Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

ARTIKEL SEDEKAH BUMI

Sedekah Bumi
Sedhekah Bumi, punika sami kaliyan sedhekah laut minangka wujud raos puji panuwun
kagem Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang
ingkang mulya. Sedhekah bumi biasanipun dipunwontenaken sasampunipun panèn wonten
satunggaling désa.

Desa-desa ingkang biasanipun ngawontenaken sedhekah bumi utawi gas desa punika désa-désa
wonten kabupatèn Blora Blora. Kabupaten Blorapunika salah satunggaling kabupatèn ingkang
wonten Jawi Tengah.

Biasanipun sedhekah bumi punika saben dhaérah bènten-bènten paleksanaanipun miturut


penanggalan Jawi. Tuladhanipun ing desa Pokok Aman, sedhekah bumi dipunwontenaken saben
dinten pasaran Rebopon, ing désa Sawahan saben dinten Jemuwah legi, lan saben desa kagungan
dinten piyambak-piyambak.

Wonten ubarampe ingkang kedah dipunsiapaken kanggé bancaan, kadosta jajan


pasar, pasung, dumbeg, tumpeng jajan pasar lan sanesipun. Saksampunipun siap, ubarampe
punika dipunbekta lan dipunkempalaken dados satunggal wonten panggénan ingkang biasanipun
dipun anggep panggènan ingkang dados cikal bakal desa punika. Saksampunipun dipundongani
ubarampé utawi bancaan ingkang kathah wau dados rebutan warga désa ingkang wonten papan
panggènan bancaan sedhekah bumi punika.

Acara punika dipunsambung kaliyan hiburan rakyat kados barongan,kethoprak, seni tayub,
campursari, utawi wayang kulit.
Panganan Sedekah Bumi

Jajan-jajan ingkang biasanipun diagem inggih punika inggih;


1. dumbeg (bahan glepung ketan, gula krambil, santen, dibungkus ngagem blarak arén),
2. pasung (bahan glepung beras dipun kukus),
3. apem (bahan glepung beras),
4. jadah (bahan beras ketan, krambil, didheplok-ditutu),
5. tape ketan bungkusan godhong gedhang.
Punika jajanan ingkang biasanipun diagem kangggé ubarampé bancaan sedhekah
bumi. Sanèsipun jajan inggih wonten sekul tumpengan, lan pitikingkung (pitik bakar
wutuh), bènten désa bènten masakan.

You might also like