Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

KHUTBAH IDUL ADHA

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

َ‫ت ا َ ْع َما ِلنَا َم ْن َي ْه ِد هللاُ فَال‬ َ ‫ش ُر ْو ِر ا َ ْنفُ ِسنَا َو‬


ِ ‫سيِِّئ َا‬ ُ ‫ِإنَّ ا ْل َح ْم َد ِ َّّلِلِ نَحْ َم ُدهُ نَحْ َم ُدهُ َونَ ْست َ ِع ْينُهُ َونَ ْست َ ْغ ِف ُرهُ َونَعُ ْوذُ ِباهللِ ِم ْن‬
ُ‫س ْولُه‬ َ ‫ ا َ ْش َه ُد ا َ ْن الَ اِلهَ اِالَّ هللاُ َوحْ َدهُ الَ ش َِريْكَ لَهُ َوا َ ْش َه ُد ا َ َّن ُم َح َّمدًا‬.ُ‫ِي لَه‬
ُ ‫ع ْب ُدهُ َو َر‬ َ ‫ض ِل ْل فَالَ هَاد‬ ْ ُ‫ض َّل لَهُ َو َم ْن ي‬ ِ ‫ُم‬
ِ ‫ ا ُ ْو‬: ِ‫ فَ َيا ِع َبا َد هللا‬:ُ‫ ا َ َّما َب ْعد‬.‫ص َحابِ ِه َو َم ْن ت َ ِب َعهُ اِلَى َي ْو ِم ال ِ ِّدي ِْن‬
‫ص ْي ُك ْم‬ ْ َ ‫علَى َءا ِل ِه َوا‬ َ ‫علَى نَبِ ِيِّنَا ُم َح َّم ٍد َو‬ َ ‫سالَ ُم‬ َّ ‫صالَة ُ َوال‬ َّ ‫َوال‬
َ‫هللا َح َّق تُقَاتِ ِه َوال‬ َ ‫ َيااَيُّ َها الَّ ِذيْنَ ا َ َمنُوا اتَّقُوا‬:‫آن ْال َك ِري ِْم‬ ِ ‫ قَا َل هللاُ ت َ َعالَى فِى ْالقُ ْر‬. َ‫عتِ ِه لَ َعلَّ ُك ْم ت ُ ْف ِل ُح ْون‬ َ ‫طا‬ َ ‫َونَ ْف ِسي ِبت َ ْق َو هللاِ َو‬
َ‫ت َ ُم ْوت ُ َّن اِالَّ َوا َ ْنت ُ ْم ُم ْس ِل ُم ْون‬
×3 ‫× هلل أكبر‬3 ‫× هلل أكبر‬3 ‫هللا أكبر‬
،ً‫س ْب َحانَ هللاِ بُك َْرةً َوأ َ ِص ْيال‬ ُ ‫هللاُ ا َ ْك َب ُر َك ِبيْرا ً َوا ْل َح ْم ُد ِهللِ َك ِثيْرا ً َو‬
.ُ‫ هللاُ ا َ ْك َب ُر ِوهللِ ا ْل َح ْمد‬،‫الَإلَهَ اِالَّ هللاُ َوهللاُ ا َ ْكبَ ُر‬

Jamaah ‘Aidiin wal ‘aidat rohimakumulloh

Puji lan syukur, sumangga kita konjukaken wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring
kanikmatan dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan langkung-langkung nikmat iman
lan islam ing manah kita.
.ٌ‫شدِيد‬ َ ‫ش َك ْرت ُ ْم أل َ ِزي َدنَّ ُك ْم َولَئِن َكفَ ْرت ُ ْم إِ َّن‬
َ َ‫ع َذابِيل‬ َ ‫لَئِن‬
Shalawat saha salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng Rosululloh Muhammad SAW, keluarga,
shahabat, tabiin, tabi’it tabi’in, saha sedaya umat ingkang tansah miderek sunnah-sunnah ipun.

Allohu Akbar-Allahu Akbar Walilahilhamd

Saklajengipun sumangga kita tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah,
taqwalloh, sumangga kita angkah, tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita dhedepe wanteng
ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nilar sedaya kemaksiatan lan awisanipun.

َ ‫َيااَيُّ َها الَّ ِذيْنَ ا َ َمنُوا اتَّقُوا‬


َ‫هللا َح َّق تُقَاتِ ِه َوالَ ت َ ُم ْوت ُ َّن اِالَّ َوا َ ْنت ُ ْم ُم ْس ِل ُم ْون‬
Sumangga ing manah kita tansah nglenggana bilih kita menika titahipun Allah, hambanipun
Allah...kdhawuhan supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
‫ُون‬ َ ‫َو َما َخلَ ْقتُ ْال ِج َّن َواإل ْن‬
ِ ‫س إِال ِليَ ْعبُد‬
Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada ngibadah marang ingsun Allah.
Sumangga kita tansah muhasabah, naliti kanti permati titi lampah kita saben ndintenipun...sedaya samukawis
bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng Allah lan Rosululloh.... sageta enggal kita tilar.kita tebihi...
kagantos kanthi titi lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati:
َ‫َّللا َخبِير بِ َما ت َ ْع َملُون‬ ُ ‫َّللا َو ْلت َن‬
ْ ‫ظ ْر نَ ْفس َّما قَ َّد َم‬
َ َّ ‫ت ِلغَ ٍد َۖواتَّقُوَّللاََّ ۚ إِ َّن‬ َ َّ ‫يَا أَيُّ َهاالَّذِينَ آ َمنُوا اتَّقُوا‬
He wong-wong kang iman, padha taqwa-o ana ngersane Allah. Lan Supaya padha nggatekna apa
sing wis ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha taqwa-o siro ing ngarsane Allah,
satemene Allah iku ngawuningani marang samubarang kang padha sira tindakake.

Allohu Akbar 3x. Walillahilhamd


Jamaah Idhul Adha rohimakumulloh

Sedherek-sederek kita ingkeng wekdal menika nembe ngestokaken timbalanipun Allah,.. Labbaik Allahumma
Labbaik. Labbaika La syariika laka labbaik. Innal hamda wa nikmata laka wal-mulka laa syarii kalak.”
Ing Tangggal 9 Dzulhijjah kala wingi sami makempal ing padang Arofah. saperlu nindakaken wukuf...
kawiwitan bakda zawal /bakda dhuhur dumugi wekdal maghrib. Kalajengaken ing ndaluipun bermalam ing
Muzdhalifah ngantos injing wekdal fajar tanggal 10 Dzulhijjah tumuli tumuju wonten Mina nindakaken lempar
jumroh.

Allohu akbar 3x. Walillahilhamd

Wukuf ing padang Arofah menika pinangka intinipun ibadah haji.....sedaya mawi pengagem kain ihram..kados
dene kain kaffanipun layon..ngemutaken dhateng kita, bilih kita sedaya badhe sedo, kapundhut wangsul
wonten ngarsanipun Allah..lan badhe kakempalaken ing padang mahsyar nampi pengadilanipun Allloh.

Allohu Akbar-Allohu Akbar Walillahilham.

Wukuf ing Arofah..sedaya sami mboten bekta menapa-menapa.... sami khusyuk tumungkul, dzikir, munajad,
muhasabah, takbir, tahmid, tasbih, istighfar....nglenggana sedaya dosa...sami sesenggukan, muwun pasrah
nyuwun pangaksama...ngajeng-ajeng kawelasan lan rohmat saking Allah Ta’ala......Wonten swasana
mekaten, sedaya pepaes kandonyan kados dene pangkat jabatan, kasugihan, asal keturunan..lan sanes-
sanesipun sami ical mboten wonten ajinipun...Saestu ngemutaken dhumateng kita...bilih yektosipun kita
pinangka manungsa ing ngarsanipun Allah sedaya manungsa menika sami drajatipun....ingkeng
mbentenaken injih menika ketaqwaan nipun.
‫َّللاِ أَتْقَا ُك ْم‬
َّ ‫إِ َّن أ َ ْك َر َم ُك ْم ِع ْن َد‬
Saktemene uwong kang paling mulia ing antarane sira ana ing ngarsaning Allah, yaiku wong kang paling
taqwa...

Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahiilham


Ma’asyirol Muslimin rohimakumulloh

Dene kita sedaya, ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, sami nindakaken amalan sunnah, shiyam Arofah,
ingkeng saestu ageng sanget ganjaranipun kados katerangan hadist:

‘AN ABI QOTADAH: QOLA ROOSULULLOHI SHALALLAHU ALAIHI WASALLAM: SHOUMU YAUMI
‘AROFAH YUKAFFIRU SANATAINI MAA DHIYATANN WA MUSTAQQBILAH
Hadist saka Abi Qotadah, Rosululloh SAW ngendika: pasa ana ing dina Arofah iku bisa mbusek dosa rong
tahun, yaiku setahun kepungkur lan setahun kang bakal tumeka (HR Muslim).

Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kita sami kempal manunggal saperlu taqorrub ilallah, nyelak
wonten ngarsanipun Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken sholat idul adha.

Dene tumrap ingkang mampu...samangke kalajengaken nindakaken ibadah qurban injih mragat menda utawi
lembu lan nasharruf-aken dagingipun dhateng para fakir-miskin lan sedherek ingkang kapendeng
mbetahaken.Qurban! Katindakaken ing dinten menika utawi ing dinten tasyrik tanggal 11,12,13 Dzulhijjah.....

Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu Akbar.


Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh

Qurban ingkang kita tindakaken menika, nuladha dhateng Nabiyulloh Ibrahim Alaihisalam..nalika kauji
keimananipun dening Allah SWT. Rikala semanten, Ibrahim kadhawuhan dening Allah supados
ngurbanaken utawi mbeleh putra kinasihipun ingkang asma Ismail ingkang nembe kewala mlebet usia remaja.
Saget kita raosaken kados pundi awratipun ujian menika. Anamung jalaran kandheling keimanan lan
ketaatan, Ibrahim Alaihisalam saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados bilih Allah
mboten badhe njomprongaken kawulanipun ingkang taat.
Perkawis puniko dipun gambaraken wonten ing al quran :

َ ‫ت ا ْفعَ ْل َمات ُؤْ َم ُر‬


َ‫ست َ ِج ُدنِى ِإ ْن شَا َء هللاُ ِمنَ الصَّا ِب ِر ْين‬ ِ َ‫ظ ْر َماذَا تَ َرى قَا َل َياأَب‬
ُ ‫قَا َل َيابُنَ َّي ِإنِى أ َ َرى فِى اْل َمنَ ِام أ َ ِنى أ َ ْذبَ ُحكَ فَا ْن‬

.Hai anakku saktemene Aku weruh ono ing impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye
mungguh penemumu?" Ismail njawab: "duh bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah
dumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2 ingkang
sabar

Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd

Nalika Ismail sampun pasrah badhe kasembeleh. Ibrahim enggal nindakaken dhawuhipun Allah. Gegaman
ingkang sampun kaasah landep.. Tumuli kabelehaken ing jangganipun Ismail..Subhanalloh!!! .Saknalika,
Malaikat Jibril rawuh lan ngantos Ismail kanthi menda-kibas Tumuli malaikat Jibril ngendika bilih Ibrahim lan
Ismail sampun lulus ujianipun, lan Ismail mboten perlu kasembeleh, cekap menda ingkang kaasta malaikat
Jibril sewau ingeng kasembeleh, minangka gantosipun.

Allahu Akbar.Allohu Akbar.Laillaha illallohu Allohu Akbar. Allohu akbar walillahilhamd.


Jamaah ‘aidiin wal aidat rohimakumullah

Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh ngelksanakaken qurban kaemot wonten ing al
quran..
َ َ‫ط ْينَاكَ ْالك َْوث َ َر ف‬
‫ص ِِّل ِل َربِِّكَ َوا ْن َح ْر‬ َ ‫إِنَّا أ َ ْع‬

Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo podo tindakno sholat krana robb-
mu lan tindakna qurban

Qurban ingkang kita tindakaken minangka tanda syukur wonten ngarsanipun Allah. Minangka bukti ketaaatan
wonten ngarsanipun Allah. Minangka taqorrub illalloh...nyaket dhumateng Allah. Kados katerangan ing surah
Al Hajj ayat 37 ingkang artosipun: Allah ora nampa daging lan getihe qurban. Ananging Allah nampa
ketaqwaan nira

Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakaddah. Anamung para sederek ingkang mampu
ampun ngantos owel nindakaken, ampun ngantos eman-eman bandhanipun kangge ngleksanakaken qurban
menika.
Jalaran Rosulullah SAW nate wasiat:
Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem nindakke qurban, mangka aja cedhak-
cedhak papan sholatku..(HR.Ahmad)

Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allohu Akbar


Jamaah rohimakumulloh

Yektosipun kathah sanget hikmah ing salebeting Syareat Qurban menika. Keparengo kita aturaken kalih bab
hikmah ipun, sageta kita tindakaken.

Sepisan: Sumangga kita ugi tansah nyembelih sifat-sifat hewan ingkang mbok bilih tumanduk wonten ing
manah kita.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan,
Mboten wonten dhawuh lan larangan.

Sifat hewan ingkeng mekaten menika kedah sembelih, kita icali saking manah kita. Bilih kita gesang menika
mboten saget sak kajengipun piyambak kados hewan...ananging kedah mawi tuntunan inggih al quran lan
assunnah. Bilih kita gesang menika kedah ngestokaken dhawuh lan nilar larangan ipun Allah.

Allah suka pemut bilih Salah setunggaling ciri tetiyang ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka
jahanam, injih menika tiang ingkang manahi, mripati lan talinganipun kados dene gadhahanipun
hewan...mboten pun ginakaken kangge nampi ayat-ayatipun gusti Allah.
ِ ‫يرا ِمنَ ْال ِج ِِّن َواإل ْن ِس لَ ُه ْم قُلُوب ال يَ ْفقَ ُهونَ بِ َها َولَ ُه ْم أ َ ْعيُن ال يُب‬
‫ْص ُرونَ بِ َها َولَ ُه ْم آ َذان ال‬ ً ِ‫َولَقَ ْد َذ َرأْنَا ِل َج َهنَّ َم َكث‬
َ‫ض ُّل أُولَئِكَ ُه ُم ْالغَافِلُون‬
َ َ ‫يَ ْس َمعُونَ بِ َها أُولَئِكَ َكاأل ْنعَ ِام بَ ْل ُه ْم أ‬
Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akeh-akkehe saka jin lan manungsa.
Dheweke nduweni ati,ananging ora kanggo ngrasakake, dheweke nduweni mripat ananging ora kanggo
ndeleng, dhewekke nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake. Dhewekke iku mau kaya kewan
ternak, kepara luwih asor saka maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada katalumpen

Hikmah kaping kalih:


Hewan menika menawi sampun kacekap kabetahan biologisipun, pakan, komboran, ... sampun rumaos
remen lan cekap gesangipun.

Anamung menawi manungsa, mboten namung cekap betahipun kadunyan kemawon... ugi kedah pados
cekapipun kampung akherat,.keslametan ing kampung akherat...kados dhawuhipun allah:
َ َ‫َّللاُ إِلَ ْيكَ َوال تَب ِْغ ا ْلف‬
‫سا َد فِي‬ َ ْ‫س نَ ِصيبَكَ ِمنَ ال ُّد ْنيَا َوأَحْ س ِْن َك َما أَح‬
َّ َ‫سن‬ َ ‫اآلخ َرةَ َوال ت َ ْن‬
ِ ‫َّار‬ َّ َ‫َوا ْبت َ ِغ فِي َما آت َاك‬
َ ‫َّللاُ الد‬
ِ ‫ب ا ْل ُم ْف‬
َ‫س ِدين‬ َّ َّ‫ض إِن‬
ُّ ‫َّللاَ ال يُ ِح‬ ِ ‫األر‬ْ
Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan ing kampung akherat) lan
aja nglalekake bageanmu saka kabegjanmu ing ndonya.....

Ing pramila sumangga kita ampun ngantos gesang kita kados dene hewan namung mbujung kabetahan
ndonya, (Hubuddunya) nglirwakaken kabetahan kampung akherat..ngibadah wegah, sholat ora kuwat, pasa
ora kuwasa, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa, qurban eman-eman...Naudzubilah hi
min dzalik.

Kosok wangsulipun supados kita tansah ghirah ngibadah pados mergi kagem nyelak dhumateng Allah, kados
dhawuhipun:
َ ‫َّللاَ َوا ْبتَغُوا ِإلَ ْي ِه ْال َو ِسيلَةَ َو َجا ِهدُوا فِي‬
َ‫س ِبي ِل ِه لَ َعلَّ ُك ْم ت ُ ْف ِل ُحون‬ َّ ‫يَا أَيُّ َها الَّذِينَ آ َمنُوا اتَّقُوا‬
He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah. Lan padha goleka dalan kanggo
nyaket marang Allah lan pada jihad-a kanthi bandamu lan jiwa ragamu. Supaya sira dadi wong sing padhaa
untung.

Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah maunah saget ngathah-ngathah aken pengibadahan nilar
sedaya kemaksiatan ing saengga kita saget kagolongaken tetiang ingkang kaparingan kawilujengan fidunn ya
illal akhirah. Amin ya robbbal alaminn.

Jamaah Ied rohimakumullah


Salajengipun sumangga kita konjemaken manah, ndedonga wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang
tansah midhanget donga kita..Allah ingkang ngabulaken pandonga kita.
‫علَى ُم َح َّم ٍد‬ َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬.‫س ِل ْي ًما‬
َ ‫ص ِل‬ َ ‫علَ ْي ِه َو‬
ْ َ ‫س ِل ُم ْوا ت‬ َ ‫ يَا أَيُّها َ الَّ ِذ ْينَ َءا َمنُ ْوا‬،ِ‫علَى النَّ ِبي‬
َ ‫صلُّ ْوا‬ َ َ‫صلُّ ْون‬ َ ُ‫إِنَّ هللاَ َو َمالَئِ َكتَهُ ي‬
َ
‫علَى آ ِل ِه َوصَحْ ِب ِه أجْ َم ِعيْن‬ َ ‫َو‬
‫س ِميْع قَ ِريْب ُم ِجي ُ‬
‫ْب‬ ‫اء ِم ْن ُه ْم َواْأل َ ْم َوا ِ‬
‫ت اِنَّكَ َ‬ ‫ت َو ْال ُمؤْ ِمنِيْنَ َو ْال ُمؤْ ِمنَا ِ‬
‫ت اْألَحْ يَ ِ‬ ‫اَللَّ ُه َّم ا ْغ ِف ْر ِل ْل ُم ْس ِل ِميْنَ َو ْال ُم ْس ِل َما ِ‬
‫ت‬‫‪.‬ال َّدع َْوا ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ار ُزقنا اجْ تِنابَهُ‪.‬‬ ‫ْ‬ ‫اط َل با َ ِطالً َو ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫عهُ‪َ ،‬وأ ِرنا البَ ِ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬
‫ار ُزقنا اتِبَا َ‬ ‫ًّ‬
‫ق َحقا َو ْ‬ ‫اَللَّ ُه َّم أ َ ِرنَا ال َح َّ‬
‫ْ‬
‫اب‬‫غ قُلُوبَنَا بَ ْع َد إِ ْذ َه َد ْيتَنَا َوهَبْ لَنَا ِمن لَّ ُدنكَ َرحْ َمةً إِنَّكَ أَنتَ ْال َو َّه ُ‬ ‫َربَّنَا الَ ت ُ ِز ْ‬
‫سنَا َوإِ ْن لَ ْم ت َ ْغ ِف ْر لَنَا َوت َْر َح ْمنَا لَنَ ُكون ََّن ِمنَ ْالخَا ِس ِرينَ‬ ‫ظلَ ْمنَا أ َ ْنفُ َ‬ ‫َربَّنَا َ‬

‫ار َح ْم ُه َما َك َما َربَّيَانَا ِصغَ ً‬


‫ارا‬ ‫َربَّنَا ا ْغ ِف ْر لَنَا َو ِل َوا ِل َد ْينَا َو ْ‬
‫اجنَا َوذُ ِريَّاتِنَا قُ َّرةَ أ َ ْعيُ ٍن َواجْ عَ ْلنَا ِل ْل ُمت َّ ِقينَ إِ َما ًما‪.‬‬
‫َربَّنَا َه ْب لَنَا ِم ْن أ َ ْز َو ِ‬
‫ارة ً لَ ْن تَب ُْو ًرا‬
‫س ْعيًا َّم ْش ُك ْو ًرا َو َذ ْنبًا َم ْغفُ ْو ًرا َوتِ َج َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم اجْ عَ ْل ُه ْم َح ًّجا َمب ُْر ْو ًرا َو َ‬

‫‪Allahhumman shur muslimin wal mujaahidin fii ghaza 3x‬‬

‫ان َو َال تَجْ َع ْل فِي قُلُوبِنَا ِغ ِّالً ِلِّلَّذِينَ آ َمنُوا َربَّنَا ِإنَّكَ َرؤُوف َّر ِحيم‬ ‫َربَّنَا ا ْغ ِف ْر لَنَا َو ِ ِإل ْخ َوانِنَا الَّذِينَ َ‬
‫سبَقُونَا بِ ْ ِ‬
‫اإلي َم ِ‬

‫اب النَّ ِ‬
‫ار‬ ‫ع َذ َ‬ ‫سنَةً َوقِنَا َ‬ ‫سنَةً َوفِى األ َ ِخ َرةِ َح َ‬ ‫‪.‬ربَّنَا اَتِنَا فِى ال ُّد ْنيَا َح َ‬‫َ‬
‫ب ا ْلعَالَ ِم ْينَ‬ ‫ر‬
‫َ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ّلِل‬
‫َّ‬ ‫ِ‬ ‫د‬
‫ُ‬ ‫م‬
‫ْ‬ ‫ح‬
‫َ‬ ‫ْ‬
‫ل‬ ‫ا‬‫و‬‫َ‬ ‫نَ‬ ‫ي‬
‫ْ‬ ‫ل‬
‫ِ‬ ‫س‬
‫َ‬ ‫ر‬
‫ْ‬ ‫م‬
‫ُ‬ ‫ْ‬
‫ل‬ ‫ا‬ ‫ى‬ ‫َ‬ ‫ل‬‫ع‬‫َ‬ ‫م‬
‫ٌ‬ ‫َ‬ ‫ال‬‫س‬‫َ‬ ‫و‬‫َ‬ ‫‪،‬‬ ‫نَ‬‫و‬‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ف‬ ‫ص‬
‫ِ‬ ‫ي‬
‫َ‬ ‫ا‬‫م‬‫َّ‬ ‫ع‬
‫َ‬ ‫ة‬
‫ِ‬ ‫َّ‬
‫ز‬ ‫ع‬
‫ِ‬ ‫ْ‬
‫ل‬ ‫ا‬ ‫ب‬ ‫ر‬
‫َِ َ ِ‬‫كَ‬‫ب‬ ‫ر‬ ‫انَ‬‫ح‬‫َ‬ ‫ب‬
‫ْ‬ ‫س‬
‫ُ‬
‫‪.‬‬

You might also like