungu, menika
Dayun batur sampeyan dalem.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung kurangajar kowe dayun. Aku
mbok apusi. Banjur kepriye Angkat Buta lan Ongkot Buta, sliramu sakloron
wis netepi jejibahan saka aku.
Angkat Buta : Nun inggih, sampun Sang Prabu. Nawalanipun sampun kula
aturaken dhumateng Gusti Ratu Kencana Wungu.
Minakjingga : Lha banjur kepriye katrangan saka Kencana Wungu? Kok banjur
sliramu mulih ana Blambangan.
Angkat Buta : Aturipun Patih Logender tigang dinten saking dinten menika
Gusti Ratu badhe paring wangsulanipun.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Angkat Buta Ongkot Buta,
majua mrene. Kowe iki buta pinter apa bodho. Krungu wangsulan ngono kok
langsung bali. Becike saiki dakantemi sisan.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung kowe aja melu-melu yun.
Daktempilingi sisan kowe mengko. Angkat Buta Ongkot Buta, kowe minggata
saka probolinggo nganti pitung dina suwene. Aku ora sudi ngingeti dapurmu.
Aku ora sudi nduwe patih dhedhel pikirane.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dayun,atiku rasane lara.
Aku amung nagih janjine Brawijaya mbiyen yen aku bisa mateni kebo marcuet
aku arep didhaupake karo Kencana Wungu lan antuk Kraton Majapahit. Kebo
Marcuet wis mati ing tanganku, nanging aku durung diwenehi ganjarane.
Kencana Wungu ora ndang didhaupake karo aku. Malah saiki daklamar ora ana
wangsulan. Yung yung yung yung yung yung yung Dayun, atiku lara. Kanggo
nglelipur atiku, ayo dherekna aku ing Taman marani Dhiajeng Waita lan
Puyengan.
Adegan II
Ratu Kencana Wungu : Paman Patih Logender, kados pundi pamanggih paman
ngengingi kedadosan ingkang lumampah ing pendapi agung Majapahit gangsal
dinten kepengker, Paman?
Menak Koncar : Nyuwun pangapunten gusti prabu, menawi atur kula mangke
kumawantun.
Patih Logender : Menak Koncar, aja gawe ada-ada kanthi munjuk atur kang
kaya mangkono.
Majapahit iku negri kang santosa, prajurite kondhang trenggina,s ganep ing
gaman lan wasisi ing reh tata kaprajuritan. Saka ngendi pangucapmu kuwi
Menak Koncar.
Menak Koncar : Patih Logender, aku mangsuli pandangone Gusti Prabu Kencana
Wungu. Kenangapa kakang Patih kok nyaru-nyaru wuwus bali takon marang aku.
Patih Logender : Menak Koncar, anane aku kepeksa nyangkal panemumu awit
rumangsa giris kok ana sawijining punggawa Majapahit kang kaya kowe. Kowe
wani nganggep Majapahit gampang katempuhing dahuru. Kudune kowe pitaya yen
ta sepira gedhene wong-wong kang bakal ngrusak Majapahit mesthi bisa
katumpes kanthi gampang bebasan suwe mijet wohing ranti.
Kencana Wungu : Cukup! Patih Logender lan sira Adipati Menak Koncar. Ora
mungguh yen ta para sesepuhing praja Majapahit padha rebut bener saka
panemune dhewe-dhewe. Iki parepatan agung ing ngarsaku sang prabu putri
Kencana Wungu. Majapahit ora butuh pasulayane para nayaka praja, ning
mbutuhake pamrayoga kepriye anggone mrantasi perkara iki. Ingsun kang arsa
menggalih katentreman ing Majapahit iki.
Menak Koncar : Punten dalem sewu, kepareng nglajengken atur pamanggih kula.
Kencana Wungu : Panemune Paman Menak Koncar padha kaya kang sun penggalih.
Mula sajrone limang dina iki ingsun tansah nyenyuwun palimarmane Sang Hyang
Widhi ing sanggar pemelengan. Wusanane ingsun nyumpena.
Kencana Wungu : Ingsun nyumpena yen ta ana jago ing taman Kepatihan.
Patih Logender : Ing Kepatihan menika namung wonten kula, anak kula, Layang
Seta lan Layang Kumitir. Lajeng sinten sawung menika, Gusti Prabu?
Menak Koncar : Kakang Patih Logender, menawi kula boten lepat, kula nampi
kabar panjenengan kagungan putra mantu. Menika rak saged pun dadosaken
sawung?
Patih Logender : Mantu kula menika bocah ndesa, ingah-ingih tebih saking
wiragane satria. Dados boten pantes menawi kasawungaken.
Patih Logender : Inggih, Gusti Prabu. Putra mantu kula sesilih Damarwulan.
Patih Logender : Gusti Prabu, menawi kepareng mangertos kenging menapa pun
Damarwulan dipuntimbali marak.
(Sowane Damarwulan)
Kencana Wungu : Yen nitik gambaran sajroning impenku, sajak pancen kowe
kang bisa numpes kridhane sang Minakjingga. Lan ingsun wis prasetya, sapa
kang bisa numpes reretune Majapahit yaiku Adipati Minakjingga bakal
nglungguhi dhampar kencana Majapahit lan aku bakal nyuwitani wong priya
mau.
Adegan III
Anjasmara : Iya yung, kana ngapa ta ngapa ana njero kana lo?
Damarwulan : Ya, ya, garwaku sing ayu. Antuk pamujimu raharja lakuku ora
nampa alangan. Ya wis dikancani karo mbok mban ngono kok. Nggih ta, mbok?
Damarwulan : Ngene, yayi. Aku mau katimbalan gusti Kencana Wungu jalaran
aku kautus numpes kridhane Adipati Minakjingga ing Kadipaten Blambangan.
Mula kuwi, aku arep pamit njaluk puji rahayu marang sliramu jalaran aku
kudu mangkat dina iki.
Damarwulan : Wis, wis, cukup. Ora perlu nangis. Dipasrahake wae lelakon iki
marang Gusti Kang Yasa Jagad, muga-muga kalis saka rubeda sarta antuk
karya. Mula diajeng, melua dedonga, sarta aku jaluk pamit sangonana kleceme
lathimu wong manis.
Damarwulan : Diajeng, aku lunga ora suwe, iki mung sawetara wae.Sawise
kasil gegayuhanku, aku mesthi bakal nemoni sliramu lan bakal bali kumpul
maneh diajeng.
Damarwulan : Merga kabeh kuwi mau wis nyawiji ing sariramu wong Ayu.
ASMARADANA
Anjasmara arimami
Damarwulan : Diajeng, sajak katrem anggonmu turu. Aku mesthi bali diajeng.
Anggonmu nggondheli aku kuwi ndadekna aku ora wedi ngadhepi sang Urubisma.
Diajeng, muga-muga sliramu tansah setya ngenteni tekaku. Aku pamit diajeng.
Adegan IV
Waita : Yayi, Puyengan. Kepiye rasane atimu mapan aneng Kadipaten kene?
Waita : Yayi, lha kok jumbuh tenan karo pangrasaku, padha karo sliramu.
Ngono kok arep duwe bojo neh, Gusti Kencana Wungu sisan.
Waita : Lha ya. Njur nasibe dhewe piye iki, Yayi? Mula seksenana, aku bakal
prasetya sapa sing bisa ngentasake aku saka Blambangan kene, yen putri
bakal dak dadekake sedulur sinarawedi, yen kakung bakal dak suwitani.
Puyengan : Semanten ugi kula, Kangmbok. Kula ugi prasetya sami kaliyan
kakangmbok.
Damarwulan mlebu.
Waita : Yayi Puyengan, kae ana priyayi bagus banget mlebu ana ing keputren.
Yen tak sawang kaya dudu wong Blambangan ya?
Waita : Kula Waita dene menika adhi kula Puyengan, garwa seliripun Adipati
Minakjingga. Menika wonten ing keputren Blambangan. Lha panjenengan menika
wonten perlu menapa kok tindak dhateng Blambangan ingkang tebih saking
Majapahit?
Damarwulan : Awrat raos kula awit kaduta dening narendra Majapahit supados
ngrangket Adipati Minakjingga awit sampun kumawani mbalela dhateng kraton
Majapahit.
Waita : Boten dados menapa. Awit menika sampun dados prasetya kula sineksen
jagad saisinipun kisanak?
Damarwulan : hmmm.
Minakjingga : We, lha dalah! Yung, yung, yung. Ana wong wani-wanine mlebu
ing taman keputren nggodha bojoku. Sapa kowe, bocah bagus?
Damarwulan : Iya, bener. Tekaku mrene diutus dening Juwita Ratu Kencana
Wungu supaya mangsuli lamaranmu kanthi ngendarat kowe. Mula manuta dak
sowanake ing Majapahit.
Minakjingga : Sak unimu! Dak ladeni kene. Yayi Sakloron, mlebua menyang
kamarmu. Tak tandhingane bocah gemblung kae!
Waita : Jagad Dewa Bethara, teka Raden Damarwulan kok ora bisa menang
tandhing karo Kangmas Minakjingga. Yayi, Kepiye prayogane?
Puyengan : Kakangmbok, enggal dipunungkuli pusakanipun Kangmas Minakjingga
ingkang sampun kula cidra kemawon. Mbok bilih kenging dados usadaning Raden
Damarwulan.
Waita : Iya. Gawa rene, dak ungkulane Kyai Wesi Kuning, dimen waluya Raden
Damarwulan.
Damarwulan : Aku iki ngimpi apa piye, saka rumangsaku aku turu, lha kok
jebul tangi-tangi wis adhep-adhepan karo panjenengan maneh?
Damarwulan : Ya, banget panarimaku dene semana labuhmu marang aku. Mula aja
kesuwen ana kene, selak kadenangan sing padha jaga.
Dayun tangi.
Dayun : (bengak-bengok) Whe lha dalah. Bocah kuwi tangi maneh. Kok
isa? Ndara, Ndara! Raden Damarwulan bergas malih, Ndara. Ndara!
Minakjingga : Heh! Napa ta, Yun? Bengak bengok wae. Mbrebegi wong turu
ngerti apa ora kowe? Ana apa? ( Tekan jero, weruh Damarwulan banjur kaget) Whe, lhah? Isih urip
kowe, Damarwulan? Kepiye kowe Yun? Kok kowe isa ora ngerti.
Minakjingga : Lho, wani nyolong pusakaku kowe. Balekna mrene! Mengko dak
opahi apa panjalukmu.
Damarwulan : Antuk pamujimu sakloron raharja ora ana pambengan, malah iki
aku wis antuk gawe bisa ngasorake Minakjingga, wis tumekane pati.
Layang Kumitir : Damarwulan, piye-piye aku tetep ora trima yen panjenengan
sing bakal dadi ratu ing Majapahit.
Damarwulan : Ya aja kaya ngono kuwi ta, Dhi. Wong kang kadhawuhan
nyirnakake Minakjingga dening Ratu Subasiti kuwi aku kok.
Tunggul Manik : Iya ngger, tak tampa, sumurupa sira mau wis tumekane pati
dicidra dening Layang Kumitir. Rahayune aku bisa maluyakake kowe, ngger.
Mula aja kesuwen, enggal tungkanen Layang Seta lan Layang Kumitir menyang
Majapahit.
Adegan V
Kencana Wungu kaadhep Patih Logender, Layang Seta, lan Layang Kumitir.
Patih Logender : Gusti Prabu, ngantos titi wanci menika, dereng wonten
kabar saking para teliksandi ingkang sampun kasebar Gusti
Kencana Wungu : Seta lan Kumitir, sowan ora daktimbali ana wigati apa? Lan
apa kang sira gawa?
Layang Seta : Rama Patih, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Sang
Urubisma, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun
Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah.
Damarwulan : Dusta.
Kula ingkang sowan. Sembah sungkem kula, gusti. ( Layang Seta lan Layang Kumitir kaget)
Kencana Wungu : Damarwulan? Dak tampa, kepenakna sowanmu. ( Damarwulan, Waita, lan
Puyengan lungguh)
Damarwulan : Kula namung badhe matur blaka bilih kula sampun saged
ngasoraken sang Urubisma
Kencana Wungu : Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang
Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga.
Waita : Nyuwun pangapunten, gusti. Sedaya atur Raden Layang Seta lan Layang
kumitir menika boten leres. Kula lan yayi kula menika seksinipun.
Menak Koncar : Kepareng kula pitaken dhumateng anak angger Layang Seta lan
Layang umitir.
Layang Seta : Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh sang Urubisma. Adhi
kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking.
Menak Koncar : Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?
Menak Koncar : Gusti Prabu Kencana Wungu, kula saged netepaken menawi
Damarwulan ingkang leres Gusti.
Patih Logender : Menak Koncar, lancing ucapmu, saka ngendi sira bisa
netepake yen Damarwulan sing bener lan Seta Kumitir sing luput?
Menak Koncar : awit palapurane Waita lan Puyengan, cetha yen kabeh ucape
anakmu sakloron iku goroh lan yen mung Seta Karo Kumitir kang tandhing
mungsuh Minakjingg, dakkira anakmu sakloron bali amung jeneng.
Ingsun wis netepake yen ta Damarwulan tandhing karo Seta Kumitir. Sapa kang
unggul jurite iku kang jujur.
~~~~~~~sekian~~~~~~